KUMPULAN CERITA CEKAK (CERKAK)

SINDHEN

MANGKELING mangkel, ora kaya wong lagi pegel. Gelaning gela, ora kaya diblenjani tresna. Ora perduli bagus apa elek, ora perduli pinter apa bodho, Kabeh sami mawon. Jas bukak iket blangkon, sama jugak sami mawon. Mengkono uga Anjasmara. Mripate kelop-kelop, nyawang eternit sing ana ndhuwure peturone. Jane arep nyawang usuk, ning kaling-kalingan eternit. Dadi sing disawang mung eternit. Kang gambarane endah edi, kaya ukir-ukiran. Dhek wingi yen disawang katon edi peni, ning saiki kok ora. Dhek emben sawangane nggemesake ati, ning saiki kok mboseni. Anjasmara melek ora turu nanging atine bingung uleng-ulengan. Kepiye anggone ora, nduwe pacar siji wae nglungani lan nglarani ati.

“Njas Anjas, aja ndongang-ndongong kaya sapi ompong. Kae kanca-kanca wis padha nglumpuk. Tangiya, aja ngglethak ana dhipan wae,” swarane Sumani keprungu saka walike lawang kamar.
“Sapa….?” pitakone Anjas sakena-ne.
“Kae pacarmu barang wis dha ngenteni ana ndhapa,” Sumani nerangake.
Krungu wangsulane Sumani ngono mau, Anjasmara gregah tangi. Pacare teka, edan ane. Perlu diaturake ing kene sing jenenge Anjasmara kuwi dudu Anjasmara ari mami jaman Menakjingga lan Damarwulan. Yen jaman Menakjingga, Anjasmara kuwi ayu kinyis-kinyis, eseme pait madu. Ning yen Anjasmara jaman komputer iki eseme ya nggregetake, ning yen sing nyawang kuwi wanita. Mula ora maido sakploke dheweke nggabung Orkes Campursari “Nyidham Sari” akeh wanita sing kapiluyu nyawang tukang ngendhang siji iki. Tujune dheweke wis dikondhangake pacaran karo penyanyine, sing jenenge Wulandari. Mula akeh wanita penontone campursari sing padha ngeses. Bejamu Lan, Wulan. Duwe pacar wae kok dhe-gus, gedhe tur bagus. Ya wis begjane Wulandari, nduwe hyang wae baguse setengah mati tur dhasare tunggal sak kuliahan, ing Sekolah Tinggi Seni Indonesia ing kutha Sala. Ya ora maido, sing jenenge Wulandari kuwi ayune tumpuk undhung. Baut njoged, pinter nyanyi campursari. Ya ora maido yen Anjasmara gandrung lan gandheng karo Wulandari. Tumbu entuk tutup. Sing lanang bagus, sing putri ayu. Sing lanang tukang ngendhang sing putri baut nembang.

Mula bareng Sumani mbengoki, Anjasmara tangi gregah, nguceg-uceg mripate, banjur mudhun saka peturon. Nyedhaki Sumani karo takon bisik-bisik, “Wulandari melu mapag mrene?”

Sumani mangsuli alon: “Mrene congormu kuwi. Wulandari ya neng desa Purwantara kana, karo bojone. Apa gunane ngenteni kowe, jaka tukang ngendhang, entuke job mung kala-kala. Luwih becik karo bojone sing anggota DPR. Blanjane tetep. Ora kaya kowe Njas, panji klathung, blanjane wae durung, yen turu njingkrung.”

“Lha kok kowe kandha pacarku mrene?” celathune Anjasmoro karo mrengut.

“Lha pacarmu kuwi pira?” Sumani njegeges. “Kae….Nanik ya teka. Jare pacarmu serep?”

“Edan kowe,” tembunge Anjasmara karo njotos lengene Sumani.

“Nik….Nanik, iki lho Anjas lagi tangi. Gereten metu.” Sumani mbengok

“Mas piye, kendharaane wis siap?” pitakone Nanik karo marani kamare Anjasmara.

“Wis beres,” wansulane Anjasmara alon.
“Beres beres, paling sing golek kendharaan ya aku,” Sumani melu nyaut senajan ora ditakoni.

“Ngono-ngono rak uga kanggo kepentingan kanca dhewe ta mas?” celathune Nanik karo tumuju kamare Anjas.
“He, aja mlebu kamar dhisik, bocahe isih arep kathokan,” pembengoke Sumani.
“Diangkrik, kana padha metuwa nyang kendaraan wae, tak dandan dhisik,” celathune Anjasmara karo mlebu kamar maneh. Kanca-kancane padha munggah kendharaan. Tujuwane arep tanggapan menyang Purwantara, dhaerah kang mapan ana sawetane Wonogiri.

“Bangku sandhinge Nanik aja dienggoni lo, sudah dipesan. Mau dipakai Anjas,” Sumani mbengok karo ngguyu. Liyanene melu ngguyu. Nanik mung mesem manis. Anjasmara ora isan-isin trus lungguh sandhinge Nanik.

“Kanca-kanca, minangka kancane Nanik aku matur nuwun dene dhek wingi wis padha rawuh ngestreni slametan neng Nanik,” swarane Sumani ing sela-selane swara mesin kendharaan.

Nanik mencep, liyane ngguyu nyekakak, merga ngerti yen Sumani tukang gojeg. Anjas nyikut Nanik karo celathu,

“Ora sah digagas, ben muni sak unine cangkeme.”
“Lha dhek emben kuwi Nanik rak syukuran, merga Anjas karo Wulan wis putus. Lha calone Anjas rak kembali ke Nanik,” Sumani isih nrocos karo ngguyu.
Liyane padha ngguyu ger-geran. Jan jane Nanik kuwi ora nganakake syukuran. Kuwi mung guyone Sumani wae.

Sakdalan-dalan kanca-kanca Campursari padha cekakakan. Mung Anjas sing kelangan guyu. Dheweke mung mesam-mesem cilik nadyan semu kepeksa.

“Nik…mengko aja nyanyi “Wuyung” Utawa “Weke Sapa”, ndhak Anjas ora bisa ngendhang,” tembunge Sumani karo isih mbebeda.

Anjas nyikut bangkekane Nanik karo kandha lirih, “Ora sah kok tanggapi. Mengko yen kesel rak meneng dhewe cangkeme kuwi.”
Lagi mingkem lambene Anjas, hand phone sing ana kanthongane muni. Nanik sing ngandhani. “Tilpun mas.”

Anjasmara meneng wae terus ngrogoh sak-e, HP ditempelake kupinge. Nanik meneng tanggap sasmita.

“Halo, okey boss, bener aku tiga-tiga,” Anjas mangsuli liwat HP ne.

“Anu….piye boss? Iki aku ana perjalanan. Nyang Purwantara dhaerah Wonogiri. Bener, aku bareng-bareng njagong nyang omahe Wulandari.” Meneng sedhela sajaKe ngrungokake sing nilpun. Let sedhela wis sumaur: “Iki aku jejer dhik Nanik. Iya…tidak ada rahasia. Lha terus leh nangkep kapan? Yen cathetanku wis komplit boss, taksimpen ana disket, taktengeri RHS. Iya, isih ana kantor. Wis ya bengi iki mengko bubar main Campursari aku bali, tak njujug omahmu boss.” HP dipateni terus dikanthongi.

Sumani sing lungguhe ora adoh mbengok, “Edan Njas, lunga nyang Purwantara, sambene ndhempel pacare, isih ketambahan ditilpun boss-e. Mesthi entuk job sing penting”.
Anjas meneng wae karo mesem. Nanik sing nrenjel takon: “Ana apata mas, boss-e?”
“Biasa, kabar gaweyan. Aku dikon bali, penting,” jawabe Anjasmara.
“Lha kok isih semaya?” pitakone Nanik.
“Wis kadhung jejer cah ayu kok dipisahke. Ya emoh ta?” wangsulane Anjas
nggodha. Sing digodha njiwit lengene Anjas. Jane ya lara, ning wong sing njiwit bocah ayu ya nggleges wae.

“Tutugna leh jiwit-jiwitan,” pambengoke Sumani. “Kancane uyel-uyelan kaya ngene, kono mat-matan sakepenake dhewe,” Krungu celathune Sumani mau kabeh dha ngguyu mak gerr, nanging Anjas karo Nanik meneng wae. Nanik nutupi pipine sing abang merga isin, Anjas isih gawang-gawang swarane boss-e mau. Kabar seneng nanging uga gela. Seneng merga boss-e ngabari, yen Rudy Pancadnyana, anggota DPR calone Wulandari, saiki wis ditangkep polisi, jalaran nylewengake dhuwit APBN. Sing mbongkar pokale Rudy kuwi klebu Anjasmara sing uga wartawan ing kutha Sala. Malah laporan penting ana disket-e Anjas ing kantor. Mula yen dina iki mengko boss-e nemokake diskete, ora wurunga Rudy ora bisa endha maneh. Durung yen ketambahan interogasine polisi.

Sing dibingungake Anjasmara, nasibe sing repot. Yen Rudy ditangkep polisi, mangka bengi iki uga dheweke kudu menyang Purwantara nglamar Wulandari, wis mesthi gagal, ora sida. Sing untung Anjas. Nanging kabeh wong padha mangerti menawa ditangkepe Rudy, merga laporan ing korane Anjas. Pikire wong-wong mesthi iki trekahe Anjas anggone berjuang ngrebut Wulandari. Paling ora, wong sak Orkes “Nyidham Sari” padha mangerti persaingan Anjas karo Rudy rebutan sindhen Campursari. Durung pikiran liya. Yen dheweke balen karo Wulandari, lha njur Nanik piye? Loro-lorone sindhen Campursari. Ayune padha, padha dene leh uleng-ulengan. Anjas ngeses-ngeses karo gedrug-gedrug.

“Ana apa ta mas?” pitakone Nanik alon, karo mesem.

Anjas mung mengo karo nggleges:”Pipimu kuwi lho, yen mesem dhekik nggregetne,” celathune sakecekele wae timbang ora mangsuli.

“Ah…. mas Anjas,” Nanik mbales karo njiwit lengen. Sing dijiwit isih bingung.*

CUTHEL

Dening:Andjar Any/ Panjebar Semangat-12/2006


 

BU GURU

YEN ing kampungku ana jeneng Bu Guru, sing dimaksud mesthi Bu Warsini garwane Pak Marno. Bu Warsini ora dadi guru, nanging dadi bojone Pak Marno sing dadi guru SD. Malah Bu Ratmi, Bu Jamilah sing ngasta dadi guru wae ora tau diundang Guru. Undang-undangane ya mung Bu Ratmi, Bu Jamilah ngono wae. Semono uga Bu Tarmi lan Bu Kasmi sing kakunge uga ngasta dadi Guru, undang-undangane ya ora Bu Guru, nanging mung Bu Tarmi lan Bu kasmi ngono wae.
Dadi yen ana wong ngomong Bu Guru, sing dikarepke mesthi Bu Warsini iku. Amarga ing kampungku sing dadi guru dhisik dhewe ya mung Pak Marno sing saiki wis pensiun iku. Senajan Pak Marno wis pensiun, Bu Warsini isih tetep diundang Bu Guru.

Njur apa critane Bu Guru, ya Bu Warsini iku? Critane Bu Guru iku ora duwe anak lanang. Nalika semana, anake lima wadon kabeh. Mangka jaman saiki anak lima iku ya wis kepetung akeh. Mula Pak Marno tansah ngandhani marang garwane iku, supaya melu ka-be. Yen manut istilahe Pak Wisnu, ka-be iku yen dijawakake dadi keluwarga rinancang. Nanging Bu Guru kipa-kipa ora gelem, amarga isih kepengin duwe anak lanang, Nganti Pak Marno judheg.

“0, alah Bu, mbok wis trima. Wong anakmu ya wis lima ngono. Mengko yen wis padha duwe jodho, kowe rak ya duwe anak lanang ta? Senajan mung anak mantu, rak ya padha wae ta; kuwi ya anakmu.”

“Ya beda Pak, anak mantu kok karo anak leh mbrejelke dhewe…”

“Bedane nggon ngendi? Apa yen anak mantu kuwi ora gemati? Akeh lho Bu contone, anak mantu utawa anak angkat kuwi malah luwih ngerti marang wong tuwa! Coba kae, Parmanto anak angkate Pak dhe Sastro kae, pendhak sasi sowan nggawa gula teh; isih oleh-oleh bandeng, endhog; mangka mengko yen mulih isih ninggali dhuwit. Balik anak-anake, endi sing ngerti karo wong tuwa? Mara pendhak bakda wae sok-sok ora?!”

“Embuh gemati embuh ora, ngerti karo wong tuwa apa ora, nanging rasane ora kaya yen duwe anak lanang dhewe, pak! Bisa dipamerke marang liyan gilo iki anakku sing lanang sing nggantheng, ah pokoke aku isih kepengin duwe anak lanang!”

“Ya uwis yen ora kena takkandhani. Wong dieman kok ora kena. Kudune kowe kuwi wis leren ora nglairake…..”

Aja maneh kok Pak Marno sing bojone Bu Guru, senajan Pak Ketua RT, Pak Ketua RW, apadene pak Bayan; kabeh padha nganjurake melu ka-be. Nanging Bu Guru tetep mbeguguk nguthawaton, ora gelem melu ka-be. Pak Marno ganti pekewuh saben-saben diparani perangkat kelurahan iku. Sidane bojone direpa-repa.

“Ya manuta pemerintah ta Bu, melua ka-be….”

“Wegah! Wegah tenan aku pak! Wong diaturi aku iki isih kepengin duwe anak lanang, kok dikon ka-be; pokoke aku gemang!”

“Mengko dhisik ta, aku iki ora malangi kekarepanmu duwe anak lanang, nanging aja mbangkang dhawuhe pemerintah ngono kuwi….”

“Lha trus piye, nek ora oleh mbangkang?”

“Dhaftarna ka-be nyang Bu Bidan, mengko njupuka pil wae! Mbokpangan pile ya kena, ora ya kena! Ning ketoke rak wis melu kabe, ngono lho karepku!”

“Dadi saben sasi mengko aku nyadhong jatah pil?”

“Ha iya! Bu Bidan rak ngira yen kowe wis melu ka-be tenan.”

“Ya wis, nek ngono aku ngalah. Ning aku aja mbok peksa melu ka-be tenan lho, Pak!”

“Ora-ora! Aku ora arep meksa. Kowe melu ka-be temenan kanthi kesadharan, aku malah seneng, ora arep meksa…:’

Bu Guru mencep krungu tembunge sing lanang mengkono iku.Sidane Bu Guru dhaftarake melu kabe temenan. Nanging mung ethok-ethokan. Saben sasi nyadhong jatah pil ka-be ing omahe Bu Bidan. Nanging pil cadhongan iku ora tau dipangan, nanging mung ditumpuk ing laci mejane. Bu Bidan ngira Bu Guru iku wis melu kabe temenan. Nyatane nganti wektu nem sasi Bu Guru durung katon ngandheg maneh.

Nanging sakbubare kuwi, Bu Guru wis ora nyadhong jatahe pil kabe maneh. Malah wis telung sasi dheweke ora ngaton ing omahe Bu Bidan. Mula Bu Bidan meneng-meneng mbatin marang Bu Guru. Ya gene garwane Pak Marno iku ora njaluk jatah maneh. Mula nalika pertemuan PKK, bab iku ditakokake marang Bu Guru.

“Bu Guru kok sakmenika mboten mendhet jatahipun pil kabe?”

Karo klimputan Bu Guru wangsulan setengah bisik-bisik. Ngapunten Bu Bidan, kula kebobolan malih. Kesupen mboten nedha pil tigang dinten, lha kok ngandheg malih,….”

