KUMPULAN CERITA CEKAK (CERKAK 2)

Anthology / Kumpulan Cerita Pendek Dalam Bahasa Jawa

 

Skip to content

Satu-satu →

Prabandari Muridku

Lagi setengah taun aku mulang SMA Negri Mblimbingsari. Ning rasane kok wis rumangsa srek lan seneng. Murid-muridku isih ana rasa hormat lan patuh karo guru, uga nggatekke yen diwulang. Kancaku paron, sing sepuh meh purna tugas ya ana, sedhengan yuswane, lan saangkatanku munggah sithik, isih akeh sing padha mbujang.

Awakku klebu yunior neng sekolahan kono. Sekolahan kuwi klebu neng kutha Kabupaten, dadi ya wis reja lan rame. Marang watak-watakke kanca-kanca guru, uga marang murid-muridku, aku wis apal, mula ya bisa nyrateni. Nganti atiku krasa, yen aku ditresnani kanca lan disenengi murid-muridku.

Jarene aku mono guru sing humoris. Ana siji muridku wadon sing tansah dadi kawigatenku. Kejaba bocah kuwi ayu ning ya pinter, cepet ngerti yen diterangke. Ning ndhugale ……., ya ampun tenan. Yen rumangsa panemune bener, marang sapa wae wani …. klebu marang aku gurune.

Bocah kuwi yen durung ngerti. Ora sungkan takon ing wektu ngaso. Malah nalika tak gawani PR saka sekolahan sing kudu ditumpuk Minggu ngarep, dumadakan Prabandari, ngono jenenge muridku kuwi takon :

?Pak Gun, penjenengan punika dalemipun pundi ta, pak ??

?O …. aku neng kene mung kost kok, omahku adoh neng ndesa kana, dene olehku kost neng Kampung Kenari Jl. Retawu No 7, ana apa ta Ndari ?? Pitakonku marang bocah kuwi.

?Inggih namung kepingin ngertos kok pak. Rak pareng ta menawi kula lan rencang-rencang dolan mrika ??

?Wah ya pareng banget, ning ya matur dhisik sak durunge, merga kegiatanku kampus kuwi akeh banget?.

?O …. inggih matur nuwun pak? kandhane karo mlayu ninggal esem. Ya esem kuwi sing njalari K.O., aku sing isih jaka kumala-kala iki, ati njur marahi gonjang-ganjing. Batinku : O Prabandari, wiwit aku mlebu mulang klas III sepisanan, aku wis kasengsem karo citramu sing ayu ….. najan ndhugalmu ngluwihi bocah lanang.

Tenan ….. lagi entuk telung ndina saka olehku nggawani PR, Ndari wis teka neng kost-kostsanku ijen, mung saperlu laporan yen ora bisa nggarap PR-re. Jarene durung dhong tenan nalika tak terangke.

Ning ya tiwas kebeneran, aku bisa nyawang sak maremku marang dheweke neng omahku. Mula kandhaku karo mapan lungguh ing kursi tamu :

?Ya wis ta kene, tak terangke sepisan maneh, sing kowe nganti ngerti lan bisa nggarap PR kuwi?.

?Inggih, pak?. Prabandari banjur ngetokke buku lan uga kertas orek-orek saka tase.

Aku ya njur gawe soal sing bakal tak anggo nerangke dheweke. Tak terangke lan tak contoni soal ngati telu, dheweke lagi mudheng tenan. Sidane Ndari njur takon:

?Pak, menawi soal PR kula garap wonten mriki kados pundi ??

?Wah becike garapen neng ngomahmu wae Ndari, kowe bisa takon-takonan kara kancamu, ning janji, ora nedhak lan ora kena kon nggarapke?.

?Inggih pak, prayoginipun mangkeh kula garapipun piyambak?.

?Syukur yen ngono, dadi kowe percaya karo awakmu dhewe?. Sarehne aku wong kost, mangka manganku neng njaba, mula Prabandari ya ora tak suguhi apa-apa.

Dheweke uga maklum. Bareng dheweke pamit mulih, lagi aku ajak-ajak :

?Ndari !, nek ngelak metu jajan dhisik yuk karo aku ……, piye ??

?Ah matur nuwun pak, mangga pak guru kemawon, mangkeh kula wonten nggriya kemawon?.

Nalika salaman, tangane tak gegem kenceng, dene tanganku kiwa kober nyiwel pipine sing mrusuh kuwi.

Prabandari gage ngeculke gegemane, njur mberot mlayu marani motore, karo celathu :

?Ah …. pak Gunawan ….. kok nakal, ngenjing kula critakke bocah-bocah lho, pak?.

?Aja ….. aja …. aja tenan Ndari ….. sorry nek ora dadi atimu?. Embuh krungu embuh ora, aku kandha ngono, ning bocahe njur nggeblas sawise motore urip. Ana sapletik rasa getun, e yagene ing atiku dumadakan wae ana rasa gregeten ….. neng bocah kuwi.

Ning ya piye maneh, arep dikapakna wong jeneng wis kebacut, ya ngene iki sing njur marahi mlorot wibawaning guru enom, padha luntur ing sangarepe muride.

Wayah sore, rumangsa sumpek ana ngomah, aku ngglindhingke motorku mubeng-mubeng kutha Kabupaten. Nalika tekan lapangan kepener ana tandhingan bal. Lapangan mau sabrangan karo toko Supermarket anyar, sing ketara akeh pengunjunge.

Motor tak inggirake banjur tak enggo lendhehan nonton tandhingan bal. Durung ana limang menit ndadak ing sisihku ana kenya ayu mlaku ijen aruh-aruh :

?Mirsani bal napa pak ?? Gupuh karo nyawang wong mau wangsulanku :

?Inggih …., lha punika badhe tindak pundi ?? Wangsulanku kanthi basa alus.

?Wih …. kalih muridhe kok basa ta pak guru ?? Kandha ngono, wong ayu mau mbukak kacamata lan nglorot sleyere sing kanggo kudhung, marahi aku njur ora pangling :

?Ya …… ampun kowe ta Ndari, arep menyang ngendi ??

?Badhe pados wedhak wonten Supermarket mriku, pak? wangsulane karo nggeguyu aku merga pangling :

?Kosik !….? kandhaku cepet-cepet, aku ngunci motor, bali nyedhaki dheweke.

Bareng dalan rada sepi, tangane tak gandheng tak sebrangke ora suwala. Tekan ngarep toko aku kandha :

?Kana ndang blanja, mengko tak tututi, aku tak njupuk motor dhisik?. Prabandari mung mesem karo manthuk-manthuk. Bareng motor wis tak titipke, aku gage mlebu toko nggoleki Prabandari sing lagi blanja.

Kranjang tak jaluk tak gawakake, aku mlaku neng mburine, jan …. kaya wong pacaran kae. Aku ndedonga, muga-muga aja nganti kepethukan kanca guru luwih-luwih muridku, mundhak neng sekolahan dadi rame. Tekan njaba aku nawani dheweke :

?Ndari !, aku bisa kok ngeterke kowe mulih?.

?Sampun pak, kula nyidhat margi namung celak kok saking ngriki?.

?Oya wis yen ngono, aku tak bali nonton bal maneh?. Kandhaku kanthi ati gela. Sabanjure, mundhak dina srawungku marang Prabandari saya raket. Sing marahi kabeh mau, ndadekke atiku GR. Kayane Ndari krasa, yen aku tansah nggatekke dheweke. Yen mripat padha dene pas tempuk nyawang, Prabandari mesthi mesem manis … banget. Atiku dadi gonjang-ganjing ndayani anggonku mulang ora bisa konsentrasi.

Nalika wayah ngaso, dheweke ora metu, ning ngetokke taplak rendan sing durung rampung saka tase, banjur nyikluk ngrenda. Aku nyedhaki banjur takon :

?Gawe apa Ndari ??

?Ndamel taplak meja, pak, budhe kula ingkang wonten Bandung dhawuh ndamelaken?. Aku ngiling-ilingi karo ndumuk njur kandha :

?Nek wis rampung, aku pesen gawekna ya Ri !? Kandhaku karo nyangklek neng cedhake :

?Wong priyantun kakung kok remen taplak ta pak, mbok mbenjang menawi sampun berkeluwarga utawi krama, kula kadho ta sampun, pak?.

?Ah …. andak ana sing gelem ta Ri, karo aku ??

?Ingkang purun nggih kathah ta pak, wong pak Gunawan ngganteng kok ?. Wangsulane Ndari karo nyekikik mandeng aku.

Aku eling yen ana njero klas, senajan ati isih kepingin cecedhakan, ning gage aku ngadeg karo kandha lirih :

?Suk aku tak golek sing ayu kaya kuwi ya Ri?. Pas aku tekan njaba, lonceng tandha masuk sing diunekake pak bon muni. Aku bali mlebu klas bareng bocah-bocah, tak delok Prabandari wis nglebokake rendane neng tase.

Embuh mung rasaku, embuh ya piye, ning janji tempuk panyawange, Ndari mesthi mesem, ….. esem sing kebak makna jero mungguhing atiku.

Mangka aku mono jejering guru, sing wajib digugu lan ditiru. Nanging kanggoku, unen-unen kuwi mung kaya ukara apalan endah sing wektu iki ora nyenggol atiku.

Meneng-meneng citrane Ndari muridku sing ayu pawakan bongsor kuwi, mundhak dina saya mundhak mlebu keket ing atiku. Piye ya, apa Ndari ya duwe rasa kaya rasaning atiku ?

Ah embuh … kabeh isih mujudake cangkriman sing batangane isih siningit. Bel bubar sekolah keprungu saka ruang klasku, bocah-bocah wis wiwit padha metu. Aku sendhen ana lawang klas, ngawaske murid-murid sing padha bubaran. Kaya padatan, Ndari angger liwat ngarepku, wektu kuwi ora mung mesem, ning mringis karo njarak mlaku mepeti karo nggone lehku ngadeg, kepara nyenggol-nyenggol lengenku.

Atiku mak nyes rasane, ning pikiranku njur kuwur.

Nalika aku ngawaske lawang regol sekolahan, aku weruh ana mobil sedan Starlet metalik. Ndadak bareng Ndari tekan latar, sopir sedan kuwi medhun methukake Ndari, njur ngrangkul karo ngesun, sing ditanggapi dening Ndari kanthi bungah.

Meruhi Ndari mbukak lawang sedan njur lungguh njejeri sopire, atiku mengkap-mengkap panas banget. Semprul tenan batinku, jelas kae mau dudu abdi methuk bendara, ning mesthi pacare Ndari. Wong bocahe resik tur ya bagus, gek umur-umurane ya sajajar yen karo aku. Oh…… atiku lara …. nrangkel …. ngrantes ….., ning aku ora bisa apa-apa.

Tekan ngomah, tas tak uncalake, tanpa nyopot sepatu, aku njur ngebrukake awakku neng dhipan. Batinku ora trima. Yoh Ndari, awas wiwit sesuk aku ora bakal nyaruwe …. nggatekke …. sudi apa aku mbok tandhing-tandhingake karo jaka bagus ?

Ya wiwit kuwi, aku mbudidaya ora nggape lan nggatekke Ndari. Yen aku ana klas ngadhepi bocah-bocah, aku ora tau ngawaske dheweke, yen pethukan nggiwar utawa mlengos, wis pokoke aku tansah ngedohi dheweke.

Senajan sejatine atiku nangis ….. sikapku sing ngene iki wis ana rong Minggu, embuh nganti kapan aku ora ngeti. Minggu sing katelu, wiwit dina Senen tekan Kamis Ndari ora mlebu, kancane uga ora ana sing padha ngerti, lan ya ora ana sing mamitke.

Dina Jum?at esuk, ing regol sekolahan ana sedan sing kanggo methuk Ndari dhek emben, sopire ya bocah bagus kuwi.

Diterke dening pak bon, bocah kuwi nothok klasku, sejatine aku wegah nemoni, ning piye wong iki tamu. Sawise aku metu cah bagus kuwi takon kanthi alus:

?Punapa leres pak, penjenengan pak Gunawan guru wali klasipun Ndari ?? Wangsulanku entheng :

?Inggih …. wonten punapa ??

?Anu pak, kula nyuwunaken pamit Ndari, piyambakipun wiwit dinten Minggu punika sakit, sapriki dereng mantun, ngantos mboten saget mlebet sekolah?.

?O …. inggih, lha penjenengan punika pernah punapanipun ??

?Kula pak ?, kula punika kamasipun Ndari ingkang wonten Bandung, punika pinuju libur?.

Dheg ….. atiku mak jleg …. . Aku wis salah sangka, wis nduga sing ora-ora. Gage wangsulanku :

?O inggih dhik, inggih, atur penjenengan sampun kula tampi?. Wusana bocah bagus kuwi njur pamit bali.

Bali gumawang citrane Ndari sing wis tak ewani nganti rong Minggu, atiku dadi welas lan mesakake banget. Aku rumangsa getun kapati, rumangsa dosa marang dheweke, dene kok wis gawe laraning atine.

Mesthi wae Ndari ya ora ngerti, geneya aku ewa marang dheweke. Jebul atiku sing keweden, yen nganti kelangan cah ayu Ndari.

Kamase ndak sengguh pacare. Pantes dhek ngrenda taplak kae jare sing weling budhene sing neng Bandung, mesthine ya weling kamase kuwi.

Rasane atiku njur notol banget, selak kepingin weruh muridku sing tak tresnani kuwi, lan yen perlu, aku bakal njaluk pangapura.

Wayah sore tangi turu ngaso awan, aku mara neng omahe sing wis diwenehi ancer-ancer cah bagus kamase Ndari, dhek teka mamitke kae.

Nalika aku uluk salam sing ngetoni ya kamase kuwi. Gupuh-gupuh anggone ngacarani tekaku :

?Mangga-mangga pak Gun, punika bapak ibu tindak arisan trah, kula ingkang kadhawuhan nengga adhik. Lha punika Ndari taksih ngaleleh wonten kamar petilemanipun. Dereng purun ma?em, pak. Mangga ta, pak , kula aturi ngendikani !?

Aku di ajak kamase, mlebu kamare. Ndak delok Ndari mblujur krukuban slimut rapet. Aku lungguh neng lingir dhipane. Kanggo wangun-wangun karo kamase aku takon :

?O inggih …., sampun tepang kok kula dereng ngertos asmanipun, penjenengan sinten dhik ??

?Kula Prabantoro pak, putranipun bapak ibu punika namung kalih, kula kaliyan dhik Ndari. Gandheng budhe ingkang wonten Bandung mboten peputra, mila sak rampungipun SMA, kula dipun dhawuhi nglajengaken sinau wonten mrika?.

?O ngaten ta, dhik? Aku ngedhongi kandhane karo manthuk-manthuk. Tumuli kandane maneh :

?Malah ngaten inggih pak, mumpung pak Gun lenggah wonten ngriki, kula ndherek nggriya sekedhap, badhe maketaken taplak rendan dhateng budhe ing Bandung, budhe rak remen sanget rendan garapanipun Ndari?.

?O inggih mangga dhik, kula ingkang tengga dalem?. Kandhaku bungah. Bareng swara mobil wis metu pekarangan, kemul sing kanggo nutupi raine Ndari tak bukak …, aku kaget. Merga raine Ndari sing pucet banget …. gek bareng ngelekke mripate, banget olehe cowong. Aku nyedhak nyangklek ing raine, karo kumlesik ing kupinge aku takon :

?Ndari, kowe lara apa ??

?Sakit manah? wangsulane cekak. Kandha ngono iku bali narik slimute krukup karo ngiringke awake ngungkurake aku.

Nalika bantale ketarik mingset, aku weruh buku harian cilik, sing sajake mau diseleh ing ngisor bantal.

Buku gage tak saut njur tak bukaki. Tekan halaman keri dhewe, sing cetha dina lan tanggale lagi dhek wingi ditulis, banjur tak waca sing unine ngene :

Wis rong Minggu, pak guruku nggantheng sing tak tresnani kuwi njothak aku, sing aku ora ngerti sebabe. Atiku susah, lara, semangat sinauku ilang, njur marahi aku wegah mlebu sekolah. Wusanane aku dadi lara nganti saiki. Yen sajroning lara iki dheweke ora ngaruhke, aku bakal metu lan pindhah sekolahan. Semono mau yen aku mari. Upama ora, tresnaku marang pak Gun, bakal ndak gawa mati.

Rampung maca mripatku nrocos ora kena ndak ampah. Ya ketang rasa welas, trenyuh, lan keduwungku sing mbangeti. Dhasar ngomah sepi, Ndari sing turu miring krukupan iku, kemule tak sebrot, aweke tak glebagake tak ruket kenceng karo kandhaku groyok :

?Ndari, apuranen aku ya, aku salah, aku kleru panerka, kamasmu tak arani pacarmu. Gek mari ya Ndari ! njur mlebu sekolah maneh, aku wis kangen banget?. Ndari nyawangi aku mencereng ning njur kaca-kaca. Dheweke isih tak kekeb kenceng karo tak arasi bathuk lan pipine, sarta wola-wali anggonku njaluk ngapura. Ndari njur takon lirih :

?Kok pirsa, pak ??

Aku gage nuduhake buku hariane. Dheweke mesem, senajan luh sing metu saka mripate mundhak deres. Aku kandha lirih tak tempelke ing kupinge :

?Ndari, gek mari ya !, njur mlebu sekolah, aku tresna kowe Ndari ! Ngati lulus SMAmu, nganti rampung kuliahmu, aku bakal setya nunggu sliramu Ndari, ketang gedhene tresnaku?.

Krungu kandhaku mau, Ndari nyawang aku tajem, banjur ngruket aku genti, ngati kuwalahan anggonku ambegan. Ngono mau nganti sawetara. Bareng keprungu gerenge mobil mlebu pekarangan, aku gage njranthal neng kamar tamu api-api maca koran. Let sedhela jedhul …. Toro wis bali njur kandha :

?Wah matur nuwun sanget inggih pak, malah tambah ngrepoti?.

?Ah mboten dados punapa dhik? wangsulanku bungah. Bareng wis omong-omong sedhela karo Toro, aku njur pamit mulih. Saka kamar tamu, aku kandha rada seru tumuju Ndari ing kamare :

?Ndari gek ndang mari ya, njur mlebu sekolah. Kanca-kancamu wis padha kangen?. Saka kamar ora keprungu swara wangsulan, ning atiku mesthekake, yen Ndari sedhela maneh bakal mari, waras saka larane.

Lumakune taun ora rinasa.

Ing wayah esuk, aku nglorot gas motorku, lakune gledhenganku pancen tak gawe lon-lonan ngiras ngresepi segere hawa esuk.

Arahku ngalor tumuju Kaliurang, ing mburiku ngethepel nempel geger mahasiswi tingkat telu jurusan sastra, sing undang-undangane Ndari. Ing driji manise rinengga kalpika pepacangan, kanthi ing njero inisial jenengku.

TAMAT


 

Panjenengan Ingkang Kula Padosi

Posted on December 27, 2009 by niniklenyem

Minarni sewengi ora bisa turu, ngrasakake larane ing sakojur badane sing rinasa mundhak saya abot. Wis rong Minggu dheweke ngaleleh ing dhipan jroning gudhang, dhewekan. Mangan lan ngombene disangga juragane. Lagi wae mak ler…., bisa ngeremake mripate, mak jeglek lawang dibukak ngeget saka njaba. Bu Candolo mlebu. Tanpa ana rasa welas dheweke takon.

Minar ! Sida kapan kowe ninggalake papan iki ? Kene iki dudu rumah sakit, dudu losmen gratis ! Wis telung sasi kowe ana kene ora bisa nampa tamu, njur rong minggu kowe mung mangan ana gudhang iki. Aku, Nar, aku sing ora bisa …., rugi !? Kandhane Bu Candolo karo malang kerik.

Kula taksih sakit, Bu. Kangge mlampah kemawon taksih dereng kiyat. Kula semados sedinten kalih dinten malih, menawi sakit kula sampun radi entheng.? Wangsulane Minarni karo ngiyes-ngiyes nahan larane.

Ning tenan lho ya kandhamu, sacepete kowe kudu enggal lunga saka omah iki.? Jenggleng …., Bu Candolo metu karo mbanting lawang.

Sapungkure Bu Candolo, Minarni bisane mung nangis. Kejaba nangis merga larane kumat, uga atine kelara-lara. Nangisi uripe sing cengkah karo gegambaran dhek semana.

Dhuh Gusti, kawula nyuwun pangapunten. Kawula titah dosa, gesang kawula kebak ing kadurakan. Kawula nyuwun kiyat, nyuwun mantun saking sesakit kawula. Gusti, menawi sampun mantun, kawula sagah ndadosi gesang kawula malih. Gusti……, nyuwun kawelasan.? Minarni eling sembahyang, eling marang Gustine sing wis lawas ditinggalake.

Dina esuke, sawise diwenehi sarapan, kanthi sempoyongan Minar nata sandhangane, mas-masan lan dhuwit dilebokake ing tase. Atine wis manteb yen esuk iki dheweke bakal lunga. Risi karo Bu Candolo sing wis bola-bali anggone nundhung. Niyate arep neng Rumah Sakit dhisik sowan dr. Budi, dokter lengganane, saperlu nyuwun obat, bubar kuwi lagi mikir sapa-sapa mengko sing bakal dijujug. Bapak emboke wis ora ana, kari Lik Ijah, adhine bapake, wong ora nduwe, anake kemriyek isih cilik-cilik. Karo ngenteni tekane Bu Candolo saperlu pamit, Minar bali lumah-lumah ing peturon karo nata ati. Leng……, pikirane dadi ngambra-ngambra kelingan kabeh lelakon sing wis kawuri.

Sanadyan mung anake wong dhanyang buruh kasar, Minar sekolahe rampung SMU kanthi entuk ijazah. Wong tuwa kekarone klebu wong temen lan jujur tur enthengan. Tawakal manembah Gusti, pendhak Minggu neng Greja bebarengan. Mula ora mokal yen ditresnani tangga teparo. Lagi wae rampung sekolahe, Minar sing lagi mekar ngancik dhiwasa iku, ditinggal ngajal bapak emboke merga kena alangan, kesrempet bis nalika boncengan pit arep nyumbang sanak seje desa sing duwe gawe mantu. Kekarone ngajal sanalika iku uga.

Dhasar anak wadon ontang-anting, Minar sing wis lola iku nyambung uripe kanthi kabisan sing diwarisake embokne. Yen dikongkon tangga, pagaweyan apa wae ditandangi, sinambi ora kendhat gawe lamaran pegaweyan, e …. bokmenawa mengko ana panggilan. Jer kabeh mau mujudake pambudi daya kanggo nggayuh kamulyaning urip.

Wayah esuk meneri Minar menyang pasar, ketemu kanca lawas sing dhek cilik ubyang-ubyung bareng dolan. Mitri jenenge. Kakak kelase dhek ana SMU. Bareng lulus Mitri njur lunga menyang kutha, kabare payu nyambut gawe. Nalika ketemu, bocah loro kejaba salam-salaman ngadhakake keslametane, uga gablog-gablogan nandhakake olehe padha dene kangen, nganti lali yen ana dalan.

Minar, piye kabarmu saiki ? wah ora ketemu sepira suwene wae, saiki kowe wis ketok dewasa lan tambah ayu,? kandha ngono Mitri isih karo nyekeli tangane Minar kenceng.

Ya mung kaya ngene iki, Tri, saiki aku malah wis lola mangka aku durung cekel gawe sing gumathok,? wangsulane Minar karo tumungkul sedhih, kelingan wong tuwane sing wis padha ora ana.

Kowe mono begja, Tri, nyatane saka panyawangku, saiki bareng wis nyambut gawe uripmu penak. Sandhanganmu becik lan penganggonmu mompyor.?

Ah, ya mung biasa kok, Nar, nek saka rumangsaku ora ana bedane ya mung sithik, karang ya jeneng wis nyambut gawe gek cak-cakanku ngati-ati pisan. Dadi ya cumanthel kaya sing bok sumurupi iki.?

Bebarengan mlaku tumuju pasar, Mitri tansah nyritakake oleh-olehane nyambut gawe ana kutha, dene Minar tansah njinggleng anggone ngrungokake rumangsa ketarik banget.

Nar, gelem pa kowe melu aku ? Mengko kowe daksuwunake gaweyan karo juraganku. Gaweyan entheng, ning dhuwite lumayan.? Kandhane Mitri karo nyawang polatane Minar. Dhasar prasasat wong kepetengan ditawani obor, mula gage olehe wangsulan.

Tenane Tri, teneh aku seneng banget yen kowe bisa nggolekake pegaweyan kanggo aku. Wis ta gaweyan apa wae janji aku bisa, aku saguh.?

Kandhaku iki tenan Nar, dak kira kowe bisa, mergane mengko rak ya nganggo dilatih barang. Ning ya kuwi Nar, nyambut gaweku kuwi kaya dene kontrak. Nek seneng lan krasan bisa terus, ning nek ora sajroning telung sasi lagi entuk metu. Dadi wektu telung sasi kuwi kowe bisa ngrasak-ngrasakake sumbut ora gaweyan lan pituwasmu,? Mitri nerangke.

Tanpa nganggo mikir dawa, Minar gage saguh, sajak ora sabar maneh.

Wis, Tri, pokoke kapan kowe bali neng kutha, aku melu. Aku pengin ndhang nyambut gawe ben bisa kaya kowe,? kandhane Minar mantep.

Minggu suk emben aku wis kudu bali kok, Nar, mula sadurunge pikiren sing tenan, dene nek iya kowe siap-siap, suk budhal bareng aku.? Rembug wis dadi, pas tekan pasar kekarone sowang-sowangan blanja kebutuhane dhewe-dhewe.

Dina Minggu esuk, bocah loro wis padha ana dalan gedhe ngadhang bis. Sajroning ngadhang bis, Mitri ngandhan-ngandhani Minar.

Nar, senajan randha ning juraganku kuwi sugih banget mangka ora duwe anak. Omahe gedhong magrong-magrong cacahe telu. Sing ngarep dhewe kanggo losmen, dijenengi Losmen Arum Ratri. Mburine kanggo pondhokan wong-wong sing padha nyambut gawe ana kono, klebu bocah-bocah anyar sing kudu dilatih kaya kowe barang kuwi. Dene gedhong sing ana iringan, kuwi sing dienggoni juraganku karo rewang-rewange. Ya saka kono iku juragane bisa ngawasi losmen lan buruh-buruhe, liwat wong-wong sing dipercaya.? Mitri mandheg, nyawang raine Minar sing ketok nggatekake.

Wah, durung-durung aku kok wis ana rasa wedi dhisik ya Tri, gek mengko aku ora ketampa. Aku rak mung cah ndesa, tur durung pengalaman.? Pengresahe Minar lirih lan lugu.

Wis ta, aja samar. Cekake yen karo aku mesthi ditampa. Aku rak wis kandha, yen kabeh bocah anyar kuwi mengko dilatih dhisik. Mula welingku, kowe kudu tansah manut prentah lan aturan sing wis ana. Ora kena mbantah, lan kowe ora bebas sakarepmu dhewe. Kejaba yen kowe mengko wis tatrap nyambut gawe, lan entuk palilah saka juragane.?

Mengko yen aku wis wiwit nyambut gawe, bisa amor karo kowe ora, Tri ?? Minar nanjih kepingin luwih ngerti.

Ora Nar, tugasku rak ana njaba. Dakkira, yen kowe wangun ana losmen, ngacarani tamu sing arep padha nginep.?

Mesthine rak ya isih ana sing bodho kaya aku ya, Tri ?? Pitakone Minar sing polos mung diwangsuli esem dening Mitri.

Bis sing padha diadhang liwat, bocah loro banjur padha munggah.

Tekan kutha, Minar dipasrahake Bu Candolo, ngono yen padha ngundang juragane dening Mitri. Sabanjure Minar pancen dipapanake ing pondhokan. Neng kono ana bocah anyar wolu, racake padha yen karo Minar. Sajroning rong dina, Minar sakancane sasat mung mangan turu, kanggo ngaso, jarene.

Nyandhak dina sing katelu, Minar sakanca diwenehi sandhangan anyar patang setel. Kabeh dikon njajal nggolek pase awake dhewe-dhewe. Emane, Minar ora ana sing seneng. Yen bahane pancen becik, ning potongane ? Sasat kabeh jigrang sadhuwur dhengkul, gek belahan dhadhane ? Oh …. lagi njajal wae wis risi. Ning priye, neng kono kudu manut sakabehe, ora kena mbadal prentah.

Dina candhake, isih esuk teka ing pondhokan sawijijing ibu sing menor pacakane, Bu Wingit undang-undangane. Ya dheweke iku jare sing arep nglatih. Sepisanan, bocah-bocah iku dikenalake karo alat-alat kosmetik, sabanjure ngresiki rai, molesake wedhak, celak, lipstik, lan sapanunggalane. Bubar iku njur ngadibusana. Jroning batin Minar gumun, kok mung bab dandan sing diwulangake, njur kapan olehe arep nglatih nyambut gawe ? Kanthi diwanek-wanekane, Minar takon marang Bu Wingit.

Tugas kula benjing punika punapa nggih Bu, kula sarencang kok dipun latih ngadi sarira lan ngadi busana ??

Neng losmen. Sing cetha kowe kabeh duwe tugas ngacarani tamu, kareben losmen laris. Mula kowe kudu latihan sing tenan, luwih-luwih kudu grapyak lan semanak, sugih guyu, lan gawe krasan sing padha nginep. Wis saiki rasah kakehan pitakonan, suk bakal ana dhewe wong sing nglatih.?

Ganep rong minggu Minar wis baut dandan. Jebulane dheweke moblong lan ayu dhewe tinimbang kanca-kancane. Bok menawa wis rinasa cukup anggone nglatih, esuk iki Bu Wingit wis ora teka, ning ganti ana tukang foto sing banjur njupuki gambare bocah-bocah iku siji-siji. Bubar iku tukang foto uga banjur lunga.

Ing wayah esuk Bu Wingit teka ngedumke foto sing dhek emben wis dadi. Kabeh gumun ndeleng gambare dhewe, sing luwih endah luwih apik karo sing nyatane. Jebul ora baen-baen dayane awak sing wis didandani. Sawise kabeh tutug lan marem nyawang fotone, Bu Wingit kandha :

Wiwit mengko sore, kowe kabeh wiwit tugas ana losmen. Wis ana wong sing kajibah ngeterke kowe mrana. Ana losmen, golekana kamarmu dhewe-dhewe. Ing ndhuwur lawang kamar, wis dipasang foto-fotomu padha sing karo kok gawa. Dene sing bakal nglatih kowe nyambut gawe, mengko bakal teka, cukup kok tunggu ana kamar. Kowe kabeh mengko bakal ngerti apa tugasmu.? Tanpa ngenteni bokmenawa ana sing takon, Bu Wingit terus bablas metu ninggalake pondhokan.

Wis watara sajam Minar ana kamar losmen. Sinambi ngenteni wong sing dijanjekake arep nglatih nyambut gawe, Minar maca majalah anyar sing wis sumadiya ana kono. Durung rampung sajudul, kepurungu lawang kamar dithotok saka njaba. Gage Minar marani lawang sing ora dikancing. Nalika lawang dibukak, neng ngarep lawang wis ngadeg wong lanang setengah umur. Kanthi polatan sumeh, wong mau ndhisiki takon.

Bener mbak, kowe Minar ? Bocah anyar sing lagi wae teka ??

Inggih leres Pak, kula Minar. Lare enggalan. Punapa Bapak ingkang badhe nglatih kula nyambut damel wonten ngriki ?? Pitakone Minar alus.

Bener Minar, aku sing bakal ngajari kowe. Ditepungake, aku Pak Dremba.? Maju selangkah karo ngulungake tangane, wong mau wis ana njero kamar. Tangan tinampan dening Minar. Cepet mbalik, lawang sing diungkurane ditutup jeglek banjur dikancing, kuncine disak. Minar mundur cepet mepet dhipan, aloke :

Lho, Pak ! ….., panjenengan kok malah mlebet ? Kori kok dipun kancing ??

Iya Minar, wengi iki kowe bakal dak ajari nyambut gawe. Nyambut gawe sing enak lan kepenak. Ngrasakake swarganing urip, necep kanikmating kadonyan. Kowe rak durung tau ngrasakake, ta ?? Kanthi guyu ngemu teges, wong iku nyedhaki Minar nyambi nyiwel pipi. Minar kaget kaworan wedi. Mundur saya mojok kamar, atine dheg-dhegan.

Pak …., kula wonten ngriki badhe nyambut damel. Kula sanes lare nakal. Kula boten purun yen dipun camah. Mangga kori dipun bikak, kula punapa panjenengan ingkang medal ?? Pakone Minar kanthi swara groyok.

Minar, ana kene tugasmu pancen ngladeni tamu, kaya dene aku. Bengi iki kowe wis dadi panguwasaku. Aku duwe hak tumindak apa wae marang kowe sakarepku.? Wong mau nyedhak arep ngrangkul pundhak, tangan enggal disampluk kanthi praupan mencereng kawetu tembunge kasar.

He, wong lanang hidung belang, gelem bukak lawang lan metu saka kene ora? Yen ora, aku bakal njerit njaluk tulung !? Minar ngancam.

Ha …. ha …. ha … !? Wong lanang iku ngguyu nggleges. ?Minar ngertia !, yen bengi iki kowe wis daktuku larang, merga jarene Bu Candolo, kowe isih prawan asli sing polos lan lugu. Mangka, ya kuwi sing tansah dak goleki. Nek kowe wangkot lan jaremu arep njerit, cobanen. Mangsa ana wong sing bakal tetulung, awit sing jaga kene kabeh wis padha ngerti. Mung kowe Minar sing durung mudheng, yen sejatine kowe wis klebu ing loropan dadi panguwasane germa sing ndagangake awakmu marang wong sing padha ngumbar nafsu.?

Krungu kandhane wong lanang Dremba, prol ……. kringet adhem metu byuk-byukan saka sarandhuning awake. Awak gemeter, sikil ngewel, pandeleng pet-petan. Krasa yen wis ora bisa oncat saka bebaya, awak kumleyang tanpa daya. Nalikane arep tiba, Minar krasa tinampan tangan prakosa, sabanjure Minar wis ora eling apa-apa maneh.

Mbak Minar ! Tangi … ! wis awan ! Gek ndang bali neng pondhokan, kamar arep diresiki !? Panggugahe sing jaga losmen karo ndhodhogi lawang kamar.

Minar nglilir, awak krasa lara kabeh. Sandhangan sing dienggo wis bosah-baseh uwal saka awake. Kelingan kabeh kedadeyan dhek bengine, Minar angles, atine nangis kelara-lara. Gandheng selak didhodhogi saka njaba, cekat-ceket Minar nganggo sandhangane. Nalika metu lawang, karo ngguyu sing jaga losmen menehake amplop langsung digegemake ing tangane Minar, karo kandhane :

Iki mbak, saka tamumu mau bengi.?

Kanthi amplop ing gegemane, Minar bali neng pondhokan, atine rontang-ranting. Neng pndhokan, sawise padha ngerti tugas apa sing kudu ditindakake, werna-werna polatane Minar sakancane. Ana sing ketok sedhih, suntrut, biasa, ning uga ana sing malah katon bungah lan ngguya-ngguyu.

Bocah-bocan krasa lan ngerti yen kapusan. Janji-janji arep diwenehi gaweyan dening wong-wong kang disebar Bu Candolo. Dheweke sing pasang tarip dhuwur, bocah-bocah cukup clepretane. Kanggone bocah ndesa, sing penguripane buruh-buruh tur kurang entuk panggula wenthah kautaman, ya njur seneng ngono wae. Nyambut gawe entheng, entuk dhuwit lumayan. Ning kanggone Minar, wiwitan rumangasa abot. Gandheng yen arep metu kudu yen wis telung sasi, lan merga pengaruh saka kanca-kancane, suwe-suwe Minar dadi biasa ngadhepi tamu. Apa maneh dheweke rumangsa dadi kembange losmen. Minar sing ayu, sasat dadi kembang lambe lan kekidungane para priya hidung belang, sandhung jekluk Minar sing ayu kuning. Tamu langganane tanpa etungan, kabeh njaluk diladeni Minar.

