KHUTBAH JUM’AT BASA JAWA

Kautamaan Istighfar lan Taubat

Dening: Rusmanhaji

Hadirin sidang jum’at ingkang dipun mulyaaken dening Allah SWT.

Mangga samiya nambahi takwa dumateng gusti Allah SWT kanthi nebihi awisan-awisanipun lan nglampahi punapa ingkang dipun dawuhaken. Lan kita sedaya sampun ngantos pejah kejawi netepi agami Islam lan pejah ingkang khusnul khotimah (sae wonten akhiripun).

Kita sedaya kawulane Allah SWT, kedah mangertos, bilih anak turunipun Nabi Adam Alaihi Salam., menika salah satunggalipun makhluk Allah ingkang dipun kepung kaliyan pinten-pinten mungsuh, ingkang arupi syaiton, jin lan manungsa. Ingkang sedaya kala wau mahes-mahesi utawi ngapik-ngapiki dateng barang ingkang awon. Lan ngawonaken barang ingkang sahe. Ing mangka musuh musuh menika sareng-sareng kaliyan nafsunipun menungso ingkang tansah ngajak dateng perkawis awon. Ananging kaliyan sedaya kala wau Gusti Allah dadosaken alat ingkang kangge merangi, inggih punika taubat dumateng Allah SWT sarana nyuwun pitulunganipun Allah SWT. Kados pangendikanipun Allah SWT wonten al-Qur’an:

Ingkang artosipun: “ Padha gondelano sira kabeh marang tali agamane Allah, sak estunipun Allah SWT iku bendoro sira kabeh, mangka sak bagus-baguse bendoro iku Allah lan sak bagus-baguse dzat kang nulungi iku Allah SWT”.

Pramila sinten kemawon tiyang ingkang ngelampahi perkawis ingkang awon utawi maksiyat supados engal-enggal taubat marang Gusti Allah lan nyuwun pengapunten dateng Allah lajeng dipun sarengi kaliyan amal ingkang sahe saha nebihi dateng perkawis ingkang awon kala wau. Keranten sedaya perkawis ingkang sahe punika saged ngelebur perkawis ingkang awon utawi maksiyat. Kados dawuhipun Allah wonten al-Qur’an :

Artosipun kirang langkung: “ Sing sapa wonge ngelakoni olo utawi nganiyoyo tumrap awake dewe nuli padha nyuwun ngapuro marang Gusti Allah, mangka bakal nemu dzat kang akeh pengapuro lan welase”.

Hadirin sidang jum’at ingkang dipun mulyaaken dening Allah SWT.

Pancen taubat ingkang saestunipun punika saged ngelebur dateng amal awon ingkang dipun lampahi. Kados pangendikanipun Kanjeng Nabi Muhammad SAW:

Artosipun: “ Wong kang taubat iku kaya dene wong kang ora ana dosane (ora duweni dosa)”.

Dene dosa punika wonten ingkang alit lan wonten dosa ingkang ageng. Ananging pengapuranipun Allah punika langkung ageng. Alhasil manawi wonten tiyang nyana bilih dosa punika mboten saged dipun ngapuro dening Allah SWT, tiyang ingkang mekaten punika berartos kagolong tiyang ingkang putus asa saking rohmatipun Allah, ing mangka putus asa punika kagolong dosa ingkang ageng. Kanjeng Nabi SAW dawuh:

Artosipun: “ Aja padha putus asa sira kabeh saking rohmatipun Allah SWT”.

Ananging sedaya kala wau mboten ateges gegampang dateng pengapurane Gusti Allah, selajeng tansah nindaaken maksiyat lan duroko dateng Allah SWT punika boten. Balik monggo poro kaum muslimin sedaya sami mangertoso..!! Bilih ingkang nami taubat inggih punika mareni agawe maksiyat tumuju toat marang Gusti Allah. Boten namung dipun dipun ucapaken wonten ing lisan kemawon.

Lan taubat punika ugi wonten syarat-syaratipun,

1. Kedah niyat nilaraken utawi nebihi dateng maksiyat / dosa, lan nebihi dateng perkawis ingkang dumugeaken dateng dosa utawi maksiyat

2. Anggetuni dateng dosa ingkang sampun dipun lampahi lan isin dateng Allah SWT

3. Kedah kagungan sejo mboten mangsuli dateng perkawis ingkang dipun larang / awisi dening Allah SWT

4. manawi dosa ingkang dipun taubati menika berhubungan kaliyan hak-hakipun sesami manungsa punika inggih langkung rumiyen nyuwun ngapunten. Manawi hubunganipun kaliyan bondo dunyo inggih punika nyuwun halalipun utawi ngijoli dateng bondo kala wau. Manawi kesalahanipun wonten hubunganipun kaliyan kahurmatan kadosto, adu-adu, nganiyoyo tiyang sanes, menika kedah nyuwun ngapunten dateng tiyang ingkang berhak. Lan sak mantunipun taubat kedah merubah tindak lampahipun, tegesipun damel bagus utawi mboten wangsuli maleh danten pinten-pinten kesalahan ingkang sampun kasebat wonten ngajeng.

Poro hadirin sedaya ingkang kawulo mulyaaken.

Sak mantunipun kita mangertos bilih dosa punapa kemawon kejawi dosanipun musyrik utawi nyekutoaken Allah, saged dipun taubati. Milo sumonggo engal-enggal kita ngelampahi taubat mumpung dereng dumugi ajalipun (seda). Sebab ajal kita sedaya punika boten ngertos kapan dumuginipun. Lan manawi sampun dumugi punika boten saged dipun semayani. Kados dawuhipun Allah wonten ing al-Qur’an:

Artosipun: “ Nalikane ajal utawi pati poro manungsa iku wus teko, mangka poro menungso iku mau ora bisa jakuk wektu di akhirake utawi di dhisiake.

Pramila monggo, sepindah malih mumpung lawang taubat taksih dipun bikak, enggal-enggal kita ngelampahi taubat. Jalaran manawi sampun dipun tutup, badhe taubat ingkang kados pundi, tetep mboten saged dipun terami kaliyan Allah SWT. Dene bates utawi tutup ipun lawang taubat inggih punika kados dawuhipun kanjeng Nabi Muhammad SAW:

Artosipun: “ Sak temene Gusti Allah iku bakal nerimo taubat kawulani selagine nyawane durung ana gorokan”

Cekap semanten khutbah cekak punika mugi migunani kangge kita sedaya amin ya rabbal alamin.

Leave a comment

Filed under Uncategorized

Leave a Reply

Fill in your details below or click an icon to log in:

WordPress.com Logo

You are commenting using your WordPress.com account. Log Out / Change )

Twitter picture

You are commenting using your Twitter account. Log Out / Change )

Facebook photo

You are commenting using your Facebook account. Log Out / Change )

Google+ photo

You are commenting using your Google+ account. Log Out / Change )

Connecting to %s