“Wooo…,ngaten ta?” Bu Bidan mlenggong semu maido.

“Kula rumiyin rak sampun matur, menawi kesupen mboten dhahar pil ka-be, pendhak dintenipun dipundhobeli….”

“Wong kemutan-kemutan sampun tigang ndinten kok, Bu! Dospundi malih?!

Nanging Bu Bidan ora arep ndedawa crita, malah batine – priksa karepmu, ora mriksakake ya sakkarepmu-, akibate mboktanggung dhewe.

Nyatane sajerone ngandheg sangang sasi Bu Guru mung mriksakake kaping pindho. Mula ora mokal yen anggone nglairake rada rekasa. Bu Bidan ora saguh nangani. Sidane Bu Guru digawa menyang rumah sakit, amarga mung dhokter sing keconggah nangani.

Diinfus nganti ngentekake pirangpirang botol, parandene bubar nglairake meksa katon nglentrih tanpa daya amarga kentekan tenaga. Malah kober ora eling barang. Tujune isih bisa dislametake. Ya mung rada akeh wragad sing kudu diwetokake.

“Putra njenengan estri,” ngendikane dhokter ngandhani.

Sing dikandhani ora wangsulan. Mripate kethap-kethip. Ngertia yen anake iku bakal metu wadon maneh, athuka dheweke rak melu ka-be temenan, ora ethokethokan kaya dhek emben. Bu Guru gegetun, nanging wis kebacut.

Sidane kanthi kesadharan dheweke njaluk disteril pisan. Bu Guru lagi pasrah marang panguasane Sing Maha Kuwasa sing nakdirake dheweke ora duwe anak lanang. Bu Guru wis bisa mupus.

Saiki pepenginane duwe anak lanang genti malih dadi kepengin duwe putu lanang, amarga anake mbarep wis omah-omah taun kepungkur. Mula pepenginane iku dikandhakake marang Ndari sing cekel gawe dadi guru SD.

“Aku wis trima kok Ndhuk ora diparingi anak lanang! Ning muga-muga wae anakmu mbarep iki mbesuk metu lanang…”

“Ah, Ibuu….’ wong kula kepengine anak estri kok!”

“Sebabe?”
“Ha inggih, anak estri menika umumipun mboten nakal. Umur nem taun sampun saged dipunkengken…Yen anak lanang?”

“Nanging ora kaya nek anak wadon duwe, anak lanang ya duwe. Gandheng anakku nenem wis wadon kabeh, sirku anakmu kuwi tak suwun metua lanang; ngono lho!”

“Ha-ha-haa, Ibu ki aneh! Wong kula sing arep diparingi momongan, kok njenengan sing nyuwun!”

“Witikna, anak nenem wadon kabeh;lumrah ta nek njur kepengin putu lanang?”

“Nggih mugi-mugi kadumugen kepengin panjenengan, Bu!”

Ndari – mbarepe Bu Guru iku – ngalahi rembug. Nanging batine tetep kepengin duwe anak wadon.

Temenan. Bareng jabang bayi lair, jebul metu wadon. Ndari rumangsa lega dene anake mbarep metu wadon temenan. Kosok baline Bu Guru sing mbrabak arep nangis. Kaningaya temen uripku! Kepengin duwe anak lanang ora klakon, ngarep-arep putu lanang, jebul malah wadon maneh.

Putune Bu Guru wis umur telung taun. Wong wadon iku gemati banget marang putune iku. Senajan wadon, rasane beda momong anak karo momong putu. Seminggu wae ora weruh putune, mesthi wis mara niliki. Malah nganti kepara nglalekake marang anak-anak liyane. Kala mangsane padha diece dening anak-anake.

“Ibu ki jare ora seneng putu wadon, ewadene kok kaya ora ana dina gothang, mesthi niliki putune….” ature anake ragil.

“Hus, kowe kuwi durung ngrasakake duwe putu, coba mbesuk yen wis diundang Mbah kakung, rasakna!”

Yen wis ngrembug prekara putu, banjur mrembet-mrembet tekan ngendi-endi. Pak Marno barang sok melu nimbrung rembug. Geguyonan ngono iku dadi kerep kedadeyan. Bu Guru dikroyok anak-anake lan bojone. Malah Pak Marno sing pinter dhewe mbebeda.

“Yen manut ramalanku, anake Ndari sing nomer loro iki metu lanang bakale. Kowe nadhzar apa, Bune?” kandhane Pak Marno.

“Embuh Pak, ora nggagas putu lanang! Wedok ya ben, lanang ya ben!” wangsulane Bu Guru nyenthe-nyenthe, jalaran rumangsa dibebeda dening bojone.

“Wong ditakoni apik-apik, kok wangsulane kaya ngono ”

Sauntara iku ana nom-noman mudhun saka sepedha motor, sajake kongkonane Ndari anake wadon. Mlebu ngomah langsung kandha.

“Nyaosi priksa, Mbak Ndari babaran!”

“Hah, Ndari nglairake, lanang pa wadon?”

“Jaler!”

Krungu anake Ndari lanang, sakala Bu Guru lunjak-lunjak karo nangis ngguguk. Lagi iki pepenginane duwe putu lanang kelakon.*
Dening:Nurmin/ Panjebar Semangat-05/2006

 

 

AKU DURUNG KALAH

NGADEG neng tlampik omah pancen dadi kesenenganku saben sore. Namatake sesawangan nalika srengenge meh angslup. Manuk-manuk padha mulih neng susuhe, mabur renteng-renteng neng langit sing wiwit mbrabak abang ndadekake sesawangan katon endah. Sanajan sesawangan dikebaki karo gedhong-gedhong dhuwur nantang langit.
Mung siji kuwi sing bisa gawe ilange rasa sayah sak wise nyambut gawe sedina ngrampungake tugas-tugas kantor sing kaya-kaya ora ana lerene. Mengko sedhela mesti bakal keprungu swara mbrenginging saka dalan ngarep omah ning komplek perumahanku. Pak Wiryo. Bakul puthu bumbung nyurung grobage, mlaku alon saka kidul. Yen wis tekan ngarep omahku mesti mandheg karo cluluk “Puthu Mas ” Aku banjur mbukak pager, mangan puthu karo lungguh ing buk ngarep omah. Pak Wiryo uga mandheg. Ngladeni wong wong ing komplek perumahan sing padha tuku puthu bumbung.

Pak Wiryo padha karo aku. Padha-padha wong sing nyoba golek panguripan ing kutha kene, sing jarene nggon duwit. Mung bedane, aku bisa tuku omah, duwe rodha papat gaweyan Jepang modhel sing paling keri dhewe, nyambut gawe ning kantor sing ruwangane adhem.

Pak Wiryo crita, yen omahe ana ing mburi lapangan golf. Saben esuk lan sore nalika mangkat lan mulih saka kantor aku mesthi ngliwati tugu gedhe. Ngisor tugu kuwi ana dalan sing dawane watara rong kilonan tumuju menyang lapangan golf. Aku pancen durung nate weruh. Nanging aku bisa mengerteni yen omahe Pak Wiryo mesthi sawijining kampung nempel karo tembok pager lapangan golf. Ora bisa diselaki yen panggonan-panggonan ngono kuwi bisa nekakna dhuwit yen digarap dening investor. Kompleks sandhinge panggonane Pak Wiryo wis digusur arep kanggo ngambakna lapangan golf. Wong-wong diwenehi ganti rugi sak cukupe (jenenge wae ganti rugi, mesti ya sak cukupe). Coba yen jenenge diganti ‘ganti untung’. Mula akeh wong-wong kampung kana sing ora sarujuk karo pembebasan tanah kuwi.

“Krungu-krungu jare lapangan golf arep diambakna Pak?” Pak Wiryo mung mesem krungu pitakonku, sajake wis ngerti apa karepku. Aku mbacutake takon maneh.

“Lah yen lapangane diambakna, terus kampunge sampeyan digusur piye Pak?”

“Nggih kersane napa ingkang kedadosan mangke, Mas. Digusur nggih pindah, wong pancen mboten gadhahane.”

Pak Wiryo terus ngladeni wong tuku. Aku mangan puthu sing mung kari siji ning tanganku. Aku gumun dene Pak Wiryo yen ngomong karo aku nganggo basa alus. Mangka Pak Wiryo umure ora beda adoh saka bapakku Nalika aku pisanan tuku puthu banjur dadi langganan, Pak Wiryo malah rikuh aku ngomong nganggo basa alus. Karepku mono ngajeni wong tuwa, kaya sing diajarake bapakku, yen aku kudu ngajeni wong sing umure luwih tuwa, sapa wae kuwi.

“Panjenengan niku lho Mas, wong priyayi ageng kok ndadak basa lho kalih kula.”

Oalah, donya kuwi jebule pancen isih mbedakna drajat, pangkat lan donya. Mula saka kuwi aku duwe panemu yen aku klebu wong begja. Lair ning kluwarga sing ana lan bisa ngrasakna kamukten urip. Sanajan ora nganti sugih mblegedhu, nanging sakora-orane yen kepengin apa-apa bisa keturutan.

Nanging wong sing kaya Pak Wiryo, menawa biyen bisa milih, mesti ora kepengin lair neng donya dadi wong sing kudu nyambung urip kanthi rekasa. Kaya-kaya kasunyatan kuwi gelem ora gelem kudu diadhepi.

Sejatine miturut panemuku, mbuh kuwi bener mbuh ora, kasunyatan sing kaya ngana kuwi wis digarisna dening sing Maha Kuwasa supaya urip ing donya bisa laras. Sing gedhe nulung sing cilik, sing kuwat mbiyantu sing ora kuwat. Nanging kaya apa sing kedadeyan? Ing jaman saiki sing dumadi, sing gedhe mangan sing cilik. Sing kuwat ngidak-idak sing kesrakaat. Donya, pangkat lan drajat sing dadi ukuraning urip.

Pak Wiryo, lan wong-wong sing manggon ning mburi lapangan golf sing kudu minggir amarga dianggep ora ana maneh nilai ekonomise kanggo pembangunan kutha. Nanging wong kaya Pak Wiryo arep ngapa? Bisa apa? Ora ana sing dinggo ngomong sora nalika ganti rugi sing ditampa kuwi, ajine ora sepiraa.

“Pak, wong puthune sampeyan enak. Piye yen tak silihi modhal, terus gawe home industri, puthune diwenehi cap terus didol nyang supermarket?”

“Wah, mangke yen kula mboten ider mriki malih, njenengan kangelan ndadak pados puthu teng supermarket,” Pak Wiryo ngguyu latah-latah.

“Kula ngaten mawon sampun rumaos cekap kok Mas. Sing penting saged damel urip lan nyekolahke anak. Wong kula niku nggih mboten gadhah warisan napa-napa kangge anak kula. Sak mboten-botene, nek kula dadi bakul puthu, anake kula nggih sampun ngantos kados bapake.”

Biyen aku nate nawani Pak Wiryo, supaya anake nyambutgawe neng pabrik nggonku. Kebeneran nalika kuwi unitku butuh karyawan anyar. Aku malah ngomong yen anake mesti ditampa, awit sing nggawa aku. Ora usah gawe lamaran. Karepku nulung Pak Wiryo, tinimbang anake nganggur.

“Golek gaweyan saiki angel lho Pak.”

“Wong tiyange tesih sekolah kok Mas.”

“Rak wis lulus SMA ta?”

“Lha nyuwun kuliah niku Mas. Ning, niki jarene mpun ajeng nulis napa… niku, skripsi napa,… Duka napa jenenge. Pokoke mpun meh rampung…kantun setunggal niku.” Skripsi? Anake Pak Wiryo kuliah? Apa kuwat Pak Wiryo nguliahake anake? Kuwi mung tak batin wae. Kuwatir yen Pak Wiryo mengko tersinggung.

Wis meh rong minggu iki ora keprungu swara mbrenginging, saka grobag puthune Pak Wiryo. Aku ora ngerti kena apa Pak Wiryo ora katon liwat ning dalan ngarep omahku. Apa Pak Wiryo lara? Apa omahe digusur? Kaya ana sing kongkon, aku noleh kiwa dalan.

Sore kuwi aku nembe mulih saka kantor. Aku ngerem mobil ndadak. Ora maelu kendaraan-kendaraan ning mburiku sing padha ngunekna klakson. Stir dak buwang mengiwa menggok mlebu ning jurusan lapangan golf. Ning sawijining gang aku mandeg. Kepeksa mudhun saka mobil awit dalane ora bisa diliwati mobil. Aku mlaku saurute pager sisih njaba lapangan golf sing durung rampung digarap kuwi.

Aku yakin, dalan kuwi sing saben dina diliwati Pak Wiryo. Nyawang mengarep. Rodha-rodha traktor nggiles ngratakna lemah. Akeh wong nganggo helm kuning. Ning panggonan liya, ora adoh saka kana, ana wong-wong padha nglumpukna kayu-kayu tilas omah, seng lan barang-barang liyane sing isih bisa dienggo. Aku ora ngerti apa wong-owong kuwi sing duwe omah sing digusur apa mung pemulung sing nggoleki barang-barang tilas. Sing tak ngerteni, kampung kuwi wis rata karo lemah. Lan omahe Pak Wiryo mesti klebu salah sijine omah sing dadi mangsane buldoser.

Srengenge manglung mengulon. Alon-alon aku ninggalake papan panggonan kana. Perusahaanku ya duwe buldoser kaya ngana kuwi.

Kelingan karo Pak Wiryo, karo wong-wong sing mung bisa nyawang omahe diratakna karo lemah. Wong-wong sing kalah dening ukeling jaman. Kalah karo panguwasane dhuwit. Wong-wong sing kanggo tumbal modernisasi lan kapitalisme. Apa kemajuwan jaman kudu mesti ana sing dikurbanake? Aku kelingan, atasanku wingi uga ngomong, yen sawah mburi pabrik duweke penduduk wis dibebaske arep dinggo mbangun unit anyar.

Srengenge mbranang ing langit sisih kulon. Manuk-manuk mulih menyang susuhe. Cagak-cagak listrik, gedhung-gedhung tingkat njenggereng mandeng langit. Layangane bocah-bocah cilik jogedan sajak ngece. Sore kuwi, kaya biasane aku ngadeg neng ngarep omah. Nanging wis ora ana maneh swarane mbrenginging saka grobage Pak Wiryo. Wingi aku krungu kabar yen Pak Wiryo digawa anake menyang Batam. Anak sing nate tak tawani gaweyan biyen, wis lulus kuliah. Cumclaude! Dheweke dijaluk sawijining perusahaan Singapura ing Batam. Aku kelingan marang apa sing nate diomongna Pak Wiryo: “Yen nyawane kula tesih kanthil teng raga Mas, kula dereng kalah….”(*)

Dening:A.Adi/ Panjebar Semangat-04/2006

 

 

SAWIJINING WENGI ING MALIOBORO

Jam sanga kurang seprapat, Arul wis cepak-cepak arep mangkat. Klambi kothak-kothak lengen dawa, clana jeans kluwus ning resik, lan sepatu loakan merk Nike olehe tuku ing pasar Beringharjo, kabeh wis dienggo. Senajan mung arep ngamen, ora ana eleke yen nyandhang pantes. Idhep-idhep kanggo ngajeni wong sing dingameni, mengkono panglocitane batine. Rampung dandan, Arul njupuk gitar sing gumlethak ing peturon, banjur jumahgkah metu saka omah.