Ganep patang taun Minar dadi penghuni Losmen Arum Ratri. Kabeh kesenengan rumangsa tutug. Dhuwit, emas hiasan, sandhangan, meh saben dina tuku, paweweh saka bos-bos sugih sing padha gandrung.

Jeneng urip mono owah gingsir. Wis ana sesasi Minar kerep lara weteng, luwih-luwih janji bubar nampa tamu. Mula saiki kerep nolak , ndadekake Bu Candolo kerep nesu. Wis priksa dhokter ngolah-ngalih ning padha wae, janji obate entek, mesthi kumat. Keri dhewe neng dr. Budi, ahli penyakit dalam. Minar rada kisinan merga didangu dhokter ngene :

Panjenengan nglampahi nakal, mbak ?? Pandangune alus neng nandhes.

Inggih, Dhokter.? Wangsulane Minar lirih semu mlengos.

Sampun dangu ?? Dokter nanjih.

Sampun …. wetawis kawan taun, dhokter.? Minar mangsuli jujur.

Karo nerusake mriksa, dhokter dhawuh.? Saenipun kendel mbak, panjenengan sampun kenging penyakit ingkang mutawatosi, siphilis utawi rajasinga.?

Siphilis, Dhokter ? Oh …..?

Sakala Minar nangis, atine kebak rasa wedi, was, lan sumelang sing mbangeti. Merga mens sing terus-terusan, wusanane dening Bu Candolo Minar dikon ngalih turune. Sing maune neng kamar pondhokan, saiki dikon ngalih neng gudhang, awor karo barang-barang sing ora kanggo. Merga wis ora bisa ngolehake dhuwit, bola-bali Bu Candolo ngakon Minar supaya bali ndesa, kanthi kasar, tanpa duwe rasa welas sithik-sithika.

Jeglek, lawang dibukak kasar, njalari lamune Minar dadi ambyar. Bu Candolo nggejejer neng tengah lawang, kanthi panyawang sinis. Kandhane :

Minar, nek arep bali apa duwekmu kabeh gawanen, aja nganti ana sing keri!? bubar kandha ngono terus klepat, ninggal lunga kanthi lawang gudhang isih menga moblah-moblah.

Awak lara ketambahan ati sing ajur mumur, Minar ninggalake gudhang cukup pamit sing jaga. Kanthi laku sempoyongan tumuju dalan gedhe, Minar nyegat bis saanane, tekade angger bisa adoh saka kono. Bab mengko embuh dipikir keri. Wayah Asar, bis mandheg cedhak pasar ngundhunake pemumpang, Minar katut mudhun. Ndadak wetenge krasa kumat larane, mangka obat wis entek kawit dhek wingi. Tanpa mikir dawa, Minar mlebu pasar sing wonge wis mamring. Weruh amben dhasaran kosong, gage ndudut jarik saka tas, gloso …., tas isi sandhangan kanggo bantalan. Minar turon, larane krasa suda. Kegawa awak sayah, kena sumribiting angin sumilir, Minar keturon. Nglilir-nglilir bareng wis surup, gregah tangi lingak-linguk kahanan sepi nyeyet. Tas isi dhuwit lan mas-masan sing mau dikekeb wis ora ana. Ngisor amben dhasaran, tong sampah ing sisihe, ngisor uwuh dirogoh dibiyaki pranyata ora ana. Ati bingung kuwur, awak lemes. Bareng tita ora ketemu, Minar ngambruk ing amben, sambate ngaruwara. Dhuwit, mas-masan lan sandhangan kabeh ilang bareng sak tase. Saiki wis babar pisan ora duwe apa-apa, kejaba sandhangan sing tumempel ing awak lan jarik siji. Tangise nganti megap-megap, luhe prasasat wis asat, nggetuni kabeh lelakone. Kanthi lambe kedher Minar sambat-sambat eling marang Gustine.

Dhuh Gusti, kawula tiyang dosa nyuwun pangapunten. Kawula nyuwun kekiyatan.? Ngono iku terus tansah dibolan baleni.

Ya wiwit wengi iku Minar kepeksa turu neng pasar iku. Yen wayah awan kanggo nyambung uripe, dheweke njejaluk lan nampani sihe wong sing padha welas. Apesing awak, wetenge Minar larane kumat, ngluwihi sing uwis-uwis. Pangrasane kaya wulanan, ning wetune getih sendhet tur kenthel gek ambune …., ya ampun….., Minar dhewe gumun, geneya ora kaya sabene. Sandhangan ora tau salin, jarik sing kanggo ubet-ubet wis ora rupa maneh. Yen Minar liwat, wong-wong mesthi mithes irung. Mula janji Minar nyedhak, racake padha nyingkang-nyingkang ngakon lunga, wegah karo gandane. Panandhange Minar saya tambah abot. Gandheng ana pasar tansah entuk panyia-nyia, Minar metu saka pasar, tekade arep ngemis wae turut omah, mesthine rak ya ana wong welas.

Awan iku panase sumelet, wiwit esuk durung ana wong sing aweh pangan, ewadene Minar isih duwe pengarep-arep mesthine mung durung. Bok menawa mengko ya ana wong welas sing gelem aweh pangan. Omah sauruting dalan sing didhodhoki, sawise meruhi kahanane Minar sing mambu lan njijiki, akehe mung banjur nguncali dhuwit receh terus nutup lawang. Rasa susah, lara, ngelih campur dadi siji. Saka lemese, Minar ndheprok neng pinggir dalan. Mripate bali teles dening luh, luh gegetun, tangis keduwung sing tulus saka jroning ati. Ngelingi rasane awak wis kaya ora kuwat, Minar ngeremake mripate mbaleni sembahyang, pasrah sawutuhe konjuk Gusti mungguhing uripe. Rampung sembahyang, nalika ngelekake mripati, Minar weruh ana jaka tanggung ing iring Greja. Dheweke mesthekake menawa iku koster. Karo krengkangan Minar ngadeg, kanthi laku sing sempoyongan dheweke marani prenahing regol greja. Tekan lawang regol bali sedhoprok maneh. Tangane grayahan nemu watu cilik banjur dijupuk kanggo nuthuki wesi lawanging regol. Sing lagi nyapu krungu banjur marani karo takon saka njero.

Ngapa nuthuki lawang ??

Tulung, Mas ! Aturna aku arep sowan Rama,? kandhane Minar memelas.

Koster anyar sing isih katekumen iku nyedhak arep ngengakake regol, ning bareng mak sentuk ….., ana ganda nyogok irung tur weruh sesawangan sing banget njijiki mau kandhek, ora sida bukak regol ning malah rada mundur. Karo kandha :

Rama tindakan, kondure suk emben.? Bubar iku terus nggeblas lunga. Oh…., genea koster iku tanpa nduwe welas karo aku. Mangka sowanku mono mung arep ngaku dosa, kareben entheng sesangganing atiku. Ngono batine Minar. Tangise bali ambrol, sambate kajaba Gusti …. Gusti …. wis ora ana maneh. Kanthi sisa-sisaning kekuwatane, Minar nerusake laku, sedheka leren mandheg ngampet larane. Saka esuk tekan surup wetenge ora klebon pangan, gek gulune krasa salit garing. Pas tekan ndhuwur kreteg Ndanen, Minar nglumruk tanpa daya entek kekuwatane.

Wengi iku meneri rembulan ndhadhari. Ning gandheng kesaput mendhung mula pandhange dadi remeng-remeng. Nyawang bening lan kumriciking banyu kali, ngelake Minar saya mbangeti. Ning kepriye ? Dalan sing tumuju kali parenge dhuwur, mangka awake wis ora kuwat ngglawat. Bisane mung sambat, ?Dhuh Gusti….., kawula nyuwun kawelasan.?

Wengine sangsaya sepi. Saka sunaring rembulan, ing adoh sisih ngisor kana Minar weruh pawongan. Dene pawongan mau uga nyawang prenahe Minar. Tangane Minar ngawe pinangka aweh pratandha supaya wong mau nyedhak. Tekan ngisor kreteg pawongan mau mandheg. Minar nganggo isarat tangane nelakake yen dheweke njaluk banyu. Sing neng ngisor tanggap, gage methik godhong lumbu, dianggo madhahi banyu banjur digawa munggah.

Tekan ndhuwur, tanpa ditembung, pawonan mau ngethukake banyu ing godhong lumbu sing ana tangane ing tutuke Minar. Minar olehe ngombe katon dhokoh. Wedi yen diuwali, tangane wong mau dicekeli kenceng. Nganti krasa marem olehe ngombe, awak krasa seger sumyah bali kekuwatane. Kaya-kaya wis ora ngrasakake blas lelarane. Mbarengi Minar ngadeg arep ngaturake panuwun, pawongan mau mbuang godhong lumbu sing mau kanggo nggawa banyu. Tatrap …., Minar kaget. Jebul epek-epek tangan lelorone wong sing aweh banyu mau gudras getih, tatu ing tengah-tengahe. Minar nyoba namatake raine. Pawongan mau mesem, ning ora beda raine uga glubrat getih, mili saka bathuk lan sirahe sing ketanceban ri kaentha makutha.

Oh … oh ….., batine Minar isih kebak tandha pitakon ing atine. Bareng cetha panyawange, wong iku ngliga tanpa sandhangan, mung begeyan winadi sing kesasaban ubel-ubel. Minar nglirik iga sakupenge. Mripate natab lempeng sing tatu kaya tilas kejojoh barang landhep, sing tatu mau isih katon ngetokake getih lan banyu. Gage mlorot panyawange Minar mudhum namatake sikile wong kang aweh banyu mau. Sikil kekarone tatu ? batine Minar. Bali munggah panyawange, wusana tempuk wong mau uga nyawang Minar kebak asih. Sakala mripat lan atine Minar tinarbuka. Tanpa mangu-mangu Minar gage ndheprok. Sikil sing tatu tembus dlamakan iku dirakut kenceng, diarasi sak katoge.

Dhuh Gusti Sri Yesus ….., Panjenengan kula padosi. Gusti kawula nyuwun pangapunten, sapunika kawula ndherek.? Bola-bali mung iku sing kawetu jroning tangise. Rumangsane Minar, Gusti ndhungkluk nglawani Minar ngadeg, wusana ginandheng, tinuntun tumuju dalan alus. Saka kadohan wis katon, yen sing tinuju papan sing endah lan nengsemake.

Esuke kabar sumebar, yen ing ngisor kreteg kali Ndanen tinemu jisime wong wadon, sing sajake kacilakan tiba saka ndhuwur. Sirahe kurban sumedhene ing gampeng kali, dene awake kekum ing banyu sing iline mung gumlintir. Wong-wong ora ana sing padha ngerti kuwi jisime sapa, lan wong ngendi, awit pancen ora ana bukti-bukti sing bisa nuduhake.

Tamat

Mangga Mas Kardi, kula aturi nggarap piyambak. Ingkang sampun saged dados tigang babak wonten ing Purna Budaya . Nuwun

 

 

Pakulinan

Posted on December 27, 2009 by niniklenyem

Pak Ronodipo sakloron ing desa Gumiwang mono, mujudake pasangan manula sing harmonis, ngono istilah saiki. Wiwit enom nganti saiki anak-anake wis padha dadi wong, lan putune wis mbeyayah malah wis duwe buyut loro, uripe tansah guyup rukun, ayem tentrem sih-sinisihan.

Minangka wong ndesa klebu kuna, sing uripe saka olehe tetanem, tansah tawekel olehe nyambut gawe. Gotong royonge karo sanak kadang lan tangga teparo kenthel.

Tansah katon ing bot-repoting tangga kiwa tengen sing lagi mbutuhake pitulungan, luwih-luwih ing wektu kesusahan.

Ing mangsa labuh lan mangsa panen, kekarone dina-dina neng sawah nekuni pakaryan sing dadi garapane. Anake telu lanang kabeh, saiki wis padha mbangun brayat lan ya wis padha anak-anak.

Sing mbarep Pardi, ana Jakarta, nyambut gawe neng pegadhean, mbiyen katut kanca. Dene sing tengah Parto, karyawan pelabuhan neng Semarang, ragile Parmin saiki ana Surabaya bukak bengkel sepedha motor, sing wis lumayan gedhene. Sing dirabi bocah Surabaya kono wae, ngrewangi eker-eker bojone bukak restoran rujak cingur sing wis akeh lengganane.

Yen Pak Rono, wis kerep diajak anak-anake neng Jakarta lan Semarang uga Surabaya, ning kerep-kerepe mung ijen.

Mbok Rono yen diajak ora tau gelem alasane werna-werna, jare ora mentala ninggalake omah yen nganti dinan-dinan ditinggal lunga. Sejatine jroning ati rumangsa eman yen lelungan kuwi, jare mung mbuwang-mbuwangi dhuwit gek ming ora penting, kejaba mung entuk seneng.

Mangka yen gelem ngerti, yen anak-anake ngajak kepingin ditekani wong tuwane kuwi, ya tanggung jawab penuh. Tiket menyang mulih, durung olehe ngajak plesir rana-rene ben wong tuwane seneng, mesthine rak ya ora sithik.

Ning Mbok Rono puguh penemune, ora tau gelem.

Wiwit cilik dening wong tuwane biyen, wis diwarah lan dikulinakake gemi lan nastiti. Tawekel nyambut gawe, urip ora boros, lan ora kulina njajani.

Lan nyatane asile uga katon. Senajan sawah ora amba, ning merga saking taberine, anak-anak lanang telu ya bisa ngrampungke S.L.T.A.ne kabeh. Lan ya saka panyuwune sing mantheng lan madhep mantep kinanthen wani prihatin lan tindak jujur, anak-anake saiki wis mentas lan cumanthel kabeh, sing bisa disawang wong tuwa.

Prasasat mbok Rono saiki wis silir, wis ora ana sing dirembug kejaba leladi bojo sing sarwa gampang. Pak Rono mangane gampang ora rewelan, prasasat nyebrot gegodhongan neng kebon utawa sawah wae dimangsak wis dadi.

Yen gaweyan ngalas wis rampung labuh, Mbok Rono neng ngomah santai. Paling-paling yen kayu obonge entek, lagi neng kebon golek rencek. Lumrah pakulinan ing padesan, bubar mangsak dha sanja karo petan neng tangga ? bebas ?. ngobrol. Pakeyan apa wae sing tumemplek neng awak, ora tau ana wong alok utawa nyaru siku.

Mangka pakulinane Mbok Rono angger wis tapih lurik sing wis buthuk karo kotangan wis bar. Tekan ngendi-endi janji isih ana kiwa tengene omahe, ya wis ngono kuwi padinane.

Kejaba yen ana dhayoh apa anake pinuju mulih. Awit dening anak-anake tansah padha diprayogakake supaya ngulinakake nganggo klambi.

Ning ya kuwi janji, anak-anake wis padha bali, Mbok Rono bali copot klambi, kotangan kumel karo tapihan sedhengkul, jarik sing wangune wis dienggo lap.

Pancen, urip neng ndesa pancen luwih bebas, lan bab karesikan uga mung sak geleme.

Tekan adus salin penganggo, tumrape Mbok Rono ya mung sak senenge kaya dene tangga kiwa tengene. Sumur ya duwe, tinggalane wong tuwane biyen. Sumur tuwa lan kawak sing saubenge sumur mung tinanduran wit-witan bangsane grumbul. Papan kanggo papane nyidhuk banyu mung diathak-athaki pring, supaya sing nyidhuk banyu nganggo timba ember ditaleni karo pring bisa slamet ora kejegur. Timbane wae ya nganggo pring, sing ing sisihe dibandholi watu jenenge timba mau senggot.

Sejatine yen anak-anake padha bali, wis bola-bali kandha olehe padha kepingin ndandani, syukur-syukur gawe kamar mandi lan kakus utawa W.C., ning Mbok Rono kereh-kereh ora entuk tembunge :

?Wis ta le, ya ben wae apa anane. Wingi tinggalane mbahmu biyen ya kaya ngono kuwi, nyatane ya awet nganti seprene. Wis dhuwite anggonen tuku apa?apa wae neng omahmu. Wong aku karo bapakmu wis trima kok kaya ngene iki wae, kejaba nek kowe salah siji ana sing gelem omah neng kene, ya bangunen sak karepmu. Ning nek ora, mbok wis kaya ngene wae apa anane.? Kandhane anake :

?Mbok, caramu urip kuwi ora sehat. Adus neng jembangan utawa pengaron kuwi, banyune rak mung sithik, oleh adus durung resik, banyune keselak entek, hara rak ndadak ngadeg nimba. Seje mbok nek nduwe kamar mandi njur diisi kebak, aduse tutug, olehe kosokan bebas tur bisa resik tenen, awak rak dadi sehat.? Mbok Rono gage nyaut :

?Dene ora nduwe kamar mandi, seprana-seprene aku ya tansah sehat. Tangga-tangga ya ora dha nduwe kamar mandi, dene ya ora padha lara.? Parmin sing nduwe usul arep gawe kamar mandi kuwi kandha :

?Mbok tanggane dhewe kuwi carane mikir mung apa anane, durung gelem padha maju. Mula awake dhewe kudu wani ndhisiki. Wis ta mbok, mengko aku sing wragat, simbok ora usah ngetokke dhuwit, ngertine dadi.?

?Ha Min, gawe kamar mandi kuwi rak ya ngentekake dhuwit yutan ta ?, apa maneh kathik ndadak arep gawe kakus barang, mbok uwis ta, apa sing wis ana wae, ora usah ndadak gegaweyan sing mung mbuwang dhuwit.?

?Mbok!, Kang Pardi karo kang Parto kuwi wis tau kewetu karo aku, olehe dha wegah tilik ngomah kuwi ya merga repot olehe padha adus lan ana pekiwan. Mosok ta janji arep bebuwang, ndadak neng kali sing dohe sak kilometeran saka ngomah. Hara nek ngajak anak-anake rak ya repot ? Mangka jare wis bola-bali kang Pardi lan kang Parjo arep nggawekake kamar mandhi lan W.C. ning simbok ora tau nglegani, mongko nek bapak ya senang seneng wae digawekke. Karepmu kuwi piye ta mbok ?? Parmin ngonggo-onggo ngenteni wangsulane embokne. Mbok Rono sajak ora nggagas karo pitakone anake kuwi, ubeg ngracik kinang terus diemplok karo nyomak-nyamuk mamah kinang, tangane nguntel-untel mbako sing arep kanggo susur. Rampung iku tangane grayah-grayah neng longan nggoleki kecohan kuningan sing rupane nganti wis mangkak kuwi merga arang-arang dikumbah.

?Mbok!?, Parmin mecah sepi karo mbaleni pitakone njaluk lilah anggone arep nggawekake pekiwan wong tuwane kuwi.?

?Piye entuk ya mbok nek aku gawe pekiwan, ben simbok lan bapak penak lehe adus ??

?Ah ya luweh kono Min, tarah kowe wis turah dhuwit.? Kandha kaya ngono karo lunga neng pawon daden geni, embuh arep ngapa. Parmin judheg tenan, ming arep ngepenakke wong tuwa wae kok ditolak. Arep nekat ora wani, mula let rong ndina ya mung njur pamit bali mulih, sengadi wis mari kangene karo wong tuwa.

Jroning ati Parmin tetep mbudaya lan ngulir budi, piye bisane kekarepane mau kaleksanan. Wusana lewat surat, rerembugan karo kakangne ya Pardi sing ana Jakarta lan Parto sing ana Semarang. Kekarone setuju banget karo kekarepane Parmin, lan kakangne uga bakal mbantu sepira enteke wragad nganti rampung, mengko dieyeng-eyeng wong telu.

Manut carane kakangne sing mbarep Pardi, bapak mbokne bakal diboyong menyang Jakarta kira-kira seminggu. Parmin dikon mulih terus ngayati gawe pekiwan kuwi. Wektu semono, kamar mandhi lan W.C. mesthi wis rampung, yen perlu tenagane diakehi. Rancangan dadi.

Pardi banjur kirim layang ngomah neng bapak mbokne, surasane, bapak lan mbokne kudu teka neng Jakarta, jare iki mujudake nadar, yen olehe nambah kamar wis dadi arep mboyongi wong tuwane, dikon nuroni ora ketang seminggu.

Dadi gelem ora gelem, pak Suro kudu ngajak bojone menyang Jakarta nuruti kekarepane anake kareben luwar ujare utawa nadare.

Satampane layang saka anake, Mbok Suro kaya padatan sawise rampung gaweyan pawon sanja petan neng tangga. Jroning petan mbok Suro kawetu tembunge marang Mbok Wongso, tangga cedhake sing diajak petan kandhane :

? Dhi Wangsa, nek sida minggu ngarep aku kuwi rak dijak bapakne neng Jakarta. Pardi duwe nadar nek olehe nambah kamar wis dadi, kudu aku lan bapakne sing nuroni. Wah piye ya ??

?Wadhuh ? sampeyan arep neng Jakarta ta yu ?? Mbok Wongso nanjih.

?Iya dhi, lha piye nek kuwi mujudake nadar utawa ujar rak kudu dilunasi utawa dileksanani. Jenenge ngluwari ujar,? ngono kandhane Mbok Rono.

?Wah yu, jare neng Jakarta kuwi ora ana wong tapihan, anane kabeh wong wadon padha nganggo rok utawa kathokan, mengko sampeyan piye ??

?Iya pa ? wah yen ngono tenan, aku rak ya susah, mangka aku durung tau-taune nganggo rok, lagi nyawang wae wis ora seneng. Ketoke kok le mbediding awake sing ketutupan mung sethithik,? kandhane Mbok Rono.

?Meneh-meneh yu, omongane wong kono kuwi nganggo basa melayu. Ora ana aku lan kowe ? jare sing ana kuwi lu lu, karo gua gua, ngono.?

?Jan ? susah ya dhi yen ngono, aku rak dadi ra bisa srawung karo tangga-tanggane Pardi. Ning ya wis ben, tekan kana ? ngundher wae ana kamar, Pardi tak penging kandha-kandha yen aku ana kono.?

?Ngono ya becik, tur mantu sampeyan bojone Pardi rak wong saka Klathen? mesthine rak ya bisa diajak omong kaya awake dhewe.?

?Ya kuwi dhi, sing marahi rada ayem. Ya wis dhi, aku tak bali dhisik, mengko aku tak takon-takon karo kakangmu, wong dheweke wis bola-bali neng Jakarta.?

?Iya yu, ora luwih aku mung bisa nyangoni slamet.? Tetemon mau njur dha bubaran. Tekan ngomah Mbok Rono nyedhaki sing lanang, sing lagi nglinting udud, terus kandha :

?Pakne ?, saupama aku ora melu wae, ujar kuwi luwar ora ya ??

?Ya kudu karo kowe mbokne, wong sing kudu nuroni kuwi kowe karo aku kok. Perkara kowe mengko emoh awor aku kaya nek ana ngomah, gampang ?. Turumu mengko mepet tembok lor ? aku mepet tembok kidul, butuhe ki rak mung sekamar ta mbokne. Rasah samar nek aku bengi bakal alihan kaya dhek jaman semono. Kandha ngono pak Sura karo nyawang bojone, sing disawang njur srongkotan lunga karo kandha :

?Ki ? kaki, mbok wis rasah ngandhakke kuwi, ben padha dilakoni anak putu sing saiki wis dha gerang-gerang kuwi.?

Hari H kaya penjaluke Pardi anake, Pak Rono karo bojone sida budhal neng Jakarta numpak bis. Sewengi sadurunge budhal, mbok Rono wis ora bisa turu, werna-werna sing dipikir. Gek-gek tenan, neng kana ora ana wong tapihan kaya dheweke, ora bisa srawung merga ra ngerti omongane. Wis ta pokoke akeh banget sing digagas. Senajan wis dielikke bojone ora sah nggawa oleh-oleh sing aneh-aneh, ning Mbok Rono tetep ngrenggiyeg gawane kaya ta : kacang brol asil panenane, dhele, jadah lan wajik. Maklum wong salawase durung tau lelungan, dadi ya lucu yen disawang.

Nalika arep mangkat wae merga krungu critane Mbok Wongso biyen, Mbok Rono takon bojone :

?Aku rak ya tapihan wae ta, pakne ??, wangsulane sing lanang :

?Ha piye ta karepmu, nek ora tapihan apa arep wuda wae ?, teneh dadi tontonan sing padha numpak bis.?

?Ora ngono, pakne, jare neng kana kuwi ora ana wong tapihan, jare kabeh racake padha nganggo rok utawa kathokan.? Kandhane Mbok Rono kaya omonge Mbok Wongso.

?Wis ta mbokne, wong mono mbok apa anane. Awake dhewe kuwi wong bodho sing sajege ora mambu dhingklik sekolahan, ya wis apa anane wae. Mung wong mono kudu gelem golek pengalaman, perlune mundhak kawruhe, ora kebangeten olehe kaya enthung. Mbok Rono meneng wae, ngrumangsani bodhone.

Wiwit munggah bis, Mbok Rono meneng wae, semono uga Pak Rono. Dayane bis malam sing lakune banter tur hawane adhem, Mbok Rono keturon pules sewengi ora nglilir. Ngerti-ngerti digugah bojone dioyok-oyok :

?Mbokmu tangi !, iki wis tekan Jakarta.? Karo gragapan pitakone :

?Ha endi, pakne, jare Pardi arep methuk.?

?Lha ya mudhun dhisik ta, mbokne, mengko yen wis mudhun rak ketemu.? Bareng wis mudhun, wong loro tuntun-tuntunan golek nggon kanggo leren, wusana mlebu warung golek wedang anget karo sarapan. Dhasar weteng ngelih, Mbok Rono ndemenakake olehe mangan. Sega rames sepiring karo wedang teh nasgithel segelas ? jablas.

Weruh olehe mbayar bojone, Mbok Rono gumun. Dhuwit limalas ewu sadhodhokan wong loro rumangsa gedhe banget ajine. Dene yen neng pasar kae, sega gudhangan limang atus sepincuk, wis krasa nggrenjel neng weteng. Ning mbok Rono meneng wae. Lagi wae metu saka warung, ngerti-ngerti Pardi wis ngrangkul mbokne saka mburi karo kandha :

?Slamet ta Mbok, Pak ??

?Ya slamet, le.? Ngono wangsulane bareng.

?Simbok rak ora mabuk ta, Pak ??

?Ora, le, wong mbokmu wiwit munggah terus turu, nglilire ya wis tekan iki mau njur tak gugah.?

?O ? ya syukur yen ngono, wis ayo saiki mulih.? Tekan njaban terminal, Pardi marani mobil kijang abang ati, dibukak njur ajak-ajak :

?Ayo pak, mbok, gek mlebu.? Wong loro mlebu kijang, Mbok Rono njawil sing lanang :

?Pakne, Pardi kok wis pinter nyopir, gek iki mobile sapa ya ??

?Lha ya duweke dhewe mbokne, wong aku rene sing dhisik kae wis duwe kok.? Wangsulane bojone ngglayem. Mbok Rono saya gumun, dene anake kok ora tau crita yen uripe wis ngglenter neng paran. Sarehne omahe ing dhaerah pinggiran, mula pas byar esuk lagi tekan ngomah.

Mobil mandheg ing ngarep omah loji cekli, banjur padha mudhun lan mlebu. Gumune Mbok Rono saya ndadi, bareng weruh omah lan perabotane anake sing sarwa becik. Rini bojone Pardi, gupuh-gupuh ngacarani maratuwane kanthi basa jawa mlipis. Ora suwe wedang susu lan roti sing mentas dientas saka loyang disuguhake. Wong papat karo Rini padha wedangan bareng. Suwasanane gayeng, Mbok Rono anane mung seneng. Sawise padha wedangan, bapak lan mbokne dituduhi kamar sing mentas wae digawe, ya kuwi sing penjaluke Pardi, kudu dituroni bapak lan mbokne. Bareng wis mlebu kamar, Mbok Rono kandha bojone :

?Pakne dhipane kok mung siji ?, lha kowe turu ngendi ?.?

?Gampang aku mengko tak njupuk sepon saka nggudhang.? Wong loro banjur padha lungguhan neng kamar kono omong-omongan.

Tan kocapa, Mbok Rono krasa wetenge mules tandha yen arep bebuang, mula banjur nggoleki Warni mantune kandha apa anane. Karo Warni banjur diajak neng W.C. sing closete dhudhuk kuwi. Sawise dikursus kilat carane nggunakke, Warni njur metu, genti Mbok Rono sing ijen ana W.C.

Sawise ingak-inguk sedhela, njur mapan lungguh. Bareng bokong sumeleh ing closet krasa anyep, sak nalika sing ana njero, sing mau rasane wis keri mbrojol malah macet, isin ayake. Nganti suwe Mbok Rono anggone lungguh ing closet, ning sing arep ditokke ndhendheng emoh metu, sidane njur malah dadi ora krasa.

Mbok Rono njur klithih-klithih metu, atine susah. Durung nganti rong jam wis krasa maneh. Kaya sing uwis, Mbok Romo mlebu W.C. kaya mau, ning panggah kaya sing dhisik, sing ana njero emoh metu.

Atine jan judheg tenan, wusana ngungak gudhang, weruh tas kresek bekas, neng dhus njur njupuk digawa mlebu W.C.

Metu saka W.C. rumangsa lega, karo nguntel-untel tas kresek kuwi tumuju ing bak sampah pojok mburi omah. Bareng wis mbuang tas kresek ati rasane wis plong.

Nganti wis genep seminggu Mbok Rono lan bojone neng omahe anake. Dina sing kaping wolu ing komplek perum, ana asu kerah rame banget ing mburi pekarangane Pardi, nganti wong-wong padha metu.

Bareng ditliti bak sampah kuwi wis sepasar ora dijupuk karo petugas kebersihan, kelalen ayake, wong olehe seleh ana mburi pojok omah.

Bareng wong-wong padha metu, jebul asu-asu kuwi wis dha ngewer-ewer plastik isi jerowan weteng wong, sing ambune nggundheng ora nguwati.

Wong-wong padha gumun, gek sapa sing mbuwang, wong kabeh padha ngerti yen pendhak omah wis padha duwe W.C. Rini sing keri dhewe niliki kaget, bareng weruh plastik tilas wadhah sepatu sing lagi sepuluhan dina anggone tuku, kok wis isi kaya ngono ana bak sampah.

Batine njur mesthekake, yen plastik-plastik sing diewer-ewer kirik kuwi mesthi pokale maratuwane, ning ya meneng wae, mundhak maratuwane isin. Pak lan Mbok Rono ya ngerti, lan Mbok Rono ya ngrumangsani yen kuwi duweke, ning ya meneng wae, bathine krasa wedi lan isin banget.

Bengine Mbok Rono nggejret sing lanang njaluk bali dina sesuk, alasane wis kliwat seminggu ana Jakarta. Anak lan mantune wis ora bisa nggondheli kekarepane mulih, wusana Pardi ngeterke Bapak lan Mbokne tekan stasiun, numpak sepur sing esuk dhewe budhal.

Ana ndalan ora kacarita, medhun saka sepur njur numpak andhong, antarane sak jam tekan ngomah. Lagi mudhun saka andhong, Mbok Rono durung mlebu ngomah, ning malah mlayu neng iring omah. Tekan ngisor dhapuran pring, ing tengahing grumbulan wit midra, Mbok Rono nyincingke tapihe. Durung wae rampung olehe mapan ndhodhok, sing ana njero weteng selak kesusu mbradhat metu, merga olehe ngampet wis wiwit awan mau. Layak nalika mangkat wis emoh sarapan, neng sepur uga emoh jajan, mesthine kuwatir bab siji kuwi, sing neng Jakarta wis gawe wirang.

Mbok Rono lan anak-anake dhek isih cilik, pancen ya wis kulina ngono kuwi, mula yen lungguh ana closet malah ora metu. Ya kaya ngono kuwi mau, bali neng pakulinan ing saben dinane sing sejatine kuang becik, lan ora prayoga mungguhing kasarasan.

Bareng esuke lagi ngerti, yen mburi omah wis digawe kamar mandi lan kakus dening Parmin, sing mulih nalika bapak lan mbokne budhal Jakarta. Ning saiki Parmin wis bali neng Surabaya, budhale lagi mau esuk. Wiwit saiki mbok Rono gelem ora gelem, kudu ajar adus lan bebuwang sing mapan, sing kabeh mau karepe anake demi kasarasan.

?

?Tamat.?

?

Mas Giman, cariyos punika kula aturaken dhateng sedaya kadang mitra sutresna giyaran lelangen sedaya, ing pundi kemawon. Mugi ndadosna penglipur sawetawis.

 

 

Ora welas

Posted on December 27, 2009 by niniklenyem

Wis kulina, wiwit ditinggal embokne dadi T.K.W ing negara Jiran, Warni tangine kulina esuk jam papat. Masak kanggo simbok, bapak, lan adhine, Warti sing isih klas lima S.D iku, rampung masak nggugah adhine, dikon ngrewangi nyambut gawe (nyapu latar). Warti ya manut, awit mbakyune pancen sing ngrembug sakabehe.

Sawise padha adus lan sarapan bocah loro siap-siap arep sekolah. Warni ana S.M.U. negeri klas telu, adohe saka ngomah udakara kilometer telu, dene sekolahane Warti mung ana kidul desa. Budhale bareng digoncengke pit mbakyune, dene mulihe mlaku karo kanca-kancane. Sardinah embokne, wis telung taun melu ngumbara ning Malaysia bareng tangga-tanggane sing sedesa kana ana wong papat.

Racake padha potholan S.M.A lan S.P.G. kanthi ndaftarake resmi lewat pemerintah. Asile kena dirasakake. Nyatane Warni dhek ditinggal lagi S.M.P. bar ujian, Warti isih cilik lagi klas loro. Bocah loro iku asil saka anggone bebrayan karo Karto, anake mbok Dipo sing mung tangga cedhak. Istilahe pek ngga ngono kae.

Mbok Dipo lan mbokne Sardinah tetanggan apik wis kaya sedulur.Yen ana kekurangan kabutuhaning urip sedina-dina, lih sinilihan,utang-utangan, pokoke endi sing ana. Padha dene mung anak-anak siji. Karto bocah ontang-anting, dene Sardinah ya ora duwe tunggal. Wong tuwa mbiyen ngono lumrah, yen atine padha dene cocok, njur padha ayon-ayonan njodhokke anake, ben terus olehe padha seduluran. Sardinah senajan bocah wedok ijen, ning dening mbokne digegadhang mbesuke bisa dadi wong sing mandhiri, mula sekolahe disurung-surung tenan ben maju lan pinter. Gaweyan ngomah ya ditrapi apa lumrahe bocah wadon.

Ya reresik, ya mangsak, ya dikongkon nyumbang, rewang, layat. Wis pokoke Sardinah prigel ing samubarange, gek sekolahe ya pinter. Eman, bapake wis ngajal dhek Sardinah umur 10 taun. Bapake mbiyen nyambut gawe neng air minum, dadi mbokne ya nduwe pensiun janda. Seje karo Karto, anak lanang siji, bapake banjar pekarangane amba, sawahe akeh. Mula janji ngati-ngati olehe ngecakke mesthi bakal cukup.

Karto, dhek isih ana S.D, S.M.P, sekolahe ndalan bijine ya cukup. Ning bareng pindhah ana S.M.A dadi malih. Kakehan kanca, sing senengane mung ubyang-ubyung. Bapak mbokne ora jeleh-jeleh anggone ngandhani, ning Karto kanthi nylimpet-nylimpet isih wae olehe ubyang-ubyung ora genah. Saking juweh lan tlatene anggone nyurung-nyurung wong tuwane, sidane ujian S.M.A ne ya katut lulus, senajan kanthi biji sing ngampret.

Seje karo Sardinah, dhasar bocah tuwajuh, pethel, nurut karo wong tuwa, mula asil bijine ujian ya maremake, sasat kabeh angka wolu. Mbokne bungah lan mongkok. Ning ya kuwi, senajan Sardinah wis cemetha yen kepingin nerusake, ning mbokne kandha yen ora. Wong kuliah mono ragade akeh, njur dhuwit saka ngendi? Yen mung mogol neng tengah-tengah rak malah eman-eman mesakake lehe nglakoni. Dhasar Sardinah bocah mbangun miturut, mula ya manut trima mothol S.M.A. Beda karo Pak Dipo mbok Dipo olehe ngrih-arih Karto dikon kuliah, embok menawa mengko bisa mergawe apa ta apa, syukur bisa dadi pagawe negri.

Piye wangsulane Karto? Jare pingin kawin dhisik ben atine tenang, mengko njur kuliah. Mangka sing disir ora liya ya Sardinah tanggane cedhak sing srawunge sasat saben ndina. Gandheng wong tuwane padha cocoge, tur Sardinah ya manut mituhu karo mbokne, mula bareng dilamar Pak Dipo kanggo Karto, ya njur entuk ngono wae. Malah mung ganti sasi njur dinikahake. Kesaguhane kuliah, Karto mung ndobos, wong dhasare utege kethul tambah keset pisan. Kesenengane dolan isih kaya nalika jaka.

Tujune Pak Dipo lan bojone tresnane kepati karo mantune. Dhasare Sardinah pinter momong maratuwa. Dadi senajan dina-dinane Karto mung lang-leng dolan sing ora juntrung, ning uripe Sardinah lan mbokne tetep ayem tentrem disangga maratuwane. Pas setaun bebrayan pinaringan momongan lair wadon ya Suwarni sing saiki wis dadi prawan cilik sing sekolahe wis kelas telu S.M.P. Lan lair meneh wadon sing banjur dijenengi Suwarti, saiki S.D klas loro. Sejatine Sardinah krasa yen polahe sing lanang saya suwe saya ndadra.

Sardinah ya krungu saka tangga-tangga, kejaba ubyang-ubyung dolan, ning Karto ya bojone kuwi sok melu umben bocah enom-enom. Bab dhuwit, mesthi wae ya njaluk mbokne senajan cara dhelik-dhelikan aja nganti ngerti Sardinah. Warni anake sing wis gedhe kerep weruh bapakne ndhodhosi dhuwite mbahne lan banjur wadul marang embokne. Saking kerepe, Sardinah wedi yen nganti diarani, mula niate arep ngajar bojone ben gelem nyambut gawe. Bareng ing ndesane cah-cah enom dha ndhaptarke dadi T.K.W. ing Malaysia, Sardinah mung rembugan karo Warni lan embokne melu dhaftarake, pingin nyambut gawe sing gajine jare kena dirasakake.

Endilalahe wae bocah sedesa papat kok katut kabeh, klebu Sardinah. Ulehe kandha karo bojo lan maratuwane sa kloron, bareng budhale ning Jakarta (ing papan pelatihan kerja) keri sepasar. Sardinah kandha maratuwane, yen sasuwene dheweke nyambut gawe, mbokne lan Warni wis mrantasi. Kepeksone Pak lan Mbok Dipo ya ngidini, merga Warni kekarepane wis ora bisa dipenggak maneh. Ora wurung dening bapak mbokne, ya mung Karto sing diomeli terus, dadi suhing keluarga kok emoh nyambut gawe. Bisane mung nguthes-uthes dhuwit wong tuwane.

Nalika ditinggal lagi sesasi rong sasi ya gelem rewang-rewang wong tuwa nggarap sawah, ning dhasar wong wegahan, mula ya gampang wae jeleh, kesenengane lawas bali malah kepara ndadi, awit bojone sing mbiyen tansah ngelokake saiki wis ora ana. Wong tuwane wis ora digubris. Nalika lunga nyandhak patang sasi, Sardinah wis kirim dhuwit Warni liwat pos, sing ya lumayan yen mung kanggo urip lan mbayar S.P.P. sing wiwit mbokne lunga nunggak durung dibayar.

Karto ngerti, mula saiki ora mung mbokne sing dadi sasaran yen butuh dhuwit, ning karo Warni anake ya tegel nembung. Pokoke Karto saya sakarepe dhewe. Nalika Warni ngurus layang-layang kanggo njupuk dhuwit kiriman saka mbokne ana kalurahan, Warni didangu Pak Lurah blaka apa anane. Uga bab kahanane Karto bapakne. Ngendikane Pak Lurah : ?Warni, sarehne omahmu mung mepet bale kalurahan, apa gelem yen kowe ndak wenehi tugas nyapu njero pendhak esuk sadurunge mangkat sekolah? Pendhak sasi mengko kowe ndak wenehi jajan. Dene nyapu lan reresik njaba wis ditandangi Pak Truno (Pak Bone).? Barang wis mikir-mikir sedhela Warni mangsuli : ?Inggih, Pak Lurah, kula purun.? Pak Lurah mesem, banjur ngendika : ?Yen ngono, kowe ndak cekeli kunci kanggo mbukak yen arep nyapu, kunci sijine wis digawa Pak Dhukuh, kanggo mbukak yen wis jam kerja.?

Tekan ngomah Warni kandha karo simbok lan adhine, kabeh setuju. Pokoke gaweyan ngomah bareng-bareng ditandangi, kejaba Karto bapakne sing padha disekarep. Wiwit iku Warni tambah nduwe tugas reresik njero ing kantor bale Kalurahan. Ora beda karo Sardinah mbokne, anggone sregep, tawekel ing samubarang gawe. Dhasar wis dilatih nyambut gawe wiwit cilik, mula kabeh gaweyan dilakoni kanthi seneng. Lumakune wektu ora rinasa, Sardinah nyambut gawe ana paran wis ngancik telung taun.

Saiki Warni wis klas telu S.M.U. Dhuwit kiriman saka mbokne dicakke kanthi ngati-ati, malah bapakne dijatah supaya ora tansah njaluki wae. Dene sasen saka Pak Lurah ditabung, isih tambah turahan sithik-sithik saka mbokne uga dilebokke pisan. Kabeh mau ndadekake Warni mundhak greget sinau lan nyambut gawe, uga saya P.D karo apa sing ditindakake. Mbah-mbahe padha seneng lan marem nduwe putu Warni. Adhine uga dikulinakake dhisiplin lan mandhiri kanthi conto-conto gaweyan ing saben ndinane.

Perkara bapakne, kabeh wis ngejarke disekarep. Senajan adoh, weling sing arupa pitutur lewat surat-surate mbokne yen karo kirim dhuwit tansah diestokke dening Warni lan adhine. Kaya dene unen-unen kae tenan. Senajan adoh papane antarane mbok lan anak, ning ing atine kekarone cedhak banget, sing ndayani padha dene aweh daya kekuwatan anggone padha ngayah-ayahi jejibahane. Sing sekolah ya tambah sregep sinau, ngelingi wong tuwane sing nyambut gawe neng paran, dene sing neng paran ya tambah semangat leha nyambut gawe.

Ngelingi anak-anake sing padha ana ngomah padha maju sinaune merga saka prihatine wong tuwa. Kosok balen karo Karto bapakne. Dhuwit saka anake mung dienggo seneng-seneng dhewe, yen kurang nggedhak bapak utawa embokne. Warni senajan ora kejarag neng wis krungu sriwing-sriwing, yen bapakne anggone kerep ora mulih kuwi saiki katut babon. Mangka babon kuwi wis nduwe jago, sing saiki lagi nyabut gawe neng Arab ngadu nasib. Dhuwit ajeg dikirim mulih, ning sing wadon ya malah seneng-seneng karo bapakne Warni kuwi.

Kabar mau wis ubur, ning Warni emoh nyampuri urusane wong tuwa, dhasar bapakne dikandhani mboke wae mbantah, biasane bapake njur malah nesu lan mecahi bekakas. Babon sing diereki Karto mau ora liya Mbok Darwi, sing mbiyen gaweyane adol gorengan ning saiki wis ora. Ya mung malah ngundher neng ngomah didhekemi Pak Karto kuwi. Tangga teparone ya wis sok padha nyindhir-nyindhir ning mbok Darwi ya teblek wae, dhasar rai gedheg. Merga risi entuk wadulane tangga, Pak Dhukuh wis tau kandha : ?Mbok Darwi, sampeyan niku biyen dodol gorengan, saniki kok malah nganggur, rak mesakake Pak Ngali bojo sampeyan sing teng Arab ta? Direwangi bebara teng njaban rangkah adol tenaga kok sing teng ngomah mung seneng-seneng nganggur, mbok nggih nyambut gawe napa ta napa!?.

Mbok Darwi mangsuli entheng : ?Pak Dhukuh, wong bojo kula mawon akon kepenak, kok wong-wong niku dha iyik. Tikna jenengan rak disogoki wong-wong niku ta??. Pak Dhukuh lunga karo kandha semu ngancam. ?Embok Darwi, kula empun ngelingke sampeyan lho, mangkih nek masyarakat niku nesu desane diregedi mang tanggung dhewe.? Mbok Darwi meneng wae. Saiki nek kencan karo Karto kanthi ndhelik-ndhelik ora wani ngedheng, kerepe wayah bengi.

Ngarepke Warni ujian klas telu, mbokne ngabari yen entuk cuti rong minggu, niate arep mulih, ning wektune durung bisa nemtokake. Dhuwit saka paran arep ditransfer wae neng rekeninge Warni, supaya neng ndalan slamet, ora ana rasa wedi yen, di grayak wong. Warni isih meneng wae karo wong ngomah, merga dina lan tanggale mbokne bali durung mesthi.

Pancen, samubarang kuwi yen ora dipikir, malah ora dadi beban penalaran. Kaya dene Warni ora mikir mulihe mbokne. Ing wayah sore nalika Warni lagi siram-siram latar, ndadak ana taxi mlebu pekarangan njur mandheg neng latar. Warni kamitenggengen lehe nyawang. Bareng lawang taxi dibukak, Warni mbengok sora : ?Mbah ? mbah? mbah ?dhenok, Warti ?gilo simbok mulih !? Sing ana njero omah kabeh metu, banjur ngruyuk sing lagi teka. Warni lan Warti ora lerem-lerem nggone ngambungi mbokne, sing saka pangrasane saiki.

Mbokne mundhak ayu lan putih, gek ya lemu pisan. Kabeh mlebu ngomah kono nggawa gawan tas lan koper, mestine isi oleh-oleh. Lagi wae padha lungguh karo crita ngethuprus, ndadak saka dalan ana mobil polisi ngunekake sirene mlebu pekarangan. Wong saomah padha kaget. Let sedhela, saka mobil patroli mau, ana polisi mudhun, uluk salam terus mlebu. Pak lan mbok Dipo sing methukke. Pitakone polisi : ?Leres, pak, mriki griyanipun Pak Karto ingkang semahipun wonten Malaysia??.

Gupuh wangsulane Pak Dipo : ?Inggih, Pak Polisi, wonten punapa??. ?Anu, Pak, nyaosi pirsa keluarganipun Pak Karto, menawi piyambakipun sapunika wonten griya sakit, saking keluarga dipun aturi nuweni!?. ?Wonten punapa, Pak, anak kula Karto??, pitakone mbok Dipo groyok. ?Anu ?. Keng putra dipun kroyok masa, mergi slingkuh kaliyan tiyang estri ingkang dipun tilar semahipun nyambut damel dhateng Arab, masa mboten trimah?. Krungu kandhane polisi mau, Sardinah sing lagi wae teka dhok, langsung jempling ngloso ana njogan. Sambate : ? Walah kang Karto ? patrapmu kok saya ndadi, saiki malah kowe diajar wong akeh merga pokalmu. Kowe kok ora welas karo aku ta kang ?.??

?

 

 

Mleset Karo Sing Dikarepake

Posted on December 27, 2009 by niniklenyem

Ing kampung Wukirsari, ana omah gedhong magrong-magrong sapinggiring dalan gedhe. Dene sing kagungan priyayi luhur asma K.R.T. Purbonegoro, trah Kusumo saka Bojonegara. Dene tangga teparo yen ngaturi Eyang Purbonegoro. Biyen jare ngasta direktur pabik gula ?Arum manis?.

Esuk kuwi kaya padatan, sawise ngunjuk wedang nasgithel dikancani nyamikan bakpya isi kumbu ireng sing mendut-mendut, Eyang Purba njur tindak-tindak ing sakubenging daleme karo pijer metheti klangenane kutut, sing wis mruput dikereki dening Dalijo sopire Dr. Agus, sing sok nyangkul gaweyane. Eyang Purba putri nata lan reresik dalem njero, merga sing njaba lan dhapur wis ditandangi Inem, sing olehe ndherek wiwit isih cilik.

Inem bocah lola sing di itik-itik Eyang Purba sekalihan. Gandheng Eyang Purba ora kagungan putro (gabug) mula pangrengkuhe marang Dalijo lan Inem kaya karo putrane dhewe.

Dalijo mono bocah prihatin. Dhasar anak randha gek mlarat pisan. Mula lulus STM bag mesin, dheweke ora bisa neruske pasinaone, ning njupuk praktise, ajar bukak bengkel motor. Lagi arep entuk pasaran, ndadak di tari Dr. Agus, apa gelem nyambut gawe karo panjenengane, minangka dadi sopir pribadine.

Bareng dipikir, supaya mengkone bisa tuku alat-alat bengkel sing lengkap, lan bisa bukak bengkel kanthi sampurna, panarine Dr. Agus di saguhi. Ya wiwit iku Dalijo dadi sopir pribadine pak Dr. Agus.

Dene daleme Dr. Agus iku mung sakulone eyang Purba, adu pekarangan. Dene Eyang Purba lan kaluargane Dr. Agus iku wis kaya sedulur, mula yen wektu sela, Dr. Agus nawakake marang Eyang Purba, sawayahe ngersakake apa ta apa, Dalijo kena diutus.

Dhasar Dalijo bocah sing pangerten, senajan ora didhawuhi, yen weruh gaweyane Inem kethetheran ya sok njur direwangi. Kabeh mau mesthi wae ndadekake rename Eyang Purba kakung putri.

Luwih-luwih Inem, sing saiki wis mekar dadi prawan diwasa sing semok, ayu moblong-moblong. Tamune Eyang Purba sing durung tau ngeti ngira yen Inem iku putrane Eyang Purbo.

Ya ora nggumunake, wong dhasar rupane ayu tur genep suba sita lan tata kramane. Mula ya lumrah yen dadi incerane jejaka ing kampung kono, sing wis padha ngerti yen Inem mono mung jejering abdi. Ning ya kuwi, pangrengkuhe sing di dhereki ora mantra-mantra yen karo abdi.

Srawunge Dalijo karo Inem rumaket, padha dene ngrumangsani yen mung kaya dene rewang sing ndhedherek priyayi luhur lan sugih. Gandheng saben dhina ketemu lan srawung, kakarone padha dene mambu ati.

Meneng-meneng Dalijo wis tau blaka marang Inem, nelakake tresnane. Begjane Dalijo, dene Inem ya nanggapi. Malah kekarone wis padha janji, yen Dalijo wis bisa keklumpuk kanggo urip, Inem enggal arep ditembung. Inem dhewe ya janji, yen wiwit saiki bakal nabung, dhasar sing didhereki kakung putrine ya kerep banget maringi dhuwit, durung sing pendhak sasine.

Saiki bareng Inem wis ngrampungi sakabehe, dhuwit blanjan bruk dipasrahake Inem. Eyang Purba sekalihan, anane mung percaya lan marem diladeni Inem. Dhasar Inem baut masak, di dhawuhi masak apa wae bisa, sing marahi Eyang Kakung tansah kalegan.

Sore kuwi dhasar mangsa rendheng, udane nggrejik wiwit awan. Siaran TV ya ora ana sing disenengi, mula Eyang Purba malah lelenggahan sekalihan ana dalem ageng. Dene Inem sawise asah-asah lan ngangeti jangan ya njur mlebu kamare. Lawang sajak wis wiwit mau tutupan, mbokmenawa wae wis turu kegawa hawane sing adhem lan atis. Eyang kakung ngendika :

?Nek arep ngaso ya kana ta Jeng, wong nek aku isih pingin lungguhan?.

?Mboten Kamas, kula ugi taksih kepingin ngancani panjenengan?.

?Ya syukur Jeng, dene sliramu tetep setya bekti neng aku?.

?Mung emane kuwi ya jeng, wis nganti umur semene, awake dhewe kok ora pinaringan turun. Apa ya bakal cures sejarahe dhewe iki ??

Mak dheg penggalihe Eyang putri mireng ngendikane garwane mau. Gage ature :

?Kamas, tumrapipun kakung, yuswa seket gangsal punika dereng sepuh, kula ngertos kok, kamas menika taksih prakosa. Mbok mangga kamas, panjenengan kula aturi krama malih kaliyan tiyang ingkang taksih enem, supados saget kagungan turun. Kula rila kok kamas, tiyang nyatanipun, kula tinitah dados pawestri ingkang mboten saget nggembol tuwuh.? Ngono ature eyang putri wijang, ketara yen mrentul saka tulusing ati.

?Ha iya ta jeng, ning apa sliramu tenan-tenan rila lan ora lara ati ?? Wangsulane eyang putri mantep :

?Mboten kamas, kangge lestantuni ngtrah Purbo, saestu kula jumurung menawi kamas kersa karma malih.?

?Apa kira-kira ya ana wong enom sing gelem dirabi wong tuwa sa aku ??

?Khatah kamas, awit penjenengan kasinungan drajat pankat lan semat, ingkang kenging kinarya sarana mulyakaken wanita.?

?Apa sliramu kira-kira kagungan wawasan jeng, wong sing sekira pantes kanggo garwa lan bisa leladi sliramu ?? Pandangune Eyang Kakung.

? Saget kamas, mboten usah tebih-tebih. Yen kamas kersa, Inem rak saget kaangkat minangka garwa. Dhasar larenipun sae, mrak ati, tur mumpuni samukawis menggahing bale wisma. Dados kula ugi mboten rugi anggen kula ndidhik lan nggula wenthah wiwit alit.? Eyang kakung manthuk-manthuk mireng ature garwane sing teteh mau.

?Yoh wis Jeng, bab iki dipikir kanthi weninging ati ben ora getun ing mengkone?.

?Kamas, yen saestu panjenengan ngersakaken turun, denea ndadak di pun rendhe-rendhe ? Punapa malah ngentosi menawi sampun sepuh ??

?Ya ora ngono, Jeng, karepku kuwi, apa penggalihmu ya wis siap tenan yen aku krama maneh ??

?O Kamas, punapa panjenengan mboten pitados ing tresna, setya lan bekti kula selami kula dados garwa panjenengan?? Ngono aturi Eyang putri kanthi swara groyok., ketara yen arep muwun.

?O Jeng, aku percaya banget. Pitakonku mau ketang anggonku welas lan gedhene pangemanku marang sliramu, supaya panggalihmu aja nganti susah?. Atur wangsulane Eyang putri gage :

?Mboten kamas, kula bingah menawi kamas kersa dhahar atur kula, mumpung kamas taksih kedugi. Punapa ginanipun ngulur wekdal ? Toh sedaya wau kangge lestantuning trah Purba murih mboten cures sejarahipun?.

?O yen ngono aku manut kersamu, Jeng.? Eyang Kakung sumaguh. Ya wiwit iku, eyang kakung wiwit nggatekke Inem abdine.

Jebul tenan, bareng ditamatake Inem ora nguciwani ing sakabehe.

Dalijo mono tugase pancen akeh, tur kabeh mbutuhake disiplin wektu. Esuk dhewe, sawise ngresiki lan ngontrol mobil njur ngeterke sekolah Nining, putra ragile Dr. Agus sing isih ana TK. Bubar kuwi njur ndherekke bu Agus sing ngasta mucal neng SMP Yayasan Marsudirini. Keri dhewe ndherekke pak Agus tugas neng rumah sakit Sarjito, lagi terus mulih. Dene yen Dr. Agus sok rapat neng luar kota, Dalijo cukup ditimbali ngagem HPne, awadene yen isih ana wektu mesthi neng daleme Eyang Purba, kejaba bisa ketemu Inem, ya cawe-cawe gawean apa sing isih kether.

Semono uga wayahe methuk, esuk dhewe Nining, njur bu Agus, sing keri dhewe kakunge. Sanjabane tugas kuwi, Dalijo di dhawuhi reresik dalem lan kebon sethitik sing kebak taman kuwi. Dene mbok Giyah abdine, nglethek ana ndapur masak lan ngumbahi.

Ing wektu sela rampung masak, Inem sok nylingker mara neng daleme Dr. Agus. Yen Dalijo ora katon neng njaba mangka mobile ana, Inem langsung nggoleki neng kamare sing kepernah mburi garasi mobil. Kamar kuwi mligi kamare Dalijo, mula ya ora tau ana wong mlebu. Inem sok nggawakake apa sing di masak, jare ben kekasihe melu ngrasakakae masakane. Yen ana jroning kamar, wong loro bisa tutug ngesok kangen, pacaran sing ora diweruhi sapa wae.

Saya suwe Inem saya pinter golek wektu kanggo ben bisa tetemon karo Dalijo gegantilaning atine. Kosok baline Eyang kakung, rasa asihe marang Inem saya dikatonake. Saiki Inem saya kerep banget diparingi dhuwit, endi sing di dhawuhi kanggo tuku jarit…….. klambi lan ya apa wae sasenenge Inem.

Rekane Eyang kakung mono arep slintren, yen peparing diarah supaya garwane ora pirsa, ning Inem saben-saben diparingi malah matur Eyang putri. Gandheng sing putri malah ndombani, mula ngendikane:

?Wista Nem, yen diparingi apa-apa kuwi tampanen wae, ora sah matur aku. Kuwi rak tandha tresna. Karo maneh, mbok apa wae sing diparingake karo kowe kuwi, aku rila kok?

?O…..yen ngaten matur sembah nuwun sanget, Yang?. Ature Inem lugu. Eyang putri wis wiwit seneng panggalihe, dene kakunge wiwit bisa nyedhaki Inem. Niyate malah arep digolekke kalodhangan, ben Kakunge bisa mbujuk Inem, supayane mengko gelem nanggapi kersane garwane, gelem dirabi.

Eyang putri penggalihe selak notol banget, muga-muga kakunge mengko bisa kagungan turun senajan liwat Inem.

Saiki Eyang putri kerep pamit tindakan adoh pawadan titik sedulur, kepara sok nyimpeng barang. Inem di wanti-wanti aja lunga-lunga kudu tunggu omah. Eyang putri mono bekti banget marang kakunge, seminggu sepisan mesthi digawekake jamu kagem njaga kesarasane.

Dina kuwi wiwit awan Eyang putri wis ngendika yen sore mengko arep rewang neng sedhereke sing ewuh, kondure sesuk. Sak durunge tindak, eyang putri wis ngracik jamu ninggali kakunge kaya padatan. Sawise dadi banjur di aturake karo matur :

?Kamas, anggenipun ngunjuk mangkeh dalu kemawon menawi badhe sare. Punika istimewa lho, kula tambahi mrica, pala, maben lan ginseng, mangkeh sareni pun rak sanget sekeca?

?Yoh….tak trima ya Jeng! Sliramu yen rewang aja ngaya, aja nandangi sing abot-abot? ngono welinge marang garwane.

Saungkure Eyang putri tindak rewang, Inem njur ning kamar mandhi ngumbahi, rekane nyuda kumbahan esuke. Rampung ngumbahi njur nonton TV nglosot neng karpet kaya padatan.

Let sedhela mlayu neng kamar mandi meneh karo hoak-hoek kaya wong mutah-mutah. Eyang kakung nyedhak karo ngendika :

?Gek kowe masuk angin, Nem?, Jeneh bengi-bengi kok ngumbahi ! Gilo iki ana obat gosok nyoh…… nggo mblonyo awakmu?. Ngendikane Eyang kakung karo ngulungi bangsane balsem. Inem nampani lan banjur digosok-gosokake ing gulu lan dhadhane.

Ora kejarag Eyang kakung pirsa jamu neng nduwur rak-rakan buku cedhake lenggah njur dhawuh :

?Nem jamu iki wae ombenen, racikane Eyangmu putri mau. Penak kok, neng awak anget tur mari kesel-kesel?. Karo ngendika, Eyang kakung ngulungake gelas jamu mau marang Inem.

Gelem ora gelem kedaya saka wedi, jamu ditampani banjur di ombe glenggeng. Pencen ya enak wong madune akeh. Inem bali nonton TV, ning let sedhela lar-ler ngantuk. Wusana ujur matur :

?Kula tak tilem inggih Yang kung, raosipun kok mbliyut sanget.? Inem menyat ngadeg, ning senggoyoran. Eyang kakung pirsa gage di dhabyong lumebu kamare. Lagi wae tekan kamare Inem trus ngebrukke awake neng dhipan terus merem… turu pules. Eyang kakung ndangu werna-werna wis ora diwangsuli, dinyet-nyet pilingane ya meneng wae. Ngono mau nganti sawetara, Inem tetep turu nglintek di tunggoni Eyang kakung lenggah ing sandhinge.

Nyawang turune Inem sing mung niba ora mapan kuwi, mlumah, sing tangane sumeleh ing bantal kiwa tengen, ambegane sing langsam, ndayani dhadhane sing nyengkil gadhing kuwi dadi endah …… banget yen sinawang, munggah mudhun kaya nantang sing lagi ngematake.

Oh …. Yangkung astane bali mijeti pilingane, gulune, tangane …. Inem tetep turu pules ora obah. Panggalihe Yangkung saiki nitir, nyawang Inem sing ayu lan sajak mesem kuwi nyata katon sulistya tanpo cacat. Yangkung nyoba ngaras bathuke, ora obah. Dibolan-baleni ya ora nglilir.

Nyut njur kelingan sing wis dilakoni, yen bar ngunjuk jamu kae sewengi ya ora nglilir. Bebasan wong mlaku neng tengah bulak, adoh lor adoh kidul mangka panase ngenthang-enthang, njur diadhepi banyu kinclong ing ngarepe, sapa sing ora njur kepingin ngombe sak mareme ?, mangka ya wis tau ngrasakke segere banyu sing ora tau njelehi salawase urip. Semono uga Yangkung, sing dhasar wis ana karep marang Inem tur di sengkuyung putrine. Kekendelane tuwuh makantar kantar.

Inem sing wis prasasat pasrah iku, pindha cempe sing wis ana cangkeremane macan gembong. Dianggo dolanan, di potheng-photeng, di sesep-sesep getihe nganti apuh lan marem wis ora suwala. Yangkung eling, yen kabeh mau mung saka kersane pribadi ateges sepihak, ning Inem rak durung karuwan yen gelem utawa rila, merga dheweke rak kena dayane jamu sing marahi mabuk.

Mula bareng wis marem, kanthi ngati-ati Inem dikemuli brukut, Yangkung mudhun saka dhipan, metu lawang kamar ditutup. Banjur tumuju ing kamare, nggembol rasa marem sing tanpa upama.

Esuke, Eyang putri kondure saka rewang mruput, ning lawang kabeh isih tutupan. Batine :

Geneya yah mene Inem durung tangi ?, mangka biasane wis neng pawon. Eyang putri banjur marani pernah kamare kakunge terus nothok jendelane alon-alon. Sing isih sare mireng, gage wungu terus mbukak lawang. Eyang putri ngendika :

?Inem wonten pundi kamas, wanci ngaten kok dereng tangi ??

?Jeng, sliramu tindhak kae Inem rak njur ngumbahi, bar kuwi sajake masuk angin wong njur mutah-mutah lan terus mapan turu. Coba wae tilikana!?

Eyang putri ngungak neng kamar kanyata lawang ora kancingan. Inem wis nglilir ning durung tangi, awake krasa lungkrah sing mbangeti.

Ngerti di ungak bandarane, Inem matur :

?Nuwun ngapunten Yang, kula masuk angin, badan kula kraos lungkrah sanget?.

?Yoh wis Nem, ngasoa dhisik, tak nggodhog jarang kanggo unjukan lan nyeka?. Eyang putri genti ngladeni Inem lan kakunge kanthi rasa eklas, dhasar aduwe pepinginan sing siningit.

Gandheng Eyang kakung priyayine jujur lan lugu, ing kahanan sepi, awane njur ngendika marang garwane. Kabeh di ngendikakake blaka apa anane, anggone wis nyidra resmi Inem.

Eyang putri njinggleng anggone mirengke njur matur :

?Syukur kamas, emanipun kok Inem mboten ngertos margi mabuk, menika namanipun kamas memperkosa. Saenipun, Inem dipun celaki, dipun taros kanthi alon-alon. Dipun paring-paringi barang ingkang mirunggan, ingkang ageng pangaosipun!?

?Yoh ….. yoh Jeng, bener aturmu, sesuk tak tindakne, pancen aku kleru?. Ngendikane ndhadha salahe. Saiki penggalihe Eyang putri saya mantep, lan saiki malah panjenengane sing peparing barang-barang mirunggan.

Inem dipundhutake gelang, kalung, saweng, cekake diuja dhuwit. Anggone maringi mau karo ngendika :

?Nem, janji kowe terus leladi aku lan Eyang kakung ana kene, kowe nyuwun apa wae tak paringi?

?Inggih matur nuwun Yang?. Inem seneng banget atine, lan kabeh peparinge mau di tuduhake Dalijo kekasihe.

Eyang putri saiki saya sregep ngracik jamu, lan ya saya kerep anggone tindakan nyipeng, ana-ana wae alasane.

Ya dina-dina kaya ngono kuwi, Eyang kakung dadi wis apal, kaya-kaya garwane pancen aweh kalodhangan marang panjenengane. Saiki jamu ora kagem garwane, ning diparingke Inem karo ngendika :

Jamune ambonen yen arep mapan turu ya Nem, supaya awakmu sehat. Jamu mau kajaba akeh palane sing marahi turu pules, uga kanggo ngurip-urip uritan ing guwa garbane Inem, supaya subur.

Pangarep-arep lan pepinginane nduwe turun liwat Inem saya mbangeti.

Kaya-kaya wis ndalan, janji bar ngombe jamu Inem njur krasa ngantuk terus mapan turu.

Kekarepane Eyang kakung mbaleni tumindak kaya sing uwis ora kena ka ampah. Kepara sok diambali, nanging Inem ora nglilir lan ora krasa. Eyang kakung saya ndadra, saya kesenengen, lan saya krasa ketagihan.

Kaya padatan, yen masak mirasa, Inem mesthi mara neng nggone Dalijo ngeteri kekasihe. Dina kuwi ngepasi Minggu.

Dr. Agus sak keluwarga tindakan, mbok Giyah uga ndherek, mung Dalijo sing tunggu dalem.

Kebeneran dene Eyang Purba sekaliyan ya tindakan, dadi Dalijo lan Inem tutug tanek olehe pacaran.

Sejatine wis ana yen mung setengah taun bocah loro iku anggone wis keblandhangen olehe pacaran, wis nindhakke kaya dene wong bebojoan, senajan kanthi nyolong-nyolong.

Ya ing wektu kuwi sawise crita-crita lehe diparing-paringi Eyang putri, Inem njur kandha :

?Kang Dalijo, aku tak kandha ya, ning kewe aja nesu. Wis telung sasi iki kang, aku ora wulanan ?, piye kowe kang ??

?Ha ? kowe ora wulanan ? Oh ……? Dalijo menyat banjur ngekep Inem karo kandha : ?Ora ….. ora, aku ora nesu Nem, ning malah seneng banget. Dhuwitku wis cukup kanggo rabi lan ajar eker-eker kanggo urip. Kapan kowe tak tembung matur Eyang Purba, aku manut?.

?Ya sacepete ta kang, mundhak wetengku selak ketok gedhe?.

?Yoh …. yoh Nem.? Dalijo sumaguh. Kira-kira jam pitu sore, Dalijo sowan Eyang Purba kang lagi lenggahan ing gandri sekalihan. Sowane tinampi kanthi kebak esem lan ketok yen kalegan penggalihe. Dalijo sing ndhisiki matur :

?Inem wonten Yang, kula badhe pinanggih ??

?Ana … lhakae ana pawon?. Inem banjur ditimbali, didhawuhi lungguh. Saiki olehe jagongan dadi wong papat. Pandungune Eyang kakung :

?Ana apa Jo, kadingaren mung arep ketemu Inem kok ndadak matur?.

?Inggih Yang, keparenga kula matur wonten ngersanipun Eyang Purbo sekalihan, saderangipun matur kula nyuwun pangapunten.?

?Yoh Jo, wis enggal matura !? Ngono dhawuhe Eyang Purbo kakung putri bareng.

?Eyang sekalihan, sowan kula mriki, namung badhe matur, bilih Inem badhe kula suwun keparenga bebrayan kalihan kula. Bab punika Inem ugi sampun sagah? Priyayi kakung putri kuwi sajak kaget, Eyang putri njur ndangu Inem :

?Iya pa Nem ?? Inem manthuk ngedhongi. Eyang putri ndangu maneh karo mirsani Dalijo lan Inem.

?Wiwit kapan kowe padha sesambungan ?? Dalijo mangsuli :

?Inggih wiwit kula ndherek Dr. Agus Yang, wetawis kalih taunan. Kula tresna dhateng Inem, dene Inem ugi nimbangi? Eyang putri ngendika semu duka :

?Genea Nem, kowe ora matur aku ? mangka wiwit cilik sing ngitik-itik, sing nggula wenthah kuwi aku, kowe wis ndak anggep turasku dhewe. Denea kowe sambung tresna karo priya ora matur aku ?? Inem ndhungkluk karo mangsuli :

?Kula ajrih Yang.? Swara groyok semu tangis. Eyang putri mirsani Dalijo lan Inem ketok yen duka tenan karo ngendika :

?Nem, lan kowe Dalijo !, yen bab iki upamane aku ora marengke piye ?? Inem keprungu tangise mingsek-mingsek, …….. tangis sing di ampet. Weruh iku Dalijo thukul kuwanene, nuli ature :

?Yang !, Inem lan kula sampun sami diwasa, gadhah hak nemtokaken pilihaning gesang, kula sampun sami tresnanipun, lan sampun matur kanthi sae-sae ing ngarsanipun Eyang sekalihan. Ewa semanten menawi Eyang mboten marengaken, kula kekalih badhe nekat ijab. Margi ing padharanipun Inem sampun wonten titah gesang umur tigang wulan. Punika wiji kula Yang, wiji ingkang kula tanem ing guwa garbanipun Inem.?

Midhanget ature Dalijo, Eyang Putri njur nrocos tingale muwun, dene Eyang kakung njur jumeneng ninggalke sing isih padha lelungguhan tunuju kamare. Ngambruk ing dipan grenenge :

?Oh jebulane aku kalah dhisik karo Dalijo. Inem wis ngandheg 3 sasi, mangka olehku nyolong tumindak lagi karo tengah sasinan.?

Penggalihe sanalika angles ….. pepes, cabar anggone ngudi tuwuh. Di tinggal Eyang kakung, Eyang putri uga banjur nututi jengkar, nyedhaki kakunge, matur karo muwun :

?Jeneh njenengan kok inggih mboten terus terang lajeng ngendika kalihan Inem ta kamas, wusana mrucut ingkang kita jangka?. Eyang kakung mbalikake slirane ngrangkul Eyang putri, uga muwun karo ngendika :

?Iya ya Jeng, jebulane mleset karo sing awake dhewe karepke?.

T A M A T

 

 

Kusung-kusung

Posted on December 27, 2009 by niniklenyem

Citra lan Anung pancen wis suwe anggone padha kekancan. Ketemune padha mlebu S.M.P. teladhan ing kampung Kuncen dhek jaman semana. Sawise padha lulus, kekarone padha olehe ndaftarake kepingin nerusake ing perguruan tinggi U.G.M. Uga njupuk jurusan sing padha, Pendidikan.