Angin wengi semilir, nggawa ganda amrik kembang sedhep malem. Mbulan satampah lan lintang-lintang abyor madhangi langit. Nanging Arul babar pisan ora nggagas kabeh mau. Lakune tumungkul, mecaki trotoar dawa sing wis rong taun iki ajeg diliwati, pendhak wengi lan parak esuk, nalika dheweke mangkat lan mulih ngamen.

Tekan palang sepur wetan Pasar Kembang, Arul menggok menyang sawenehe warung Hik pinggir dalan. Lagi wae manyuk lawangan, dheweke weruh Herman, kancane ngamen lagi lungguh jegang ing bangku pojok karo ngadhep kopi. Arul mara nyedhaki.
“Dak kira nek cuti,” cluluke Herman, sing blasteran Jawa-Ambon iku.
“Padhakna pegawe wae … Cuti ya sesuk ora sarapan,” Arul lungguh karo nyaut sega kucing rong wungkus. Herman mung nggleges. Dheweke menyat saka anggone lungguh, banjur nginguk menjaba. Ing ngarep pertokoan kang tutup jam sanga mau, warung-warung lesehan wis akeh sing digelar. Mobil lan motor tharik-tharik ngebaki parkiran. Malioboro pancen ora tau turu. Rina-wengi tansah dadi papan jujugane uwong. Saweneh ana sing dodolan, golek rejeki, saweneh maneh ana sing jajan lan ngenggar-enggar ati.

Setengah jam candhake, Arul lan Herman wis katon jengkeng sinambi genjrang-genjreng, adol swara sake warung lesehan sing siji, menyang warung lesehan liyane. Anggone nyanyi gentenan, gumantung karo karakter lagune. Yen lagune mbutuhake vokal Tenor, Arul sing nyanyi. Dene yen lagune mbutuhake vokal Bariton, Herman sing nyanyi. Wong loro wis apal karo bageyane dhewe-dhewe, awit gaweyan iku pancen wis rada suwe dilakoni bareng. Satemene asile mono lumayan. Yen mung saderma kanggo mangan wae turah. Awit racake wong sing padha jajan, ora ana sing menehi kurang saka limang atus rupiyah. Malah umume sewu munggah. Ora maido, wong niyat jajan mono mesthine saka ngomah ya wis sangu dhuwit kepara turah. Nanging senajan mengkono, kerep ana perang campuh ing atine Arul. Gengsine minangka sarjana S1 sok-sok ora bisa narimakake, yen kanggo golek dhuwit sewu-rong ewu wae, dadak dilabuhi nyanyi karo jengkeng utawa timpuh ing ngarepe wong-wong kang lagi mangan. Saka rumangsane, ajining dhirine dadi ilang babar pisan. Kaya kere sing nyadhong kawelasan. Nanging arep kepiye maneh?! Urip iki angel. Lan weteng sing mlilit ora bisa wareg yen saderma dipakani gengsi.

“Ya ditrimak-trimakna wae dhisik, Rul. Pancen rodha nasibe awake dhewe iki saiki lagi neng ngisor. Mengko rak ya tiba titi mangsane rodhane mubeng mendhuwur,” pratelane Herman, nalika sawijining wengi Arul ngetokne uneg-unege.

“Bener kandhamu, Her. Rodhane lagi neng ngisor, tur mlindhes telek lencung sisan. Dadine ambune ya blarengan,” Arul sing lagi sumpeg atihe, nyaut waton muni. Herman nyekakak saambane lambene, nganti watuk-watuk. Pancen wonq loro iku anggone memitran rakete ngungkuli sedulur. Yen sing siji atine lagi susah, mesthi liyane nyoba nglelipur. Mbokmenawa merga rumangsa senasib. Padha-padha lulusan S-1, ning kepeksa mung padha dadi panji klanthung.

Jam setengah siji, kaya adat sabene, wong loro leren ing ngarep benteng Vredeburg, poncot kidul Malioboro, sinambi
ngetung pengasilane
.
“Wah, lumayan. Entuk nemlikur ewu wolung atus,” cluluke Herman sing dadi Bendahara. Dhuwit banjur dibagi loro, sing kumel-kumel diwenehake Arul, dene sing rada anyar disaki dhewe. Arul mung meneng wae, wis apal karo kelakuwanekancane sitok iku.

“Malioboro pancen lahan subur. Ning yakuwi, ndadak ndlosor kaya ula, Arul ngomong lirih karo ngempakne rokok.
“Oalah Rul, gengsimu kuwi mbok wis ora usah diingu. Wong nyatane ijazahmu ya ora bisa nggolek pangan wae, kok.”
“Ngonoa apa ya sajege awake dhewe arep dadi kaya ngene?” Arul nyedhot rokoke jero. “Apa wong tuwamu neng Ambon ya wis marem, yen ngerti kowe sing dikuliahake adoh-adoh, jebul mung dadi tukang mbarang?”
“Lha witikna arep kepiye maneh? Wong awake dhewe olehe usaha ya wis ora kurang-kurang. Mlebu plataran kantor disingkang-singkang Satpam, ya wis dilakoni. Nyatane nganti seprene ya tetep durung ana asile …” Herman unjal ambagan abot, kelingan marang nasibe dhewe.

Rada suwe wong loro banjur mung padha meneng-menengan, kentir marang gagasane dhewe-dhewe. Lampu-lampu merkuri kang jejer-jejer ing sadawaning Malioboro katon putih kencar-kencar. Bening kaya kristal. Sauntara kuwi, senajan wis lingsir wengi, nanging kendharaan panggah liwat pating sliri. Embuh apa sing digoleki …
“Mulih saiki, apa operasi maneh, Her …?” Arul ngguwang tegesane sing meh nylomot driji. Herman nyawang mengalor, penere lesehan.
“Isih akeh sing dha jajan, ki? Apa ora eman-eman? Ora ilok lho, nolak rejeki.”
“Ya ayo …!” Arul menyat karo nyangking gitare. Herman ngetutake ing mburine. Yen mau anggone ngamen saka lor mengidul, ing warung-warung lesehan sing manggon ing iring wetane dalan Malioboro. Saiki ganti saka kidul mengalor, ing warung lesehan sing manggon ing iring kulon. Wong loro nlusur wiwit saka lesehan cedhake Gedhung Agung mengalor. Saka bakul gudheg, ayam goreng, tekan Sea Food, ora ana sing kliwatan. Bareng anggone mlaku tekan kidule toko Dynasti, dumadakan Herman ngruwes bokonge Arul seru, nganti bocahe njomblak karo misuh-misuh.

“Wedhus …! Homosex-mu kumat ya, Her …!”
“Ssstt … Lor-kulon arah jam sepuluh..:” Herman ngomong lirih ing sandhing kupinge Arul. Arul nglirik papan sing dibisikake Herman. Ana bocah wadon loro lagi lungguh ing lesehan, sinambi ngadhep roti bakar lan susu segar. Tanpa sraba-sraba, Herman langsung menggok. Arul kepeksa melu nginthil ing mburine, senajan rada anyel. Soale iki mau wong loro wis rencana arep mulih. Kejaba drijine keju, mripate uga wis mbliyut, kegawa awake kang sayah. Herman kuwi wiwit biyen watake ora malih. Saben weruh prawan, mripate ijo. Kamangka pacare sing fotone tansah dislempitake ing dhompet iku ya ayu … Arul grenengan dhewe ing batin.

Nalika Arul lagi wae siap-siap arep nyanyi, dumadakan gitare direbut cewek sing lungguhe ngungkuri dalan. Saking kagete, Arul mung mlongo.

“Mbak, roti bakar kalih susu segar, kalih malih …! tanpa maelu Arul sing plenggang-plenggong, bocah wadon iku aba marang bakule.
“Arum …?!” Arul ngulati karo njengkerutake alis. Rada tidha-tidha, sumelang yen kleru. Sing diceluk jenenge mung mesem karo mbalang liring.

Ana kangen sumembul saka pletik-pletik sorot mripate.

“Ya ampun, Arum …! Lha kok tengah, wengi kluyuran neng kene?! Jarene awakmu kerja neng Batam?! Arul nyalami cewek lencir mripate bening iku, sing banjur nimbangi kanthi nggegem kenceng tangane Arul.

“Kluyuran …! Padhakna pe-es-ka wae …!” Arum mecucu. Kancane sing nganggo sleyer abang nyekikik.

“Iki lho, kancaku pengin weruh sing jeneng Malioboro. Mula mumpung ana prei, banjur dakjak mrene sisan. Idhep-idhep karo bernostalgia,” Arum mesam-mesem. mesem. “Lha awakmu dhewe piye, Rul? Kok nganti rong taun punjul, blas ora ana kabare?” bacute karo mandeng manther praupane Arul.

“Dawa critane, Rum. Tur mboseni. O, iya … Kenalke, iki kancaku…”
“Aku wis ngerti, kok,” Arum munggel cepet.”Iki rak Herman, ta? Play Boy-ne Fakultas Hukum sing biyen pas dhemo sirahe bocor dipopor tentara kae ta?”

Herman mringis karo nggrayahi tilas jahitan sepuluh senti ing sirahe. Kenang-kenangan nalika kerusuhah Mei 1998 kepungkur. Arum banjur ngenalake kancane, marang Arul lan Herman.

Ooo … Dadi iki Mas Arul sing kerep mbokcritakne kae? Sing jaremu “cool” tur “smart” …” ujug-ujug si sleyer abang sing jenenge Ayu iku cluluk.

“Ngawur …! Kapan olehku crita?! Senengane ngarang … !” Arum klejingan. Tangane kemawe, njiwit bangkekane kancane. Ayu jelih-jelih karo ngguyu kemekelen.

Arum iku satemene kancasaangkatane Arul, jaman isih kuliah biyen. Malah kanca raket banget, awit kekarone padha dene aktif ing Senat Mahasiswa. Kerep diskusi, debat lan,nindakake tugas kampus bareng. Mula ora jeneng aneh yen merga saka kerepe ketemu lan.srawung, suwe-suwe banjur nukulake wiji-wiji tresna ing atine bocah sakarone. Mung emane, Arul sing minder merga kahanane sing kesrakat, ora wani mblakakake pangrasane marang Arum. Sumelang yen dikira ora ngilo githok. Sauntara Arum dhewe sing tinitah wadon, mung bisa ngenteni, ora wani ndhisiki. Kahanan mengkono iku lumaku terus, nganti bocah sakarone lulus. Nalika teka titi wancine wisudha, banjur padha janji bakal tetep terus sesambungan lan kabar-kinabaran. Nanging sajake pancen dudu jodhone. Anggone layang-layangan mung lumaku watara telung sasinan. Bubar iku banjur padha repot karo urusane dhewe-dhewe. Arum repot karo urusane minangka pegawe anyar, dene Arul repot anggone mider-mider golek gaweyan. Wusanane terus plas, kaya kepaten obor. Siji lan sijine padha dene ora ngerti kabare.

“Dadi nganti seprene awakmu isih nganggur, Rul …?” Arum takon ngati-ati sawise Arul mungkasi critane. Sumelang yen nganti nggepok pangrasane.

“He’eh. Mula kanggo nyambung urip, ya kepeksa pendhak wengi dadi kalong neng Malioboro,”Arul mesem, ndhelikake atine kang getir. Arum trenyuh banget. Mripate nganti kaca-kaca. Babar pisan dheweke ora ngira, yen priya sing meneng-meneng wiwit biyen tansah dikagumi, merga kapribadene kang apik, beda karo kanca-kancane lanang liyane iku, jebul nasibe ala banget. Pantesa mono dheweke kepengin ngrangkul priya ing ngarepe iku, banjur nglelipur lan nggedhekake atine. Nanging biyen wae ora kelakon, apa maneh saiki sawise adoh?

“Sabar, Rul … Aku ngerti banget yen awakmu iku pinter, tur tipikal pekerja keras. Mbokmenawa mung durung ketemu dalane wae…” Arum nggegem tangane Arul kebak empat. Sauntara Herman lan Ayu lagi ketungkul kojah ngethuprus, sajak gayeng banget. Sedhela-sedhela . padha ngguyu cekikikan. Embuh padha ngrembug apa.

Wengine mrambat sangsaya tuwa. Angin kang midid wiwit krasa adhem ing kulit. Arul unjal ambegan landhung. Lungguh adhep-adhepan sinambi omong-omongan karo Arum ngene iki, marakake dheweke kelingan jaman isih kuliah biyen. Kelingan marang wektu-wektu kepungkur kang endah lan kebak semangat urip, amarga rumangsa dibutuhake dening liyan. Rumangsa yen uripe ana gunane. Ora kaya saiki, mung kaya uwuh kang ora kanggo. Nyepet-nyepeti mripate sinq nyawang. Arul nggresah sajroning ati, “Menyang endi lungane wektu-wektu kang manis iku …???!!!”.

Dening:A.Adi/ Panjebar Semangat-03/2006

 

 

NGLARI SEDULUR

RASA kangene maring Kakang sinarawedi ora kena disayuti. Mula Sulastri gawe surat maring salah sawijining Surat Kabar ing rubrik Surat Pembaca. Sing mangsude wara-wara nggoleti Kakange sinarawedi sing jenenge Suhadi. Ning dudu Suhadi Tukang Cukur sing asring nulis nang Panjebar Semangat. Wis Pirang dasa warsa ora bisa sesambungan. Padha-padha kelangan lacak.
Limang dina tumekaning dina Lebaran taun siki dheweke tampa surat pos. Bareng wis genah surat mau kanggo Mas Sutrisno, ya Bapake bocah-bocah, nembe niliki alamat sing ngirimi, Jenenge Hadi Sumarto. Lengkap Er Te Er We lan nomer HP-ne. Mesthi baen Sulastri bingung. Durung tau kenal karo jeneng mau. Kalah cacak menang cacak amplop dibukak.

Assalamu ‘alaikum wr. wb.

Lumantar layang iki inyong mung kirim kabar kewarasane wong sekeluwarga. Sing tek suwun sliramu sagotrah muga tansah pinaringan rahayu tan ana rubedaning urip.

Kejaba sekang kuwe, aja bingung inyong nganggo jeneng tuwa. Warisane mbah Buyut. Nalikane sepasarane dadi penganten, cara ndesa diwei jeneng tuwa. Cara kuwe mau wis dadi budaya ing padesan. Mula kanggo ngormati sing paring jeneng, sawise nang ndesa jeneng mau tek lestarekaken. Inyong ora ngira blas arep bisa ketemu maning karo kowe padha. Tujune kowe duwe ada-ada nulis nang Surat Pembaca nang Suara Merdeka, pas inyong maca nang nggone kanca. Gira-giru inyong terusgawe surat kiye. Neng kene ora bisa ngomong pirang pirang. Gampang nek wis padha ketemu baen.

Kaya mung semene dhingin kabar sekang Kakang. Tek arep-arep kowe maring nggone inyong Badan dina pindhone. Mbok menawa bocah-bocah sing nang paran padha bisa prei, nekketemu dadisemanger.

Adimulya tgl: 22 Oktober 2005
Wassalam
Hadi Sumarto.

Rampung nggone maca, luhe olihe ndrojos kaya kali banjir. Saking senenge arep ketemu karo Kakange sing bisa ngentas dheweke sekang jejember. Ngenteni bojone sekang BRI lagi njukut pensiunan dirasa suwe kaya nganteni matenge liwetan. Pikirane temlawung kelingan lelakon dhek semana. Isih padha kumpul. Kemliwer kaya casset vidio.

Awal taun sewidak lima. Sulastri ngumbara maring Jakarta. Melu Kang Karmo sing wis suwe urip nang kana. Ora ketang mung dadi tukang becak, nyatane bisa nyukupi keluwargane sing nang desa. Saben nem sasi sepisan tilik ngomah. Sekang critane Kang Karmo, Sulastri kepencut, nginthil melu Kang Karmo.