Anung mono asline bocah Sala, ana Yogya ndherek bulike, sing garwane ngasta ing S.M.A teladhan kuwi, bulike ngerti yen Anung lulus S.M.P. bijine apik, mula banjur dijupuk, disekolahake ing Yogya. Dhasar bulike mung peputra siji wae isih S.D. klas lima.

Saiki Anung Baskoro, ngono jeneng komplite, tetep lestari anggone bareng kuliah lan ya sajurusan karo Citra Lestari putrane bapak Sugondo sing ngasto neng Biro Keuangan Daerah kuwi.

Sejatine wiwit isih neng S.M.A, kekarone wis ana rasa ketarik siji lan sijine kadi dene wanita lan priya sing tansah kepingin cecedhakan, sing wusanane nuwuhake katresnan.

Gandheng kekarone padha dene nduwe semangat sinau sing gedhe, mula anggone padha ngrabuk katresnan (pacaran), ora ganggu anggone padha sinau, ning malah dadi cambuk lan nambahi semangat belajar.

Kekarone nduwe cita-cita urip mulya ing tembe mburine sawise mengko padha mbangun brayat. Saking rapet lan padha dene anggone njaga sesambungan, wong tuwane Ratna lan bulike Anung ora pirsa, mungguh hubungane bocah loro sing wis padha prasetya bebarengan urip ing mbesukke.

Sinau lan dolan bareng-bareng kanca-kancane Ratna ing omahe, blas ora ngetarani babar pisan.

Yen bocah loro kuwi pingin omong-omongan serius kanggo kekarone, milih ing dina libur neng papan-papan rekreasi sing akeh pengunjunge, kekarone banjur golek papan sing prayoga kanggo omong-omongan.

Dhek semono Ratna njaluk diterke neng Mbaron, karo Anung uga dituruti. Bareng wis tutug anggone padha mlaku-mlaku, Anung ngajak ngisi weteng neng warung sing lawuhe ikan bakar seger. Karo ngenteni matenge pesanan, Anung mbukane gunem takon :

?Rat, sejatine arep omong apa ta, kok ndadak ngajak dolan mrene ??

?Anu, Mas Nung, aku ki arep omong kowe, ning rasanae kok gojag-gajeg.?

?Ha kok ndadak gojag-gajeg kuwi ana apa ?, angger kowe njur omong rak njur bar, wis gek omong, tak rungokne!? Kandhane Anung mepeti lungguhe kekasihe karo cengengesan.

?Ta rak mesthi ngono kuwi yen dijak omong sing tenan, sengit aku,? kandhane Citra karo njiwit lan ngungkurake Anung.

?Ya ? ya ? wis gek kandha wong ayu.? Anung gage ngrangkul gulune Citra diadhepake awake, karo kandha serius :

?Wis ta Tra, gage wae arep kandha apa, aku selak penasaran jare.? Genti Anung sing penasaran ndang kepingin ngerti.

?Ning tenan ya, mas, yen aku kandha, mas Anung ora kena nesu!?

?Olehmu arep kandha kuwi saiki apa suk emben??, Anung selak ora sabar.

?Ngene, mas, Pak Andri dhosene dhewe sing anyar kae, wingi nalika bubar menehi kuliah, kelas sepi, mung keri aku sing ana njero. Penjenengane njur nyedhaki aku karo ndangu :

?Piye mbak Citra, wis wiwit nicil gawe sekripsi apa durung?? Aku ya mangsuli jujur.

?Sampun pak, ning inggih dereng mantep, taksih mujudaken ngengrengan.?

?Hlo kok aneh mbak, mangka kancane rak wis akeh sing padha rampung,? ngendikane Pak Andri karo saya nyedhaki lungguhku.? Kandhane Citra.

?Njur piye sabanjure, Tra ?? Anung ngoyak.

?Pak Andri ki njur ngendika, ngene, mas.?

?Sudah mbak Citra, nggak usah khawatir, bapak bisa bantu, kalau mbak Citra mau dekat dengan bapak.?

?Ngono kuwi je mas. Hara piye kuwi karepe ??

?Ha kowe njur mangsuli piye, Tra ??, Anung nanjih.

?Gandheng ditakoni ngono mau ndhadhak, mas, wangsulanku ya mung waton, ngene :

?Ya terserah saja, asal saya lulus dengan nilai bagus, Pak.?

?Wouw, yen ngono kowe wis siap pisah karo aku Tra, njur kowe gelem dipacar Pak Andri sing dhosen kuwi??

?Ah, ? kok ngono, mas, apa iya kuwi kersane ??

?Ha olehe ora ?? Wangsulane Anung karo mrengut.

?Ya wis kono Tra, nek kuwi wis mbok antepi, aku tak trima mundur ngalah.? Swarane Anung angluh.

?Ya ora ngono ta, mas, upama wangsulanku kleru, rak ya isih bisa lan kena diralat.? Kandhane Citra kanthi nadha getun. Bareng wis tutug anggone padha mlaku-mlaku, Anung banjur ngajak bali. Ya wiwit Citra kandha ngono kuwi, Anung meneng-meneng tansah nggatekke sikape Pak Andri dhosene kuwi marang Citra. Lan ya pancen katon yen pak dhosen ana kawigaten marang Citra kekasihe.

Ning jroning atine Anung percaya, yen Citra ora bakal cidra ing janji, kaya sing wis padha bareng aprasetya, yen mbesuk wis rampung kuliahe lan wis nyambut gawe bakal urip bebarengan.

Dene Citra dhewe ya krasa, senajan nalika dikandhani mungguh kekarepane dhosene anggone tawa jasa, Anung ketara yen ora seneng, ning Citra ora rumangsa yen Anung ngawasi kabeh tumindake, utawa memonitori terus.

Kabeh lumaku kaya ora ana kedadeyan apa-apa. Anung lan citra bebas srawung karo kabeh kanca-kanca kuliahe, lan nyatane kanca-kancane ya ora padha nglegewa, yen Anung lan Citra iku wis padha pacaran.

Sejatine ayune Citra pancen kondhang ing kampuse, ning para jejaka kancane mung kandhek bisa nyawang, awit senajan Citra iku bocah sing supel srawung lan grapyak, ning nggon menggok neng cecaturan bab katresnan lan lekoh gage olehe nginggati.

Dadine nyrawungi Citra pancen mung winates nggon pelajaran lan kegiatan kampus.

Semono uga kawigatene Pak Andri, dening Citra Sinangga entheng, senajan katon banget olehe ngurmati lan nggatekke minangka dhosene.

Kosok balen pak Andri, weruh Citra sing ayu lan giras kepati, saya nggrengseng olehe ngoyak.

Meneng-meneng, buku-buku kebutuhane kuliah Citra kabeh dicukupi kanthi pawadan disilihi. Anggone maringake uga yen ora weruh mahasiswa liyane, awit yen ana kancane, Citra ora tau gelem nampa.

Tekade Citra : ?Wong aku ya ora nembung, ngapa nolak diwenehi, kamangka aku butuh? Lan bab mau ora tau dikandhakake Anung, mundhak dheweke nesu lan cemburu.

Kabeh lumaku lancar kaya rancangane dhewe-dhewe.

Anung mbebaske Citra srawung, merga percaya banget karo kasetyane.

Citra nampa pawewehe Pak Andri, merga buku dadi sarana lancaring pasinaon supaya lulus lan enggal rampung.

Dene Pak Andri kanthi pawewehe buku-buku marang Citra, duwe pengarep-arep gedhe, yen mengkone, suwe-suwe Citra mesthi gelem dicedhaki lan dadi pacare.

Pancen, paraga telu-telune duwe karep lan rancangan dhewe-dhewe, sing siji lan sijine ora mangeti tujuane. Ing sawiji dina kaya padatan, Pak Andri ngulungi buku Citra, sing ing njeron buku dislempiti nota sasuwek, sing unine mengkene :

Citra ! mengko sore kampus ora ana kegiatan, mula metua, tak tunggu neng toko buku ? Serba Ada ??. Ning kana, buku apa sing mbok butuhke kowe bisa njupuk. Dhasar kidule ana rumah makan anyar, aku kepingin ngayari ( jajan ). Ndak jaluk kowe gelem ngancani ! Tak tunggu jam pitu bubar Maghrib?.

Aku : Pak Andri

Tenan??? kaya adate tekan ngomah buku dibukaki, nemu layang sasuwek mau, dadakan atine bingung. ?Piye ?, disaguhi apa ora, yen ngelingi bakal nduwe buku-buku sing disenengi, mesthi wae mangkat ning kok ndadak nganggo mlebu rumah makan ? Oh ? sungkan.

Piye yen mengko nganti kaweruhan mahasiswa kanca-kancane ?, luwih-luwih Anung kekasihe, sing wis tau diblakani bab kawigatene Pak Andri marang dheweke. Mesthi ?, yen ngerti dheweke bakal nesu.

?Ah ?, atine Citra bingung, wedi lan judheg. Wusanane buku sing ana surate kuwi mung dipangku karo thenger-thenger mikir, piye mungguh penake.

Lagi tengahe thenger-thenger, ndadak diganggu unine tilpun muni, cepet-cepet Citra nyelehke buku ing ndhuwur bufet kamar tamu mau, banjur marani tilpun. Ora suwe ?Halo ? ini Citra, dari mana ? Let sedhela guyune pecah karo kandha :

?Oh maaf ya Tri, jebulane sore mengko kuwi aku ana acara, arep ndherekake ibu nyumbang. Piye nek sesuk sore wae ?? Embuh piye swara saka adoh kana. Ning sabanjure kandhane Citra :

?Yoh ? yoh ? yoh sepisan maneh maaf ya. Dhag ?? Sawise nutup tilpun Citra bali lenger-lenger njur ndeleng jam tembok, sing wektu kuwi wis nuduhake jam 5.15.

Atine wis gembleng mutusake, arep nglegani dhawuhe Pak Andri neng toko buku. Bab ngancani jajan, yen bisa ya arep nolak, ning kepeksane ora bisa ya piye maneh.

Citra ne mburi nyaut andhuk mlebu kamar mandi terus adus. Bubar adus dandan rada extra ora kaya yen mung kuliah, nganti sawetara.

Sawise banjur ngetokke motor, kanthi pamit ibune yen arep nyilih buku nggone kancane. Citra banjur budhal, motor ditumpaki rindhik-rindhik tumuju toko buku.

Kira-kira sepuluh menit saungkure Citra, Anung teka sing nemoni ibune.

?Dik Citra dhateng pundi, bu ??

?O anu nak ? Citra entas wae olehe metu, mau pamit arep nyilih buku nggone kancane. Ning ora kandha kancane mau sapa. Apa slirane mau ora kangsen yen arep mrene ??

?Boten, bu.?

Ibune Citra mirsani jam njur ngendika :

?Nak Anung, disekecakke ya, ibu tak sujud dhisik, iki wis manjing maghrib.?.

?Inggih, bu? wangsulane Anung gela, merga kekasihe ora ana. Lungguh dhewe lingak-linguk, wusana weruh buku biologi anyar, gage dijupuk banjur dibukaki. E hladalah ? nemu kertas sesuwek, tulisane rapi banjur diwaca.

Sarampunge maca, Anung ngguyu kecut. Saiki ngerti, yen lungane Citra dikangseni dhosene sing ora liya Pak Andri, sing wis tau dikandhakake biyen. Pancen, wektu kuwi atine panas, ning ora dituruti, niyate arep ditliti dhisik, Citra nanggapi Pak Andri apa isih setya karo dheweke.

Wong nyatane, katresnan mono ora kena dipeksa, lan kabeh isih padha dene bebas nemtokake calon kanggo mbesuke. Buku dibalekke neng ndhuwur bufet, ning layange sing mung cekak iku nuli disak. Ibune, sing lagi wae bubar sujud iku metu, Anung terus pamit mulih, sengadi ana janji karo kanca.

Sejatine Anung ora terus mulih, ning neng toko buku Serba Ada saperlu ngecek kekasihe. Jam wis nuduhake jam pitu kliwat, ning nyatane citra lan Pak Andri neng njero toko kono wis ora ana.

Mesthine wis dha neng rumah makan, ngono batine Anung. Dheweke banjur mbukak dhompet, isih ana dhuwit rong puluhewu, cukup kanggo sangu nglacak Citra ing rumah makan.

Sawise mlebu, nalika dicedhaki pelayan Anung mung aba akon mbungkuske sambel udang karo ngulungi dhuwit rong puluhewu. Pelayan rumah makan takon :

?Ini semua mas ??

?Iya Pak?, wangsulane Anung karo ngenteni pelayan sing mbungkusake pesenane, mripate Anung langsir nggoleki Citra. Tratap ?, jebul tenan Citra lan dhosene lungguh mojok ngungkurake lawang mlebune pengunjung, dadi ora mangerteni teka lan lungane Anung.

Kebeneran banget, ngono batine.

Nalika jam istirahat, biasa mahasiswa padha jagongan grombolan karo crita ngalor ngidul. Anung nyedhaki Citra karo takon :

?Dhek emben sore neng ngendi Tra ? aku rana, ngendikane ibu jare kowe nyilih buku, neng nggone sapa ??.Citra mung ngguyu ora enggal wangsulan, sing njalari atine Anung rada emosi.

Kaya neng ndhuwur bufet kae ana buku biologi anyar, kapan olehmu tuku ? ditakoni ngono kuwi, Citra saya kepojok, atine dadi cilik. Upama arep nerangke, kayane ora pas karo situasine, ning yen ora wangsulan, dikira ana bab-bab sing disingidake.

Ing kahanan sing sarwa ewuh mau, Citra njur kandha : ?Wis ta, mas, sak mangsane tekoa ing omahku, mengko tak kandhani.?

?Yen aku mara mengko mbok tinggal meneh, sapa ngerti kowe wis dikencani.? Kandhane Anung saya mepetake Citra.

Citra trima meneng nglungani, sing njalari atine Anung saya mundhak sujana. Wis ben, ngono batine Citra, angger aku ora tumindak apa-apa, mengko rak ya lilih dhewe. Sidane tenan, nganti se Minggu Anung ora teka neng ngomahe, neng kampus ya ora nyedhaki.

Saka panyawange Citra, Anung mundhak pucet lan ora nduwe semangat kaya adate. Citra dadi mesakke, nuli nyedhaki Anung karo kandha :

?Mas, mbok dolan neng nggonaku, betah tenan pa ora mara ??. Wangsulane Anung lirih :

?Yoh kapan sesuk nek sela.? Citra ngerti, nek Anung lara ati : Sepisan mesthine nemu layang sasuwek sing neng buku biologi, pindhone nerka nek Citra wis kencan lunga karo Pak Andri.

Kedaya rasa kangen sing wis mbangeti, sidane Anung ya dolan tenan neng omahe Citra. Sikape adhem, ora nggrecek kaya adate. Citra sing tansah ngajak omong terus. Suwe-suwe Citra kandha :

?Mas, aku tak kandha ya, ning mas Anung kudu ngandel, wong aku kandha jujur. Dhek emben Pak Andri maringi buku Biologi, ning neng njerone dislempiti dluwang sasuwek sing isine akon aku neng toko buku Serba Ada. Aku bisa njupuk buku apa wae sing tak senengi.

Mas Anung ngerti, gandheng aku seneng ngoleksi buku, mula aku njupuk buku lima sing ndak anggep penting, ing antarane, Antologi cerkak, geguritan, macapatan, esai sastra lan basa kawi. Awake dhewe kuwi calon S.P.D, mas dadi kudu sugih sesurupan.

?Bar kuwi njur diajak jajan ta, karo dirayu Pak Dhosen sing isih jaka lan sugih kuwi.? Panyelane Anung ngemu cemburu. Gage kandhane Citra,

?Ta rak tenan, durung-durung rak wis praduga sing ora-ora. Pancen ya diajak jajan, mas, ning Pak Andri ora ngendika sing menjurus neng nggon katresnan, gedhene merayu.

Aku waspada kok mas, sing tak suwunke pirsa ming pelajaran terus, dadi Pak Andri ora kagungan wektu nggo ngendika werna-werna. Sakjane malah pikiranmu dhewe sing ngeres kok, mas, ngrusak lan nyiksa atimu dhewe. Kudune mas Anung bisa mikir, kapan aku tau goroh lan ngapusi mas Anung? Apa maneh gedhene nyleweng. Aku dudu cewek matre mas, ya ben Pak Andri kuwi dhosen, isih jaka lan sugih, ning tresnaku mung kanggo mas Anung. Aku wani disumpah, mas?, kandhane Citra groyok sing malah njur netesake luh.

Weruh iku Anung luluh atine. Dheweke ngrumangsani yen sasuwene iki Citra tansah setya, kabeh kandhane nyata bener, ora seneng neka-neka. Gage menyat saka lungguhe, Citra dirangkul kenceng karo kandha :

?Piye Tra, nek sak durunge wisudha awake dhewe tunangan dhisik, biyen ibuku wis bola-bali ndhawuhi aku kawin, jare. Nduwe bojo kena disambi kuliah.?

?Sak karepmu, aku manut mas Anung.? Wangsulane Citra mantep.

?Ya wis yen kowe saguh, suk emben ibu saka Sala rak rawuh tuwi aku, sesuk tak matur. Ning ya kuwi Tra, sasuwene ibu neng kene, aku ora bisa neng omahmu, aku mesthi kudu ndherekke ibu rana-rene.

?Ya ra pa pa ta, mas, kuwi rak kudu lan wajib, gawe seneng lan bekti marang wong tuwa.? Let se Minggu ibune Anung sida rawuh, sipenge ya nggone rayine bulike anung. Wis seminggu anung pancen ora mara, mangka sejatine Citra wis kangen banget. Neng kampus ora kober ngobrol, merga kegiatane sedhabreg tur ya sungkan karo kanca-kanca.

Ing wayah sore, Citra diutus ibune sing remen mbatik iku tuku malam neng tokone Nyah Sican Nio. Gandheng kosmetike ya wis nipis, mula Citra terus neng toko Glamor sing wis kawentar gedhe lan pepak isen-isene dagangan.

Nalika lagi nonton alat-alat kecantikan sing didhasarake, ora kejarag panyawange Citra weruh Anung kekasihe nggandheng kenya ayu rambut dawa ngombak. Anung ora weruh, tur jarake ya pancen rada adoh. Mula Citra kanthi tansah aling-alingan pembeli, nyedhaki lan ngematke kenya sing digandheng Anung mau kanthi mat-matan.

Adhuh manise kenya kuwi, kathik pangrangkule Anung kenceng, nyekeli pundhake. Nganti Anung lan kenya kuwi ilang numpak taksi, Citra isih kamitenggengen anggone ngawasake.

Batine, layak seminggu ora teka kanthi alasan ibune rawuh, jebul lagi enteng-entengan karo wadon ayu. Mulane Mas Anung gampang cemburu wong dheweke gampang gandheng wedokan.

Atine Citra wiwit was-was lan samar, sing ndayani awak semplah, ora nafsu mangan lan angel turu. Gek minggu candhake Anung ora mlebu kuliah, njur ana apa ? Atine saya tambah kisruh lan bingung.

Gek-gek Anung males gawe lara ati, ngelingi karo Pak Andri kae sing sejatine ora ana apa-apa. Ah embuh ? Citra judheg dhewe. Nganti rong minggu ora mara, sore kuwi Anung teka. Nalika weruh Citra, Anung semu gumun tumuli takon :

?Ngapa Tra kowe kok pucet tur susut awakmu, lara pa ? Nek lara kok ora ngandhani.?

?Olehku arep ngandhani piye, mas, nek kowe ora tau mlebu ?, apa ya isih sibuk ndherekke ibu, apa enteng-entengan karo kenya ayu??, pitakone Citra nyindhir. Anung krasa mula gage kandhane :

?Wis ta Tra, aku rene diutus ibu sing pingin kenal lan pirsa kowe. Ayo saiki bareng aku, mengko tak tepungke karo kenya sing tak ajak enteng-entengan kaya kandhamu kuwi.? Kandhane Anung karo ngguyu.

?Emoh, mas, ora sudi aku yen mbok tandhing-tandhingke.?

?Wis ta Tra, gek kana dandan, ibuku nganti-anti tekamu. Kanthi kepeksa Citra dandan, terus melu Anung ngadhep calon mara tuwa. Tekan nggone, Citra dipethukke bulike, pamane, ibune karo kenya ayu rambut dawa. Kabeh nyalami grapyak sumanak. Bareng wis padha lenggah, ibune nggenahke siji-sijine, klebu kenya ayu rambut dawa iku jebul adhine Anung, jenenge Widya isih kuliah neng U.N.S Sala semester loro.

Kekarepane Anung anggone arep tunangan wis diaturake ibune, ibune uga marengke pangandikane :

?Anung lan sliramu mbak Citra, ibu setuju lan mengestoni, ning rehne mung kurang sak onjotan maneh, apa ora prayoga mbesuk yen wis bubar wisudha sisan, tunangan langsung ngrencana anggonmu padha peresmian (nikah). Perlune salah siji olehmu mikir, nalarmu njur lodhang. Apa ta gunane kusung-kusung, toh wisudhamu keri telung sasi maneh.? Anung manthuk-mnthuk karo terus matur :

?Ngaten nggih prayogi, bu. Kowe piye Tra, rak ora gela ta ?:

?Ora, mas aku rak mung manut mas Anung. Sing apa-apa njur kusung-kusung kuwi rak panjenengan ta, mas ? Kae nyatane dhek aku diapiki Pak Andri wis selak praduga, atimu kusung-kusung njur nesu. Mangka rak ya ra ana apa-apa? Atine Anung njering diwelehake ngono iku, mula njur genti melehake.

?Kowe dhewe rak ya ngono ta Tra, nyatane weruh aku neng toko ngrangkul Widya wae kowe ya wis cemburu. Mangka saiki kowe lagi ngandel, yen Widya kuwi adhiku dhewe. Tuwas mbok rewangi awakmu kuru. Kuwi jenenge kowe rakya kesusu, kusung-kusung ngarani.? Ibune sing mireng anggone weleh-welehan njur nengahi ngendika :

?Wis-wis Nung lan sliramu mbak Citra, ya merga padha dene tresnamu sakloron sing gedhe kuwi, marahi atimu padha dene samar yen nganti kelangan.Mula banjur gampang cubriya, kemrungsung lan kusung-kusung sing adate malah gawe rugi awake dhewe.

?TAMAT?

 

Kleru

Posted on December 27, 2009 by niniklenyem

Kagem ngisi Tabloid Kasih

Wiwit dikandhani Nafsiah putrane pak Waji Cholil sing omahe pernah kulone, Agustinus Jatmiko dadi anteng wegah omong.

Batine lara lan mangkel dening sikape Fransisca Artini pacare, sing keri-keri iki enteng-entengan rana-rene karo pemudha liya.

Agus pancen dudu bocah sing gampang cemburuan, ning sing ngandhani ora mung Nafsiah thok, Bawor bakule es ngarepe ya kandha :

?Mas Agus, Mbak Sisca niku saniki kerep liwat dalan niki numpak mobil kalih lare jaler sami njenengan.

Mobile nggih sok jip ? sok sedhan, mboten mesthi. Ning plate mesthi H.? Kandhane Bawor serius.

?Enggih ta kang Bawor ?, njur ??

?Nek wangsule nggih mlebet pekawisan ngriku, daleme pak mantri Harga, nggih griyane Mbak Sisca.?

?Sampeyan empun sumerep ping pinten kang ?? Agus nanjih.

?Wah Minggu niki pun wongsal-wangsul kok, Mbak Sisca nek lenggah nggih mesthi teng sopiran ? jejer.? Atine Agus wiwit panas. Apa hiya Sisca pacare ngiyanati katresnane ? Mangka Sisca wis nate janji, sawise Agus rampung kuliahe, gelem diring. Genea saiki kok ngono ?

Apa maneh Bapak Ibu Harga yo wis menehi lampu ijo. Maune kandhane wong-wong kuwi ora digubris, ning bareng Bawor sing olehe dodol es neng ratan pener longopan dalan cedhake Sisca sing kandha, njur ngandel.

Apa maneh, pirang-pirang kegiatan Mudika iki, Sisca ora tau ketok, rasa cubriyane saya ndadi.

Yen nyata-nyata pemudha sing sok nggawa Sisca metu nggawa mobil kuwi arep ngrebut pacare, Agus ora bakal gigrik, arep diadhepi secara jantan. Ala-ala dheweke rak ya tilas pelatih bela dhiri ing paguyuban pencak silat Mawar Putih. Mula Agus weling Bawor, yen pemudha kuwi ketok neng omahe Sisca, kon ngandhani srana S.M.S, Bawor saguh.

Agus dhasar bocah mugen tur sregep, wektune mung temen-temen kanggo sinau lan mbantu wong tuwa, uga ngombyongi kegiatan Mudika.

Sore bubar adus, ndadak krungu HPne muni, gage dicandhak. ?Hallo? ? oh ? kang Bawor. Embuh piye swara saka adoh kana, ning praupane Agus dadakan malih. HP dipateni njur disak.

Batine kebak tandha pitakon, ngapa kok sing teka mobil loro gek ana wonge tuwa lanang wadon ?, gek-gek arep ngrembug Sisca.

Ah pikirane njur kuwur, bingung. Gek-gek tenan, Sisca ingkar janji milih pemudha sing nduwe mobil, timbang dheweke mahasiswa mlarat.

Wis embuh, niyate arep mara mbuktekke. Yen tenan ?, sisan olehe arep medhot sesambungan neng ngarepe wong tuwane.

Agus dandan rapi, ati ditata, senajan wis siap jurus-jurus maute, yen mengko pemudha kuwi nganti ngetokke kemakine.

Dheg ? mlebu pekarangan weruh mobil loro, ngarep lawang kamar tamu akeh sandhal, nyata kandhane Bawor, akeh tamu.

Agus nyedhaki lawang sing minep kuwi banjur kula nuwun, atine ditatag-tatagake. Let sedhela keprungu kumleseting sikil nyedhaki lawang, wusana jeglek lawang menga Sisca mencungul karo gita-gita ngacarani tembunge grapyak sumanak :

?Oh mas Agus ? kene tindak mlebu. Kebeneran mas, kabeh mlumpuk, dadi penjenengan bisa kenalan. Sawise Agus mlebu, sing padha lenggah kabeh ngadeg nyalami kanthi polatan sumringah. Sisca dhewe banjur lungguh njejeri karo kandha :

?Maaf ya mas, sementara aku ra bisa nemoni njenengan ? sibuk?. Kandhane sawise padha bali lenggah Bu Harga ngendika :

?Nak Agus, punika mbakyu lan kamas kula ingkang wonteng Semarang, dene pemudha tiga punika penakan kula. Lha punika pun Waskitho ingkang mbajeng, ingkang setaun kepengker dipun tabisaken dados rama. Sajengkaripun rama Nandi, penakan kula Waskitho dipun dhawuhi rerencang dening rama Daris wonten ing Paroki Mlati mriki, makarya kangge sawetawis.

Pramila Sisca ingkang kerep kadhawuhan dening rama Daris, mubeng-mubeng ningali wilayah-wilayah ingkang klebet kukuban paroki Mlati.? Ngono ngendikane Ibu Harga iya Ibune Sisca cetha.

Glek ? atine Agus, sing maune gelem-gelem nesu, panas, cemburu ? mak klumpruk lemes. Ajer ? lumer ? anyes kaya siniran banyu sewindu.

Jebul pangirane kleru. Waskitho sing sok ngajak mubeng-mubeng numpak mobil bareng Sisca, kejaba isih sedulure, uga sawijining rama pastur sing isih kebul-kebul anyar, lagi taun wingi ditabiske dadi rama. Mula besuk maneh aja sok kesusu, sing tundhone mundhak kleru.

?

? Tamat ?

 

Kewiyak

Posted on December 27, 2009 by niniklenyem

Senajan mangsa rendheng, ning sasi Mei udane kok wis arang-arang tiba. Malah wis ana yen mung sepasar, udan blas ora ana.

Sore iku, bakda tutup bengkele motor lan mobil, Sukro njur tumuju gudhang njupuk selang sing dawane ora kurang saka rong puluh meter.

Slang di pasang ing kran pajokan teras, pucuke di ewer-ewer digawa neng pojok latar taman ngarep, arep kanggo nyirami pethetan.

Gaweyan iku tansah di tindakake saben sore yen ora ana udan. Kejaba kanggo nyirami latar supaya ora bledug, pethetan uga banjur katon ijo royo-royo tur seger. Ijone gegodhongan lan wernane kembang sing werna-werna bisa gawe resep ing pandulu.

Ora suwe Rama KRT Widyo Kusuma katon miyos ing pendhapa sing jembar lan ngengreng iku. Bareng pirsa Sukro siram-siram njur ndangu :

?Suk, mobile rak sehat ta ?? Gage Sukro wangsulan :

?Inggih Rama, mobil titihan pribadi kalih-kalihipun sehat, malah kala wau bibar kula serfis.?

?O ya sukur, merga sore mengko aku karo kamasmu Susmono rak arep lungan?

?Nimbali sopir mboten Rama ?? Sukro nanjih.

?Ora usah Suk, mengko kareben disetiri Susmono wae.?

?Menapa anggenipun tindakan kaliyan mas Susmono, Rama ??

?Iya mula kowe neng ngomah sing ngati-ati. Ibumu yen ngersakake apa ladenana, mbok Yah ben ngaso, wis tuwa mesakake.?

?Sendika Rama, ngestokaken dhawuh?. Bubar ngendika ngono Rama Widya banjur mlebet dalem ageng, Sukro gage nggulung slang. Sawise di kumbah banjur bali disimpen gudhang.

Sukro mono bocah sing nemu kabegjan, biyen dhek cilike anggone nemu raden mas Susmono mung ana rumah singgah anak jalanan, sing dikelola bapak Nyana Kasmodiharjo alias jenggot klabang.

Susmono sing isih SMP kuwi welas weruh bocah glandangan sing pinter nggitar lan nyanyi, mangka yen diwarahi apa-apa ya njur ngerti lan bisa .

Pak Nyana dhewe ya seneng karo Sukro. Ning ya ora pirsa, Sukro kuwi anake sapa, lan sing endi wong tuwane. Pokoke bocah kuwi kerep mapan ana rumah singgah, sing pancen disedhiyakake kanggo bocah-bocah jalanan.

Pak Nyana ya kawigaten banget marang bocah-bocah sing padha ora pati entuk kasih sayang mau. Pirsa apa bakate bocah jalanan kuwi, banjur disalurake neng bakate.

Mula ora mokal senajan nalika cilike katut-katut kancane dadi bocah glandhangan, ning bareng ditangani pak Nyana, diwasane ana sing dadi bengkel, pedagang sing ulet, penyanyi kondhang, lan dadi wong-wong sing mapan uripe.

Susmono sing mung putra ontang-anting kuwi njur matur keng Ramane, yen arep ngajak Sukro sing neng rumah singgah anak jalanan kuwi arep digawa mulih. Keng Rama lan ibune ya pareng, ning kanthi janji, Sukro kudu di dhidhidik dadi bocah sing pinter, nduwe ati luhur, sregep ing gawe. Denmas Susmono putrane ya nyendikani.

Ya wiwit iku, kanthi palilane pak Nyana lan saka karepe Sukro dhewe sing gelem, sidane Rama Menggung sekalihan ya karenan lan kersa nampa.

Saiki Sukro digolekake guru (prifat kanggo setingkat SD). Di ajari thek-kliwering pegawean ing ndalem Ketumenggungan. Omong padinan kudu ajar basa alus, semono uga bab unggah-ungguh tatakRama. Dhasar bocah bagus, lantip lan gathekan, Sukro sing biyen bocah glandhangan kumel kuwi, saiki wis malih, sasat ora ana tilase. Apa sing diwarahake enggal bisa, basane alus, tata kRamane genep.

Saking karenan penggalihe, Rama Menggung sekalihan kawiyos pangandikane marang Susmono putrane ngene :

?Sus !, piye yen Sukro kuwi tak sedulurake kowe ? Bocahe ya bagus, sumubarange yan ora nguciwani, pantes yen dadi adhimu.? Raden Mas Susmono manthuk-manthuk karo matur :

?Kasinggihan sanget Rama, kula remen sanget yen Rama kersa ngangkat putra dhateng dhimas Sukro. Dados Rama babar pisan anggenipun damel sae dhateng asanes, dhateng lare ingkang mboten mangertos asal-usulipun.?

Rama Menggung mesem, njur ngendika marang Sukro :

?Suk !, kowe krungu dhewe apa sing ndak rembug ngenani awakmu. Mula wiwit saiki kowe tak parengkake ngaturi Rama lan Ibu marang aku lan Ibu, lan nyebut kamas marang putraku Susmono. Ngerti Suk ??. Krungu pendangu ngono mau Sukro tumungkul, mrebes mili, bungah banget, ning ya kelara-lara. Ature :

?Sembah sewu nuwun ndara ….. e Rama, semanten gunging kasaenanipun Rama Ibu lan den mas ….. e kamas Susmono dhateng kula. Mboten langkung kula namung sendika dhawuh.?

Lan ya wiwit iku Sukro dadi kulawarga dalem Widyo Kusuman. Sawise lulus SMP Sukro nyuwun nerusake neng STM bag. Mesin, merga jarene kepingin bukak bengkel.

Kejaba sekolah, Sukro uga dikursusake montir. Wis ta nyuwun kursus apa wae sing positip, Sukro tansah dituruti dening Rama Menggung.

Dene Susmono sawise lulus SMA banjur kepingin nerusake kuliah, ning neng ngendi lan jurusan apa sing dipilih, lagi dipikir-pikir dening Susmono.

Durung wae nemu pilihan sing gumathok, ndadak Om Wicaksono rayine Ibune sing tugas neng kedutaan Indonesia ing Nederlan paring kabar yen Susmono sawise lulus SMA di dhawuhi nusul neng Holan arep di sekolahake. Merga putrane Om Wicak, wis rampung sinaune.

Susmono atine bungah banget, lan bab mau uga banjur diaturake Rama Ibune, sing mesthi wae njurungake banget yen Susmono saguh nglakoni.

Dhasar karep tur entuk pangestu lan panyengkuyunge Rama Ibune, Susmono mantep nusul Ome neng Holan kuliah neng kana. Sadurunge budhal, banget wanti-wantine marang Sukro adhi angkate, kandhane :

?Dhimas Sukro, aku pasrah Rama Ibu neng sliramu. Mangsa borong anggonemu njaga kasugengane, turuten apa kersane, estokna dhawuhe. Kabeh kahanan ndalem katumenggungan tak pasrahake marang sliramu ! Rampung sekolahku, aku ndang bali nge jawa maneh nunggu Rama Ibu lan bali ngumpul karo sliramu maneh. Poma dipoma saungkurku, sliramu aja nganti tumindak sing bisa gawe kucem asmane baraya Widya Kusuman. Piye dhimas, sliramu rak saguh ta ?? Karo tumangkul Sukro mangsuli :

?Sendika kamas, dhawuh penjengan kabeh bakal ndak estokake.?

Plong rasa atine Raden Mas Susmono, krungu wangsulane adhi angkate mau. Minggu candhake, Susmono sida budhal sumusul Ome neng Holan.

Lulus STM lan rampung anggone kursus montir, Sukro sida di gawekake bengkel mobil lan motor kanthi dibantu tenaga lima.

Sukro pancen temen lan tliti panyambut gawene, lan asile ya maremake. Durung genep telung sasi wis kemrubut wong sing padha nglebokake mobil utawa motor njaluk di serfis ing bengkele.

Kabeh mau ndadekake karenan penggalihe Rama Menggung Widyo Kusumo sekalihan.

Genep setahun usahane bengkel wis ketok banget undhake, alat-alate wis mundhak komplit, semono uga onderdhil-onderdil sing larang-larang regane uga wis ngadhep.

Ana unen-unen, yen tunggal jarak mono gampang mrajak, ning yen tunggal jati arang-arang sing semi. Semono uga wijining krokot, ditandura ing pot tuwuhe ya mudhun mlorot.

Ya embuh Sukro kuwi turase wong apa ora cetha, ora ana wong sing ngerti. Mula senajan di gula wenthah ing kalangane ngaluhur, ing sawijining wektu kok ya tuwuh watake sing kurang prayoga.

Kapercayan sing diparingkake, malah sisan di sabot sak sing nduwe, kanggo ngangkat dhirine.

Yen kenalan karo kenya-kenya ayu sing dheweke sir, yen ngenalke mesthi nganggo jeneng Susmono. Sapa ora ngerti karo Raden Mas Sasmono, putrane priyayi luhur sing kajen keringan kuwi. Kabeh wong ngerti lan ngajeni. Wektu kuwi Sukro lagi gandrung karo sawijining asisten apoteker sing ayu, sing jenenge Lilik.

Sajake kekarone wis keplok karepe, nyatane angger malem Minggu Lilik mesti di ampiri Sukro sing ngaku Susmono mau lunga ning papan-papan plesiran.

Gandheng yen Minggu bengkele tutup, Sukro bisa bebas lunga kanthi pamit, pawadan golek dagangan neng luar kota, sing regane luwih miring.

Mangka sejatine, mung nginep neng hotel-hotel larang nguja kesenengan. Lilik wis mantep banget kanthi janji-janjine Sukro sing menyakinkan, yen mengkone bakal diajak urip bebarengan. Nganti Lilik nate kawetu tembunge ngene :

?Mas, nek awake dhewe mung dolan-dolan, jajan, njur nginep neng hotel sing larang-larang ngene iki, rak malah boros, mbok ndang matur wae karo keng Rama, aku saguh kok dinikah saiki.? Kandhane Lilik polos.

?Mbok wis ta dhik, ngene terus ya ora papa, nikah ya nikah ning rasah kesusu?. Wangsulane Sukro.

?Mas, ning aku sing samar, merga awake dhewe wis mlangkah adoh, wis nindakake urip kaya dene wong bebojowan, mangka ora mung pisan pindho?. Wangsulane Sukro gage :

?We lha……… kowe ki rak wong ngerti obat ta, sing kanggo samu barang, yen kowe nganti isi, ya diobati …….. rak beres?. Kandhane Sukro entheng.

?Woouw ………….. yen ngono apa panjenengan kuwi mung arep nganggo dolanan aku mas ?? Kandhane Lilik kanthi mencereng.

?Ora…..ora…..ora dhik, iki mung guyon kok, yoh tak pikire, aku tak golek waktu sing becik kanggo matur Rama?. Bubar kandha ngono Sukro ngrangkul Lilik kanthi mesra banget.

Jurus-jurus rayuan gombale dicakake, ora wurung Lilik ya klipuk ing kekebane Sukro. Anggone ngujo nafsu bola-bali di ambali nganti tutug…. taneg …….

Wis rong sasi iki Likik telat bulanan, lan bab iki ya wis dikandhakake Sukro, dheweke ya saguh, ning jare lagi sibuk.

Ya wiwit iku Sukro malah blas ora mara neng omahe. Wis bola-bali Lilik neng bengkele pingin ketemu lan takon :

?Bos kemana ?? Ning angger-angger mung tenaga-tenagane sing mangsuli, yen lagi metu utawa keluar kota.

Lilik judheg, arep sowan neng daleme sing njenggarang kuwi ana rasa wedi. Ning piye, iki barang penting sing ora bisa diundur-undur wektune.

Kanthi ati di wanek-wanekake, Lilik mlebu regol lawang seketheng iku, tumuju ing pendhapa banjur mencet bel.

Ora suwe keprungu kumleseting sikil, mbok Yah abdi juru masak metu karo takon :

?Badhe pinanggih sinten jeng ??

?Badhe pinanggih mas Susmono mbok, kula punika calonipun.? Krungu ngono mau mbok Yah njomblak njur kami tenggengen, ature :

?Panjenengan calonnipun ndara den mas Susmono ndara Jeng ? O…. yen mgaten kula aturaken ndara NgGung sekalihan.? Mbok Yah gage mlebu dalem ageng, let sedhela Rama Menggung sekalihan miyos njur nyaketi tamu di lenggahake. Sawise paring salam banjur ndangu :

?Penjenengan punika sinten nak ?? Wangsulane Lilik :

?Kula punika Lilik, Rama, griya kula kampung Wukirsari, kula punika calonipun keng putro Susmono?. Rama Menggung sekalihan kejot njur ngendika :

?Susmono anak kula punika ?, piyambakipun rak sampun tigang tahun wonten Holan nak, wonten ngrika dipun sekolahaken Omipun. Menawi estu, kalih wulan malih nembe wangsul?. Lilik kaget, gage matur :

?Saestu kok Rama, kula punika calonipun mas Susmono? swarane semu groyok arep nangis. Bu Menggung banjur ngendika karo jumeneng :

?Sekedhap nak !? Bu Menggung mlebet dalem ageng, bareng metu wis ngasta album gedhe loro.

Album dibukak, gambar lembar sepisanan ana foto gedhe, dituduhake tamune karo ngendika :

?Lha punika fotonipun anak kula pun Susmono nak, punapa leres ?? Sawise di iling-iling Lilik matur :

?Sanes ibu, dede punika?. Bu Menggung banjur mbukaki album, ana fotone Sukro sing ukaran kartu pos. Lagi wae weruh foto mau, Lilik terus matur :

?Lha inggih punika, Bu?.

?O…. punika pun Sukro nak?, ngedikane Bu Menggung lega.

?Punika inggih anak kula, ning namung anak angkat. Inggih ketang panyuwunipun Susmono ingkang mboten gadhah sedherek, lajeng nyuwun dhateng Ramanipun tuwin kula, supados ngangkat lare punika kadadosaken adhinipun. Kula lan Ramanipun ugi nglegani?. Rama Menggung sambung :

?Punapa penjenengan kersa nak, mirengaken critanipun Sukro?, inggih lare punika?. Lilik sing isih njingglengi fotone Sukro kuwi manthuk, tandha saguh ngrungakake.

Rama Menggung kanthi tapis ngendikakake kahanane Sukro. Wiwit saka isih anak jalanan nganti diangkat putra, senajan tanpa sineksen ing negara. Tresna, lan pangrengkuh sarta gematine wis kaya marang putrane dhewe. Ning ora ngira, nek Sukro tegel ngapusi, malsu pribadhine kamase angkat, mung kanggo kemancerane dhiri.

Rampung critane Rama Menggung, Lilik crocosan mripate karo matur :

?Kadospundi inggih Rama, mangka kula sampun ngandheg kawan wulan punika kalihan mas Sukro ingkang ngaken mas Sukmono?.

?Sampun nak, manhkeh saget dipun rembag. Sukro nembe kula purih mendhet arta dhateng bang, kangge mbayar tenaga. Ngakenipun ketelasan arta kangge tumbas alat-alat lan kilakan onderdhil?.

Lagi wae Rama Menggung mendel, ing latar ana mobil mewah mandheg, Lilik ora pangling yen iku Sukro. Dheweke tumungkul ora ngawaske. Sukro ora ngerti yen tamune kuwi Lilik, mula ya banjur wae munggah pendhapa ngaturake dhuwit segebog olehe njupuk saka bang.

Dhuwit tinampa Rama Menggung, di etung cocok, banjur di seleh meja. Sawise iku banjur ngendika :

?Sukro !, kowe tepung karo tamu iki ?? Sukro ngawaske Lilik, sanalika tumungkul, cahyane katon pucet, meneng ora mangsuli. Rama Menggung katon duka, sepisan maneh ndangu :

?He Sukro ! kowe ora mangsuli kuwi apa budheg ? Jenengmu kuwi Sukro apa Susmono ? Ngapa kowe nyandiwara ? Kowe wis tumindak culika karo tamu iki, rumangsa ora ? Kowe kudu tanggungjawab karo tumindakmu !?

Saknalika Sukro menyat …. ndho-dhok karo ngruket sampeyane Rama Menggung, karo nangis mingsek-mingsek ature pedhot-pedhot :

?Rama kula ngakeni lepat ageng…………… kula ngrumaosi dosa …………. kula nyuwung pangapunten wonten ngersanipun Rama tuwin Ibu, lan kamas Susmono. Rama ….. Ibu……… sepisan malih kula nyuwun pangapunten.?

Sukro saya kenceng pangrukete lan saya tumungkul meh ngambung jrambah. Lan saiki nguculi pangrukete, ganti nyembah-nyembah ing ngersane Rama Menggung sekalihan karo nangis ngaru wara.

Semono uga Lilik uga katut nangis mingsek-mingsek. Rama Menggung runtuh welase, Sukro di junjung, banjur didegake. Ora sranta Sukro rinangkul karo ngendika :

?Yoh yoh …….. wis Sukro …….., luputmu wis tak apura, ning kowe kudu tanggung jawab karo nak Lilik iki?.

?Inggih …. inggih …… Rama, senajan Rama nundhung kula, dhawuh kesah kula, ning kula tetap badhe tanggel jawab kalihan dhik Lilik?. Kanthi raos trenyuh Rama Menggung ngedika :

?Ora Sukro, aku ora bakal nundhung kowe, cukup kowe janji yen ora bakal ngambali tumindakmu sing uwis-uwis?.

?Ngertiya ya, yen wektu iki nak Lilik wis ngandhut wijimu patang sasi, mula kowe kudu enggal-enggal ngresiki srana nikah sah?.

?Inggih ……… inggih Rama, kula namung sendika dhawuh, kula saestu ngrumaosi lepat?. Ature Sukro karo mlupuh-mlupuh ngrumangsani lupute. Rama Menggung genti mirsani Lilik karo ndangu :

?Kados pundi nak Lilik ?? Lilik mung manthuk-manthuk nyendikani dhawuh, karo isih crocosan mripate. Rama Menggung ngendika :

?Sukro ! wong umuk, songar, goroh, gumedhe, kumalungkung, ngapusi ngono kuwi, kabeh ora becik. Wis ta senajan ditutupana kae, barang ala kuwi, sawea kae mesthi bakal kawiyak?. Sukro lan Lilik pandeng-pandengan, batine mbenerake ngendikane Rama Menggung.

 

T A M A T

Kesurang Surang

Posted on December 27, 2009 by niniklenyem

Pak Kromo mono, sejatine saka nggaweyan lerene wis jam papat mau. Ning njur nyambangi tegale sing kidul ndesa, mula tekan ngomah ya nganti surup rep. Lowung neng tegalane nemu kambil gogrok loro, kates mateng lan gedhang setundhun wis suluh. Senajan olehe nggawa mulih ngrengkek kabotan, ning atine seneng.

Tekan ngomah leren sedhela nggaringke kringet, sinambi ngombe wedang adhem sing tansah disedhiyani sing wadon nganggo cangkir manci gedhe.

Lagi wae arep menyat reresik awak, ndadak mbok Kromo nyedak karo kondha :

?Pakne, mau Tiyah anakmu wedok kuwi weling Lasmi lor kono, sing mau mulih. Wose njaluk dhuwit kos sasi iki wis ditakokke.?

?Wadhuh?, piye mbokmu, aku wis ora gocek jare. Hla iki rakya lagi tanggal lima ta??

?Hla iya, pakne, ning nyatane nek wis ditakokke?, mangka Tarjo ya wis omong, nek S.P.P.ne sing rong sasi ya durung sida dibayar.?

?Wadhuh piye mbokmu, njur nek bareng-bareng ngene iki dhuwit saka ngendi??. Wong loro lungguh anteng, panyawange disawatake menjaba, ning ketok yen kosong.

Atine padha dene bingung, njur arep menyang sapa parane wadul golek pangayoman?. Anak loro sing lagi kemragad kabeh, Tiyah kuliah neng perguruan tinggi swasta, Tarjo untung bisa ana S.M.A negri klas loro. Pak Kromo sing pakaryane tukang batu iku, mbiyen nalika Tiyah durung kuliah, uripe ngglengter.

Mbok Kromo sing gawene adhang-adhang dagangan neng ndalan kuwi ya ora tau kasepen dhuwit, ning saiki?. Oh utange kana-kene prasasat cendhek cengel. Kene durung disauri, wis nrethek golek utangan maneh.

Ning piye, bot-bote nuruti anak sing pingin kuliah. Wayah bengi bubar padha mangan, mbok Kromo bali nyedhaki sing lanang njur takon :

?Piye pakne, wis entuk gambaran lehe entuk dhuwit?? Semaure sing lanang semplah:

?Ya durung, witikna njur arep neng ngendi ta mbokmu, utange dhewe iki wis tepung gelang. Gek saiki sasat saben ndina mesthi ana wong nagih ?Wong loro bali meneng-menengan, ngumbar gagasane dhewe-dhewe, sidane mbok Kromo njur kandha :

?Pak, aku tak usul ya, semono mau nek atimu lega, wong kabeh mau rak kanggo anak.? Kandhane mbok Kromo banget ngarah-arah.

?Iya mbokmu, kowe arep omong apa??

?Ngene pakne, timbang awake dhewe ngalor ngidul golek utangan terus, mangka ya ra nde dhuwit kanggo nyaur? piye nek tegalan kae digolekake dhuwit?, sapa ngerti sesuk nek wis rampung kuliah, Tiyah njur entuk gaweyan rak bisa tuku lemah maneh. Ditaunke apa didol, turahane kanggo urip lan nyaur utang sing wis mbeyayah akehe kuwi.? Pak Kromo isih meneng wae lenger-lenger ngrasakake aboting urip. Bareng wis sauntara tumuli kandha :

?Mbokmu, saupama Tiyah kuwi ora sah kuliah, ning kon ajar bakul apa nyambut gawe sak-sake ngono, tak kira awake dhewe ora banget rekasane kok, mbokmu.?

?Wiyah pakne, aja sok nggetuni lan nutuh barang sing wis kelakon ora ilok. Ya mung ndedonga wae pakne, muga-muga pinaringana kuwat, gampang leh golek, lan bocahe lancar nggone padha sinau.? Pak Kromo mung ndhekukluk ngrungokke rembuge bojone, sing penak dirungokke, ning nyatane abot banget cak-cakane, kaya sing sinandhang ing wektu iku.

Mbok Kromo nganti ndomble olehe ngenteni wangsulane sing lanang, ning pak Kromo tetep meneng wae.

?Pakne, nek kowe mung meneng wae kuwi, perkarane ora bakal rampung. Wis ta, nek kowe lega ning isin nawakake ben cepet dadi dhuwit, tak aku sing mlaku, piye?? Digujeg bojone, pak Kromo mung sumaur sakecap.

?Yoh mbokmu, kana dolen!? Mbok Kromo njur semparet lunga. Embuh karo sapa lan neng ngendi tujuwane lunga, olehe arep nawakake lan ngedol tegalan kuwi, mung mbok Kromo sing ngerti.

Nganti Tarjo bali sekolah, bapakne isih lungguh karo nglecis udud, kanggo ngelongi aboting rasa. Tarjo takon :

?Simbok neng ngendi pak, kok sepi??

?Lagi nggolekke dhuwit mbakyumu, le.?

?Jarene dhuwit kanggo apa, pak?,sasi wingi rak mentas njaluk wolungatus kanggo semesteran, karo kanggo apa ngono, aku ya ora pati dhong.?

?Ya embuh, le, sak ploke kuliah iki, mbakyumu kok terus wae anggone aba dhuwit, mangka utang ngomah ya wis numpuk.? Kandhane pak Kromo angluh.

?Wis pak, lulus S.M.A sesuk aku tak ajar golek dhuwit, aku tak ora neruske, ben bapak simbok ora rekasa banget nalare.? Pak Kromo krasa welas krungu kandhane anak lanang mau. Kaya-kaya carane mikir beda baget karo mbakyune. Tiyah mono yen nduwe kekarepan ngudung ora ngawaske kahanane wong tuwane sing nyatane ringkih lan sekeng kuwi.

Kuliah lagi entuk telung semester, wong tuwane utange wis gebel ngalor ngidul, gek mangka rampunge pirang semester maneh, pak Kromo lan bojone ya ora mangerti. Ning pokoke dadi abot sangganing urip. Tenan, nalika ujian S.M.A lulus, Tarjo trima leren, wong nyatane kahanane wong tuwane ya rekasa, ngragadi mbakyune wae wis ngaya-aya banget.

Mula Tarjo ya njur madik-madik, gaweyan apa sing bisa ditandangi tanpa nganggo modhal, wis pokoke mantep, saupama ana wong akon gaweyan apa wae bakal disaguhi.

Pokoke halal lan ora dadi laranganing Negara.

Dina Minggu malem Senen, pak Kromo kaya adate entuk tugas rondha. Gandheng awake rada lungkrah, mula akon Tarjo supaya nggenteni. Tarjo manut tumuli mangkat. Ana ing cakruk perondhan, Tarjo ketemu tangga teparo sing padha ngayahi rondha. Dheweke ya blaka yen nyulihi bapakne sing awake lagi ora kepenak, kabeh bisa nampa.

Ing antarane wong-wong mau ana pak Jupri, bengkel pit lan motor sing wis dadi. Pak Jupri mau bisa ngrakit pit utawa motor sing onderdile olehe nukoni lawasan. Sawise karakit lan dadi, banjur diadhep dhewe ya neng bengkele kono, sing wis digawekke omah-omahan cilik. Nyatane ya laris lan akeh langganane.

Kejaba regane murah, setelane pak Jupri ora waton dadi, ning pengkuh lan kuat. Mula ya akeh sing seneng mrono. Bareng weruh Tarjo, Pak Jupri nyedhaki njur takon :

?Kowe ki arep neruske sekolah apa leren, le??. Pitakone alus mersanak.

?Kula kendel kok, pak, mboten wonten beaya,? wangsulaneTarjo jujur.

?Gelem pa kowe ngrewangi aku ajar mbengkel??

?Wow ? purun sanget, pak, menawi pak Jupri kersa ngajari kulo, ning inggih punika pak, kulo taksih saking nol,dereng saget punapa-punapa?.

?Ora dadi apa Tar, angger wae kowe ana karep, sregep lan tlaten, mengko suwe-suwe rak bisa?.

?Inggih, pak, kula sagah lan remen sanget?, wangsulane Tarjo kanthi polatan bigar. ?Yoh wis nek kowe saguh, suk emben tekoa neng bengkel. Nek sesuk kowe mesthine rak isih kesel lan ngantuk, wong saiki rondha?. Rembug dadi, ora lali Tarjo uga kandha karo bapak lan embokne, sing ndadekake bungahe.

Ya wiwit iku Tarjo ajar nyambut gawe nggone Pak Jupri.

Seje critane karo Tiyah sing kuliah lan kos ana kutha. Sing saiki wis semester papat ngancik lima iki, saiki Tiyah arang banget mulih kejaba yen njaluk dhuwit.

Mbokne lehe adol tegalan kae, sidane dhuwite ming kamplung neng Tiyah ijen, turahan sing ora sepiroa kanggo nyaur utang.

Tiyah saiki wis kaya cah kutha sing kecukupan. Seneng dolan, jajan lan akeh kenalane priya sing sok dolan neng kos-kosane. Ana kanca sing paling raket lan istimewa, ya iku Burhan bocah saka Padang (Sumatra). Dheweke bocah fakultas ekonomi, semester akhir.

Burhan pancen anake wong sugih, ing atase kos wae, motore pendhak taun ganti anyar, dhuwit kiriman ora tau telat lan uang sakune muwel, sing tansah dianggo nguja Tiyah.

Kanca-kancane Tiyah padha kandha, jare Tiyah mono begja nduwe pacar sugih.

Menyang mulih kuliah, Tiyah tansah dipethuk lan diterke merga beda kampuse. Kanggo ngimbangi kahanane Burhan ben ora banget njomplang, Tiyah tansah aba dhuwit wong tuane senajan ora perlu, kanthi alasan warna-warna. Tiyah emoh ngerteni rekasane wong tuwane. Yen Burhan arep dolan neng omahe uga ora entuk, wedi lan isin merga wong tuwane mlarat.

Mangka gandheng Burhan kuwi maune seneng tenan, njur dadi gela. Burhan mbatin, gek-gek Tiyah mung seneng karo dhuwite lan seneng lehe dijak mrana-mrene tur diuja.

Suwe-suwe Burhan ngawur. Rumangsa tansah kelangan dhuwit, Burhan kepingin entuk sembulih saka Tiyah sing ayu kuwi. Sing sesuwene iki tansah njaga Tiyah, ning saiki arep nyoba-nyoba.

Jebul Tiyah bocah sing gampang lan kuthuk banget. Apa sapenjaluke Burhan dituruti.

Apa maneh Tiyah ngerti, Burhan wis mung keri skripsi.

Batine, metu kuliah ora papa, angger wae njur dinikah Burhan, toh dheweke anake wong sugih.

Tiyah wis wegah mikir apa-apa, kuliahe ya ndleya, kerep anggone absen tinimbang olehe mlebu. Dina-dina sasat mung ngenteni tekane Burhan lan seneng-seneng.

Mbaleni Tarjo sing ajar nyambut gawe ning anggone pak Jupri. Dhasar bocahe karep tur sregep, mula apa wae sing kena disawang lan diwarahake pak Jupri, Tarjo cepet tanggap lan ngerti, lan ya langsung dicakake sing ndadekake bungahe sing diiloni.

Kejaba gaweyan mbengkel sing pendhak setu diwenehi jajan dening pak Jupri, Tarjo uga masarake sepadha apa motor rakitane dhewe. Saiki saben dina sabtu, Tarjo bisa ulung-ulung dhuwit mbokne, sing bisa gawe bungah.

Ya Tarjo iki sing bisa gawe ayem atine wong tuwa. Ning ya kuwi, sing jeneng lelakone wong urip, kaya-kaya kok mung saderma nindaki, wis diatur sing ana ndhuwur, ya panjenengaNe sing ngecet lombok.

Wayah esuk ngepasi bengkel rame wong ndandakake, ana polisi loro teka nakokke sing jeneng Tarjo, Jupri kaget, semono uga Tarjo dhewe.

Kanthi nudhuhke surat tugas penangkapan, Tarjo banjur digawa neng kantor polisi, sing perkarane durung cetha.

Jupri ya blas ora ngerti, marga ora rumangsa kelangan apa-apa. Mung cethane bareng wis tekan kantor polisi, jebulane Tarjo dijaluki tulung tilas kancane dhek neng SMA ngedolake pit montor, sing jebulane asil colongan.

Pancen sing nggawa (ngeterke) pit montor mau Tarjo. Dene kancane mau bareng ngerti yen konangan, banjur lunga sing seprene durung mulih. Tarjo sing minangka dakwa sementara, kudu ana kantor polisi nganti kancane mau kecekel.

Yen Jupri bisa nampa lan dhong, ning mbok Kromo, sing awan bengi nangis, bola-bali neng nggone Jupri ngakon njaluk luware Tarjo. Karo Jupri ya disaguhi, mung dikon sabar, ora-orane yen Tarjo nganti tumindak culika.

Jupri rak wis ngerti tenan karo watake Tarjo. Malah mbok Kromo yo dijak Jupri niliki Tarjo ning tahanan, nyatane ya waras-wiris. Tarjo ya kandha apa anane, sing bisa ngeyem-yemi atine mbokne.

Mbok Kromo kejaba susah lehe Tarjo ditahan ning kantor polisi, ya wiwit mikir anake wadon si Tiyah sing wis sesasi ora mulih, saploke keri dhewe njaluk kiriman dhuwit didolke tegalan kae. Yen ditakokke Lasmi, bocahe ya ora ngerti, wong jare yen njaluk kiriman kae, Tiyah sing mara neng pondhokane.

Lasmi sing wiwit biyen kanca sak klas, jare saiki wis arep sekripsi, mbuh njur piye yen Tiyah, wong wiwit semester papat kae wis arang-arang mulih. Mangka sejatine wong tuwane ya wis padha kangen. Nganti sawijining dina mbok Kromo takon bojone :

?Pakne, mbok kana, niliki Tiyah neng pondhokan, wis sawetara kok ora bali, tekna ki ngapa ta ngapa. Nek ngerti kahanane kuwi neng ati rak ayem?.

? Wiyah?..mbokmu, cah wis diwasa rak isa mikir, selagi njaluk dhuwit wae ming wekas kanca. Mangka ya ngerti, nek ngomah kuwi ora ndhuwe apa-apa, Selagi kanggo mangan wae direwangi njungkir walik, kok tegel-tegele mulih wae wegah. Wis embuh mbokmu aku emoh tilik, selagi pondhokane wae ora ngerti kok?. .

Kandha ngono, pak Kromo karo metu njobo ninggal bojone. Mbok Kromo bisane mung ngelus dha-dha karo mrebes mili. Iki wis seminggu Tarjo ditahan, ewadene kancane durung ketemu.

Dhasar ya wegah golek (nyambut gawe) merga ati semplah, ngomah ora duwe apa-apa, mula pak Kromo rada kapiran mangane.

Kanggo nylamur susahe, pak Kromo neng kebon ndudhuk uwi midra lan gadhung. Uwi lan midrane rak langsung digodhog kena kanggo ganjel weteng, dene gadhunge lagi digarap. Sawise dionceki, diiris tipis-tipis banjur dikum banyu, saben esuk diidak-idak disalini banyu, ngono nganti tawar.

Ya bener pak Jupri ya ulung-ulung, ning rakya ora kaya yen Tarjo nyambut gawe. Pokoke, pak Kromo lan bojone pancen lagi susah, sing dipikir abot lan werna-werna.

Tan kocapa Burhan, sawise lulus tumuli pamit Tiyah, sengadi arep mulih marani wong tuwane dikon nembung (nglamarke Tiyah), ning dianti seminggu ? rong minggu nganti genep sesasi ora ana kabul kawusanane. Tilpun? H.P?. surat ?, blas ora ana wangsulan.

Gek mangka lungane Burhan ninggal wiji ing guwa garbane Tiyah akibat rumaketing srawung sing kebablasen, ora eling norma-norma kasusilaan kedereng nuruti ati sing mung butuh seneng ? mat lan nikmat.

Oh ya kaya ngono kuwi asiling pasrawungan sing jarene moderen.

Sing dikosi dadi bingung, Tiyah dikon mulih ora wani, jare njaluk diterke. Kepeksane sing dipondhoki ya nyaguhi, ning njaluk dikancani pak R.T lan ketua pemudha kampung minangka seksi.

Ora koyoa remuk rempu atine mbok Kromo bareng Tiyah mulih diterke sing dipondhoki, lan entuk keterangan yen Tiyah saiki wis bobot telung sasi, ning pacare mlayu saka tanggung jawab. Dheweke bocah Padang, Sumatra Barat. Bubar masrahke Tiyah, sing dipondhoki banjur pamit bali.

Saungkure sing ngeterke, tangise mbok Kromo pecah ora kena diampah, ndadekke tangga teparo padha mara ngaruhke. Bareng padha ngerti, mung bisa ngelus dhadha, lan mesakke marang mbok Kromo lan bojone.

Mulihe Tiyah ora nggondhol ijasah ning bathi endhog lan awak lemu, sing mengko laire bayi embuh sapa sing bakal ngaku.

Lagi wae mbok Kromo meneng tangise, ndadak ing mburi keprungu hoak-hoek, pak Kromo gladrahan neng ngomben pawon, kringete gobyos mripate merem wae. Ing sisihe ana gadhung lan kambil parutan ing tambir sing wis dikrawu. Kukusan sing kanggo adang wae isihtemumpang ing kendhil.

Ya embuh saking ngelihe merga ora kopen, pak Kromo reka-reka gawe pangan srana adang gadhung, ning jebulane durung tawar tenan. Dadi cethane pak Kromo mau mendem gadhung.

Oh ? tangga-tangga sing cedhak nyamurupi kabeh mau padha trenyuh, wusana esuke padha menehi bahan pangan sing bisa diolah. Gethok tular, panandhange pak Kromo tekan pak dhukuh, lan sabanjure pak dhukuh rembugan karo pak Jupri.

Keputusan saka kekarone setuju, yen sadurunge Tarjo metu saka tahanan lan nyambut gawe, mangane pak Kromo sabrayat bakal disangga pak Jupri lan pak dhukuh. Menungsa mono yen lagi pinaringan pacoban lan panandhang, ndilalah apa wae sing ditindakke kok tansah kleru ? luput ? lan salah. Kena diunekake wis nandhang isih kesurang-surang.

?TAMAT?

Cariyos punika kula aturaken sedaya kadang mitra sutresna siaran lelangen, mugi ndadosna panglilpluring galih.

Nuwun.

?

?

?

 

 

Kena Godha 1

Posted on December 27, 2009 by niniklenyem

Lulus S.T.M. Tarjo anake mbok Kasan sing wis randha iku trima nyantrik Like (Mardi) sing bukak bengkel neng lor prapatan Clumprit.

Biyen mung reka-reka bukak tambal ban, sing pawitane mung pompa, jugil, lim, lan baskom wadhah banyu. Ning merga gaweyane apik, awet lan tlaten linambaran grapyak sumanak, wusana bengkele laris lan akeh lengganane sing padha nambalake pit, malah uga pit motor barang.

Bareng Tarjo nempel Like mau, saiki nyoba karo adol bensin ya laris. Tarjo sing tansah nggatekke panyambut gawene Like iku, ya njur isa nyambut gawe.

Dhasar Tarjo menang sekolah, mangka jurusan mesin, mula bebarengan Like ya nyoba-nyoba ndandani motor barang. Sekawit nampa sing kerusakane cilik-cilik, suwe-suwe bongkar pasang lancar, sing padha ndandakake mrono akeh.

Ora nganti setaun, usahane mekar, malah saiki ora mung nyambi ngedhep bensin, ning uga adol onderdhil-onderdhil pit lan motor.

Merga kekarone kerja keras, mula ora mokal yen Like sing wis anak-anak loro, uga Tarjo uripe karo mbokne ngglenter.

Tanggane Lik Mardi kuwi nduwe prawan ayu rada kenes jenenge Saminah. Ngerti Tarjo sing kerep mampir yen esuk arep kerja, Minah sok mara neng nggone Lik Mardi, ana-ana wae alasane.

Suwe-suwe njur kenal karo Tarjo. Gandheng Tarjo ya nggatekke, mula njur kawetu tembunge:

?Lik Mardi, tinimbang bocah kuwi nganggur, mbok coba dikon nunggu (ngedoli) bensin kuwi. Ya mengko dirukun sing murwat.? Mardi ngrumangsani yen majune usahane merga Tarjo, mula usule uga disetujoni, wangsulane ngenaki :

?Mbok iya ta Tar, kapan olehmu arep ngekon??

?Wis ta, Lik, sampeyan wae sing nyoba tawa gaweyan, aku neng kene rakya mung ndherek Lik Mardi.? Wangsulane Tarjo metelke Like supaya ngekon.

Tenan, embuh piye rembuge, let sepasar Saminah wis lungguh dhingklik nunggu bensin. Gandheng isih cilik-cilikan, mula yen entek, Minah kudu kulak neng agen nggone Mas Kirjo juragane Lik Mardi. Yen kulak cukup nganggo jrigen diwadhahi krombong. Bab motor sing dienggo ngangkut, ora masalah wong nggon bengkel.

Gandheng padha dene mambu ati antarane Tarjo lan Saminah, mula bareng tansah cecedhakan, anggone nyambut gawe saya mempeng lan tambah semangat. Saiki yen ngaso rolasan Lik Mardi putri ora susah kangelan ngirim pangan neng mbengkel, ning ganti Saminah sing mulih njupuk rangsum kanggo wong telu neng nggaweyan.

Bengkele Lik Mardi saya akeh lengganane, saya rame, lan bensine sing ditunggu Aminah uga laris.

Aminah sing dhasar ayu nduwe watak mbranyak, sugih esem guyu tur keladuk kenes tregal-tregel, mula sering digodhani sing padha tuku.

Tarjo ya ngerti, sing kabeh mau dheweke nyumurupi ning ya meneng wae, ngiras pantes kanggo narik pembeli supaya saya akeh lengganane, mula ya dijarke wae.

Kabeh lumaku lancar. Saiki asile nyambut gawe, saka karepe Lik Mardi diparo byak. Dene Saminah digaji sesasi telung atus ewu entuk mangan awan lan sore.

Pancen, karepe Lik Mardi ngiras ndadek-ndadekake ponakan anake mbakyune sing wis randha kuwi, supaya mengkone bisa urip layak lan tumata.

Apa maneh Tarjo nduwe watak tumemen, tawekel lan gemi. Dhasar ngrembakane usahane ya bareng diiloni ponakane sing ngerti thek kliwering mesin kuwi.

Senajan Tarjo ora kawetu marang Like, ning Mardi tanggap yen Tarjo pancen ngesiri Aminah sing uga ditanggapi. Mula atine saya mantep anggone mrenah-mrenahake ponakane mau. Aminah tanggane, sing wis ngerti wiwit cilik-cilikane.

Dadi tiba kebeneran, yen suk Tarjo sida duwe bojo ora susah golek adoh-adoh wiwit saiki wis diingu, malah wis diajari golek pangan barang.

Lik Mardi yakin, yen Tarjo tetep tawekel kaya wektu iki, uripe mbesuk bakal kasinungan rejeki lan mulya.

Awit dheweke ngrumangsani, selagi S.D wae ora lulus, ning janji tegen, mugen, lan tawekel ya bisa urip cukup. Apa maneh saiki, bareng nyambut gawe nyawiji karo Tarjo, bisa ana keturahan sithik-sithik sing banjur ditabung kanggo nyekolahake anake mlebu S.M.P.

Saiki Marjuki anake, beayane isih krasa entheng merga lagi S.D klas enem. Lik Mardi kepingin Marjuki kaya Tarjo, syukur bisa luwih dhuwur sekolahe.

Racake gegadhangane wong tuwa mono padha, kepingin nyawang anake bisa urip tumata lan mulya.

Bareng wis entuk patang taun anggone bukak bengkel, Tarjo wis duwe tabungan cukup kanggo gawe omah cilik-cilik waton kena kanggo ngeyub.

Ning ngelingi omahe mbokne sing wis rusak angel dikemunah, mula niyate omahe mbokne bakal dibungkar, mbaka sethithik arep digawe omah sing bakoh.

Kanthi disetujoni Lik Mardi, Tarjo wis nicil mondhasi omahe embokne. Sabanjure yen entuk rejeki sithik-sithik ing pendhak Minggune, banjur ditukokake material sing sekira njur isa digunakake.

Saminah sing wis nampa gaji saka Lik Mardi, mesthine ya mbantu-mbantu wong tuwane.

Sing cetha saiki penganggone cilik-cilik ya wis pepak. Kalung, gelang, ali-ali, apa maneh klambine ya isa gonta-ganti.

Saka panyawange Tarjo, Saminah mundhak diwasa mundhak ayu. Batine kandha, yen omahe wis maujud, nek Saminah gelem, arep diningkah. Niyate mung cukup ijab lan slametan wae, diseksekake tangga teparo njur wis sah dadi bojone.

Nalika bubar mangan rolasan, Lik Mardi pamit arep niliki ngomah, dene Minah sawise ngulihake wadhah-wadhah tilas mangan, nanjur bali neng bengkel tunggu bensin. Tarjo nyedhak karo takon :

?Nah, kowe rakya seneng ta dodol bensin ngene iki terus??. Wangsulane Minah :

?Ya seneng ta, kang, wong saiki aku bisa nyekel dhuwit pendhak sasine. Kejaba isa mbantu simbok, apa pepinginanku rak iso tuku dhewe. Apa maneh isih kerep mbok wenehi.?

?Ah ? pawehku rak mung nggo imbuh ta, Nah. Kowe ngerti, saiki lagi tak nggo ndandaniomah kanggo awake dhewe mbesuk,? kandhane Tarjo karo nyawang.

?Iya kang, aku ya ngerti kok karepmu. Nek perlu, mbok gajiku kala-kala mbok tampa ta kang, rak kena kanggo tambah sithik-sithik.?