Apa sing dicritakena Kang Karmo kebukten. Sawijining bengi ana tamu nemoni Kang Karmo. Mbuh apa sing digunem. Mung keprungu guyone ger-geran Sulastri diceluk, Terus marani, nemoni.

“Kaya kiye Las, Pak Anton butuh rewang. Mula saiki kowe, wengi siki ndherek sisan. Gombale ditingkesi”. Omonge Kang Karmo.

Mesthi baen Sulastri atine bombong banget. Ora dadi gawene Kang Karmo maning. Mlebu kamar ningkesi gombalane. Rampung terus metu. Ngetut mburi Pak Anton. Sulastri digondhol mobil. Kang Karmo mesem. Niliki amplop sekang Pak Anton. Lumayan nek mbecak nganti puluhan dina. Sulastri pikirane dadi goreh kok mlebu plataran Hotel? Apa Pak Anton sing duwe Hotel? Sulastri mung manut apa sing dikarepaken calon bendarane mau.

“Ya nang Hotel kene nggonku nginep. Sisan omahku. Aku isih bujangan: Padha karo kowe lagi ngumbara golet pangan. Mung beda carane. Kowe tugase mung ngladeni aku.” kandhane Pak Anton sawise mlebu kamar.

“Kamar kula pundi Pak?” Ujare Sulastri.
“Ya kiye bareng. Peturone uga barengan. Mbok kepenak.”

Krungu jawaban sing keri mau. Awake Sulastri mrinding. Keduten kabeh. Arep budi keprimen. Dhasare wis tengah wengi tur sapa sing arep bisa disambat. Ora liya mung pasrah. Wengi kuwe barang sing paling pengaji wis dimamah dening Pak Anton. Nganti ora emut, keturon. Ngerti-ngerti wis parak esuk. Awake krasa adhem. Jebul awak sakojur tanpa awer-awer. Nglegena kaya bligo. Terus tangi reresik awak senadyan isih krasa lungkrah. Pak Anton isih turu. Arep minggat. Nggoleti kunci lawang ora ketemu.

Sorene Sulastri dijak mubeng kota Jakarta. Maeme nang restoran. Ora mung kuwe, malah ditukokaken sandhangan kon milih dhewek. Sing ora ngerti ya nganggep bojone. Metu mlebu mobil dibukakaken lawange. Ora ngertiya mung trima dadi wadon simpenan. Nganti olih seminggu urip nang Hotel. Senajan Anton lunga, Sulastri wis cumbu. Apa maning Anton kandha jere arep dinikah barang.

Apa omonge Anton mleset satus wolung puluh drajat. Akhire dheweke malah dipasrahaken maring Bu Wasri sawijining germo klethekan. Kena diarani metu sekang kandhang baya, mlebu maring kandhang macan.

“Iki kamarmu ndhuk. Wis ngerti gaweyane ndhuk?” pitakone Bu Wasri.
“Dereng Bu.” Lastri ethok-ethok ora ngerti.
“Kepenak kok ndhuk. Mung lumah-lumah olih upah. Tinimbang kerja nang sawah. Awak kesel dadi ireng kenang srengenge, upahe

mung pirang rupiah. Nang kene nek kowe pinter ngladeni tamune, kowe kebanjiran dhuwit. Nek Ibu mung trima sewane kamar lan enteke nggonmu maem.” Kojahe Bu Wasri terus ninggalaken Sulastri.

Sulastri ngebrukaken awake nang peturon. Kelingan amplop sing diwehi nang Pak Anton. Dijukut nang tase, Amplop dibukak. Bareng weruh isine, mripate Sulastri mlolo kamitenggengen. Seminggu ngladeni Pak Anton nek embret matun apa tandur mbok menawa nganti pirang-pirang wulanan.

Lumakuning dina terus mrambat miturut garising kodrat. Anggone nglakoni urip ngana kuwe wis krasan. Sing maune krasa ngajok kejlomprong, siki umbaring esem lan renyahing guyone, bisa nekakaken rejekine. Bener apa sing dikandhakaken Bu Wasri. Jebul priya kuwe bodhone kaya kebo. Mung dikaya nganakaken baen lomane ora karuwan. Sulasti mung nurut apa karepe. Arep cara apa diadhepi. Mula tamune padha marem.

Wis pirang-pirang sore Sulastri bingung ngadhepi tamune sing nyalawadi. Lah wong teka nang warung ngonoan kok dijak “ngono” ra gelem. Malah nek ditari pamit lunga. Sing kaya ngana kuwe dadi pikirane Sulastri. Sepisanan teka mung kenalan. Dilendhoti kaya ora ngrewes, adhem ayem baen. Arep ditinggal eman ngganthenge. Pindho ping telu tekane mung andon medang. Jere nek wis nyawang dheweke atine w’s tentrem njur pamit bali.

Wengi candhake, sawise gawe wedang klangenane, tangane terus diglandhang digawa mlebu kamare. Sulastri arep nanting apa karepe. Dipilalahi nolak langganane.

“Mas Di. Jane kersane primen sih? Nek wong penginyongan biasane mbokan cablaka. Njenengan deneng gawe bingungku Mas.” pandheseke Lastri.
“Okh….perkarane mung merga kowe ki sedhaerah karo aku. Krungu critamu nggone kesasar ing panggonan iki aku dadi krasa ngawak. Ora rila. Mula yen kowe gelem leren, melu aku mangan ora mangan.”

Krungu jawaban mau. Sulastri bayune kaya dilolosi. Ing cipta ora mudheng. Isih ana manungsa sing duwe welas maring sepadha-padha. Apa maning Jakarta, buktine Anton lan Kang Karmo sing isih sedesa baen kolu ngedol awake. Apa dheweke Suhadi wantah apa sawijining Malaikat kang ngeja wantah?

“Primen dhik Lastri kok meneng baen”. Apa abot ninggal papan iki? Kepenak? Krungu jawaban mau, Sulastri ora bisa kumecap.

Malah ngglongsor ngrukebi sikile Suhadi. Karo nangis sesengrukan. Sidane wengi iku uga Sulastri pamit karo Bu Warsi. Kanthi pawadan arep dipet bojo dening Mas Suhadi. Bu Wasri ora bisa menging. Apa maning sing nggawa Lastri sawijining aparat. Bu Warsi wis paham maring aparat sing sok teka ing warung istimewane. Kanca-kancane sing dipamiti padha rerangkulan, tetangisan. Senadyan kala-kala sok padha rebutan bener. Yen dhong salah paham Sulastri trima ngalah. Mula liggare sekang warunge Bu Warsi rumangsa padha kelangan.

Tekan asrama Sulastri dititipakan nang nggone Pak Jiman, pegawe sipil bageyan masak ya anak buahe Suhadi. Pak Jiman lan bojone atine melu trenyuh bareng dicritani apa anane Sulastri. Wong sakloron netrane dadi mata yuyunen. Sebanjure kon melu rewang-rewang bareng Pak Jiman. Sing jenenge sradhadhu bujangan, weruh cah wadon klimis, kaya tawon weruh kembang. Mula nggone Pak Jiman tamune remaja gilir gumanti. Kabeh nduweni karep padha, mikat Sulastri. Witing tresna jalaran saka kulina kuwe parikan sing lumrah ana jagading katresnan. Sing ketiban pulung Pratu Sutrisno. Lan wis dililani dening Kakang sinarawedi ya Mas Suhadi. Sebanjure dadi jatukramane.

Akhiring sasi September taun nem lima. Jakarta kinemulan mendhung angendanu. Geger anane kabar Dewan Jendral njongkeng kelanggahane Bung Karno. Sing bisa nylametaken jiwane Bung Karno jere Kolonel Untung. Wis sebenere wong Kol. Untung Komandan Yon I Kawal Kehormatan Resimen Cakrabirawa. Nanging kabar mau mung sakedheping netra. Jebule sing gawe ontran-ortran mau Partai Komunis Indonesia. Kol Untung minangka begundhale, mlesat ngirid balane se Kompi. Merjaya para Jendral antarane Jendral A. Yani, S. Parman lan liya-liyane ana nem. Siji Kapten Piere Tendean pengawale Jendral AH Nasution sing lolos saka wengise PKI. Sing dadi korban putra putrine Ade Irma Nasution. Ya sekang peristiwa mau Pasukan Cakrabirawa khusus TNI/AD Yon I melu dadi korban. Ana paribasan perek kebo gupak kecepretan. Sawise dianakaken penelitian utawa skrining, pungkasane sing ora ana tandha-tandha kelibat, dipindhah. Dipencar-pencar ana sing nang Aceh, Palembang, Kalimantan. Bojone Sulastri tiba neng Kalimantan, dene Kakange neng Aceh. Saploke kuwe sesambungane pedhot dhot. Lha wong bareng tekan kana isih dipencar-pencar, mbokmenawa isih ana rasa curiga.

“Deneng nglamun Jeng. Ana wong mlebu kok dijorna baen.” Swarane bojone sing nembe teka sekang BRI, gawe casset vidione buyar.

“Kiye Mas layang sekang Mas Suhadi teka.”

Ora sranta layang disaut. Terus diwaca. Senadyan tilas saradhadhu suprandene mripate kaca-kaca maca layang mau.

“Alhamdulillah Jeng. Wis tekan titi mangsane. Cara lakon nang pakeliran wayang purwa wis ngancik gagat raina. Tinutup kanthi wecaning lakon pinanggih tata tentrem rahayu kang tinemu. Jane nek dhewek kit ganu ngerti asmane sepuhe, wis bisa ketemu ya Jeng. Jebul Mas Hadi senadyan pengarang cilik, ning karyane kadhang kala bisa nembus blabar kawate Redaksi Panjebar Semangat. Ing rubrik Sing Lucu, Alaming Lelembut, Urun rembug bab wayang kulit lan cercak. Sing mandan sering tah Sing Lucu. Primen sebanjure Jeng.”

“Mbok dhewek wis kangen Mas. Ya ayo ngesuk diperlokaken sowan.” Ujare Lastri wis ora sranta.

“Aku setuju ning aja ngesuk lah. Lebarane mbok wis kari pirang dina maning. Karodene bocah-bocah urung padha teka. Yen karo anak putu dadi semanger mbokan Jeng.”

Rencana sing wis mateng bisa kaleksanan. Liwat HP Sulastri ngabari Kakange, yen sowane Badan rong dinane. Lan pesen Mbakyune ora susah repot-repot masak. Pokoke tekane wis sangu pangan secukupe. Mula wiwit awan wong saomah padha rerigen gotong royong. Sulastri karo anake wadon masak-masak. Sing lanang ngresiki Angdese mbok nganti mogok nang dalan. Lumayan nggo sangu pensiun Sutrisno melu kridit Angdes olih telu. Pokoke holopis kuntul baris. Gotong royong kudu diwiwiti sekang keluwarga. Ana bat repot disangga bebarengan. Sumrambah neng lingkungan jembare tekan saindenging Nuswantara. Mahanani urip ayem tentrem, adoh saka laku gendhak sikara. Sapa sira sapa ingsun, asu gede menang kerahe. Gawe papan cintrakaning liyan. Ana perkara dirembug. Ora banjur dolanen BOM ing sadhengah papan. Wong sing ora ngerti apa-apa melu nandhang sengsara, nganti ana sing nemahi pralaya. Mbok padha eling lha wong Pamane Kanjeng Nabi SAW baen tumekaning mati ya ora gelem Iman. Tur langsung dingendikani Nabi SAW. Kaya dhewek kiye mbok wis patbelas abad, sing mun ngerti Kanjeng Nabi ana ing Al Qur’an. Yen tresna Nabi SAW, mesthine ora kudu nganggo kekejeman. Bangsa Indonesia sing kewentar ramah, siki diregedi dening teror Bom, Ketone dadi bangsa sing bringas, ora ngerti marang pri kamanungsan.

Sing arep kedhayohan uga padha rerigen. Ora ketang mung gawe wedang. Dina keng diarep-arep wis tekan. Badan rong dinane. Ing omahe Suhadi wis katon regeng. Wong nunggu kuwe, pancen mboseni. Nunggu adhi sinarawedi kang wis patang dasa warsa ora ketemu, kaya dene wong nunggu tekane besan. Hp-ne terus moni. Lakune rombongan tamu terus dipandu liwat HP. Mobil angdes mlebu plataran. Sing methuk pating brubul. Semana uga tamune kaya laron metu sekang lenge. Sulastri ora sabar mbradhat nggapyuk ngrangkul Kakange. Rasa kangen kababar kanthi suka pari suka ketemuning Kakang karo adhi sinarawedi, dalah anak putu.

**


 

Dening:Hadi Sumarto / Panjebar Semangat-02/2006

 

TLAGA SARANGAN Cocok Kanggo Plesiran Wayahe Liburan Panjang Tlaga Sarangan uga disebut Tlaga Pasir dumunung ing perenge Gunung Lawu (3.267 meter) sing dhuwure watara 1.287 meter saka lumahe banyu segara. Tlaga alam sing jerone nyandhak 40 meter iki adohe 17 km sakulon kutha Magetan utawa 60 km saka kutha Surakarta. Tlaga Sarangan mapan ing desa Ngerong, Kecamatan Plaosan, Kabupaten Magetan, Jawa Timur. Senajan Tlaga Sarangan kaloka dadi papan plesiran wiwit jaman penjajahan Walanda nanging lingkungan alame ora patiya akeh owahe. Sakiwa tengen tlaga dikebaki alas ketel lan Pegunungan Sidaramping sing sawayah-wayah kabuntel pedhut kandel. Mula hawane atis (18-23 drajat Celsius). Sumber banyu tlaga dumunung ing telung grojogan yaiku Watu Andha, Pundhak Kiwa, lan Jarakan. Saka grojogan tetelu, banyu sing bening, resik, lan adhem njejet, ngebaki tlaga sing jembare watara 30 hektar iki. Banyu tlaga sabanjure dienggo kebutuhan penduduk klebu kanggo olah tetanen kebon strawberi. Minangka papan plesiran kuna, Tlaga Sarangan nyedhiyakake sakehe kebutuhan wisatawan. Sing pengin praon sumadhiya 50 prau motor (tarip Rp 40.000), sing ngersakake ngubengi tlaga sumadhiya jaran (tarip Rp 30.000), sing ngersakake nginep ana 43 hotel kelas melathi lan penginepan. Uga akeh papan kanggo mundhut oleh-oleh, klebu panganan khas Madiun, brem. Warung mangan paling akeh: sate terwelu kanthi tarip Rp 7.000 ( 20 sunduk). Tindak Tlaga Sarangan bisa saka 2 jurusan yaiku saka wetan – mengulon liwat kutha Magetan, Jawa Timur, adohe 17 km, utawa saka iring kulon – mengetan kutha Karanganyar adohe 40 km. Saka Magetan, dalane luwih empeh lan bisa mampir mundhut souvenir saka kulit apadene lempeng kas Magetan. Saka kulon, liwat dalan kutha Karanganyar tumuju Tawangmangu. Saka Tawangmangu, wisatawan sing arep tindak Tlaga Sarangan mengetan ngunggahi dalan nracak pereng gunung sing kadhangkala jejege nyedhaki 45 drajat. Dalan nrabas alas iki bakal tekan Cemarasewu, sawenehe papan ngaso ing tapel wates Jawa Tengah – Jawa Timur. Cemarasewu sing dhuwure nyedhaki 2.000 meter saka lumahe banyu segara kejaba adhem, kerep kekemul pedhut, uga nyuguhake sesawangan endah. Ing kene wisatawan bisa ngaso sawetara sinambi ngunjuk lan dhahar ing warung-warung sakiwa tengen dalan. Saka Cemarasewu wisatawan terus tindak ngidul ngetan, ngliwati dalan sing sebageyan njuleg tekan Tlaga Sarangan. Senajan dalane nracak lan njuleg, dalan saka Tawangmangu-Cemarasewu-tekan Sarangan, jembar lan mulus ingga katon bawera. Mung nalika pedhut kandel, perlu waspada lan ngati-ati. Pereng Gunung Lawu, pancen kaloka dadi papan plesiran ngelam-elami krana duweni daya tarik mirunggan (eksotis): hawa adhem, sesawangan endah, lan alami wujud alas gunung. Pereng kulon Lawu sing mlebu tlatah Karanganyar ana Tawangmangu lan Grojogan Sewu (dhuwure 80 meter), Candhi Sukuh, Candhi Cetha, Makam Mangadeg, Makam Girilayu, Makam Giribangun, Wadhuk Lalung, lan Wadhuk Delingan. Candhi Cetha sing ngemperi Puri Besakih ing Bali kejaba endah uga dikupengi kebon teh kaya Puncak Pass ing Bogor. Pereng wetan Lawu, kejaba Tlaga Sarangan uga ana Wadhuk Poncol. Sacedhak Tlaga Sarangan uga ana wanawisata kanggo rekreasi, pelatihan, mainan, apadene kemah. Watara taun 1950-an eksotisme Tlaga Sarangan digambarake dening sawenehe komponis sajerone langgam Telaga Sarangan : Teduh sunyi damai tenang telaga Sarangan / Indah bukan buatan / Pemandangannya untuk bertamasya / Tempat margasatwa mandi / Berkecimpung ria / Bebas menghias diri / Kicauan murai di tepian tlaga / Kolam air ciptaan Tuhan / Berpagar bukit-bukit rimba / Tempat insan datang / Tuk menghibur lara / Di kakinya Gunung Lawu / Di situ tempatnya / Kagum aku memnadang / Keindahannya o rahasia alam “. Ayo tindak Tlaga Satrangan mumpung liburanb panjang, panjenengan bakal nyekseni endahe sesawangan alam lan segere hawa pegunungan.* Sanjaya –DL)