?Ora usah, Nah, dhuwitmu nggonen seneng dhewe. Ora, Nah, saupama olehku ndandani gubug kuwi wis gatra (durung dadi tenan), kowe apa gelem ndak ajak nikah??. Pitakone Tarjo mantep karo mepeti lungguhe kekasihe.

?Ora sah ngenteni omah dadi, Mas, nek sampeyan karep, saiki wae aku saguh kok, kang,? wangsulane Minah gawe senenge Tarjo.

?O yen ngono, coba ya, Nah, aku tak rembugan karo Lik Mardi, piye apike.?

?Iya, mas, pokoke aku mung manut sampeyan,? Minah mangsuli renyah.

?Saka kadohan Lik Mardi wis ketok teka, Tarjo ngadeg wiwit nyambut gawe. Bangunan saurute bengkele Lik Mardi saya tambah-tambah. Let seketan meter pernah sa elore Lik Mardi uga lagi didegi kios anyar, nek ora malah kaya toko sing lumayan gedhene.

Jare sing duwe wong adoh, bukak cabang neng kono. Tukang sing digawa juragane mau kandha, nek butuh wong sacedhake kono sing gelem tunggu material sing arep disiapke neng kono. Olehe omong-omong mau nalika tenaga mau nambalke bane juragane, neng nggone Tarjo.

Tanpa mikir dawa Tarjo nyaguhi janji ana nggone ngaso. Tenaga mau mangsuli yen ana.

Tenan, apa kekarepane Tarjo sing wis disarujuki Minah, sida dikandhakake Lik Mardi lan bojone, yen niyate arep ngijabi Minah saiki wae,dadi padha dene isih prihatin.

Lik Mardi sarujuk, dheweke sing arep nglamar neng wong tuwane Minah, lan kandha marang mbokne Tarjo.

Rembug dadi, sidane Tarjo lan Minah kanthi climen sida dadi manten. Kanggo sawetara Tarjo ngetutke sing wadon, mulih neng nggone Minah. Kahanan sing isih mrihatinake mau, nambahi Tarjo lan Minah saya nggrengseng olehe nyambut gawe, daya-daya enggal bisa rampung omahe. Saiki mulih nyambut gawe, sawise ngaso lan omong-omongan sedhela sing bisa gawe senenge bojone, yen kira-kira wis jam sanga Tarjo neng bangunan kios sing kudu ditunggu, turu kono tekan esuk.

Sejatine anggone nyedhiyani papan kanggo turu ya layak. Ana dhipan gedhe siji nganggo sepon, nggone anget wong mubeng ditutup nganggo blabag-blabag. Kejaba kena kanggo ngaso yen rolasan, papan iku uga kanggo wadhah bekakas nukang, yen wis padha ditinggal mulih.

Kanggo metu cukup tetek bakoh sing ora kancingan merga nggampangke yen sawayah wayah metu control material. Dening wong tuwane Minah, saiki anake dikamarake sisih ngarep cedak dalan, sing tuwa manggon mburi keletan longkang.

Bareng wis dadi nyonya Tarjo, senajan mung bojon bingkil, nanging Minah mundhak besus, merga kerep dikandhani bojone dikon ngrumat awak, ben Tarjo saya seneng nyawang bojone. Gandheng yen mulih mesthi wis sore, mula yen butuh kramas, saiki Minah cukup neng Salon ?Cantik? kagungane Bu Ambar, sing priyayine mula ayu luwes. Neng salon kono kapstere ana loro lanang lan wadon. Sing lanang kanggo nglayani yen ana pemudha apa bapak-bapak sing butuh potong, nyukur jenggot utawa kramas.

Ning senajan lanang wadon kabeh bisa nglayani tamu kakung apa putri sing ngersakake, dhasar ya bocah kursusan sing wis entuk ijasah. Bu Ambar pancen pinter milih kapster sing makarya ing salone.

Aminah wis dadi langganan kramas ing salon mau, sing adohe saka bingkilan udakara mung seketan meter.

Semono uga dina kuwi, Minah uga arep kramas kaya adate. Bareng mlebu salon ayem, dene ora ana tamu kejaba dheweke, sing ateges cepet terus bisa dilayani.

Ning sing tunggu salon mung Diran, Dini ora katon. Mula Minah banjur takon :

?Mbak Dini neng ngendi, Mas Diran ??

?Lagi ndherekake blanja Bu Ambar, dhik. Hla iki obat-obat salon wis nipis banget. Arep ngersakke apa ta, dhik??.

?Ya biasa, mas, mung arep kramas.?

?Karo aku rakya bisa ta, dhik?, wong ya mung padha wae.?

?Ya ta, mas, selak gatel je sirahku, tur nek wis reget kuwi ya mumet barang.? Kandha ngono Minah banjur mapan lungguh, nguculi rambute sing ditaleni pita. Diran banjur wiwit ngawul-awul rambute Minah karo kandha :

?Wah-wah rambut kathik ketele ora jamak, mangka semu ngombak gek ireng njanges. Arang-arang hlo dhik, wong nduwe rambut sing kaya ngene iki, cocok karo sing nduwe ? ayu tur manis.? Pangalembanane Diran, karo wiwit ngramasi.

Aiyah, mas, ming rambut kaya ngene wae ya biasa. Aku malah kepingin sing iso dawa nglantrak kae je, mas, ning kok ora bisa,? wangsulane Minah mongkok, merga ora tau krungu bojone ngalem kaya ngono.

?Iki wae sampeyan ora tahu kersa ngrawat sing kusus, dhik, upamane sok-sok cuci muka, ajar moles rai nganggo bedhak lan lipstick sing ajeg, mengko sampeyan rak ora kalah karo para bintang sing kaya nggon TV kae? kandhane Diran neruske nggone ngalem.

?Ah njenengan kuwi rak mung promosi ta, mas, ben laris. Nek aku sok nyalon kene rakya mundhak payon, ngrewangi juragane, ngono ta ??, kandhane Minah karo ngguyu renyah.

?Ah ora, dhik, aku kandha tenan kok. Eman-eman ayumu yen ora kerumat, mengko yen kersa ngrumat, rakamu rak tambah ? adhuhai ? njur wegah ninggal omah.? Pengaleme Diran keladuk, sinambi mbilasi rambut.

?Wah, mas, njenengan kuwi mung gawe senengku wae. Mangka bojoku kuwi bali nyambut gawe saka mbengkel, neng ngomah mung sedhela merga isih ana tugas, njaga material kios apa toko sing lagi dibangun pernah lorku kae hlo, mas.? Ketrucut kandhane Minah.

?Nek ngono yen kangen-kangenan karo bojo mung sedhela ya, dhik, njur ditinggal lunga.?

?Iya je, mas, karang ya golek-golek tambahan dhuwit, bojoku kuwi rak reka-reka ndadani omah ben enggal dadi,? kandhane Minah jujur.

?Wah ? kecewa ya dhik, yen dhong adhem, turu dhewe rakya klisikan.? Diran tambah wani.

?Ning ya piye, mas, kabeh ben bisa kecukup,? wangsulane Minah jujur.

?Piye, dhik, kramase wis rampung, njaluk dimasage ora??

?Masage kuwi apa ta, mas??

?O massage kuwi pijet, dhik, yen bubar kramas dipijet-pijet rak luwih penak, mumet-mumet cengeng bisa ilang, sirah njur krasa entheng,? wangsulane Diran.

?Nek nganggo dipijeti tambah ongkos ora mas?? Minah nanjih.

?Kanggo wong ayu kaya sampeyan ki ora sah, dhik?? Kandhane Diran.

?Yoh wis sisan, mas, pijeten.? Sadurunge digaringke, Diran banjur mijet-mijet sirahe Minah kanthi tlaten, nganggo cara sing diwarahake nalika kursus biyen. Minah bisa ngrasakake kepenak, malah saiki mudhun tekan cengel lan pundhak kanthi tapis. Kaya-kaya Diran seneng bias nyekel-nyekel perangane awake Minah sing mrusuh kuwi. Lagi bareng Minah aba uwis, Diran lagi leren, banjur nggaringake rambut. Bareng wis rampung, Minah takon :

?Nyaosi pira, mas??

?Uwis, dhik, minangka promosi ora usah mbayar, mung nek kramas meneh wae njaluka karo aku. Kandha ngono, Diran karo nyekel pundake Minah nalika arep metu saka salon, Minah krasa seneng.

Sabanjure Minah ora nganti seminggu mesthi mara kramas, Diran sing nglayani, sing tansah bisa gawe seneng atine Minah. Lan anehe, yen ora ana sapa-sapa, Diran ora tau gelem dibayar. Kaya padatan, nalika ngramasi Minah, Diran kandha :

?Dhik Minah, Bu Ambar kulak parfum anyar, aku wingi karo mbak Dini diwenehi siji-siji minangka hadhiyah supaya nyoba, sampeyan gelem pa??

?Mas, nek njenengan paringke aku, sidane rak ora ngagem.?

?Ya ra papa ta dhik, sekali-sekali menehi bebungah wong ayu. Ning ya kuwi mengko tak caoske neng ndaleme wae piye??

?Wah, mas, aja, aku wedi karo bojoku.? Minah nolak.

?Jare rakane nek bengi tunggu material, hla biasane budhale jam pira??

?Paling ora jam sanga, mas, iku wae yen ora keturon. Yen lali keturon sok jam sepuluh barang.?

?Yoh wis, dhik, sesuk kapan-kapan kono, nek rakane ora ana aku tak rana ngaturke parfum.? Kandhane Diran, sing ora diwangsuli dening Minah.

Sedina kuwi Lik Mardi lan Tarjo jan ora lerem. Kesaguhan ndadekake motor loro sing kudu dadi dina kuwi, marahi wong loro kuwi blas ora lerem lehe nyambut gawe.

Mula bareng pas surup motor kuwi dijupuk sing duwe, Lik Mardi gage-gage nutup bengkele, semono uga Minah uga banjur kukut. Tekan ngomah Tarjo njur gebyar-gebyur adus, katon yen seger banget. Bubar iku banjur mangan sore bebarengan bojone.

Yen dhong awak kesel, lagi wae nggloso ing peturon, wis terus bablas turu pules. Meruhi kahanane bojone mau, Minah krasa welas campur mongkok. Tarjo sing banget tresna mau, direwangi kaya ngono anggone kepingin bisa mulyakake bojo ya dheweke. Kanthi ora kejarag, Minah njupuk slimut, bojone sing pules mau banjur dikemuli brukut, dheweke banjur turon ing sandhinge.

Tangane alon-alon ngelus-elus bathuke bojone kebak asih, lan kadhang-kadhang ya ngeloni barang. Tarjo sing wis turu entuk ngaso sewetara, malah banjur nglilir. Ngerti bojone neng sandhinge banjur dikekep kenceng karo kandha :

?Dhik, bengi iki aja njaluk jatah ya, awakku kesel banget. Kowe ngerti ta, sedina iki mau blas ora bisa leren.?

?Ora, mas, aku ya mesakake kok karo sampeyan. Wis ta, saiki sare meneh tak keloni.? Kandhane Minah karo mbenakke kemule bojone.

?Wah ora iso, dhik, aku nduwe kuwajiban tunggu material. Aku kudu neng kios, atiku ora mentala. Yen nganti ana barang cicir dijupuk wong, aku sing salah. Mulane aku tak mangkat, ora ketang bar kontrol njur mapan turu.?

?Ngono ya becik, ning njur ngaso tenan ya, mas. Piye sangu kopi anget pa??

?Rasah dhik, mundhak mengko malah ora bisa turu.? Kandha ngono, Tarjo karo nyaut sarung terus metu diuntapke sing wadon. Saungkure sing lanang, Minah gage ngancing lawang. Lagi wae arep mapan, lawang keprungu dithothok wong.

Minah ngiro bojone bali, njupuk apa ta apa sing lali. Bareng lawang dibukak, jebul Diran sing langsung wae mlebu karo kandha :

?Niki hlo, dhik, kula ngaturke parfum,? kandhane karo mepeti Minah lungguh ing lingir dhipan.

?Walah, mas lha mbok nggih nek siang,? wangsulane Minah.

?Nek bengi rak malah aman ta, dhik, wong kula kalih pingin ngancani sampeyan.?

?Kandha ngono tangane Diran terus ngrangkul Minah, dipepetake awake karo diarasi. Tangane Diran grayahan ing papan-papan sing bisa nuwuhake birahi, ngerti Minah kuwalahan ora bisa nolak. Diran kuwi luwih pengalaman, mula sedhela wae, Minah sing wis ana regemane kuwi wis K.O ing sadhuwuring dhipan nganti tutug. Minah sing ora dijatah dening bojone, entuk ijol kenikmatan sing bisa nggawa mabur neng awang-awang. Kekarone rumangsa nemu kemareman sing ngepol..

Rampung, Diran banjur mulih, Minah turu angler kaya dibandul, ora nduwe rasa salah lan dosa.

Ya wiwit iku kekarone njur tuman, tansah nganakake sambung peteng sawise Tarjo ninggalake ngomah tumuju kios. Saiki Diran kerep aweh dhuwit marang Minah.

Merga Minah saking pintere nyimpen wewadi, mula bab iki ora enggal konangan. Diran pinter, kios tutup jam pitu, ngarep kios sebrang dalan akeh pemudha thethek padha main catur nganti wengi.

Sawetara Diran baur karo pemudha-pemudha mau, karo ngewaske dalan longopan tumuju omahe Minah.

Yen ngerti Tarjo wis ngalor gage Diran nylingker mlebu omahe Minah. Kekarone bisa katok ngumbar nafsu kanthi ati tentrem tanpa samar yen konangan. Tarjo sing pancen tulus lan jujur, tresnane marang bojo kosok. Dhuwit saliyane kanggo tuku bahan ngrampungake omah, kabeh dipasrahake Minah. Bengi kuwi, wiwit sore udane nggrejih, Tarjo lagi wae mlebu ing patunggone teka saka ngomah. Ndadak ana wong celuk-celuk saka njaba :

?Dhik Tarjo! ?. Dhik Tarjo!? Tarjo gage metu, jebul Pak Dhukuh Giri.

?Wonten punapa, pak??, pitakone Tarjo.

?Motor kula niki, dhik, mentas apik, kok teng ngriki njur mak klekek mati. Empun kula slah bola-bali mboten urip.?

?Wadhuh, Pak, ngriki mboten onten alat napa-napa je. Empun ngga, kula surung dibekta teng nggen kula, mangkeh rak saget.

?Teng bengkel, dhik??

?Mboten Pak, ndhak ndadak pados kunci nggene Lik Mardi. Nggriya onten alat kok.?

Sidane, Pak Dhukuh nuntun. Tarjo nyurung tumuju ing omahe. Tekan ngomah, Tarjo ora langsung nothok lawang mundhak bojone kaget, ning nilingke Minah wis turu apa durung?.

Iba gumune, dene keprungu swarane bojone omong-omongan karo wong lanang, pas ing kamare. Gek sapa? ngono batine.

Tarjo nyedhaki Pak Dhukuh karo omong klesik-klesik, Pak Dhukuh manthuk-manthuk. Bubar iku wong loro nyedhaki lawang kamar tamu.

Lawang dingakke gampang ora dikancing, terus mlebu nuju kamare.

Sing dha omong-omongan neng peturon saya cetha, malah sineling cekikike sing wadon, lan menggeh-menggehing napas.

Tarjo muntap. Tanpa antan-antan, lawang didhobrak sakayange jebol. Apa sing katon?

Minah bojone, lan Diran si kapster salon, kaya bayi lahir uleng ing peturon.

Tarjo mencolot ngajar Diran sing ora siap iku nganggo bogem mentake sing ora leren-leren. Dene Pak Dhukuh kontan mbengok sero :

?Maling ? maling.? Sanalika mak gruduk, wong-wong mlebu kebak, nyekseni sesawangan sing njijiki iku, banjur padha mlengos.

Diran wis lempe-lempe diajar Tarjo, dene Minah sedhobrok neng njobin, kanthi pojok seprei dianggo nutupi awake.

Oh bola-bali godha ?, mula sapa wae kudu waspada, supaya ora gampang kena godha.

?

?TAMAT?

 

 

Gusti Maha Welas

Posted on December 27, 2009 by niniklenyem

Wektune wis kira-kira jam wolu esuk. Anggota perangkat desa ing Desa Sumbermulya wis padha teka, apa maneh dina iku bakal ana rapat ruwat bumi sing bakal dianakake suk sasi ngarep. Tradisi ruwat bumi iku dianakake pendak telung tahun sepisan. Warga kirap mubeng desa ngarak wulu wetuning desa kono kanthi dientha-entha gunungan. Bubar iku sing uwis, njur diterusake tontonan, sing paragane ya warga kono wae, kanthi mentaske budaya seni sing wis padha disiapake. Mengko minangka panutup wayangan sewengi natas ing bale desa.

Pak lurah gumun, dene Pak Wiro sing tukang reresik bale, nata meja kursi sing arep kanggo rapat kok malah ora mlebu. Gek ana apa? Mangka adat saben, Pak Wiro tukang kebon kuwi teka mesthi gasik, gaweyan sing dadi jejibahane ditandangi sak-sek, sedhela wae wis rampung njur ganti nandangi gaweyan liyane. Mula bareng perangkat desa wis pepak, lan rapat arep diwiwiti, pak lurah medal neng pawon nggoleki bu lurah njur ngendika :

?Bu, nek pawon wis akeh sing rewang nandangi kanggo nyunggata sing rapat, mbok kana neng omahe Pak Wiro ditiliki, geneya kok ora teka nyambut gawe?? Bu lurah sumaguh, lan terus tindak neng nggone Pak Wiro.

Tekan kana omahe tinemu tutupan suwung. Gek dha menyang ngendi? Anake Pak Wiro mono lanang wadon, Diran lan Marti. Diran wis ana STM klas II Mesin, dene Marti lagi klas III SMP wis arep ujian. Bocah loro kuwi padha maju sekolahe, ora tau nunggak. Mulih sekolah ya dha ngerti ngrewangi gaweyan wong tuwa. Yen libur Diran kerep nggenteni bapakne, gaweyan reresik kebon lan nata bale sawise bubar kantor. Ora mokal yen pak lurah sakulawarga remen karo anak-anake Pak Wiro sing padha sregep lan nurut kuwi.

Bu lurah pirsa omahe Pak Wiro tutupan, njur tindak neng omah wetane nggone Mbokdhe Kromo, sing kebeneran wonge lagi reresik sumur. Nuli ngendikane :

?Mbok Kromo!, griyane Pak Wiro niku kok tutupan, tiyange sami teng pundi ?? Mbok Kromo ndengengek karo nyedhak mangsuli :

?O? Bu Lurah, anu Bu, Pak Wiro niku ngeterke Mbok Wiro teng Puskesmas, empun tigang dinten sambat mumet, malah wingi nggih empun kulo keroki. Criyose Pak Wiro, wau dalu mboten saget tilem gek badane criyose benter sanget. Mila wau mruput diboncengke sepeda dibekta teng Puskesmas.? Bu lurah manthuk-manthuk karo ngendika :

?O…. ngoten ta Mbok Kromo, nuwun nggih disukani sumerep, mangkeh kula aturne Pak Lurah?.

Bubar ngendika ngono bu lurah banjur kondur. Esuke Pak Wiro wis nyambut gawe kaya adate, dene pak lurah sawise dilapuri garwane, ya ora ndangu apa-apa karo Pak Wiro. Ning sorene pak lurah sekalihan merlokke tilik neng omahe Pak Wiro, ngaruhke bojone sing jare lara.

Tenan, tekan ngomahe Pak Wiro kabeh ngumpul nunggoni sing lara. Pak lurah sekalihan uga banjur mlebu neng senthong peturone Mbok Wiro. Nalika wis tekan ngarep lawang, ndadak keprungu lagi padha sembahyang Pak Wiro sing mbawa. Pak lurah kandheg ora sida mlebu supaya ora ngganggu.

Panjenengane pirsa, yen Pak Wiro sabrayat wong sing tumemen ngibadahe, sregep neng nggreja, uripe neng masyarakat apik, lan tinresnan ing tangga teparo, tansah pinter momong sok sopoa, lan ora tau gawe rugi lan serik ing liyan. Bareng wis sepi tandha rampung anggone padha sembahyang, pak lurah sekalihan banjur alon-alon mlebu nuli ngendikane :

?Piye Mbok Wiro, laramu??

?O Pak… Bu…. Lurah, matur nuwun dipun rawuhi, sakit kul…. kula sam….. sampun kath…… kathah sud……. sudanipun…….? Wangsulane pedhot-pedhot, Pak Wiro sambung atur :

?Ngendikanipun Dokter, Pak Lurah, semah kula punika namung kekathahen mikir.?

?O….. mikir apa ta Mbok Wiro?? pandhangune pak lurah alon-alon.

?Anu Pak Lurah…. dhenok Marti punika wingi criyos, yen piyambakipun mboten kepareng ndherek ujian dhening guru klasipun, awit…. awit…..? Mbok Wiro ora bisa nerusake matur, ning njur brebel……. mripate kekembeng luh. Semono ugo Marti sing nyanthuk nunggoni njur melu prembik-prembik nrocos mripate. Pak lurah lan garwane saya kepingin banget ngerti sebabe. Nuli ngendikane bu lurah :

?Yu Wiro…! wis ta blaka wae neng Pak Lurah lan aku, supaya atimu entheng lan laramu gelis mari.? Pangatake bu lurah. Mbok Wiro mung srikutan tangane ngulapi luhe, panyawange diuncalake marang Marti anake sing ana ing sisihe. Bu Lurah tanggap, yen Mbok Wiro ewuh anggone arep matur, mula pak lurah sekalihan banjur ngajak metu Marti neng ngomah ngarep. Bareng Marti wis didhawuhi lungguh ing lincak, pak lan bu lurah njejeri Marti neng kiwa tengene karo ndangu :

?Sejatine Mbokmu kuwi mikir apa ta Ti, kowe kondhoa blaka, mengko yen bisa aku lan Bu Lurah mesthi bakal ngrewangi ngentheng-enthengke.? Marti isih meneng wae ketok yen wedi. Ning gandheng karo bu lurah didhedhes terus, mula karo nangis ature :

?Pak Lurah… Bu Lurah….., Simbok sisah margi kula mboten angsal ndherek ujian awit dereng mbayar arta SPP kawan wulan, lan arta ujian ingkang kathahipun sedaya wonten kawan atus pitung ndasa ewu rupiyah.? Ature Marti karo kesesegen.

?Wis…… wis….. wis…. Marti, yen kuwi sing nyebabke Mbokmu lara, kowe sesuk tak cukupi, mlebua sekolah ngaturke dhuwit kuwi neng gurumu.?

?Ning Pak…….. Bu Lurah….. criyosipun Simbok, sampun kathah sambutanipun Simbok dhateng Bu lurah, ingkang sepriki dereng saget ngunduraken. Mila Simbok ajrih matur, sajakipun Simbok kejudhegan. Kula ngertos Pak… Bu…., menawi dalu Simbok mboten saget tilem, tansah klisikan. Lan wusananipun lajeng sakit punika.?

?Wis…. wis….. Bune, ayo saiki awake dhewe nyedhak Mbok Wiro karo Marti pisan, mengko tak kandha.? Ngendikane pak lurah karo nggandheng sing putri lan Marti bali mlebu neng peturone Mbok Wiro. Pak lurah karo garwane nyedhak njur ngendika karo Mbok Wiro ngene :

?Mbok Wiro, sampeyan ora sah susah, sesuk esuk Marti ben mlebu sekolah karo nyaoske dhuwit SPP sing patang sasi kuwi karo dhuwit ujian, supaya mbesuk bisa ujian. Kuwi dudu dhuwit utangan sing sampeyan kudu nyaur, ning tak paringke Marti supaya bisa melu ujian.? Rampung ngendikane pak lurah bu lurah sambung :

?Yu Wiro, utangmu neng aku sing mung mbaka sithik kanggo tambal butuh kuwi, ora usah mbok saur. Aku rila lahir batin. Saiki pikiran sampeyan digawa ayem ben enggal waras. Perlune yen ana kerepotanku, sampeyan, Kang Wiro, lan bocah-bocah bisa bareng-bareng ngrewangi.? Bubar ngendika ngono, pak lurah sekalihan nyalami Mbok Wiro, Pak Wiro lan Marti banjur pamit kondur. Pak Wiro lan Marti nguntapke tekan latar. Nalika bali mlebu, Mbok Wiro wis bisa lungguh, weruh anake mlebu, tangane diathungake Marti, dene Marti ya njur nubruk mbokne.

Kekarone rangkulan keket karo tetangisan disekseni Pak Wiro sing lungguh dheleg-dheleg neng waton amben. Tangis kabungahan sing tanpa upama.

Sawise padha adheng tangise, Mbok Wiro isih karo ngrangkul Marti kandha:

?Nok Marti lan kowe Bapakmu, tikel-tikelna olehmu caos atur panuwun marang Gusti, syukur ing kabeh peparinge, lan uga dene Gusti tansah midhangetke panyuwunanku, anggonku tansah dhedheku, ing ngarsa dalem.? Karo isih nggondhok-ondhok wangsulane Pak Wiro :

?Iya mbokne, mula dadi wong mono aja sumelangan, janji eling tansah ndedonga nyuwun lan mbudidaya, Gusti tansah bakal paring pitulungan.? Marti sambung :

?Iya ya Pak… Mbok….., Gusti olehe peparing lumantar Pak…. lan Bu Lurah.? Pak Wiro ngedhongi kandhane anake :

?Iya nok, Gusti kuwi pancen Maha Welas lan Asih.? Bubar iku wong telu sembahyang mirunggan bebarengan.

Tamat


 

Gendheng

Posted on December 27, 2009 by niniklenyem

Pak Teguh wis nganti judheg olehe ngandhani anake ya Marsiyah, sing saiki lagi kedanan Truno Mblubut, lengganane sing ajek setor dagangan serba macam, asil olehe gresek.

Pak Teguh pancen ya seneng karo bocah kuwi, merga dagangan sing disetorke ajeg wis dipilah-pilah saka ngomah, seje karo kanca-kancane sing yen setor semrawut.

Dhasar wis neng pawuhan isih diorak-arik, mula ora mokal yen kesane omahe pak Teguh ya ora resep. Iringan omah kiwa tengen kebak kertas, kerdhus, wesi-wesi naiyeng lan werna-werna barang gresek.

Pancen, wis limang taun pak Teguh njuragan barang-barang asil gresek saka pemulung-pemulung, sing wis dadi langganane saben ndina setor. Maune pak Teguh ya pemulung kaya wong-wong kuwi, nalikane anak-anake Marsiyah lan Martono isih padha cilik-cilik.

Ya merga saka tawekele suwe-suwe malah bisa dadi juragan. Ana yen mung wong seket sing padha setor ing saben ndinane klebu Truno Mblubut. Bali sekolah, sing saiki wis ana S.M.P. klas telu kuwi, Marsiyah ngrewangi nimbangi lan nampa setoran barang-barang mau saka sing padha setor. Dene Martono, senajan lagi S.M.P. klas siji, ning wis bisa dikongkon setor neng juragane, ngetutke cole bapakne sing disopiri pak Sakur.

Kejaba bisa nyopir, wong kuwi uga mitra kerjane pak Teguh wis wiwit dhek isih bareng padha dene nglakoni lara lapa. Pak Teguh lan pak Sakur padha dene wong jujur lan polos atine, mula tekan saiki wis tuwa ya langgeng olehe padha memitran.

Marsiyah, merga kerep ngrewang-ngrewangi wong tuwane, mula banget apal karo wong-wong sing padha setor neng ngomahe, lan ya akrap olehe padha srawung.

Prawan sunthi sing nembe mekar kuwi, padha ditresnani karo pemulung, kejaba bocahe ayu grapyak sumanak, panukune barang-barang senajan mung kacek satus rong atus, luwih dhuwur tinimbang bapakne.

Truno kuwi bocahe nggantheng tur nggrecek pinter micara, mula suwe-suwe dadi akrap lan cedhak srawunge karo Marsiyah.

Yen ngerti Marsiyah sing nampa, barang-barange, mesthi sing isih layak, durung wangun dibuang, upamane awak-awak pit, setang utawa bagian-bagian saka onderdhil motor, sing kerep-kerep mung barang bekas sing dudu asil gresek.

Mula tampane dhuwit ya ora kaya kanca-kancane. Malah ing sawiji dina Truno nggawa mesin tik, jare olehe nuku duweke bocah kos sing ketelatan kirimane dhuwit saka wong tuwane.

Neng ngarepe Marsiyah dijajal dening Truno isih apik, mula kandhane :

?Dhik Yah, barang iki isih apik, apa kowe ora kepingin bisa ngetik ?? Wangsulane Marsiyah sing wiwit ketarik :

?Ya seneng, mas, ning sapa sing marahi ?, aku rak durung tau nyekel lan durung ngerti piye carane ?? wangsulane Marsiyah jujur.

?Walah, dhik, gampang kok yen wis ngerti, mengko aku saguh ngajari yen dhik Yah kepingin bisa lan gelem.? Kandhane Truno nawakke jasa.

?Wah ya gelem banget, mas. Kapan mas Truno gelem ngajari ?? kontan Marsiyah nantang.

?Ya kapan karepmu dhik, aku manut.? Kandhane Truno sumaguh.

?Ya wis ngene wae mas, mesin ketik kuwi tak tuku tak batheni. Biyen pira olehmu nuku saka bocah kos kuwi ??, pitakone Siyah ndhedhes.

?Olehku nggenteni mung telung atus ewu kok dhik, nek arep mbok enggo dhewe, wis ta gantenen dhuwitku, ora usah mbok batheni.? Kandhane Truno ketok olehe apikan.

?Mas, ning ngene ya !, gandheng mesthi wae iki dhuwite bapak, wong aku durung bisa golek dhuwit, mesin tikmu tak genteni apa kandhamu, ning kowe aja kandha bapak yen semono. Nek ditakoni kondhoa wae nek tak tuku satus ewu, piye ?.?

?Ngono ya prayoga dhik, muga wae pak Teguh ora ngurus,? kandhane Truno sumaguh. Transaksi dumadi. Dene mesin tik karo Siyah banjur dilebokake ing kamare, ora dimor barang-barang dagangan liyane. Atine wiwit mbayangake, mendah mengko senenge yen dheweke wis bisa ngetik. Ning njur kapan Truno anggone arep wiwit ngajari, mergane yen Siyah ditakoni, kapan wiwite Truno ngajari, wangsulane suk-suk ngono wae. Sejatine Siyah wedi arep kandha blaka karo wong tuwane.

Ing sawijine sore, ana tamu kongkonane pakdhene sing omahe Bandung ngabari, yen pak Teguh sekaliyan diarep-arep tekane ing Bandung saperlu dijaluki donga pamuji, lan nunggoni, anggone bakal ngijabake anake wadon, seminggu maneh. Syukur bisa teka sadurunge tempuking gawe, dadi bisa dienggo tetarenan utawa diajak rembug pikir.

Tamu kongkonane pakdhene mau nginep sewengi, esuke bali. Saungkure tamu kongkonan kamase mau, pak Teguh lan bojone banjur padha rembugan mungguh anggone bakal menyang Bandung nyumbang kakangne sing arep mantu.

Anak-anake Marsiyah lan Martono uga padha ngrungokake rembugane bapak lan embokne. Kandhane mbok Teguh :

?Pakne, ya senajan isih padha cilik, sing teges durung diwasa tenan kaya si Marsiyah kuwi, ning ya wiwit diwarahi tanggung jawab. Apa mentala nek kabeh mangkat neng Bandung njur ngomah suwung ? Mesthine rak ya kudu ana sing tunggu omah. Syukur nek pakne wae karo bocah-bocah sing budhal, aku tak tunggu omah. ?Ha nek ngono kuwi omongane wong ora genah, mbokmu. Sing sedulur tunggal welat karo kang Wiyono kuwi sapa ?, rak ya kowe ta ? Aku kuwi rak mung kadang katut. Patuta, rak aku sing keri ana ngomah.? Kandhane pak Teguh semu ora keduga.

?Lha ya kuwi pak, sing aku kandha, nek bocah-bocah kuwi wiwit diajari tanggung jawab. Karepku, Siyah lan Tono tunggu omah, perkara olehe nampa setoran barang gresek kuwi prei rak ora dadi apa.? Mbok Teguh ndunungke. ?Nah ? nek ngono, aku setuju, sebab sing diarep-arep mesthine rak kowe karo aku, dudu bocah-bocah.? Wangsulane pak Teguh kalegan. Wusana kandhane mbok Teguh marang anak-anake.

?Yah ? Tono !, kowe rasah melu, ning tunggu omah, paling-paling bapakmu karo aku rak neng kana mung telung ndina, sepasar nggo menyang mulih. Gelem ora, wong iki ki nyumbang, dudu plesir.? Marsiyah lan Tono mung dha ngawaske mbokne ning ora wangsulan. Wusana kandhane bapakne :

?Iya nok, le, kowe ajar tanggung jawab neng ngomah, mengko bapak tak kandha pak Sakur, yen sela ben ngendhangi mrene. Gelem ta ?.?

Marsiyah manthuk. Ngerti mbakyune manthuk, Tono ya njur melu manthuk-manthuk tandha saguh. Pak Teguh mbacutke kandha :

?Yah, sabalimu sekolah, nek wis ngaso, nek ana wong setor dagangan sing empeh-empeh rak bisa ta nampa ?.?

?Bisa, pak, nek prei ndhak njur nglangut.? Krungu wangsulane Siyah bapak mbokne katon bungah.

?Nek ngono, mengko tak tinggali dhuwit sawetara, manganmu cukup tuku wae.? Kabeh sarujuk karo rancangan mau.

Bengine Marsiyah mikir-mikir, ya iki wektu sing apik banget kanggo nekake Truno teka neng omahe, saperlu ngajari ngetik. Dina budhale pak Teguh lan bojone neng Bandung, wis dikandhakake dening Marsiyah marang Truno.

Sore saungkure wong tuwane, Truno dikon teka ing omahe wiwit sida ngajari ngetik. Truno dikandhani ngono mau atine seneng banget. Dhasar wis suwe anggone nduwe sir marang prawan sunthi anake juragane kuwi.

Bar surup Truno teka tenan, ditanggapi dening Siyah kanthi bungah. Dheweke banjur ngetokke mesin tik saka lemari petunggone diseleh meja sing sok dienggo nyatheti barang-barang setoran.

Truno lungguh karo ngetokke kertas amba, sing wis digambari driji-driji tangan, sing pendhak driji ana hurufe dhewe-dhewe. Jare driji-driji kuwi nduwe tugas mejeti tut mesin tik sing cocok karo gambar sing ana driji. Dadi driji sepuluh kuwi nduwe tugas beda-beda. Marsiyah durung mudheng ning nggatekke banget, ketang kepingine bisa. Truno anggone ngajari saka wiwitan. Saka mbukak, nutup lan ngunci mesin tik. Bubar iku masang kertas, pangaturan sepasi, pasang pita lan sapiturute. Ngono mau dibolan-baleni nganti apal.

Bubar iku lagi ajar miwiti ngetik, ngapalake huruf sing ana sing driji. Marsiyah sajakke katrem banget, nganti wis rong jam durung krasa.

Truno semono uga, batine, mbok ya nganti jam pira ta wis, dheweke panggah ngancani. Apa maneh bisa bola-bali nyekeli tangan lan drijine Siyah bebas ? atine bungah banget.

Lagi nengah-nengahi sinau, keprungu swara motor neng latar sing mesine dipateni. Gage dening Marsiyah ditoni, jebul pak Sakur sing ngendhangi dheweke kaya welinge bapakne.

Pak Sakur nggawa gorengan bakwan lan mendhoan sing banjur dipangan bareng-bareng. Tono sing lagi sinau uga banjur nimbrung. Swasana dadi gayeng, merga pak Sakur wis kaya keluarga mungguhing anak-anake pak Teguh. Karo nyokot bakwan pak Sakur takon :

?Mesin tik olehmu saka ngendi yah ??.

?Nggih angsal kula numbas gadhahane kang Truno niki, pak?. Wangsulane Siyah blaka. Pak Sakur banjur ngiling-ngilingi mesin tik kuwi karo kandha :

?Iki isih apik kok, ora wangun yen barang rongsok. Olehmu saka ngendi No ??

?Angsal kula numbas lare kos sing telat kintunane arta, pak,? wangsulane Truno.

?Mbok genteni pira Yah ??

?Seket ewu, pak?, wangsulane Siyah karo ngedhepi Truno sing dikedhepi tanggap. Pak Sakur ngandel, dheweke banjur njupuk dhompete saka sak, ndudut atusan ewon siji karo kandha :

?No, nyoh tak batheni, barang iki murwat yen diaji satus seket ewu, ning ya kuwi janji, iki barang resik lho !? Dhuwit ditampani karo kandha :

?Inggih, pak, saestu kok punika.? Siyah meneng wae, mung batine kandha yen mesin tik kuwi saiki wis dadi rega larang, patang atus ewu. Ning ya wisben, angger dheweke bisa ngetik. Bareng wis sawetara, pak Sakur kandha katujokake Truno :

?No, iki wis jam wolu kliwat, mengko jam sanga kowe bali, sesuk sinau maneh. Mergane Siyah lan Tono sesuk rak mlebu sekolah.?

?Inggih, pak ,? wangsulane Truno lirih ketok yen gela, pak Sakur banjur pamit mulih, wanti-wanti marang Siyah lan Tono, yen jam sanga kudu wis padha mapan turu. Bocah-bocah padha saguh, wedine kaya karo wong tuwane dhewe.

Wiwit ngerti theorine diwarahi Truno, Siyah tansah ngapalake neng sadhengah papan, luwih-luwih yen neng ngomah pinuju sela, tansah ngundher wae karo mesin tike. Nganti telung sore, angger bubar surup Truno mesthi teka neng omahe Siyah nunggoni olehe sinau ngetik.

Dhasar bocah gathekan, lima ing antarane drijine wis apal karo prenahe tut huruf mesin tik. Ewa semono dening Truno, isih wae dipernah-pernahke, supaya bisa tansah nyenggol-nyenggol Siyah sing saya gawe gonjine atine kuwi.

Genep sepasar, wong tuwane wis padha bali. Nalika bapakne weruh Siyah thak-thuk ngapalke ngetik, banjur ditakoni saka ngendi lan sapa sing ngajari. Siyah wangsulan blaka. tumuli kandhane bapakne :

?Nok ? yah, kowe kudu ngati-ati srawung karo bocah kuwi ya, wong tuwane wae wis judheg merga saking nakale. Saiki wis dijarke nganti ora sekolah, mangka ya wis S.M.A, gek arep ujian pisan.

Kenakalane ora lumrah, kejaba seneng teler, uga nyrempet-nyrempet tindak kriminal, seneng colong jupuk duweke liyan. Rehne kowe wis diajari dhasar, mula saiki latihan terus dhewe wae, yen perlu kursus.?

Siyah ya saguh nglegani bapakne, ning genea atine tansah kelingan karo jaka nggantheng Truno sing micara lan supel kuwi ? apa maneh nalika dina sing kalima (pungkasan), merga jare bapakne sawayah-wayah bali, Truno dikon uwis lehe teka ngajari. Wektu kuwi nganti jam sewelas bengi, Truno lagi pamit bali.

Nalika nguntapke tekan lawang, ndadak Truno nyikep ngrangkul kenceng Siyah, banjur diarasi bola-bali, Siyah maune brontak, ning wusanane ya mung njur pasrah, merga krasa nikmat.

Mekaring kadiwasane kaya-kaya pancen mbutuhake iku kabeh. Ya wiwit kuwi, Siyah tansah ana rasa kangen karo Truno.

Ya ing wektu Truno setor-setor barang kuwi, bocah loro mau padha kencan, ana ngendi olehe arep padha ketemu. Nganti setaun Siyah lan Truno pacaran ning wong tuwane ora padha ngerti.

Truno mono bocah nakal, sing karo kanca-kancane nganti diparabi Truno Mblubut. Merga apa karepe, senajan kanthi dalan apa wae mesthi ditempuh.

Truno ngerti yen wong tuwane Siyah, padha ora seneng karo sesambungane dheweke lan anake.

Ning Siyah dhewe sing tansah seslimpetan, ngupaya wektu supaya tansah bisa sapatemon karo jaka bagus Truno.

Saiki Siyah wis neng S.M.A. klas loro. Sejatine wiwit kenal Truno, sekolahe dadi kendho, biji rapote ajeg pas-pasan, waton katut munggah lan lulus. Ana unen-unen, rapeta dikaya ngapa, nyinggahke bathang suwe-suwe bakal mambu. Semono uga kahanane Siyah.

Keri-keri iki dheweke kerep lara, ora doyan mangan, kerep mutah-mutah, yen ditakoni jare masuk angin. Ning meneng-meneng pak Teguh ngaturi dokter, diaturi mirsa anake.

Kaya ngapa kagete, bareng dokter ngendika, larane Siyah merga ngidham. Bareng diteter bapak mbokne, karo sapa olehe wis tumindak, Siyah blaka yen karo Truno.

Mula gelem ora gelem, pak Teguh sing sengit banget karo Truno kuwi, kepeksa ngijabake anake karo Truno sing mblubut kuwi, kanggo nutupi wirange anake.

Dene Truno ngayang batin bungahe, merga bisa dadi bojone Siyah sing wis suwe olehe nggandrungi.

Gandheng Siyah wis kulina ngrewangi wong tuwane nukoni barang-barang gresek, mula dening bapakne terus dipawiti dikon madeg dhewe. Omah gedhe diparo srana disingget triplek.

Sing marep ngidul dienggoni wong tuwane, sing marep ngalor dienggokke Siyah karo bojone. Truno mung pawitan badan sepata.

Setaun-rong taun usahane katon mekar, ning suwe-suwe watake Truno sing asli saya katon.

Saiki wis kerep lunga bengi, apa maneh bareng Siyah, anake cilik, Truno sabane neng warung remeng-remeng golek kemareman semu.

Nampa dagangan, gaweyan ngomah, sasat kabeh ditandhangi Siyah dhewe disambi momong. Gandheng wis bawa dhewe, wong tuwane ora pati nglegewa yen anake ketekuk ringkel kabeh ditandhangi dhewe, ya mung kala-kala ngrewangi momongke putune.

Keri-keri iki Siyah krasa, yen dhuwit dagangan simpenane kok kalong mbaka sithik. Sapa maneh sing njupuk yen dudu bojone ? Ning nalika Siyah takon, Truno malah nesu. Ora mung ngono iku, ning ya karo njambak, ngeplak, cengkilinge metu, lan njur dadi pakulinan.

Siyah ora tau kandha wong tuwane, kabeh diampet mundhak saru, dhasar biyen bapakne wis wanti-wanti menging srawung karo Truno, ning Siyah nekat. Ya iki entuk-entukane.

Yen kelaran merga diajar sing lanang, siyah mlebu kamar, olehe nangis ditutupi bantal supaya ora keprungu wong tuwane. Dhuwit dagangan, saiki tansah digembol, wong sing disimpen nyatane entek, mangka Truno ora tau ngayani kepara malah ngrusuhi, ngentek-entekake.

Sawijining wektu, ing wayah awan, Martono sekolah kaya adate, pak Teguh karo bojone lunga layat neng tangga desa, ngomah dipasrahake Siyah, kandhane bapakne :

?Nok, Siyah, titip ngomah sedhela, aku karo mbokmu arep layat.?

?Iya, pak, ngomah tak awat-awatane.? Wangsulane Siyah sumaguh. Truno krungu kabeh mau. Rehne arep ngumbahi, anake dicekelke bapakne, Siyah njur neng sumur ngumbahi, sing sadhabreg akehe kuwi. Watak culikane Truno kumat. Nyambi nggendhong anake, Truno mlebu omahe maratuwane, nyedhaki meja, sing lacine isi dhuwit dagangan. Bareng dibukak ora kena, banjur golek drei diongkel-ongkel.

Nalika Truno lagi nyongkel laci meja kuwi, Tono pas mulih sekolah arep mlebu ngomah. Jegagik, dheweke banjur bali mundur, nylingker mlebu omahe Truno nggoleki mbakyune, ketemu ana sumur. Gage kandhane :

?Yu Yah, galo kang Truno nyongkel laci mejane bapak wadhah dhuwit.? Gragap, Siyah noleh prenahe adhine terus ngadeg marani lan nyatakke kandhane adhine. Eman, Truno sing ngajak anake wis ora ana, ning bareng ditiliki, laci wis gampang dibukak lan isine mung keri ora mingsra. Tono lan Siyah inget-ingetan, njur piye mengko yen wong tuwane bali ? Tenan ? ora suwe pak Teguh lan bojone bali, siyah terus kandha apa anane dikuwati adhine. Kandhane pak Teguh :

?Wis-wis Yah ? Tono, mengko bapak sing arep takon dhewe.? Lagi wae padha meneng, Truno bali nggendhong anake sing wis turu, terus diturokake. Pak Teguh nyedhak alon-alon karo takon :

?No, apa kowe sing mbukak laci meja wadhah dhuwit ??

?Mboten, wong kula kesah momong, nggih nembe mawon kula wangsul niki.? Truno selak.

?Kang, aku mau weruh kok nalika kowe nyongkel.? Tono sumambung. Siyah numpangi kandhane adhine :

?Sapa maneh kang, yen dudu kowe, wong singgahanku ya wis ledhis mbok jupuki.? Krungu tembunge sing wadon sing thok-leh ngarani, Truno mungkat nesune. Nyedhaki bojone, terus ngampleng sak rosane nganti Siyah ngleyang tiba klumah.

Tibane Siyah, sirahe natap umpak saka dadi lan semapute.

Wong saomah ribut, ndadekke tangga teparone padha teka. Siyah langsung digawa neng rumah sakit.

Sedina sewengi Siyah lagi sadhar, sambate ngaruwara, lan kandha yen wis ora kuwat dadi bojone Truno merga olehe saben dina ditangani. Sedulure sing ana Bandung teka, lan bab iki banjur dilapurake polisi. Sepisan bab pencurian, pindhone bab penganiayaan. Truno banjur dijupuk dening polisi ditahan, sing mengkone bakal diajokake neng sidang pengadilan. Dening pengadilan sidane dheweke diputus ukum kunjara patang taun. Sadurunge mlebu ukuman, Siyah njaluk pegat kanthi resmi, dene anake bakal dirumat.

Wektu wis lawas kawuri, ing dalan sacedhake omahe pak Teguh, warga kono sok weruh wong lanang edan kluyar-kluyur sandhangane kumel, rambute dawa sageger.

Brengos lan jenggote ngewok, lambene ndremimil ora cetha. Malah keri-keri iki, wong edan mau wis mblejut tanpa awer-awer, gek senengane mlayu-mlayu.

Dadi ya gombar-gamber kaya jaran negar, apa maneh yen weruh wong wadon enom, barange mau dituduh-tuduhake, gawe gilane sing padha kepethuk lan weruh.

Ing antarane warga mau ana sing nyetitekake, jebul wong edan mau Truno Mblubut sing wis metu saka kunjaran ? ning saiki pikirane wis ora waras alias ? gendheng. Ya kuwi oleh-olehane wong sing tansah tumindak ngetut bruwalaning ati.

?

?TAMAT?


 

Duwe Adeg-adeg

Posted on December 27, 2009 by niniklenyem

Pak Widakdo mono priyayi sing senajan dhuwur pangkat kalenggahane, ning ing masyarakat sugenge banget prasaja. Srawunge karo sapa wae supel ora mbedak-mbedake. Sapa wong ora ngerti karo Pak Widakdo, sing dening Bapak Bupati pinercaya ngasta proyek ngendi-endi. Mangka akeh pemborong sing wis wani terang-terangan nyaosi mobil mewah waton dimenangke lotre kopyokan tendher kanggo proyek daerah sing lagi dirancang. Ning tibake proyek mau dipasrahake Pak Dakdo, sing didhawuhi mbentuk panitya wong-wong sing bakal ngurusi proyek mau nganti rampung. Ngendikane Pak Bupati, ?Dhuwit Negara kudu dicakake sing sa becik-becike. Adiministrasi aja mung hitam di atas putih (neng cathetan thok), ning kudu ditanjakake sing bener lan migunani.? Pak Bupati anyar kuwi ketoke cocok karo kekarepane rakyat, muga wae ora malih. Dene Pak Dakdo sing pinasrahan ya njur milih wong-wong sing kena dipercaya dijak nyambut gawe ing proek calon kantor gedhung D.P.R.D kuwi. Pemborong sing maune wis katon kaya saingan rebutan tender, saiki mung bisa ngelus dhadha. Pancen, wong mono yen kebangeten gegedhen pangangkah (ngarah bathi akeh), yen ora keturutan gelane kepati.

Pak Widakdo priyayine banget prasaja, daleme ya mung lumrah, putra-putrane yen sekolah cukup ngebis, ora ana sing dicekeli pit motor. Panjenengane yen kala-kala tindakan sekaliyan ya mung goncengan motor weton Jepang tahun sangang puluh sing isih kincling merga kerumat becik. Mobil dinas ya ana, ning yen ora keperluan dinas, Pak Dakdo ora nate kersa ngagem. Anggone ndhidhik putra-putrane ora mung kandheg ing embung utawa pangandikan, ning uga conto-conto ing saben ndinane ing ndalem. Urip prasaja lan tindak jujur tansah ditanemake ing putra-putrane. Dhasar bapak mono suhing kulawarga, lan ya sing tansah disemak lan tinulat ing para putra. Mula andhap-asor, kaprasajan lan kewicaksanan tansah diagem lan dicakake ing sabarang panindak.

Mulane ya ora mokal yen putrane Pak Dakdo sing cacahe telu iku padha dadi pangalembana dening masyarakat kono. Dhasar bocahe padha pinter, mbangun turut ing wong tuwa, tur pinter baur karo masyarakat lan tangga teparo. Pak Dakdo iku eringe rak karo garwane. Senajan wis dadi garwane selawenan tahun ning durung pama tenan karo watake kakunge. Janji bubar tindak jagong apa arisan neng nggone anak buahe sing kakung, tekan ndalem mesthi ngambek lan mothah. Karo kakunge apa-apa sengal sengol, ulate bening wong neng njamban, ndadekake judhege Pak Dakdo. Nek swasana sepi, putrane ana kegiatan neng njaba utawa lagi padha sinau, Pak Dakdo nyedhaki garwane karo takon alon-alon : ?Bune, kowe ki ngapa ulatmu kok peteng wae?, apa-apa kok sajak ora kalegan. Mbok kandha wae, nek aku kleru mengko rak bisa menerke kleruku mau, waton mbok dumuk!?. Wangsulane Bu Dakdo njengek : ?Pancen, Pak sampeyan kuwi kleru banget. Sampeyan wong sing ora umum, ora kaya wong-wong liyane kuwi.? Tembunge kandheg, ning Pak Dakdo durung ngerti juntrung lan sing dikarepake garwane. Ngendikane sareh : ?Hla mbok ya terus terang ta bune, aku kuwi ben ngerti lereging gunemu.?

?Pakne, sing diparani disumbang wau rak anak buah sampeyan ta? Cobi ta, ing atase ming anak buah wae omahe kaya ngana. Iring ngomah garacene ana mobil meguk-meguk, bojone hariane gelang kalunge gedhe, anak-anake dha diyasakke motor, njur nek sampeyan??

?O bab kuwi ta bune. Hla piye, aku nek nampa bayar saka kantor kuwi wutuh. Selagi sing mbukak amplope wae kowe sakslruke. Kowe rakya bisa maca ta? Sing ngedum ngecakke ya kowe dhewe. Aku kuwi wis sa jujur-jujure hlo bune, kowe kok isih ora trima.?

?Ha enggih merga sampeyan lehe banget jujur niku Pakne, dadi kahanane awake dhewe nggih pancet kados ngeten niki terus. Sampeyan kuwi wong sing mblujur. Mangka yen wong nyawang kedudukan utawa pangkat, golongan lan eselon, sampeyan niku klebu wong sepuluh besar sak kabupaten, dhasar kapercayane Pak Bupati pisan.?

?Bu, kajen keringane wong iku ora gumantung ing omah gedhong, mobil mewah, lan gebyaring panganggon lan isen-isening omah, ning saka tumindak, tingkah laku lan bebuden sing becik.?

?Walah Pakne, niku nek sak niki mung kandheg teng unen-unen. Wong dha kandha ngoten, ning ndak sampeyan yakin sing dha ditindakke? Sa ngerti kula nggih namung sampeyan niku. Mangka kula ngerti nek sampeyan teng kantor kuwasa nyekel dhuwit rapat, dhuwit sidhang, dhuwit administrasi. Niku mesthi onten keturahane. Kenging napa ndadak di balekke barang?. Seje sing dhuwit proyek. Rak isa ta sampeyan nganggo sithik-sithik??

?Hla ya kaya ngono kuwi bu sing nyamari. Pakulinan enak kuwi sing njur numani utawa marahi tuman. Upamane saiki njupuk sithik, sesuk rong ithik, sukemben telung ithik, ngerti-ngerti gunggunge jutaan, yen ora malah milyaran. Mangka kuwi dudu dhuwite. Wah tumindak kaya ngono kuwi aku ora wani bu, tiwas ati ora tentrem tur jare ya marahi ora dadi daging.? Ngendikane Pak Dakdo sareh lan cetha.

?O ? ha enggih empun, Pakne, nek sampeyan mula mboteh gadhah kuwanen. Ha nggih empun begja kula, bawahane wae bojone dha mubra-mubru, atasane bojone cemima-cemimi. Tumpakane motor lawasan, gek omah lan prabotane kuna tua ketinggalan jaman.? Gremenge bu Dakdo kanthi ulat njegadul, nyebeli sing nyawang. Pak Dakda bisane mung ngelus dha-dha, batine sambat-sambat karo sing kuwasa muga tansah pinaringana sabar lan tabah. Senajan saben dina sasat krungu sambate sing putri anggone kalah banget karo staf-staf anak buahe kakunge, ning atine Pak Dakdo tetap emoh yen dikon slimpat-slimpet, nyeler kana, nyaut kene, gedhene korupsi. Dongane manther ora kendhat sing ndayani imane dadi kuwat. Kabeh peparinge sing kuwasa sing tinampa disyukuri kanthi sawutuhing ati. Nek saiki kurang, mesthi ne suk rakya diparingi turah jer anggone makarya linambaran temen lan tuwajuh.

Kanggo ngawekani ben sing putri ora kumat-kumatan sewote yen weruh kasugihane anak buahe, yen ana undhangan tibakke kantor, ora tau digawa mulih. Cukup nyumbang tindak dhewe, milih yen jam kantor, dadi bisa njur pamit mulih kanthi alasan ninggal gaweyan kantor sing isih kudu dirampungake. Winarto putrane Pak Dakdo sing mbarep sing saiki wis klas III S.M.A. kanca-kancane akeh sing padha ngojok-ojoki Narto supaya nyuwun pit motor, awit kanca-kancane phada ngerti kedhudhukane bapakne. Ning Narto dhewe sejatine ora wani matur, awit bapake ya ora neka-neka sing dipundhut lan diagem. Kabeh prasaja kaya sabene. Ya kuwi mau, selagi ngagem mobil dhinas wae yen pancen ora tugas ya trima nitih motor lawase kuwi. Narto nganti risi padha dienyek kancane, mangka dheweke ya ora tau sing jeneng nunut mbonceng utawa njaluk diterake. Ngrumangsani anggone ora bisa gentenan. Kepekaan sing ditanamkan bapake ing atine putra-putrane dadi tenan. Wiwit S.M.P yen sekolah ngebis tekan saiki wis klas telu S.M.A a tetap ngebis. Jatah sangu telung ewu saka ibune iku, ya mung muklis kalong rong ewu nggo ngebis menyang mulih, sing sewu disinggahke. Ing sawiji dina, Winardi adhine mara-mara kandha ngene : ?Mas Narto, telung ndina maneh kowe kuwi rak ulang tahun ta??, mbok sepisan-pisan matur ibu apa bapak nyuwun diulang tahuni. Ngundang kancamu ora ketang bocah sepuluh apa pira?? Usule Nardi adhine sing neng S.M.P. kuwi. Narto maune mung meneng wae, ning bareng wis dipikir-pikir njur mangsuli : ?Iya, Di, ning tulung mbok kowe wae sing matur bapak apa ibu, suk gentenan, nek kowe sing ulang tahun genten aku sing ngelingke lan matur karo bapak ibu.?

?Yoh wis, mas, mengko aku tak matur nek bapak dhong lenggahan kae.? Tenan, ing wayah sore nalika bapake lagi ngunjuk teh nasgithel kaya adate, Winardi nyedhaki bapakne njur matur : ?Pak, tigang dinten malih, mas Narto rak ulang tahun ingkang kaping wolulas, kula kapurih matur bapak, menawi mas Narto kepingin ngundang kanca-kancanipun.? Ature Nardi ngarah-arah. Mireng aturi Nardi bapake manthuk-manthuk karo gumujeng njur ngendika : ?Ya becik kuwi le, napa kamasmu kok ora matur dhewe??. ?Mbok menawi ajrih, Pak, mergi kula lan mas Narto rak tansah mireng panalangsanipun ibu.? Ature Nardi semu wadul. ?Wis, le, pangresahe ibumu aja mbok pikir. Kabeh apa sing ana, ya kuwi peparinge Gusti sing wajib disyukuri. Ibumu isih wae kepingin gebyar kasugihan kaya dene sing diduweni anak-anak buahku. Ning piye ta Le, wong nyatane kekuwatane bapak ya mung iki. Mula ya Le Nardi, kondhoa karo masmu Narto, bapak saguh nampa tekane kanca-kancane masmu, ning ya mung sederhana. Syukur bage masmu gelem ngaturi guru wali klase ben tepung karo bapak. Takona pisan pira kanca sing arep diundang, perlune aku bisa renbugan karo ibumu.?

?Inggih, Pak,? ature Narto bungah njur lunga nggoleki kamase. Saungkure Nardi, Pak Dakdo nemoni sing putri lagi lelempit kumbahan banjur didangu : ?Bu, Narto wis matur pa yen nyuwun diulang tahuni?, ngendikane alon. ?Dereng, hla sampeyan pripun saguh mboten golek dhuwit ngge ulang tahune anake ??. ?Ya saguh ta Bune, waton sederhana, yen ora dituruti rak ya mesakke Narto, wong ya kerep diundang kancane nggon ulang tahun kuwi.? Ngendikane Pak Dakdo sareh.

?Ya mangga wae, Pak, aku rak mung sederma ngecakke, waton sing umum.?

?Bune, angger-angger kowe kok kandha yen aku ora umum kuwi nggon endi ??

?We hla Pak, nek Bapak kuwi kersa lumrah kaya anak buah, mesthine uripe rak ora kaya ngene iki. Ing atase Kepala kantor, bos nggon proyek gedhe, kok karo anak buahe wae kalah.? Grenenge Bu Dakdo saben-saben mojokke garwane. Pak Dakdo mendel terus tindak. Muga-muga Pengeran paring rejeki mirunggan, lan mbikak atine garwane, ngono batine. Sidane ulang tahune Narto regeng, gayeng, senajan prasaja ning semu wa lan kabeh marem. Narto entuk kadho werna-werna saka kancane. Ana buku, tas, sepatu, baju, H.P, lan akeh makanan kalengan. Ing antarane kadho sing dibukak, njeron H.P. iku ana voucher undian. Sawise tutug olehe ngiling-ilingi gage voucher iku ditulisi nama komplit (identitas dhiri) sarta nomer tilpune pisan. Sawise rampung banjur dikirim menyang kantor pusat perusahaan HP kasebut. Bab mau dening Narto mung disidhem wae ora kandha karo sapa-sapa kejaba bapak ibune. Pak Dakdo nanggapi ature Narto mau banjur ngendika : ?Nek kowe arep meneng wae kuwi wis bener, hiya nek tenan. Merga jaman saiki mono akeh wong sing pinter apus-apus, jare entuk hadhiyah iki ? kuwi, ning syarate kudu ngirim dhuwit dhisik sing gunggunge ngarani akeh. Kowe wis bener Le, ngirimke identitas dhiri marang sing kawogan (kantor pusate). Sabanjure awake dhewe keri nunggu, ning rasah dipikir mundhak ngebot-boti nalar.? Narto manthuk-manthuk mundhi ngendikane bapakne. Nuli ature : ?Inggih kok, Pak, kabegjan lan alangan punika mboten saget dipun suwun lan mboten saget dipun selaki. Pak Dakdo mesem mireng ature putrane, ketok yen pikirane wis wiwit diwasa. Let setengah sasi karo hari ulang tahune Naryo, nalika bali saka sekolah, pas rampung ganti pakeyan, tilpun ngomah muni : ?Halo, ya benar ini Sunarto, ini dari mana ?? embuh swara saka adoh kana sateruse, ning bubar iku Narto ganti mangsuli. ?Wah, Pak, kalau benar, saya merasa bahagia sekali, tetapi uang sejumlah yang bapak sebutkan, saya tidak punya. Baiklah saya musyawarah dulu dengan orang tua saya.? Tilpun durung diselehke, sajake saka adoh kana isih among akeh. Mung bakdo kuwi Narto nanjih : ?Di surat kabar ?Bahagia? yang terbit besok hari Senin, Pak? Oh ? ya ? ya?trima kasih.? Bubar nyelehke tilpun, Narto katon bigar polatane, eseme katon tansah sinungging. Kaya padatan wayah sore nalikane padha ngunjuk teh bebarengan, Narto matur : ?Pak, Bu, kadosipun kula menangaken undian kala emben punika, margi kala wau siang kula dipun tilpun saking kantor pusat H.P. menawi kula ingkang angsal hadhiyah utama arupi mobil mewah kanthi syarat kedah mbayar rumiyin arta seket yuta.?

?Wadhuh disaguhi wae, Le, kuwi mobil mewah hlo.? Bu Dakdo nyaut gunem.

?Olehmu semaur piye Le??, pandangune Pak Dakdo sareh.

?Kula criyos, Pak, menawi kula mboten gadhah arta, ning kula badhe matur tiang sepuh.? Narto ngaturke wangsulane. ?Kuwi wis bener, Le,? ngendikane Pak Dakdo. ?Saking kantor mrika Pak, kapurih maos surat kabar ?Bahagia? ingkang terbit dinten Senen mbenjang, Pak,? ature Narto sabanjure.

?O yen ngono, kuwi tenan Le, merga dimot neng surat kabar,? ngendikane Pak Dakdo.

?Wis dijupuk mobil wae Le, ben awake dhewe ora kalah banget karo bawahane bapakmu? usule Bu Dakdo.

?Kula namung badhe ndherek bapak kok, bu, mangga kados pundi kersanipun.? Mireng wangsulane Narto, bu Dakdo mak kendhelong. Jebul putrane kabeh watake kaya bapake, lugu, jujur, prasaja. Dina Senen, kundur saka kantor Pak Dakdo ngasta surat kabar loro. Siji ngemot jenenge Narto sing menangke hadhiya utama, sijine ngemot anak buahe Pak Dakdo sing konangan nylingkerake dhuwit kantor lan proyek sing gunggunge atusan yuta. Cetha fotone uga dipacak. Saiki omah, pekarangan lan isine kabeh disita, dene wonge nginep neng kantor polisi. Nalika Bu Dakdo maos, Pak Dakdo ngendika : ?Kowe seneng, bu, nek aku sugih ning wusanane ngono kuwi?, sapa sing nandhang?, rak ya anak bojo. Mula wong mono aja penginan, bu, ning kudu eling kekuwatan, lan ben ora kotat-katut ombyake jaman, wong mono kudu duwe adeg-adeg (menterenge prinsip urip).

Dingendikani ngono mau Bu Dakdo kendel wae, mung ing pardoning tingele aton banyu bening netes ing pipine.

?

?TAMAT?

 

 

Diwales

Posted on December 27, 2009 by niniklenyem

Mbok Kariyo mono wong sing ubet golek pangan. Wiwit isih prawan apa-apa sing di bakul mesthi dadi. Eling-eling mbokne biyen olehe ngajari mbok Kromo nggendhong tenggok wiwit isih iyik-iyik.

Adhang-adhang neng ndalan ana janganan, gedhang, kambil dituku, banjur digawa neng pasar, didol maneh di golekake bathi. Sekolahe mung tekan S.D, wong dhasare ya anake wong ora nduwe, arep kanggo apa sekolah dhuwur ?, ngono panemune mbokne biyen.

Tekan saiki merga keuletane, mbok Kromo uripe cukup. Bukak warung kebutuhane wong urip sadina-dina. Kejaba sing saiki padha disebut sembako, mbok Kromo ya ngedhep sabun, rokok, balsem, obat nyamuk. Pokoke sithik-sithik pepak.

Dene bojone ya pak Kromo, wiwit jaka bukak bingkil sepedha, tambal ban ing ngisor wit waru. Entuk-entukane biyen lumayan. Anake mung siji wadon wis ana S.M.P. klas III, Sumiyati ngono jenenge.

Bocahe kaya mbokne, rigen, trampil tur lantip pikire, sekolahe lancar durung tau nunggak. Neng sekolahan tansah kanggo, nduwe tugas ing klase. Embuh ketua, embuh bendahara, embuh pengurus Osis, Sumiyati mumpuni.

Biyen, pak Kromo kuwi wong lugu, ning merga saka pengaruh jroning srawung, ngerti-ngerti kok njur seneng nglelithing jago. Malah njur ngingu jago bakalan adon-adon. Kejaba kuwi biyen ombyake wong main, pak Kromo ya njur wiwit ajar main. Dhisike mung cilik-cilikan, ning suwe-suwe ndadi nggathok lan kesenengan.

Mbok Kromo sajatine wis bola-bali ngelokke, ning ora di gubris, malah wangsulane sengak nglarakake ati :

?Mbokmu !, dadi wong wadon mono mbok aja nyinyir, juweh. Toh main mono ya nganggo dhuwit-dhuwitku dhewe, ora njaluk lan ngrusuhi kowe.? Wangsulane sing wadon mapan :

?Ya bener Pakne, sampeyan ora njaluk dhuwitaku, ning endi kaya neng aku minangka bojo ?? Pak Kromo mangsuli waton golek menang :

?Lha apa gunane olehmu marung kuwi, yen isih ngincih dhuwite wong lanang??. Tinimbang rame mbok Kromo trimo meneng. Ning ya kuwi janji njupuk rokok neng ndhasaran, olehe nyawang mbok Kromo jan nanjakake, lha piye yen udute pak Kromo nglecis, prasasat entek nyambung. Njur piro bathine rokok ? Mula pak Kromo ya pinter, yen njupuk rokok nilapake bojone.

Senajan mbok Kromo ya ngerti, wong mesthi di etung. Gek jeneng mung warung cilik-cilikan, mula kulake ya mung winates. Kuwi dhek jaman semono nalika pit isih ana. Saiki sing numpak pit rak keri bocah cilik-cilik, nunggahe bocah S.D lan S.M.P. Mula pametune pak Kromo ya saya ora mbejaji.

Karo sing wadon blas… ora tau ngayani, ning ngrokok mangan ajeg, tur yen ora ana lawuhe njegadul ulate, nyebahi.

Mbok Kromo wis wegah sapa aruh tuwas mung dadi padu. Kanggo ngelingake bojone, yen wayahe mbayar S.P.P, Sumiyati diajani dikon njaluk bapakne. Piye wangsulane bapakne :

?Sum, apa kowe ki ya ora ngerti ta nek bapak kuwi arang-arang payon lehku mbingkil, merga saiki rak wis arang-arang wong ngingu sepedha, ning wis dha ngingu motor. Ha mbokya njaluk mbokmu kana, sing dagangane maprah-maprah.? Sumiyati isih mbegegek neng ngarepe bapakne karo mangsuli maton :

?Pak, simbok kuwi wis kanggo ngrembug kabeh wong saomah. Ya mangan, ya nyandhang lan kanggo praja, nyumbang, layat lan kalumprakan. Bapak ora mesakke ta, karo simbok ?? Wangsulane bapakne nyentak :

?Ais…… cah cilik kok crigis …… senenge kaya mbokmu ndamil mulang wong tuwa. Wis kana lunga …… Nek wis ra kuwat mbayar sekolah ya wis rasah sekolah? kandhane karo klepat lunga.

Mbok Kromo sing krungu anake di senthak-senthak bapakne, atine kelara-lara. Gage Sumiyati diparani, dikekep asih, karo tangane digegemi dhuwit kanggo mbayar S.P.P. tembunge aris :

?Wis kana nduk, gek ndang sarapan njur budhal sekolah mengko mundhak telat.? Sumiyati diuculi kelebane, bocahe banjur klentreng-klentreng nyaut tas terus budhal sekolah tanpa sarapan.

Mbok Kromo mung bisa nyawang karo ngelus dhadha. Atine judheg lan lara ngrasakke bojone sing wis kebablasen seneng ngabotohan.

Pak Kromo, rumangsa anggone mbingkil ora mesthi ngentukake dhuwit, mula njur ganti haluan. Rehne seneng jago, mula banjur tuku bakalan-bakalan jago bangkok diingu. Syukur dadi adon, orane yen wis di gedhekake payune mesthi larang. Akeh wong golek kanggo bibit (pejantan),

Ana ngomah pak Kromo kerepe mung ijen, awit bojo lan anake sing mesthi ana warung. Neng kana malah komplit, ana kamar kanggo ngaso, emplek-emplek mburi kanggo masak. Ngomah mung kanggo ulihan, reresik awak lan turu sawise tutup warung kira-kira jam sanga bengi.

Warung sing mung gandheng karo omah kuwi cukup dikunci, lan kala-kala di tilak-tiliki. Kunci di gembol mbok Kromo ora tau pisah.

Pak Kromo mono sejatine yen nrima ya tetep kopen, awit mbok Kromo senajan ora tau di blanja bojone, anggone leladi ya di men-menke.

Meja makan ya mesthi ana pangan lan wedhang, camilan apa kesenengane bojone ya dicepaki, semono uga rokok …… ning ya mung dipas-pas wae.

Pak Kromo saploke nyentak-nyentak si Sumi kae ya ora kendel mlebu warung, merga si Sumi ya kaya mbokne, mesthi di sawang lan di ulati sapari polahe bapakne. Lha piye, wong yen kesingse, senajan apa-apa wis dirembug, pak Kromo ya sok isih tegel nggrayahi dhuwit neng kothak warung oleh-olehane dodolan, si Sum sing kerep banget weruh.

Ngono mau yen mengko bengine ana jagongan, mesti diampiri pak Klowor tanggane, sing seneng nggolekke mungsuh main.

Sumiyati ya tansah wadul mbokne, yen bapakne njupuki dhuwit utawa rokok sing kira-kira luwih olehe nggunakake. Dheweke mesakke mbokne yen nganti ora bisa kekulak merga dirusuhi bapakne. Mangka kabeh kebutuhane,wong tuwane wadon sing mbudi daya nyukupi.

Pak Kromo saya ngawur, yen diampiri main mangka ora duwe dhuwit, apa sing katon neng ngomah di cangking di gadhekake, tekade yen menang ditebus maneh. Ya ngene iki wong kuwi yen wis nggathok main.

Yen ora nyekel kertu seminggu wae rasa tangane wis gatel.

Kaya sesuk malem Minggu kuwi, pak Rahmad, tangga wetan omahe bubaran bayen, mangka pak Kromo oleh undhangan jagong. Nek bojone wis cetha yen nyumbang, lha mengko nek neng jagongan ana kalangan, njur apa sing arep di anggo sangu ngudang kertu, nek nampa tatangan ? gek mangka ndhil picek wae pak Kromo ora gableg. Barang mbejaji sing neng ngomah wis ora ana sing bisa digawa. Ya isih duwe mas-masan kalung lan ali-ali, ning rak di enggo bojone wong ya le tuku dhewe.