 

 

Posted 10th July by majalah djaka lodang

 

 

Jul

18

 

DIENG – WONOSOBO

Wisata 04 AYO MENYANG DIENG Kawasan Wisata Ngelam-Elami Watara taun 1950 – an kepungkur sapa sing ora kepencut mriksani sesawangan ing plato Dieng. Hawane adfhem jejet nganti kaca jendhela penginepan ketempelan es, pedhut nggembuleng sedina-dina, sadawane pendelengan kebak gumuk kerungkudanb alas ketel, tlaga – tlagane bening kebak iwak,, guwa alame wingit, akeh papan wisata alam sing gawe eram, lan bisa mriksani komplek percandhian Hindhu sing katon sakral lan merbawani. Dieng wektu iki beda kahanan lan swasanane. Gumuk sing ketel wus ilang metha pereng gundhul kanggo nandur kenthang, tlagane warna sing kinclong banyune saya ciyut lan cethek banyune, dene omah pendhudhuk sing maune isih klendhang-klendhang saiki malih uyeg-uyegan. Nanging crita Dieng ora bakal leren.

 

Jul

 

 

DJAKA LODANG 08/ 21 JULI 2012

– JAGADING LELEMBUT : LAMBENE, LAMBENE – PAGELARAN : TUKANG SAPU DALAN – CERKAK : NANDUR WESI INFO BERLANGGANAN HUBUNGI : BAGIAN PEMASARAN (NIKEN : 0856431848935 / KANTOR : 372950)

 

TLAGA SARANGAN Cocok Kanggo Plesiran Wayahe Liburan Panjang Tlaga Sarangan uga disebut Tlaga Pasir dumunung ing perenge Gunung Lawu (3.267 meter) sing dhuwure watara 1.287 meter saka lumahe banyu segara. Tlaga alam sing jerone nyandhak 40 meter iki adohe 17 km sakulon kutha Magetan utawa 60 km saka kutha Surakarta. Tlaga Sarangan mapan ing desa Ngerong, Kecamatan Plaosan, Kabupaten Magetan, Jawa Timur.

 

Jul

9

 

Djaka Lodang Edisi 07

– JAGADING LELEMBUT : KEDADEYAN NYALAWADI RIKALA KALI BANJIR – WAWASAN : INSIDEN PENEMBAKAN PESAWAT TURKI – PAGELARAN : MATI SAJERONING URIP SIMAK KABAR SELENGKAPNYA DI MAJALAH DJAKA LODANG EDISI 07, 14 JULI 2012 INFO BERLANGGANAN HUBUNGI : BAGIAN PEMASARAN (NIKEN : 0856431848935 / KANTOR : 372950)

CANDHI IJO  LAN SOJIWAN  

Muwuhi Cacahe Papan Wisata Candhi Kompleks Prambanan.

 

Tekan dalan jurusan Prambanan – Piyungan ( ngalor – ngidul) Djaka Lodang (DL) banjur menggok ngetan ngunggahi dalanm nracak aspalan bodhol ing sikile Pegunungan Sewu iring elor.  Jarum jam ing Pos Jaga Candhi Ijo nuduihake wektu 12.30 WB nalika DL ketug papan sing dituju. Hawa panas krana sumube  hawa saka pegunungan gamping  saya gawe gerahe awak sing gemrobyos ing tengahe srengenge panjer rina.

 

 

Iku  swasana ing candhi kepapat   sing disambangi Djaka Lodang (DL) dina iku. Sadurunge Candhi Ijo, DL wis nyambangi Candhi Sambisari, Candhi Sari, lan Candhi Kalasan  kang dumunung ing sakiwa tengen  dalan gedhe Yogyakarta – Solo. Candhi Sari lan Candhi Kalasan duweni sambung rapet kang cedhak. Miturut Prasasti Kalasan taun 700 Saka utawa taun 778 Masehi , asrama para biara (biksu) Budhis dumunung ing Candhi Sari kang adohe watara 500 meter saelor wetan Candhi Kalasan.  Wutuhe, Candhi Kalasan kedaden saka candhi babon (induk) sing dikupengi 52 stupa. Ananging,    Candhi  Kalasan klebu candhi kang durung nate diwutuhake maneh (dipugar, direkonstruksi)  kaya Candhi Prambanan, Candhi  Sewu, Candhi Plaosan Lor – Kidul, Candi Ratu Baka, Candhi Barong, Candhi Ijo, Candhi Banyuniba, apadene  Candhi Sajiwan. Apa alasane  Candhi Kalasan durung nate dipugar, tekan wektu iki durung ana alasan kang gumathok.

Saka Kalasan, DL banjur  mengetan tumuju Candhi Prambanan, Candhi Sewu, Candhi Bubrah, Candhi Plaosan Lor lan Candhi Plaoasan Kidul, Candhi utawa Kraton Ratu Baka, Candhi Barong, Candhi Ijo, Candhi Banyunibo, lan Candhi Sojiwan. Antarane candhi cacah 13 iki kang paling mranani Candhi Ijo lan Candhi Sojiwan. Jalaran candhi leloro iki ana kang isih dipugar (Candhi Ijo) lan ana sing wis purna pugar (Candhi Sojiwan).

Saka Candhi Prambanan, tumuju Candhi Ijo bisa  ngliwati  dalan arah mengidul Prambanan –Piyungan. Tekan sakidul dhusun Jobohan ana dalan mengetan  ngunggahi  sikile Pegunungan Sewu iring elor ing desa Sambirejo, Kecamatan Prambanan, Sleman, Yogyakarta.  Dalane nracak dhuwur tur  rusak krana kanggo lalu lintas ngusung watu saka papan-papan penambangan watu putih. Sawise ngunggahi dalan nracak  adohe watara  3 km iku  ketug Komplek Candhi Ijo sing dumunung ing dhusun Groyokan, Desa Sambirejo, Kecamatan Prambanan, Kabupaten Sleman. Candhi  ing papan  dhuwure 375 meter  saka lumahe banyu segara iki   ditemokake  taun 1886 dening  H.E. Doorepaal, sawenehe Administratur Pabrik Gula Saragedhug sing madik papan kanggo kebon tebu. Sabanjure C.A. Rosemeler  nemokake reca  cacah telu. Taun 1887 Dr. J. Groneman ngedhuk papan iku (ekskavasi) ingga nemokake lembaran emas sing ana tulisane (prasasti, ali-ali emas, lan wiji-wijian.

 

Komplek Candhi Ijo dumunung ing 3 undhak-undhakan (teras), saka kulon (ngisor dhewe) mengetan (paling dhuwur). Beda karo Candhi  Prambanan utawa Candhi Sewu sing punjere candhi babon (induk) ana tengah,  Candhi Ijo punjere  ana teras  dhuwur dhewe kaya pecandhen ing Jawa Timur. Sumber keterangan baku Candhi Ijo  saka Prasasti Poh (806 Masehi) sing nyebutake sawenehe dhayoh sing ngestreni upacara kang asale saka desa Ijo ( Sansekerta: “anak wanua I wuang hijo”).

Landhesan isi Prasati Poh, sabanjure candhi IJo sing kedaden saka 17 candhi lan mapan ing 11 teras  saka kulon (ngisor) mengetan (dhuwur), dipugar. Bangunan induk dumunung ing teras paling dhuwur sing kedaden saka candhi induk lan 3 candhi pengamping (perwara), wektu iki wis madeg becik. Dene bangunan ing teras sangisore isih sajerone rekonstruksi.

Miturut satpam Candhi  Sojiwan , Sumardi,  wektu iki candhi Sojiwan wis purnapugar lan kari nunggu peresmiane sasi Oktober 20011. Menawa Candhi Ijo nyuguhake sesawangan krana wisatawan bisa mriksani menyang papan adoh  ing sangisore pegunungan, Candhi Sojiwan nyuguhake candhi kang endah ing tengahe plataran jembar  sineling  wit-wit pule umure atusan taun.Candhi Sojiwan  sing ora adih saka Candhi Prambanan dumunung  watara 500 m sakidul dalan Yogyakarta – Solo mapan ing desa Kebondalem, Prambanan, Klaten, Jawa Tengah. *

                                                                                                                                              (Sanjaya / DL) 

 

 

 

DIENG – WONOSOBO

Wisata 04 AYO MENYANG DIENG Kawasan Wisata Ngelam-Elami Watara taun 1950 – an kepungkur sapa sing ora kepencut mriksani sesawangan ing plato Dieng. Hawane adfhem jejet nganti kaca jendhela penginepan ketempelan es, pedhut nggembuleng sedina-dina, sadawane pendelengan kebak gumuk kerungkudanb alas ketel, tlaga – tlagane bening kebak iwak,, guwa alame wingit, akeh papan wisata alam sing gawe eram, lan bisa mriksani komplek percandhian Hindhu sing katon sakral lan merbawani. Dieng wektu iki beda kahanan lan swasanane. Gumuk sing ketel wus ilang metha pereng gundhul kanggo nandur kenthang, tlagane warna sing kinclong banyune saya ciyut lan cethek banyune, dene omah pendhudhuk sing maune isih klendhang-klendhang saiki malih uyeg-uyegan. Nanging crita Dieng ora bakal leren.

Amarga perang Israel karo negara-negara Arab kaya tanpa kendhat, wong mesthi pengin weruh piye ta mula bukane Israel dadi musuh bebuyutane bangsa Arab. Pranyata kuwi kawiwitan saka taun 1000 SM (sadurunge Masehi).

Jaman semana wangsa Yahudi wis manggon ing Palestina. Senajan Yahudi bangsa sing pinter, nanging bola-bali kudu teluk marang bangsa Assyria, Babylonia, Persia, Yunani, lan Mesir. Ewa semono tetep bae manggon ing negarane, nganti mangsane penjajahan Romawi sing mahanani owah-owahan.

Krajan Romawi nalika ndeleng ketrampilane bangsa Yahudi wiwit mikir nedya amek manfaate. Ketrampilane bangsa Yahudi sing dianggep bisa nguntungake kuwi banjur disebar ing pirang-pirang wilayah krajan Romawi sing jembar banget. Wiwit taun udakara 300 SM wong-wong Yahudi disebar menyang dhaerah-dhaerah Romawi, kejaba ing Britania.

Wong-wong Yahudi kuwi didadekake petani lan peternak ing dhaerah Mesopotamia. Mbangun dalan ing Afrika Lor, dadi pelayan-pelayan ing Jermania. Petani anggur lan jeruk ing Prancis lan Spanyol. Ing dhaerah Roma dhewe wong-wong Yahudi didadekake tukang tenun, seniman, mbakar roti, nglakokake laku dagang lan teknik, sarta gawe perhiasan lan bekakas perang.

Pemerintah Romawi aweh kelonggaran marang bangsa Yahudi. Longgar nglakoni agamane, nindakake hukum Yahudi ing kalangan Yahudi, lan bebas tugas militer. Kalonggaran ora antuk tugas militer kaya-kaya dadi pamrihe pemerintah Romawi supaya bangsa Yahudi ora mbalela.

Saka meh telung yuta wong Yahudi (nalika semana), mung sethithik sing manggon ing dhaerah Palestina. Sing dienggoni Yahudi ing panggonan-panggonan suci kaya ing Safed, Tiberia, Hebron, lan Jerusalem.

Wiwit kuwi bangsa Yahudi dadi bangsa lelana. Sawise taun 1.000 nganti 1.500 merga didhesek terus dening krajan Turji lan bangsa Arab sing wis ngenggoni dhaerah-dhaerah sing ditinggalake Yahudi, sumebare bangsa Yahudi saya mratah. Tekan ing tlatah Polandia, krajan Ottoman, nganti tekan Britania Raya, lan kawasan Eropa Lor.

Saliyane nambah cacahe ing panggonan-panggonan sumebare sing kawitan kayata ing Prancis, Spanyol, Portugal, Austria, Jerman, Italia, Sardinia, Sisilia, Hongaria, lan Semenanjung Krim. Meh ing saben kutha-kutha penting kaya Alexandria, Kairo, Tripoli, Tunis, Amsterdam, Antwerpen, Smyrna, Konstantinopel, bangsa Yahudi, padha ndhapuk bebrayan Yahudi secara kelompok.

Watara taun 637 lan 1.000 Masehi bangsa Arab Muslim tumplek bleg ngenggoni Palestina lan wilayah Israel saiki. Amarga watake wong Arab sing cukup toleran (semanak), wong Yahudi banjur kepengin padha bali menyang panggonane sekawit, ing Israel saiki. Saya suwe saya akeh wong Yahudi sing mbalik. Akibate wong Arab karo Yahudi wiwit ora harmonis, ana gesekan sethithik baka sethithik. Kerep bae dhaerah sing wis suwe dienggoni bangsa Arab atusan taun lawase kuwi (wiwit ditinggal bangsa Yahudi biyen) dening bangsa Yahudi dijaluk maneh merga dianggep minangka tanah air lan duweke bangsa Yahudi.

Iya wiwit kuwi mula bukane Zionisme mekar. Toleransine bangsa Arab dianggep kalonggaran dening Yahudi, banjur nekakake wong-wong Yahudi saka ngendi-ngendi menyang Palestina. Ing taun 1492 wong-wong Yahudi saka Spanyol padha teka. Taun 1495 saka Lithuania, 1497 saka Portugal, Sisilia, lan Sardinia, 1502 saka Rhodesia, lan 1541 saka Napoli. Nalika kabawah prentah pemerintahan Ottoman sawise 1517, wong-wong Yahudi wiwit mili saka Eropa mbanjiri Palestina.

Watara 1880-1914 udakara 60.000 wong Yahudi mlebu Palestina saka Rusia, Rumania, lan Polandia. Senajan ora ngenggoni panggonan asal saka embah buyute, nanging ngenggoni dhaerah-dhaerah sakupenge Tel Aviv saiki.

Taun 1909 Tel Aviv dibangun, banjur nukoni tanahe tuan-tuan tanah wong Turki lan Arab kanthi rega larang. Dening wong-wong Yahudi sing racake sugih pengalaman, dhaerah-dhaerah sing anyar kuwi enggal-enggal dibudayakake, lan ing bab iki wong-wong Arab “ketinggalan”. Ing kutha-kutha kaya Safed, Tiberia, Jerussalam, Hebron, Jaffa, lan Gaza, sing pendhudhuke campuran Arab lan Yahudi ing taun 1900 wiwit bentrok cilik-cilikan.

Sureme jaman emas Islam muwuhi panjurung tumrap bangsa Yahudi nggenjot mekare Zionisme. Ora nggumunake bentrok-bentrok sing netesake getih wiwit kedadeyan. Awal 1900 nganti 1914 wiwit kerep kedadeyan bentrok-bentrok gudras getih antarane Arab mungsuh Yahudi kaya ing Petah Tikva, Gedera, Rehobot Ness Zioni, Benshemen, Hadera, Sejera, Yapmiel, Degania, Kinneret.

Wiwit taun 1891 wong-wong Arab wis ngirim petisi menyang Konstatinopel (minangka panguwasa wektu semana) amrih ditampik lan diwatesi baline wong-wong Yahudi menyang Palestina.

Wulan Mei lan Juni 1914 organisasi-organisasi resmi Zionisme lair ing Jerusalem, Jaffa, Haifa, Kairo, lan Beirut. Uga ing Konstantinopel lan Damaskus. Surat-surat kabar anti Zionisme ngabarake aja nganti ngedol tanah marang wong Yahudi senajan kanthi rega larang banget.

Tanggal 25 Oktober 1915, sajroning perang Arab-Turki, Sir Mc. Mahon aweh semaya (janji) marang Raja Hussein lan Arabia kanggo pambiyantu lumawan Turki. Kanthi syarat ana dhaerah-dhaerah bebas kanggo wong Yahudi ing Palestina ora bisa dilepas saka wong Arab. Rampunge perang iki didadekake dhasar-dhasar tumrap negara Israel, yakuwi Inggris lan Perancis campur tangan lan masalah iki digawa menyang Paris (1919). Kanthi mengkono dhaerah-dhaerah Arab dadi bawah pengawasane Sekutu sarampunge perang kanthi kalahe Turki.

Irak lan Transjordania (wusana aran Yordania) ing bawah mandat Inggris taun 1921 lan merdeka sowang-sowang taun 1932 lan 1946. Syria lan Lebanon ing bawah pengawasane Perancis mardika taun 1943 lan 1944. Negara-negara Arab liyane antuk subsidi saka Inggris sing banjur madeg dhewe.

Wilayah Palestina sejatine diwenehi kebebasan taun 1922, nanging bangsa Arab lan Yahudi sowang-sowang padha klaim (ndhaku) dhaerahe. Kanggo ngatasi dianakake Balfour Declaration taun 1917 lan 1920. Palestina katetepake duweke Yahudi saperangan, lan saperangan liyane kanggo wong Arab. Wektu kuwi wis katon sesulak padhang nalika Emir Faisal tanggal 3 Maret 1919 nelakake marang Felix Frankfurter, antarane:

“Kita wong-wong Arab, utamane kaum intelek (terpelajar), ndeleng klawan simpati sing jero marang gerakan Zionisme sing murni. Kita banget mangerteni marang pepenginane wong Yahudi mbangun saweneh panggonan. Kita pengin nyambut gawe bebarengan mbangun maneh Timur Dekat sing anyar, lan saling bantu-binantu. Gerakan iki sauger murni, kita anggep gerakan nasionalis, lan ora awatak imperialis. Ing kene kita wong-wong Arab nyediakake wilayah kanggo bangsa kekarone. Temenan, ora bakal sukses tanpa nyambut gawe bebarengan siji karo liyane.”

Nyatane, pratelane iku ora bisa dilekasi kaya apa mesthine. Gerakan Zionisme ngusulake ambane dhaerahe saka Akaba ing brang Kidul, nganti Sidon ing imbang lor, saka Jaffa lan Tel Aviv ing kulon nganti nyedhaki Amman ing wetan bageyan tengah, sawenehing dhaerah sing manut wong Arab kebangeten lan nglimputi meh kabeh Palestina. Kutha Jaffa lan sakubenge sing jelas dhaerahe wong Arab, beda karo Tel Aviv. Kerusuhan meh bae kedadeyan wektu iku uga. Untunge kaum Zionis iku usule ditampik ing prajanjian Paris wulan Pebruari 1919.

Sabanjure saya gawat. Konflik-konflik sing ngutahake getih kedadeyan ing taun 1920. Saya ndadi nalika saya tambah akehe imigran Yahudi. Udakara 16.500 wong saben taun mlebu Palestina. Konflik-konflik antarane bangsa Arab lan Yahudi wiwit migunakake gegaman. Kerusuhan awal Maret 1920 nyebabake penganjur imigrasi Yahudi, Josef Trumpeldor, nemahi tiwas.

Ing wulan Juni taun kuwi wong-wong Yahudi wiwit ndhapuk barisan sukarela ngadhepi wong-wong Arab. Nuli kedadeyan bentrokan gudras getih ing wolung panggonan. Akhir taun kuwi persatuan buruh Yahudi Histadrut wiwit ngorganisasi luwih akeh imigran Yahudi menyang Palestina, mbangun industri lan wilayah-wilayah pertanian, sarta miwiti kampanye ngobarake semangat ngadhepi wong Arab.

Taun 1921 saya akeh imigrasi Yahudi menyang Timur Tengah. Bangsa Arab ngajokake protes marang Inggris sing nyekel mandat. Sawise ngliwati mangsa-mangsa gawat, wusana Komisaris Tinggi Inggris Sir H. Samuel (sing bangsa Yahudi) mrentahake matesi cacahe wong Yahudi sing mlebu menyang Palestina. Malah sing wis ana ing “perairan” Palestina ora entuk ndharat. Yordanina katutup kanggo wong Yahudi. Nanging kerusuhan-kerusuhan ora bisa diendhani, utamane ing dhaerah-dhaerah pertanian.

Rupane wong-wong Arab nyerang lan nedya ngrusak sumber-sumber pertanian lan perkebunan Yahudi. Wulan Nopember taun iku barisan sukarela Yahudi ditingkatake dadi laskar bersenjata sing luwih teratur lan dijenengake Haganah, sing dadi awal lan cikal bakale angkatan bersenjata Israel. Markas-markase madeg ing wilayah kidul Palestina ing Shekhumat, ing Geva wilayah tengah, Ayelet, Hashahar, sarta Giladi ing wilayah lor.

Patang taun sabanjure wong-wong Yahudi mekarake dhaerah mukime kanthi ngenggoni lan nuku tanah-tanah cedhak tapel wates Yordania. Danane saka dana Zionis. Tanah-tanah tandhus didadekake tanah pertanian, sekolahan-sekolahan, lan industri nandhingi pemukiman Arab ing sakubenge, nyababake swasana dadi saya adhem-panas.

Bubar ngono rada suwe swasanane tentrem tanpa bentrokan. Nganti taun 1928 ana kira-kira 590.000 wong Arab, lan luwih saka 150.000 imigran Yahudi sing wis manggon ing Palestina. Wong Arab saya kumesar lan taun 1929 wiwit kedadeyan maneh kerusuhan-kerusuhan. Kerusuhan wulan Agustus ing Jerusalem niwasake wong Yahudi cacah 133 lan kang nandhang tatu 339 wong. Wong Arab sing tiwas 116, ing antarane cacah 6 kaprejaya dening aparat keamanan Inggris sing nedya nyirep geni kerusuhan kuwi.

Saya akehe arus imigrasi Yahudi menyang Palestina kuwi amarga ing Eropa wong-wong Yahudi dadi buron krana muncule tokoh Nazi Jerman sing spektakuler. Hitler ngumandhangake prinsip mungguh wong Aria iku uber alles dene wong Yahudi dianggep rival (tandhingan) sing kudu disirnakake.

Cilakane gerakan anti Yahudi (Semit) iki enggal jembar tebane ora mung ing Jerman nanging uga ing Rusia, lan sawatara gerakan ing Prancis, Inggris, lan mesthi bae ing Palestina lan dhaerah-dhaerah Arab senajan motivasine beda banget.

Ing Ukraina lan Rusia Putih tentara anti Bolsewik mateni luwih 100.000 wong Yahudi antarane taun 1917 nganti 1921. Mulane luwih saka 200.000 wong Yahudi liyane sumebar lunga saka dhaerah kono menyang pelosok-pelosok Eropa lan Rusia Wetan.

Saka Jerman buron Yahudi udakara 3.000-nan lumayu menyang Swedia, 71.000 menyang Inggris (nanging saperangan dikuwatiri dadi spion Jerman lan diancam anti Yahudi ing Inggris) 30.000 mlayu menyang negara Walanda, 25.000 menyang Belgia; 20.000 menyang Prancis; 8.000 menyang Chekoslowakia; 6.000 menyang Hongaria. 370.000 wong Yahudi saka dharatan Eropa mlayu menyang Amerika Serikat.

<!–[if !supportEmptyParas]–>

Sing nedya menyang Palestina ing taun-taun 1939-944 udakara 135.000-nan saka pirang-pirang panggonan ing Eropa, antarane 90.000 kanthi nandhang kangelan numpak kapal, sepur, dene liyane klawan carane dhewe-dhewe lan mlebu krana cara illegal menyang Palestina. Sabanjure wong Yahudi sumebar ing saindenging jagad ora beda kaya ing Cina lan Jepang.

Sawatara kuwi kamp-kamp konsentrasi kanggo wong-wong Yahudi dibangun ing Jerman lan klawan wengis kamp-kamp iki nyirnakake wong-wong Yahudi nganggo cara sing nyendhal ati. Ing Jerman ana sangang panggonan kamp konsentrasi raseksa, liyane ing Prusia (1), ing Ceko (1), ing Polandia (6), Austria (1), kabeh iku mesthi bae atas prakarsane Jerman. Dinuga watara 5.800.000 wong Yahudi (bisa luwih) dipateni klawan wengis dening Jerman engga taun 1945. Mangka cacahe wong Yahudi wektu kuwi mung 8.700.000.

Ing Palestina memungsuhan terus tanpa leren. Taun 1936 wong Arab wiwit kampanye maneh. Saka wulan April nganti Mei taun kuwi ana kerusuhan ping 25 korbane wong 26 mati. Wong Arab 15 mati dening aparat keamanan Inggris. Akhir Mei lan Juni kerusuhan kedadeyan ping 30, wong Arab nyerang Yahudi korbane Yahudi 12 lan Arab 10, polisi siji lan warga Austria katut dadi korban.

Cundhuk karo irahane tulisan iki, kaya ora perlu kita terusake kepriye ikhtiyar sabanjure kanggo mungkasi perang Arab-Israel iki. Sabab PBB uga ora bakal bisa ngatasi kejaba yen inisiatife saka Israel lan Arab dhewe. Soale, iki dudu prekara perang akibat diplomasi sing gagal, nanging prekara rebutan hak atas wilayah negara kaya sedulur rebutan warisan.

<!–[if !supportEmptyParas]–>

Ature: Anie Soemarno

About these ads

33 Respon untuk Mula Bukane Arab-Israel Dadi Mungsuh Bebuyutan

  1. heru mengatakan:

26 Januari, 2007 pada 4:36 pm

mbak titah, melu nambahi….

Sakdurunge yahudi manggon nang tlatah palestina, ning tlatah kono wis ono bangsa filistin sing wis manggon luwih dhisik.

Bangsa yahudi kuwi saka anak turune nabi yakub (israel). Biyen nabi yakub manggon nang tlatah negara madyan(?). Nabi yakub kuwi duwe anak 12 salah sijine sing aran Yusuf. Sakwise yusuf diangkat dadi salah sijine menteri di mesir. Nabi yusuf ngajak dulur-dulure kabeh padha manggon nang tanah mesir amarga madyan lagi paceklik. Wektu kuwi wilayah mesir ditaklukne karo negoro liya dadi sing mrintah nang kono dudu firaun. Wong-wong yahudi kuwi banjur wenehi fasilitas lan panggonan sing luwih apik tinimbang penduduk asli mesir. Ning mesir banjur anak-anak israel kuwi manak pinak dadi akeh.

Jamane Musa, mesir wis diperintah maneh karo firaun (ratu asli mesir). Wong-wong yahudi kuwi dhuweni sifat sing eklusif (bahasa jawane opo yo?) ora gelem membaur karo wong-wong asli mesir, senengane kumpul-kumpul karo dulur-dulur’e dhewe. Sarehne saking akehe fasilitas sing diwenehi kawit jamane yusuf, wong-wong yahudi akeh sing podho sugih akeh sing dadi juragan gedhe padahal akeh wong asli mesir dhewe sing susah uripe. Bab iki sing dadi salah sijine penyebab sosial kenopo wong-wong yahudi di kuya-kuya supaya metu teko mesir.

Musa banjur iso ngetokne wong yahudi saking tanah mesir. Banjur musa diwenehi perintah saking gusti Allah supaya bangsa yahudi diajak mlebu tlatah palestina (sing saiki di dadekne klaim karo bangsa yahudi yen tanah palestina kuwi pancen dhuwek’e sing dijanji karo gusti Allah/ the promise land). Nang kono wis manggon wong-wong filistin. Nanging wong-wong yahudi kuwi podho ora gelem patuh karo perintah’e musa sarehne wedhi yen kudu perang mungsuh wong filistin. Banjur wong-wong yahudi dihukum dening gusti Allah ora iso metu nang padhang rumput sing ono ing njabane tlatah palestina suwene 40 tahun.

Sakwise musa mangkat(meninggal), wong yahudi sing shaleh-shaleh dipimpin thalut akhire iso mlebu tlatah palestina. Ing palagan perang daud (David) akhire iso mateni rajane wong filistin sing aran jalut (Goliath). Wong-wong yahudi akhire podho iso mlebu tanah palestina. Sakwise thalut mangkat, daud akhire diangkat dadi ratune wong-wong yahudi. Di jamane Daud karo sulaiman (anak’e daud) palestina kondang kaloka dadi negara sing gedhe. Sakwise sulaiman mangkat kerajaan yahudi wis ora kuwat maneh. Polahe soko eker-eker’an antarane wong-wong yahudi dhewe. Banjur wong yahudi palestina dijajah karo bangsa Assyria, Babylonia, Persia, Yunani, mesir sampek romawi.

21 November, 2008 pada 10:55 pm

Aku rada kaget mbukak blog iki. Mesthine bisa terus diupdate, diaktualake, saben minggu sepisan. Kanthi mengkono saya akeh sing seneng mbukak Jaya Baya ing internet. Paling ora artikel sing eksklusif gegayutan karo wong lan budaya Jawa, dikantheni foto-foto. Matur nuwun. Salam kagem sedaya.