Pak Kromo lungguh lincak neng ngarepan thenger-thenger kejudhegan.

Rekane arep mlebu kamar, turon. Ning ora ngerti yen Sumi wis bali, katitik kamare lawange menga sithik. Pak Kromo ngungak … kaget lan gumun dene Sumi lagi ngetung dhuwit puluhan ewon sagebok.

Pak Kromo gage bali semu jinjit tumuju kamare banjur turon. Batine, gek kuwi dhuwite sapa ? Ati rasane kepingin banget nembung utang utawa nylih, ora ketang telung puluh ewu, ning yen eling ditembungi dhuwit nggo mbayar S.P.P wae ora metu, atine dadi mengkeret lan wedi. Sidane ora wani nembung.

Apa maneh Sumiyati saiki yen omong wis kaya wong diwasa, maton lan nyata, persis mbokne. Neng peturon pak Kromo kethap-kethip ngulir budi, piye bisane entuk dhuwit.

Wayah esuk, mbok Kromo wis budhal neng pasar kekulak, Sumi wis katon adus lan sarapan, tas wis digadhulake ana setang sepeda siap budhal sekolah. Bapakne saka njero ngundang karo nyedhak :

?Sum, bapak jupukna rokok dhisik neng warung !?

?Wah bapak kuwi, mbok ya njupuk dhewe kaya adate ngapa ?, aku wis awan, Pak.?

?Emoh jupukna !, mengko mundhak diarani ndobel olehku njupuk.? Kanthi polatan peteng, Sumi sing wis nuntun sapedha, gage nyendhekake ing wit kates ngarepan, terus nguncluk tumuju warung.

Sak ungkure Sumi, gage pak Kromo nyedhaki sepedha sing di sendhekake. Tangan nggrayahi tas sing ana setang, ngrenjel tangane nemu barang kandel ing amplop dijupuk banjur disak, gage mlebu ngomah karo nyandhak sapu terus nyapu jogan. Let sedhela keprugu Sumi mlayu-mlayu undang-undang bapakne, kandhane :

?Gilo pak, rokoke,? Pak Kromo metu neng lawang nampani rokok sing di ulungake anake. Sawise iku Sumi marani sepedha. Di cengklak terus nggeblas mangkat sekolah.

Pak Kromo rumangsa lega. Dhuwit ing sak di wetokake, terus di etung ana rong atus seket ewu rupiyah. Lowung kena kanggo sangu njagong, ngono batine. Esuk kuwi mbok Kromo olehe kekulak nganti rada awan merga ngepasi dina pasaran, dadi akeh barengane bakul-bakul sing padha kekulak. Tekan ngomah, sawise nata dagangan ing warung mbok Kromo nyepaki oleh-oleh kanggo sing lanang.

Sega gudhangan karemane bojone kanggo sarapan, kripik lan lapis. Sawise di tinggal neng warung, pak Kromo ngethamul anggone mangan. Lagi wae warung dibukak, wis ilir tangga teparo sing padha teka blanja, gawe bungah atine mbok Kromo.

Kira-kira jam sepuluh, Sumi wis mulih, langsung mlebu kamare ngolak-alik buku tumpukan ing meja, bantal, kemul lan lemari sandhangan diobrak-abrik.

Weruh anake mulih, mbok Kromo nututi, denea neng kamar Sumi sewot karo ngobrak-abrik buku. Pitakoe mbok Kromo :

Ngapa ndhuk, yah mene kok wis bali ?? Wangsulane Sumi : groyok ketara yen arep nangis :

?Mbok, dhuwit buku sekolahan sing tak gawa ilang.?

?Ha ?? Mbokne kaget njur nanjih:

?Ilang piye, ndhuk.? Wingi mbok seleh neng ngendi ?

?Elingku mau esuk ya wis tak lebokke ngetas, ning tekan sekolahan arep tak setorke kok ora ana. Mangka kanca-kanca mau, ngarepe ngaso ya wis di gledhah karo pak guru ning ora ditemokke.

Kandha ngono Sumi ngebrukke awake neng dhipan karo pecah tangise. Kandhane pedhot-pedhot?

?Mbok, pak guru ngendika, yen dhuwit durung (ora) ketemu aku ora kepareng mlebu sekolah.?

?Oh … oh … mengko sik ndhuk, tak kandha bapakmu. Mbok Kromo nggoleki sing lanang lagi neng kebon dicelukake:

?Pakne renea !? Pak Kromo nyedhak sajak kalem kandhane:

?Kon ngapa mbokmu ??

?Sampeyan ngerti dhuwite anake pak?, e……. mbok menawa tiba sampeyan openi??

?Dhuwit apa ?, aku ki ora weruh lan ya ora ngerti.? Wangsulane pak Kromo

?Mangka kuwi dhuwit sekolahan pakne, dhuwite bocah-bocah arep kanggo tuku buku bahan ujian, sing gunggunge ana rong atus seket ewu.?

?Jeneh kok ndadak nggawake dhuwite kancane barang.? Pak Kromo nutuh semu nyalahake anake.?

?Witikna karang anakmu neng sekolahan dadi bendahara kok ya pakne. Ngono mau nandhakake, yen anakmu kuwi jujur, njur di percaya nyekel dhuwit.? Pak Kromo meneng wae sajak ora mikir, sing saya nambahi atine sing wadon dadi mundhak gregeten. Nuli kandhane :

?Mangko jarene anakmu, pakne, nek Sumi durung nggawa (setor) dhuwit sing gunggunge semono kuwi neng gurune, Sumi ora etuk mlebu sekolah. Piye pakne ?? Pak Kromo mangsuli ngglayem :

?Ha piye ?, aku dhuwit saka ngendi ?

?Ha ya embuh !? wangsulane mbok Kromo santak.

?Kowe kuwi pakne, leren lehmu mbingkil merga ra payu, nganti ngingu pitik, angger gedhe di dol, neng ngendi dhite, aku kok ora tau weruh, anakmu njaluk dhuwit S.P.P wae kelakon ora metu malah mbok sentak-sentak. Neng ngendi tanggung jawabmu dadi bapak ?, dadi kepala keluarga sing kudune ngayomi ngayani …. ngrembug ? Mangka kabeh kebutuhamu tak cukupi …… tak ladeni.? Pak Kromo dadi panas atine di undhamana bojone. Kanggo ngetokke kemenangane dadi wong lanang kandhane sero lan kasar :

?Meneng !? Wis pokoke aku ora isa golek dhuwit semono. Kowe sing bakul pinter golek dhuwit, tutupen dhuwit sing di ilangke anakmu kuwi !?

?Wis … wis … kowe ora bisa tenan, pakne ??

?Rak … , mangsa bodhoa caramu.?

?Yoh yen ngono, dhuwit sing ilang tak ijolane … , kowe wis pasrah embuh caraku.? Kandha ngono mbok Kromo marani anake neng kamar karo kandha lirih :

?Wis ndhuk, rasah susah, sesuk tak golekke ijole.? Sumi nicil ayem krungu kandhane mbokne mau, senajan ing atine ana rasa welas lan mesakke marang wong tuwane wadon mau.

Tenan, isih sore pak Kromo wis diampiri Klowor, sing kandha jare wong-wong sing biasane gawe kalangan wis padha teka. Pak Kromo cekat-ceket dandan, wong loro bajur budhal.

Nalika pak Kromo metu, mbok Kromo gage ngancing lawang karo grobyagan, diketokake yen atine ora keduga. Pak Kromo ora nggubris, terus wae ngleler lunga.

Sajake kertune urip, wis jam telu esuk dhuwit sing disingidake ing sak surjan wis motol-motol kebak. Atine mbedhedheg, semangate makantar-kantar.

Ning tan kocapa bareng ngarepake gagat rahina, kertune klipuk terus. Bola-bali dhuwit sing ana sak bali metu nganti tipis. Atine wiwit kebrengas lan panas, nambahi pandelenge nyawang kertu dadi kuwur. Gek dhuwit pawitan wis entek, semono uga entuke kemenangan, sake wis bali kothong.

Pak Mitro sing menang ngguya-ngguyu nambahi panas atine pak Kromo. Nuli kandhane :

?Pak Mitra, aku nyebrak dhuwitmu pitung puluh lima ewu, tak nggone nutut kekalahanku.? Wangsulane pak Mitro sinis:

?Lha borege apa ??

?Wis ta, nek ora isa mbalekke, sesuk-esuk saka kene jago bangkokku gawanen!?

?Tenan lho ya.? Kandha ngono karo mbukak slepen ngetokke dhuwit di ulungake pak Kromo.

Nganti jam sepuluh awan mainan durung bubar, malah kertune pak Kromo katone arep urip maneh.

Esuk kuwi mbok Kromo bingung tenan olehe arep nggolekke dhuwit anake supaya wani mlebu sekolah. Senajan di slamur karo nyapu latar ning ya kepikiran terus. Saka pojok dalan kledhang-kledhang Pak Lurah sepuh (mantan) liwat ngarepe, karo ndangu:

?Bapakne neng ngendi mbok Kromo, nek kowe nyapu kuwi apa budhalmu neng pasar ora kawanan??

?O Pak Lurah, bapakne niku lehe njagong dereng mantuk, mangka anake niku mbetahaken arta ngge ngijoli arta sekolahan sing diilangake, niki dereng kecepeng.? Mireng ature mbok Kromo, Pak Lurah mandheg ndangu :

?Apa bojomu kuwi seprene ya isih main ta mbok Kromo ??

?Wo… Pak Lurah angger gadhah arta tur wonten jagoan, bapakne mesthi kiprah. Mbok Kromo banjur crita, bab anggone bakal ngijoli dhuwit sekolahan sing diilangake anake. Merga yen ora ngijoli anake ora oleh lan ora wani mlebu sekolah. Pak Lurah gedheg-gedheg karo ngendika:

?Mbok Kromo, sekolah kuwi penting kanggo masa dhepane anakmu, ya saiki apa sing krasa dhisik digolekake dhuwit. Dene yen mung barang utawa klangenan, mengko yen duwe dhuwit rak bisa tuku maneh.? Wangulane mbok Kromo:

?Inggih Pak Lurah, kula manahe, pundi sing kirang penting, ning gampil dipadoske arta.? Pak Lurah neruske tindake, dene mbok Kromo njur lungguh karo mikir-mikir.

Dumadakan njur mesem karo ngadeg. Mlebu nggudang weruh kiso njur dijupuk, terus neng kandhang pitik mburi pawon. Kurungan jago bangkok dibukak, jagone di cekel banjur dilebokake kiso. Bubar iku kurungan sijine uga ngono. Gandheng kisone mung nduwe siji, mula jago sijine sikile ditaleni dadi siji bajur di kempit. Bubar kuwi mbok Kromo kandha anake:

?Sum warunge ditunggu, aku tak lunga sedhela.?

?Yoh mbok,? wangsulane Sumi ora gingetke mbokne, ketungkul maca majalah. Ora suwe mbokne wis bali, karo nyedhaki anake kandha :

?Sum ! kana menyang sekolahan mumpung iki durung jam sewelas, iki ijole dhuwit sing mbok ilangke wis ana. Karo butuhmu apa sisan kuwi beresana !?

Anu mbok, wingi olehe mbayar rak lagi sesasi, mangka kekurangane telung sasi. Tur aku ya dhurung pasok sing kanggo tuku buku kuwi.?

?Nek kowe tak wenehi dhuwit telung atus ewu kanggo ngijoli, lan nglunasi kabeh kekurangane kuwi, cukup ora ndhuk??

?O… cukup mbok.? Wangsulane Sumi bungah. Sawise Sumi nampani dhuwit, gage ngetokke sepedha terus bablas neng sekolahan, atine bungah banget.

Kira-kira jam rolas awan, pak Kromo mulih saka njagong ditutke pak Mitro mungsuhe main. Wong loro runtung-runtung njujug neng kandhang pitik.

Iba kagete pak Kromo, bareng weruh kurungan loro sing isi jago bangkok wis suwung. Kusung-kusung neng warung takon bojone:

?Mbokmu ! neng ngendi jago bangkok sing neng kurungan ??

?Mau esuk wis tak gowa neng nggone babah Holiang pakne, tak dol payu patang atus ewu. Dhuwite wis digawa anakmu neng sekolahan kanggo ijol dhuwit sing ilang, uga nglunasi S.P.P sing rong sasi, sisane nggo tuku buku.?

?Atine pak Kromo muntap, kandhane sereng:

?Lho … kowe kok lancang, mbokmu ??

?Ya ora lancang ngono pakne, kowe rak akon ta,? ya kono mangsa bodhoa caramu.

?Caraku ya ngene iki. Penting sekolahe pakne, nek mung karo jago klangenan.? Kandhane mbok Kromo ora kalah sero.

Pak Kromo rumangsa salah lan kalah mapan, bojone pancen bener. Sidane utange karo pak Mitra neng kalangan, disauri jago adon-adon sing sejatine dieman-eman. Karo mlebu ngomah kukur-kukur sirah sing ora gatel, pak Kromo grenengan ijen: ?Wah jebulane kanthi alus aku diwales.?

 

 

 

Dhukun

Posted on December 27, 2009 by niniklenyem

Kanggone wong sing urip kecukupan (layak), jaman saiki kuwi diunekake murah sandhang murah pangan, mbahku sing wis umur pitung puluh lima tahun ya ngendika ngono. Nalika jaman simbahku cilik biyen, jaman Negara kita iki dijajah Walanda, sing jeneng pangan kuwi larang. Tur maneh, winates pangan sing asale ya saka kiwa tengene dhewe, upamane saka jagung bisa digawe sega jagung, blendhung sing olehe mangan nganggo parutan krambil lan uyah. Njur saka tela kaspa, iki bisa digawe panganan sing luwih akeh wernane. Bangsane pala kependhem : kimpul, uwi, midra, nggarut, tela pendhem, gadhung lan isih akeh tunggale.

Jare simbah, roti kuwi sing mangan mung landa lan sinyo utawa nonike. Wong Jawa, ora ana sing bisa gawe roti, apa maneh kabisan kudu mung winates tumrap wong pribumi. Sekolah angger wis bisa maca lan ngerti angka ya uwis. Kuwi wae pilih-pilih wong, paling ora anak perangkat desa. Beda karo jaman saiki. Lanang wadon, janji nduwe ragad bisa sekolah dhuwur mencit nganti entuk gelar. Roti-roti, saiki dudu panganan mewah, angger wong sasat bisa gawe roti, malah jare wis padha jeleh. Yen mertamu suguhane pepak, sing dijupuk mesthi pangan sing tradhisionil, ya kuwi sing jeneng obah-owahing jaman. Olehe padha ngarani ?Nut jaman kelakone? utawa manut jantraning jaman.

Bali uripku sing tak alami wektu iki. Aku ya wis ngecake programe pemerintah, urip bebrayan catur warga. Sing ateges aku lan bojoku karo anak loro. Ning nganti seprene, aku kayane kok kurang ngrasakke bahagia sejahtera. Uripku isih tetep rekasa, kanggo cukup aku isih kudu mbanting tulang kerja keras ? ngonoa ya isih kudu utang-utang. Anakku sing gedhe ana S.M.A klas telu, adhine neng S.M.P ya klas telu. Manganku sak brayat ya prasaja hariane tahu, tempe, krupuk, dene sayur mung trima sak-sake. Pakaryanku sing tetep minangka pamong / guru / S.D. lulusan S.P.G taun sing keri dhewe, njur gugur bunga kae (alias S.P.G ditiadakan). Dene bojoku dodol sayuran neng pasar. Jare jaman biyen, wong bisa mangan warek wae atine wis tentrem. Ning aku kok ora, yen kakehan pikiran sing njur marahi kuwur, senajan awak kesel lan wetenge ngelih, arepa ana lan weruh pangan ya ora selera. Ta rakya bedane akeh ta simbah biyen karo aku saiki?. Sing banget marahi banter mikir kuwi yen bocah-bocah diaba S.P.P lan kebutuhan sekolahe sing kudu enggal diwujudi. Mangka yen disawang satleraman pancen kurang pas. Kayata, ngapa bocah S.M.P kok ndadak kudu wisata neng Bali sing wragade ora sithik. Jare bocah ben ngerti budaya lan tradhisi Bali sing kawentar kuwi. Ning guru rak ora ngerti lan ora mikir, piye status ekonomine wong tuwane murid?. Gandheng iki kudu, senajan sirah pusing tujuh keliling, ya kudu wong tuwa nabrak-nabrak kareben entuk dhuwit kanggo cukupe anak.

Kahanan sing bangsane kaya ngene iki, sing aku karo bojoku yen omong-omongan bengi nganti njur angel turu. Pas dina libur aku ana ngomah, bali saka pasar bojoku kusung-kusung ngedhaki aku karo kandha : ?Pak, tak kandhani ya, jare desa Losari ya tangga desane dhewe kuwi ana dhukun anyaran sing pinter, bisa dijaluki tulung apa wae.? Aku mangsuli ngglayem : ?Ora, bune, ngertimu kuwi saka ngendi?, kathik saiki ngerti dhukun barang. Njur nek kaya awake dhewe kuwi arep nambakke apa, wong awake dhewe ya waras wiris ngene.? Kandhane nyaiku nrocos : ?Pak, dhukun kuwi ora ngemungna nambani wong lara, ning ya bisa madhangke atine wong sing lagi kepetengan, dijaluki pelarisan, lan isih akeh maneh, pakne.? Aku meneng manthuk-manthuk ngrungokke critane nyaiku. Ngerti aku nggatekke, nyaiku neruske guneme : ?Pak, mbok coba, sampeyan mara, sapa ngerti mengko uripe dhewe njur bisa entheng. Apa ta salahe wong usaha, wong syarate ya mung entheng. Jare mung padha nggawa gula teh karo rokok, ? bojoku nerangke. ?Ora, bune, nek kaya aku kuwi tekan kana njur arep jawab nyuwun apa??

?Walah, pakne, sampeyan kuwi kok ya kebangeten. Rak ya bisa ta nyuwun ben uripe dhewe kuwi entheng, diparingi murah rejeki, lan ya apa wae sing marahi urip kuwi bisa tentrem.?

?Yoh ? sesuk-sesuk kono, bune, tak pikire dhisik,? wangsulanku sareh.

?Kathik ndadak nganggo dipikir ta, pakne, mbok ya gecos kapan lehe arep rana, mengko gula teh aku sing nyiapke,? kandhane nyaiku getol.

?Yoh wis bune, sesuk sore aku tak rana, dhasar dinane pas malem jum?at kliwon. O iya kyaine kuwi jenenge sapa bune?? aku nanjih.

?Anu, pak, asmane ki kyai ?. Ah kyai sapa ya aku kok rada lali.?

?Kuwi, hla wong jenenge wae lali, kok selak olehe nyurung-nyurung kon mara, njur olehku arep takon piye?, aku nggrundel.

?Oh ? oh ?. Kelingan aku pakne, nek dha ngundang muni mbah kyai Dadi alias Mbah Jenggot ngono. Neng kana kuwi jare tamu-tamune disuguh jamu, ora wedang ya karo cemilan barang.?

?Wah-wah ? kok njur tekan suguhan barang. Apa mrana kuwi mung arep golek suguhan pa??,kandhaku munggel gunem.

Dina candhake ngepasi malem jum?at kliwon, aku sida sowan pak kyai kaya pakone nyaiku. Sejatine wiwit biyen mula, aku kuwi blas ora percaya karo modhel perdhukunan kuwi. Dadi gelemku kuwi ya mung dhapur ngelegani bojo, ning jroning atiku ora greget babar pisan. Tak anggep wae, nek iki idhep-idhep nggo pengalaman urip. Tekan desa pernah lor desaku, sawise takon-takon sawetara, cepet wae ketemu omahe pak kyai Dadi alias mbah Jenggot. Aku teka ngepasi surup. Tekan clongopan desa aku gumun, jebul tamune akeh, malah tak delok ana mobil telu sing parker neng lurung, mergo latare sing mung ciyut kuwi wis kebak motor. Sawise njagrakke motor sing wis jejer-jejer kuwi, aku mlebu tanpa uluk salam kaya tamu-tamu liyane sing wis teka keri kaya aku. Neng kono wis digelari klasa plastik, tamu sing teka ya njur lungguh kono kuwi. Let sedhela ana nom-nomman loro sing ngladekke gelas kothong, karo gendul loro isi kebak. Sijine tulisane kunir asem, sijine beras kencur. Uga ana stoples isi emping lan roti kering. Aku mbatin, jebul bener kandhane nyaiku, suguhane dudu wedang, ning jamu. Tak delok, tamu-tamu kuwi ya njur dha ngiling dhewe terus diombe, tanpa ana sing nawakke.

Tak sawang, wong-wong kuwi padha antri mlebu omah mburi mbaka siji. Jare ya neng ngomah mburi kuwi Pak Kyai paring wejangan. Dene tas-tas kresek, oleh-olehe para tamu padha diseleh meja sing wis disadhiyakake, sing ngisore padha kanggo lungguhan tamu kuwi. Mesthi wae, wektune saya wengi, tamune ya saya nipis merga sawise dilayani ya njur dha pamit mulih. Sidane mung keri aku sing mau tekane pancen keri dhewe. Tekan giliranku mlebu omah mburi, aku gumun dene Pak Kyai sing tak arani olehe mejang ana kamar utawa senthong kuwi kleru. Pak Kyai lenggahing amben gedhe, kiwa tengen ya ora ana apa-apane. Bareng weruh aku teka, pak Kyai sing wonge isih enom ya sabarakanku kuwi, ngingetke semu mencereng tumuli keprungu ngendikane : ?Nek ora kleru iki ya rak pak Wiryono ta??. Aku kaget semu gumun, mergo aku durung tau sowan mrene kok wis pirsa jenengku. Gage aku mangsuli : ?Inggih, Pak Kyai, kula ingkang sowan.? Aku nyedhak njur lungguh anteng ing ngarepe, kanthi ora ngetarani aku nyolong-nyolong ngematke rupane. Wonge nganggo sarung lan surjan, blangkone gondosuli nganggo mondholan modhel yogya. Alise ketel putih lan jenggote dawa uga putih. Sak tleraman wonge pancen bagus, wong untune ya isih katon wutuh. Karo nata lungguhku ben katon trapsila, aku nyoba ngeling-eling, ketoke aku wis tau weruh rerupan sing kaya ngene iki, ning neng ngendi?, aku lali. Bareng lungguhku wis mapan Pak Kyai ndangu : ?Rak ya dha slamet ta Mas Yono??, pitakone. ?Inggih wilujeng, Pak Kyai,? wangsulanku saya gumun, denea nimbali aku kok nyebut mas. ?Saiki daleme neng ngendi, Mas??, pitakone maneh. ?Wonten Sambilegi dhusun kidul punika, Pak Kyai, katut babon,? wangsulanku blaka nek ngetutke bojoku. ?Hla njur omahmu sing Ndurensawit kae sapa sing ngenggoni??. Aku jan kaget tenan, denea wong iki ngerti asal usulku dhek cilik.

Wah nek ngono waskitha tenan wong iki. Ngono batinku. Gumunku durung ilang, Pak Kyai wis ndangu maneh : ?Mas Yono, aku tak takon, wangsulana kanthi jujur ya?? ?Kowe tekan kene iki saka karepmu dhewe?? ana sing akon, utawa apa ana sing ngajak?. Wangsulanmu kudu jujur hlo, Mas!? Aku saya kaget banget nampa pitakon sing ora ndak nyana iku. Aku bingung ? bingung tenan lan judheg. Ngerti kewuhan anggonku rep mangsuli, kyai Jengggot njur ngendika : ? Mas Yono, aku kuwi ngerti,nek sejatine karo dhukun kowe kuwi ora ngandel, rak iya ta ?? Adhuh ?, lumraha mono aku isa mati kaku, merga jroning atiku wis kewaca kabeh. Jan hebat tenan dhukun siji iki, ngono batinku. Kanthi ati dheg-dheggan aku mangsuli apa anane : ?Ing ? inggih ?. Pak Kyai ?, kula namung nuruti kanca estri, kapurih sowan mriki nyuwun berkah Pak Kyai, supados gesang kula entheng,? kandhaku jujur.

Pak dhukun mung manthuk-manthuk karo ngguyu nggleges, aku dadi saya kisinan. Sawise sawetara Pak Kyai mung meneng wae lan namatke aku, njur mbaleni ndangu : ?Mas Yono, desane omahmu mau Sambilegi?, gandheng sing arep ndak kandhakake kuwi wewadining urip, mula kowe ora tak kandhani neng kene, ning suk malem jemuah kliwon, ganti aku sing teka ing omahmu, kanthi syarat : mung kowe karo aku, anak bojomu lungakna, embuh piye lan apa alasanmu. Sing cetha aku lan kowe bebas rerembugan. Dene jame kira-kira jam sewelas mungggah.? Ngono dhawuhe Pak Kyai. Wis ora ana pilihan liya, bisaku mung sendika dhawuh. Bareng wis cetha apa sing didhawuhake, aku njur nyuwun pamit. Aku gumun, dene anggone nyalami aku nalika tak pamiti kenceng banget, kaya konco lawas sing wis suwe ora ketemu. Nalika aku tekan ngomah, bojoku ora sranta gage nyedhaki terus takon : ?Diparingi srana apa, Pak, karo mbah dhukun?? Bareng aku wis lerem lagi tak kandhani. ?Ngene ibune : Kandhamu kae kabeh bener, apa sing ana jroning atiku kuwi dheweke ngerti kabeh. Wiwit jenengku, asalku dhek cilik, nganti tekan olehku ora percaya neng dhukun, dheweke kuwi ngerti. Mula baliku ora digawani srana apa-apa munggahe diwejang, ning Pak Kyai malah arep rawuh neng omahe dhewe suk dina malem jemuah kliwon, wektune bengi nek wis jam sewelas munggah. Dene syarate ibune, Pak Kyai mung butuh ketemu aku thok, kowe lan bocah-bocah kudu ora ana ngomah dhisik.?

?Hla aku karo bocah-bocah kon ning ngendi Pakne??, takone nyaiku.

?Gampang, diajak tilik mbokdhene neng ndesa rak bisa, mangkat sore mulih esuk, witikna piye wong Pak Kyai karepe ngono. Mangka iki rakya karepmu ta bune?? Wangsulanku mojokke. ?Hiya-iya pakne, aku ya seneng kok dene sampeyan kok entuk tanggapan mirunggan saka Pak Kyai.? Dina Kemis malem jemuah kliwon, ibune bocah-bocah masak lawuh lan nyiapke suguhan kanggo mengko bengi. Mesthi wae istimewa timbang saben dinane. Sawise kabeh cumawis, banjur budhal menyang ndesa karo anak-anake sengadi tilik budhene. Saungkure bojone, Maryono mung mikir bengine mengko, gek njur apa sing arep dikandhakake dhukune bab wewadining urip kuwi. Jeneng wong ngenteni ngono kae jan ?. njelehi banget, rasane kaya suwe banget. Jam sewelas wis keprungu cumengkleng saka jam tembok. Atine wiwit nitir. Temenan, ora let suwe ana wong nothok lawang, gage olehe menyat mbukakake. Plong atine, bareng ngerti yen sing teka mbah dhukun tumenan. Sing teko semono uga, bareng lawang dibukak gage olehe ngrangkul kenceng.

Bareng wis satata lungguh, dhukun mau lingak-linguk terus takon : ?Anak bojomu neng ngendi, Mas??. ?Neng ndesa tilik budhene,? wangsulanku kendhel. Wusana dhukun mau takon maneh : ?Apa kowe kuwi ya pangling tenan ta, Mas??. Ditakoni ngono aku bingung karo ngeling-eling ? ning blas ? aku lali. Wusana kanthi tenang neng ngarepku, mbah dhukun mau nguculi blangkon, jenggot lan alise sing memplak kuwi. Sakala aku ora pangling yen Sudadi, kanca tangga cedhak dhek jaman cilikanku biyen, ya kanca dolan lan sekolah sing saben dina ulang ? uleng. Layak yen ngerti kahananku kabeh. Sanalika tak ruket ning karo tak ingel-ingel sirahe, tutukku nrocos tembung pamisuh metu : ?O dhukun edan, dhukun sableng!, wiwit dhek kapan kowe madeg dadi dhukun?. Ya angger wae dudu dhukun gejos, dhukun porno, sing ngrampeti prawan sing mara merdhukun, ? kandhaku saenake.

?Mas Yono, kowe ki aja ngawur mas, aku dadi dhukun kuwi merga kepojok, kaya dene dikudokake aku kudu tumindak ngono. Ning neng atiku aku ora gawe wisuna, ora arep apus-apus, gedhene nyengsarakake wong cilik, milik kanthi niat meres kanggo pribadiku, ora, mas, ora tenan.?

?Aiyah wong kebukten ngono kok selak. Nek wong mara semana akehe saben dina dha nggawa gula teh kae mbok nggo apa?, mangka aku ya weruh dhewe.?

?Ya bener, mas, ning kae rak karepe dhewe aku ora njaluk, wong sebagian ya tak balekke kanggo nyuguh. Beras kencur, kunir asem, gula jawa kae bahane rak ya tuku ta, mas ?, tur mesthi diombe wong aku kandha syarat. Ning nek wedang durung karuwan diombe. Sakjane sing dha goblok, kelinger lan ora ngutek kuwi ya sing dha teka neng nggonaku. Hla piye, aku nek mejang ya sing apik-apik merga, nek tumindak ala kuwi larangane sing gawe urip, kerep-kerepe ora bakal di idini. Bar ngono njur tak wenehi banyu putih sing ora ana apa-apane. Tak kon ndonga sing akeh manut piyandele, nyuwun apa sing dikarepake. Dadi nek kabul penyuwune kuwi dudu saka aku mas, ning ya merga lehe ndedonga kuwi.? Kandane Dadi wijang lan serius.

?Ora Di, kowe mau kandha nek dipojokake, lehmu dadi dhukun kepeksa kuwi sejatine piye, aku rak during mudheng? aku manjih. ?Ngene ya, Mas, sampeyan ngerti, dadi guru kuwi bayare dipangan sesasi tekan ngendi?, mangka dhek semana, aku reka-reka ngontrak omah karo ajar bebakulan (blantik pit). Ning mas, usahaku bangkrut. Aku reka-reka utang rentenir Cina, sing lumayan akehe, sirku ya arep tak nggo nerusake usahaku, ning aku lali yen kuwi dhuwit anakan sing kudu tak bayar saben Minggu. Adhuh, mas, dhuwitku entek kecurat-kecurut nganti aku ora bisa mbayar anakan. Cina kuwi bola-bali mara, ning aku wis ra iso setor. Wusana sawijining wengi, Cina kuwi teka nggawa wong loro, mas, bareng aku kandha yen ora bisa setor, langsung wae wonge kuwi dikon ngajar aku nganti lempe-lempe. Aku wis pasrah karo sing gawe urip, yen kepepete mati aku ya wis gelem. Wektu kuwi anak bojoku ngepasi tilik mbahe. Barang Cina kuwi ngerti aku wis ora bisa gemlawat, mas, aku njur ditinggal lunga. Karo bojoku aku ya mung kandha yen awakku lara.? Dadi leren lehe crita, aku takon : ?Hla apa hubungane karo olehmu dadi dukun?? ?Tak terusake ya, mas,? kandhane Dadi bareng wis ngeling-eling sedhela. ?Let setengah sasi saka kedadeyan kuwi, keluargane Cina kuwi teka maneh, ning aneh. Tekane kanthi polatan padhang kepara sopan sing keladuk, gek oleh-olehe werna-werna akeh. Intine njaluk ngapura lehe wis ngajar aku, lan saiki dheweke lara nemen. Dokter ora nemokake lelarane. Mula njur dha teka mara njaluk ngapura lan njaluk tamba, rupa apa wae arep, waton diwenehi. Aku kandha yen wis tak apura, ning nek tamba aku ora bisa nambani, selagi dokter wae ora bisa. Ning keluargane Cina mau meksa, pokoke diwenehi jamu apa wae gelem. Rehne bisaku mung menehi banyu putih, ya kuwi sing tak wenehke. Tak weling, tak kon nyuwun mari lan nyuwun pangapura karo sing Maha Kuwasa. Ya wis mas mung ngono kuwi welingku karo keluargane.

E let seminggu Cinane kuwi kok teka numpak mobil, bareng mudhun didhabyang anak bojone neng omahku. Mara kejaba mbaleni njaluk ngapura, ya matur nuwun lehe wis mari. Ya ampun mas, oleh-oleh rupa bahan makanan dhus-dhusan pirang-pirang, ngerti nek aku wong kurang.? Bareng bali ninggali dhuwit sagebog, kena nggo tuku pit montor siji gres, isih karo kandha : ?Sesuk nek arep ajar blantikan maneh pak,ora usah utang tak pawiti sacukupe.? Ning tan kocapa mas, bar kuwi njur akeh Cina dha mara mrene, mangka aku wis bola-bali kandha nek aku kuwi ora bisa apa-apa, ning dha meksa jare saran lan banyu putihku kuwi mujarab. Mula ya njur tak wenehi ngono wae. Ora ngertiya mas, njur wong jawa barang saka bakul pecel, perangkat desa, pejabat kok dha teka mrene, klebu kowe, mas. Hara nek ngono kuwi sapa sing goblok?, mangka karo sapa wae aku kuwi mesthi kandha apa anane.? Dadi mono wiwit cilik jujur, mula aku ya ngandel karo kabeh kandhane, sabanjure aku takon. ?Di, njur karepmu kowe mrene kuwi, aku arep mbok wejang apa??, wangsulane sengol : ?Wejang dhengkulmu amoh kuwi pa, mas. Olehku mrene wayah bengi tur emoh ketemu anak bojomu kuwi , aku arep njaluk saran, piye carane nguwisi anggonku dadi dhukun sing ora kajarag iki??

?Kowe wis mantep dadi guru thok tanpa nyambi dadi dhukun??, pitakonku hodhi atine. ?Uwis mas, dhasare depositoku wis kena yen kanggo pawitan urip.? Wangsulane mantep. ?Gampang Di umumna, (iklana wae neng surat kabar, loro utawa telu edisi, ping telu utawa luwih, kandhakna, nek mbah Didi utawa Kyai Jenggot wis ora bisa dijaluki tulung merga wahyune wis oncat, wis bali kaya wong lumrah maneh.? Ngono pratikelku. ?Wah lega, mas, aku saiki. Ora ilang anggonku keraya-raya bengi mrene. Tenan mas, kowe mono mitraku sejati wiwit cilik tekan saiki. Ora luwih tak trima banget, keparenga saiki aku nyuwun pamit. Minangka bebungah ? yoh iki kanggo jajan bocah-bocah. Aku digegemi dhuwit lumayan akehe. Wiwit sesuk lawangku ngarepan arep tak tutup lan tak cantheli tulisan sing unine : Sementara Mbah Jenggot tidak menerima tamu karena baru maneges (meditasi). Mengko let pirang ndina wara-wara saka iklan surat kabar metu, wong-wong rak njur ngandel. Wis ya mas ?. Aku bali.? Tak untapke mulihe tekan latar, ora lali bareng wis tak salami kenceng banjur tak jenggung sirahe. Ora lali neng njero mau blangkon, alis lan jenggot dipasang maneh.

?

? TAMAT ?

Leave a comment

Filed under Uncategorized

Leave a Reply

Fill in your details below or click an icon to log in:

WordPress.com Logo

You are commenting using your WordPress.com account. Log Out / Change )

Twitter picture

You are commenting using your Twitter account. Log Out / Change )

Facebook photo

You are commenting using your Facebook account. Log Out / Change )

Google+ photo

You are commenting using your Google+ account. Log Out / Change )

Connecting to %s