Balas

  1. sabdalangit mengatakan:

16 Januari, 2009 pada 1:44 am

Perang Yahudi lawan palestina wis lekas maneh. Mbok menowo bener kandane Gus Dur kang emoh cawe-cawe bab perang saiki. Krono weruh duduk masalahe. Ojo wae kok Indonesia, wong Arab wae mumet mikir kudu kepriye murih apike. Kabeh bongso Arab saking mumete bisane mung meneng sewu boso. Mula ojo waton kegowo emosi, tanpo ditimbang lan dingerteni sejarahe banjur arep nekad nglurug perang menyang Palestina. Yen ngene iku podho wae mung arep nglalu, lan nyemplung ing masalah kang dudu wenange lan ora ngerti masalah kang sak benere. Mangkono iku kang aran taklid ela elu lan watek mburok. Mulo kudu luwih ngati-ati. Ojo nganti perang sedulur mergo rebutan “waris” iki diowah gingsir dadi masalah agama. Mula ojo waton lan ojo grusah grusuh, merga bisa njalari perang ing njero bangsa Indonesia dewe.

sabdalangit’s web
MEMBANGUN BUMI NUSANTARA YG BERBUDI PEKERTI LUHUR.

Balas

  1. anjrah lelono broto mengatakan:

10 Februari, 2009 pada 1:21 pm

Nyuwun sewu…. Mbokyao di-update blog-ipun. Bapak-bapak klayan ibu-ibu, nyuwun pangapunten, kulo sampun dangu mboten mencungul…

Balas

  1. ananta anand swami mengatakan:

23 Februari, 2009 pada 2:47 pm

“Sebelum datang ke Jerrusalem, aku berpikir aku akan berperang membela agama.
Akan tetapi setelah tiba, aku hanya berperang untuk tanah dan kekuasaan.
Aku malu…”

Dikutip dari dialog Tiberias kepada Balian (Baron of Ibelin)dalam Film ‘Kingdom Of Heaven’ yang menceritakan tentang perlawanan kaum nasrani, terakhir dipimpin Balian, dari serangan kaum muslim yang dipimpin Shalahuddin Al Ayubi.

Balas

  1. Mamo mengatakan:

21 Maret, 2009 pada 2:10 pm

Sejatine, bangsa Yahudi lan bangsa Arab saudara kandung tunggal Bapak lain Ibu. Ing sawijining dina Ibrahim anthuk wangsiting Dewa sapaya lunga menyang sawijining papan kang ora kasebut dununge. Ing kana mengka, Dewa arep paring berkat marang Ibrahim akehe keturunan kaya akehe lintang ing tawang. Nanging sawise bertahun-tahun tinggal ing perantauan wektu ikut umure Ibrahim wis 100 tahun luwih lan bojone kang aran Sarah 80 tahun ora kagungan anak. Lantaran Sarah nggak mungkin bisa meteng (wis monopause)lan keluarga iku mbutuhake keturunan, mula sarah menyarankan supaya Ibrahim mengawini budake (pembantune)Hagar wong Mesir. Maka menikahlah Ibrahim dengan Hagar. Nadyan Ibrahim wis tuwa – dasar laki-laki makin tua makin jadi – barange esih cas, maka mengandunglah Hagar dan melahirkan anak lanang dijenengi Ismail. Kelahiran Ismail membawa bencana bagi Sarah, Dia cemburu karena Ibrahim sangat mencintai Ismail dan Hagar. Merasa Sarah adalah sang Permaisuri yang punya kuasa dan Hagar hanylah budak emban atau pembantu maka diusirlah Hagar dan Ismail dari Istana mereka. Hagar lan Ismail lunga saka Istanan Abraham, kalunta-lunta menuju ke tanah Mesir (kampung halamannya). Sawise Hagar lunga, Sarah ichtiar rana – rene, nekani para wiku lan para normal, njaluk men bisa meteng. banjur saka kuasane Gusti kang maha kuasa, Sarah meteng lan nglahirake anak lanang kang diarani Ishak. Singkat cerita Ismail uripe sengsara, menghadapai ganasnya padang gurun banjur menurunkan bangsa Kedar yang sekarang disebut Arab, lan Ishak hidup makmur sugih dunya nurunake bangsa Yahudi. Jadi mungkin perselisihan antara bangsa Arab dan Yahudi wis diwiwiti dhek jaman Ismail lan Ishak. Sebagai putra pertama mestinya Ismail berhak mendapat kehormatan yang pantas dari Ibrahim tetapi nyatanya disia-sia, diusir dari istana hanya karena kecemburuan permaisuari Sarah.

Nuwun sewu inggih, Jaya Baya (majalah) niku taksih wonien tha?

Kulo sampul puluhan taun mboten maca.

Balas

  1. re-saintazkiya mengatakan:

18 Juli, 2009 pada 7:44 pm

Nuwun sewu, sakmirenge kulo punika Yahudi sangking Bani Israil sampun boten wonten. Yen Yahudi kaliyan Israel punika benten maleh, tapi kula dereng gadhah dalilipun

Balas

  1. nana mengatakan:

25 Agustus, 2009 pada 11:13 am

eealaah ora nyana aku ketemu jayabaya nang kene. aku kangen karo jayabaya…wacanan pertama ning uripku..sayange ing tahun 1997 ibukku wis ora langganan maneh. blog iki yen diupdate terus mben minggu ngono mesti lak yo yahudd ngelingi aku angel maca sing versi cetak e

Balas

  1. jawa mengatakan:

6 September, 2009 pada 2:15 pm

Lha inggih menawi naliti saking sejarahipun, peperangan ing Timur Tengah menika sanes perang agami. Lan sejarah ing mrika mboten benten kaliyan sejarah Nusantara…ananging sakmenika warga Indonesia kados dene keseret kaliyan pikiran2 lan menapa kemawon ingkang wonteng ing Arab, amargi agami. KIta klados2 kesupen kaliyan sejarah lan perjalanan bangsa piyambak..Kathah tiyang ingkang langkung seneng lan kemaki badhe nderek berjuang dateng Palestina lsp, menika kan aneh…mangga kita bangun kemawon Nusantara supados dados tata tentrem kerta raharja….Arab dereng beradab, kabudayan kita sampun moncer sundul langit!!!!!!

Balas

  1. Tiyang Jawi mengatakan:

8 Oktober, 2009 pada 7:55 pm

Mula Bukane Arab-Israel Dadi Mungsuh Bebuyutan

Sabab musababe perang iku sepele koq, mmung merga Ibrahim as duwe bojo loro.
Siti Sarah sing wektu iku isih durung duwe momongan, banjur njaluk marang bojone ya KLan jneg Nabi Ibrahim supaya mundut garwa maneh yaiku Siti Hajar.
Sawise Siti Hajar kelakon nglairake jabag bayi karan Kanjeng nabi Ismail as, sabanjure bojone sing tuwa Siti Sarah nglairake Kanjeng Nabi Ishak as. Sabanjure Kanjeng Nabi Ishak as nurunake Kanjeng Nabi Yakub as sakturunane. Nabi Yacub as kawntar bapa biyunge Israel. Lan Kanjeng nabi Ismail as nurunake wong-wong Arab (Ya Kanjeng Nabi Muhammad SAW, lan sapiturute).
Nanging kabeh mau dudu kersane para nabi kang kasebut. Kabeh mau kersane Gusti Allah kang Murbeng Dumadi.

Balas

  1. paidjo mengatakan:

4 November, 2009 pada 5:25 pm

mboten wonten ikang update maleh nggih mas/mbak

Balas

  1. nugroho adi mengatakan:

9 November, 2009 pada 4:15 pm

lha kok enak men wong2 Yahudi kuwi…kanthi alasan tanah leluhure biyen, saiki arep mbalik neng Palestina…lha nek ngono Indonesia ya isa ngrebut Semenanjung Malaka, soale wektu Jaman Sriwijaya lan Majapahit iku daerah kekuasaane….

Balas

  1. sasmito among mengatakan:

12 November, 2009 pada 12:23 pm

Up Date wartos ingkang enggal …. Wartos bab tiyang Jawi ingkang manggen wonten Denpasar – Bali wonten menopo mboten njih…. ?

Balas

  1. eshape mengatakan:

14 November, 2009 pada 5:47 am

matur nuwun kagem mas penulis
saged maos seratan boso Jawi

kagem tombo kangen

salam

Balas

  1. FATKHUL MUIN mengatakan:

7 Februari, 2010 pada 9:09 am

informsine kok mboten di update malih to , kangen je kaliyan basa jawane .

Balas

  1. perimpenam mengatakan:

21 Februari, 2010 pada 1:44 pm

nyuwun sewu, miterat sejarah ingkang kulo panggihi, nabi muhammad punika kok kados2 sanes putra arab (bani chedar) nanging keturunan saking suku nomaden ingkang remen perang (bringas) saking tibet/cinten ingkang jlajah nglangkungi arab? uger para wali punika ingkang cacah 9 namung setunggal ingkang jawi inggih sunan kalijaga, ingkang cacah 8 punika saking cinten. radin patah (jin bun) inggih cinten… menawi maos sejarah kurikulum kok malah dados mumet mboten gathuk hahaaa…

Balas

  1. oky zayyd mengatakan:

23 Maret, 2010 pada 8:56 am

Mas saya mau tanya..Jaya Baya itu masih terbit format majalahnya ga…kalo masih apakah ada rubrik filmnya..thanks

oky

Balas

  1. Bancak mengatakan:

31 Juli, 2010 pada 1:43 pm

KAPAN NMGGIH MAS WONTEN UPDATE CRITO SANG PRAJOKO ANDON LELONO ANGUPADI SERAT PANGRUWATING POPONISTO

Balas

  1. prayoga mengatakan:

1 Agustus, 2010 pada 10:55 am

nopo yahudi.. nopo arab.. londo..cino..jowo..lss… sami2 mboten saged nge-cet lombok… monggo sami nyipto panunggal jatos.. sami2 mirengaken lagu “Imagine” saking bitel.. utawi ketawang ibu pertiwi saking pak Nartosabdo.. utawi lelagon sanesipun.. “JoyoBoyo” pancen ngangeni.. nuwun.

Balas

  1. Dian Arta mengatakan:

3 Februari, 2011 pada 10:26 pm

Wa inni faddoltukum ‘alal’alamien

Balas

  1. A N. Abby mengatakan:

31 Maret, 2011 pada 10:13 am

Sugeng Injang,
Jaya Baya majalah kalawarti basa Jawa isih terbit minggon, minggu wingi No. 30 minggu IV Maret 2011 eceran rega Rp 9.500,- JB e-mail jayabayared@gmail.com aku yo pelanggan JB neng Meduro…sumonggo…salam kenal…

Nuwun,

Balas

  1. M. Fajar Junariyata mengatakan:

20 Oktober, 2011 pada 10:42 am

kula pengin langganan kalawarti wuyabaya. manawi kepareng nyuwun pirsa kados pundi supados saged langganan. alamat kula:
M. Fajar junariyata, Desa Cipambuan RT 03/03 no. 45 Babakan Madang Bogor jawa Barat 16810. nuwun.

Balas

  1. balikharismaGelandangan tua mengatakan:

31 Oktober, 2011 pada 8:40 am

Eeeeee Allah Gusti ingkang Murba ing dumadi,

sing asmane Manungsa mono sejatine cinipta minangka Kalifah (pemimpin) dari semua yang diciptakan Allah ing swarga lan ing bhumi. Dajil si pembangkang sing den cipta sangka wujud agni (api) ora trima nalika harus dibawah kepemimpinan manungsa, jalaran deweke sedulur tua tumrap manungsa.

Kuwe asal mulane perpecahan ing alam semesta iki.
Dari Adam dan hawa vs dajil sampai kita vs kita (kita yg dikuasai dajil) dan kita yang menguasai diri dengan ilmu pengetahuan tekhnologi, dan sedikit orang yang berserah pada Kuasa Ilahiah.

Perpecahan, perselisihan dan peperangan. Pemberontakan penindasan dan pemerasan takkan pernah henti karena dunia memang diciptakan dari sebuah BIGBENG (Ledakan debu kosmos yang suangat buesaaaar) Alam aja diciptakan dengan perpecahan (ledakan) Wal yaumil akhiri kita jumpa di almasyar guna menghadap Hakim Agung menerima pengadilan.

Jalani saja hidup ini sesuai dengan kapasitas percayamu, tempatkan dirimu sesuai dengan porsimu, dan bersiap menanggung resiko dari setiap keputusanmu.
Wallahualambisawab, wasalamualaikum waRakhmatuLLahi waBarokatuh.
Gelandangantua(at)Gmail(dot)com

Balas

 

 

 “Lamun huwus kalah Nusantara isun amukti palapa; lamun kalah ring Gurun, ring Seran, ring Tanjungpura, ring Haru, ring Pahang, Dompo, ring Bali, Sunda, Palembang, Tumasik, samana isun amukti palapa.”

Iku Sumpah Nusantara utawa Sumpah Palapa den ucapke dening Mahapatih Gajah Mada. Dening Mr. M. Yamin ditegesi: Lamun Nusantara wis tundhuk; aku bakal leren (“istirahat”); yen Gurun (Lombok), Seran (Seram), Tanjungpura (Kalimantan), Haru (Sumatra Utara), Pahang (Malaya), Dompo, Bali, Sunda, Palembang=San-fo-ta’I, lan Tumasik (Singgapur), nalika iku “istirahat”.

Tembung amukti palapa dening Mr. M. Yamin ditegesi ngaso utawa istirahat (pensiun?). Sajak-sajake para ahli sejarah durung sapanemu ngenani tegese palapa utawa “amukti palapa”. Ana tembung Jawa sing cedhak banget karo tembung palapa, yaiku tembung “plapah”. Manut bausastra W.J.S. Poerwadarminta 1939 plapah ditegesi (enggon-enggonan) bumbu olah-olahan = bumbu pawon.

Enggon-enggonan mau sajake kalebu Tulungagung. Awit ing Pasar Wage Tulungagung ana bango (los) sing ditulisi “plapah”. Tegese bango mau kanggo wong dodolan plapah. Kamangka nyatane los mau kanggo wong dodolan bumbu olah-olahan. Dudutanku “amukti palapa” daktegesi dhahar dhaharan sing nganggo bumbu. Dadi sasuwene Nusantara durung manunggal karo Majapahit, Gajah Mada ora dhahar dhaharan sing dibumboni.

Ing bebrayan Jawa tirakat utawa riyalat kaya ngono kuwi jenenge pasa mutih. Yaiku mung dhahar sega putih, ora nganggo lawuh sing dibumboni. Nalika kelakon Nusantara wis nyawiji karo Majapahit, Gajah Mada mesthine ya leren anggone pasa mutih.

Sejatine sing negesi amukti palapa padha karo “istirahat” iku ora mung Mr.M. Yamin bae, sanajan Ki J. Padmapuspita uga mengkono. Bab iki kacetha ing buku Pararaton karyane Ki J. Padmapuspita babaran Taman Siswa Jogjakarta tahun 1966.

Tembung palapa pancen wis kondhang, malah kanggo jeneng satelit komunikasine Indonesia. Mung bae durung dimangerteni makna sing sabenere. Upama palapa iku padha karo plapah kayu atur ing dhuwur, kok ya mathuk yen tan amukti palapa ditegesi ora dhahar bumbon, ateges padha karo pasa mutih. Bab iki dak kondurake marang para maos lan para nimpuna. Oncek-oncekan iki thukul ing sawijining wektu nalika aku melu biyunge anakku blanja nyang pasar Wage Tulungagung lan weruh ana los kanthi krepyak “plapah”.

Tembung palapa mesthi digandhengake karo Gajah Mada tokoh pamersatu Nusantara. Awit sumpah palapa iku pancen sumpahe Mahapatih Gajah Mada. Mung emane nganti saiki durung disumurupi sejarahe. Gajah Mada iku lahire dhek kapan, ana ngendi, putrane sapa? Mr. M. Yamin sing nulis buku mligi Gajah Mada ya ora nyebutake jati dhirine pahlawan iku. Buku Pararaton sajake mengkono uga. Ora beda karo tokoh Ken Angrok sing ora disebutake jati dhirine.

Ana sing crita yen Gajah Mada iku lair saka woh klapa. Ken Angrok iku turune bathara Syiwa karo Ken Endok. Sajake merga tokoh loro mau wijiling kawula cilik, ora dicathet dening pujangga. Para pujangga mung nyathet tedhak turun ngawirya, turuning ratu; nganti sawise seda diemba titisane dewa sapa. Recane digawe persis kaya dewa ing kahyangan sing nitisi.

Ing bukune Mr. M.Yamin mung nyritakake yen Gajah Mada iku lair ing pegunungan, pethite kali Brantas, tlatah Malang. Gedhe lan misuwur ing kutharaja lan muksa ing samodra. Ing Probolinggo ana papan sing karan Madakaripura, kaya pidalemane Gajah Mada nalika wis sepuh. Nanging iki perlu panaliten sing temenan supaya luwih dipercaya kadidene sejarah. Dudu dongeng sing dipaido ora mengeng.

Sawetara iku pendhudhuk Bali padha percaya yen Gajah Mada iku laire ing pulo Bali banjur pindhah lan misuwur ing Majapahit. Nyumanggakake.

q Ema K.

About these ads

Like this:

Suka

One blogger likes this.

Tulisan ini dikirim pada pada Selasa, Januari 16th, 2007 12:42 pm dan di isikan dibawah Sejarah, Tokoh. Anda dapat meneruskan melihat respon dari tulisan ini melalui RSS 2.0 feed. r Anda dapat merespon, or trackback dari website anda.

Navigasi tulisan

« Previous Post Next Post »

39 Respon untuk Sumpah Palapa = Pasa Mutih?

  1. atmoon mengatakan:

6 Juni, 2007 pada 11:39 am

Gajah mada iku nama samaran, tokoh aslie mungkin ora ana tapi mungkin bae ana uwonge (sori saya pake bhs cirebonan). Yang jelas namae nama kiasan anggo orang yang duwe “Ilmu Pengetahuan alias Gajah Ganesha lan Mada alis Adam”. Jadi Gajah Mada iku orang yang punya ilmu pengetahuan dari India dan dari Yunani (Adam 0123456789).

Balas

9 Desember, 2011 pada 8:21 pm

blm tau cerinyanya ya…

Balas

  1. kawulo mengatakan:

13 Juli, 2007 pada 8:05 pm

Gajah Mada itu nama asline yaiku HAJI AHMADA. amargo ilat tiyang jowo angel anggene angucapake HAJI AHMADA mongko tiyang Jawi nyebute Gajah Mada….
HAJI AHMADA iku kalebu salah sawijine ‘Ulama Waliyulloh sing melu madhangi tiyang Jawi kanthi nur ajaran Islam ..wallohu a’lam bissowab… Gusti Alloh ingkang langkung mangertos leresipun……

Balas

    • Wage Surosentiko mengatakan:

22 Desember, 2010 pada 1:12 pm

Tiyang Jawi menika gampil anggenipun ngucapaken HAJI, amargi HA – JI menika wonten ing hurup Jawi. Nuwunsewu, dados boten wonten alesan ingkang jelas menawi tiyang Jawi kok angel anggenipun ngucapaken HAJI …

Balas

      • hyanni mengatakan:

19 April, 2012 pada 12:45 pm

Tjyang jawinipun angel yen nyebut HAJI , Nanging ukara HAJI di gantos dadi KAJI , saking Ka-Ji .

    • achmad m mengatakan:

10 Januari, 2012 pada 9:15 pm

Ono Sumber liyane sing gak kenek dipercoyo, jare Gajah Mada iku asale teko tanah Arab,,, yen gak salah teko tembung ..
Haji .. Ahmad Dani … sing duwe pasukan tentara sing terkenal ..arane .. Grup Dewa 19……
wallohu a’lam bissowab… Gusti Alloh ingkang langkung mangertos leresipun……

Balas

    • gagah suasawan mengatakan:

2 Juni, 2012 pada 2:24 pm

jaman tribuana tungga dewi,ra kuti.ra tanca.,hayam wuruk islam belum masuk.kok bisa haji dari mana logikanya…?

Balas

  1. gendon mengatakan:

10 September, 2007 pada 3:53 pm

gajahmada,siapapun dia dia adalah orang yang hebat

Balas

    • gagah suasawan mengatakan:

2 Juni, 2012 pada 2:20 pm

leres

Balas

  1. jamboon mengatakan:

30 Oktober, 2007 pada 4:12 pm

Yuk, kita mbalik kaya jamane Gajah Mada wae.

Ojo kaya jamane saiki, saben wong podho nyugihno awake dhewe2.
Saben wong podho rumongso bener agamane dhewe. Padahal agama iku sejatine ora saka nusantara. Jenenge tiruan ya mesti akeh cacate.

Sing asli ya mung Sumpah Palapa kuwi.

Balas

    • kiranmarvi mengatakan:

2 Maret, 2011 pada 3:20 pm

satuju…..

Balas

      • Tunon Griyo mengatakan:

7 November, 2011 pada 4:38 pm

Kromo Jowo wae, kangge nglestariake

  1. agus mengatakan:

9 November, 2007 pada 9:51 am

Kalo dulu GAJAH MADA SUMPAH PALAPA, nah sekarang HAJI AHMADA SUMPAH AMPLOP

Balas

  1. SUN APALPA? mengatakan:

30 November, 2007 pada 3:24 pm

JIWA SIMANTRA HAMALAYU KALAM INTAN SILA BESI LUMAKU CANDRA WASIHA JAYAWIJAYANING NUSA-NUSA HING ASIA TENGGARA SAMI SAE-SAE MBOK SUN BAWA BALI MADUNING JAWI

Balas

  1. BLEGUDUGGLUDHUGBLEDUG mengatakan:

30 November, 2007 pada 3:41 pm

GAJAH = pejabat / pemerintah, sing bisa ngalahke gajah ya SEMUT = seniman / rakyat, sing bisa ngalahke semut ya MANUNGSA = pengusaha / sing temen kerja lan ngupaya, sing bisa ngalahke manungsa ya GAJAH sing gawe aturan. Sing dadi paran-parane gajah, semut lan manungsa ya BLEDHEG = ulama / cendekiawan kanggo paran pitakon, antarane BLEDHEG lan SEMUT ana tandha TRESNA/MANIS

Balas

  1. westnu mengatakan:

17 Juni, 2008 pada 8:48 pm

“Lamun huwus kalah Nusantara isun amukti palapa; lamun kalah ring Gurun, ring Seran, ring Tanjungpura, ring Haru, ring Pahang, Dompo, ring Bali, Sunda, Palembang, Tumasik, samana isun amukti palapa.”

yen pengen ajar kata-kata koyo sing neng duwur iku neng di yo kang

Balas

  1. gemaguse mengatakan:

23 Juli, 2008 pada 12:14 pm

aning sajroning tobong (crita wayang wong) le!

Balas

  1. Mbah Maridjan Tjoex mengatakan:

22 September, 2008 pada 11:53 am

Sumpah Palapa kuwi ‘Menyatukan Nusantara’? Opo sing bener ‘Mengalahkan Kerajaan Tetangga’? Berarti ‘Semangat Kolonialis & Imperialis’? Bener ora dab?

Balas

  1. bukan superstar mengatakan:

23 September, 2008 pada 12:28 pm

guuud guuud guuud…. gadjah sila
ucek ucek ucek ala socleanrinso lha daia itu punya wings, bisa attack pake boom de eter gen (rasah dipikir!)

ULAMA TANPA CENDEKIAWAN SEPERTI PENGKHAYAL
CENDEKIAWAN TANPA ULAMA SEPERTI ORANG BUTA

bukan superstar on September 23, 2008
sebelum engkau mengenal Allah, engkau akan diperlihatkan sistematika alam yang tersusun rapi dan semua makhluk berjalan seperti yang dikehendakiNYA. yang kita sebut Tuhan sendiri tidak akan ikut campur/memperbaiki keadaan seperti yang dibayangkan manusia. Manusia yang merusak keseimbangan alam akan menumpuk dosa yang nantinya berbalik… alam akan menyeimbangkan manusia.
maka perlu kita pikirkan apa saja yang sekarang sangat nyata kerusakannya untuk melakukan perbaikan keseimbangan secara istiqamah dan berkesinambungan sehingga bangsa manusia masih memiliki harapan ke depan yang lebih baik.

itu baru sesuatu yang bisa dilihat dan didengar oleh manusia.

coba kita berimajinasi sejenak…
jika bumi terdiri dari dua lapis alam (jin & manusia), jika awan yang bergerak adalah makhluk hidup, jika udara adalah pembawa pesan dengan menghantarkan gelombang suara, jika bumi adalah satu makhluk yang mampu ditaklukkan manusia kecil, jika anatomi tubuh manusia memiliki persamaan dengan tatasurya, jika mata batin manusia bisa berkunjung ke pusat galaksi (haji kubra), jika manusia sanggup menembus dimensi waktu, jika semua karya-karya manusia seperti TV, radio, rekaman, phone sebelumnya sudah tersedia secara alamiah dan lain-lain yang biasa kita sebut ENERGI.
jika planet-planet memiliki berlapis-lapis dimensi dan kehidupan yang belum mampu ditembus manusia namun dimungkinkan untuk dikenal dan dinamai oleh manusia, jika manusia benar-benar tahu asal dan kembalinya.

betapa istimewanya manusia terlahir dalam alam semesta… lantas (siapa) TUHAN?

marilah kita belajar bersama apa yang tidak dikenal bahasa manusia, apa yang tidak dikenal hati manusia.

BLANK! BLANK! BLANK!

Balas

6 Oktober, 2011 pada 12:33 am

kudune kasebut lan kalebu ulama kuwi ya manusa kang wicaksana, bijak-bestari, linuwih ilmune ora katon nemeni bungah, nanging sugih tanpo bondho. Mesti wae ulama yo cendekiawan. Ono kasane gaya-diri koyo-koyo memper ulama, jebule kagolong tiyang su’ (bhs, arab, ateges olo, rusak), mung umuk, lungguh-trap-silane muter-gasing (resah gelisah arep mangan opo utowo ngemplok sopo).

Balas

    • Gunawan mengatakan:

12 November, 2011 pada 7:26 pm

“ULAMA TANPA CHENDIKIAWAN SEPERTI PENGHAYAL”
“CHEDIKIAWAN TANPA ULAMA SEPERTI ORANG BUTA ”

Saya inginmengomentari bahasa tersebut diatas ”

Bahwasanya Ulama bukanlah Chedikiawan, begitu juga belum tentu Chendikiawan itu Ulama………………..

Ulama semenjak jaman dahulu kala sudah dikenal sampai kepda jaman para wali bahkan semenjak Islam masuk Nusantara Ulama sudah ada……maka yang menyebarkan ajaran Islam di Nusantara ialah para Ulama besar…..artinya yang mengajarkan ilmu agama dari pedesaan sampai ke kota kota besar adalah Ulama bukan Chendikiawan…..sangatlah salah kalau mengartikan Ulama bisa menghayal bila tidak ada Chendikiawan……Ulama berpatokan dan belajar pada Alquran bukan belajar pada CHENDIKIAWAN……..
Tapi ayat kedua yang ANDA sebutkan Chendikiawan tanpa Ulama seperti orang buta………..ya Jelas seperti orang buta karna belum tentu Chendikiawan mengerti tentang Alquran…..karna tokoh Agama lain juga bisa dan dapat disebut CHENDIKIAWAN………….
Bahsa Anda tentang pelecehan terhadap Ulama seperti penghayal tanpa Chendikiawan, sangat lah keliru ……

Balas

    • Gunawan mengatakan:

12 November, 2011 pada 7:29 pm

“ULAMA TANPA CHENDIKIAWAN SEPERTI PENGHAYAL”
“CHEDIKIAWAN TANPA ULAMA SEPERTI ORANG BUTA ”

Saya ingin mengomentari bahasa tersebut diatas ”

Bahwasanya Ulama bukanlah Chedikiawan, begitu juga belum tentu Chendikiawan itu Ulama………………..

Ulama semenjak jaman dahulu kala sudah dikenal sampai kepda jaman para wali bahkan semenjak Islam masuk Nusantara Ulama sudah ada……maka yang menyebarkan ajaran Islam di Nusantara ialah para Ulama besar…..artinya yang mengajarkan ilmu agama dari pedesaan sampai ke kota kota besar adalah Ulama bukan Chendikiawan…..sangatlah salah kalau mengartikan Ulama bisa menghayal bila tidak ada Chendikiawan……Ulama berpatokan dan belajar pada Alquran bukan belajar pada CHENDIKIAWAN……..
Tapi ayat kedua yang ANDA sebutkan Chendikiawan tanpa Ulama seperti orang buta………..ya Jelas seperti orang buta karna belum tentu Chendikiawan mengerti tentang Alquran…..karna tokoh Agama lain juga bisa dan dapat disebut CHENDIKIAWAN………….
Bahsa Anda tentang pelecehan terhadap Ulama seperti penghayal tanpa Chendikiawan, sangat lah keliru ……

Balas

  1. XRumerMonstroZ mengatakan:

13 Maret, 2009 pada 5:15 am

Hi!
Gimme any url to downloading XRumer 5.05 Palladium keygen!
Thank you…
Very-very much.
I’m so need this program for promote my online projects! This software is the best thing for online promo and mass posting, you know…

And, dont send me XRumer 2.9 and XRumer 3.0 – that versions are too old!

P.S. Google cant help me((((

Balas

  1. gemplaw mengatakan:

26 Maret, 2009 pada 10:52 am

Mendah nea pemimpin negara iki duwe watak lan tekad kayadening Gajahmada…..

Balas

  1. unioropemnmum mengatakan:

13 April, 2009 pada 5:49 am

Guys I ve heard that Inet Bizness booming right now! With all the Newspapers and Radio chanel bancrupt advertisement shifted online! Are you making cash of this web now!

Balas

  1. Soxaerohete mengatakan:

14 April, 2009 pada 6:38 am

I wonder if web industry affected by crisis as well? and to what extend? Will the admins continue this web?

Balas

  1. Vince Delmonte mengatakan:

15 April, 2009 pada 3:56 am

The style of writing is very familiar to me. Have you written guest posts for other bloggers?

Balas

  1. Adoneedoody mengatakan:

30 April, 2009 pada 12:58 am

Are you poised for the summer vacation? Sun should be hot as never in advance!!:) upon my ac hunger for furnish up on me! Any plans?

Balas

  1. Kirilivich mengatakan:

4 Mei, 2009 pada 5:04 pm

Весьма не дурно jayabaya.wordpress.com. Как по мне то неплохо б фотографий или иллюстраций побольше. Чего вы стесняетесь ребята, вас читают!

Balas

  1. purgen mengatakan:

19 Mei, 2009 pada 8:28 pm

осилил сколько ни говори халва во рту сладко не станет Ж)

Balas

  1. Frubcornomo mengatakan:

18 Juni, 2009 pada 7:52 am

Петербуржская Школа Правильного Питания (7 минут от метро “Чернышевская”) приглашает всех желающих избавиться от лишнего веса на бесплатные вечерние (18:45) ознакомительные занятия 15, 16, 18, 19 и 22 июня 2009г.
Более подробная информация и запись на сайте – http://hudeem-vmeste.com

Balas

  1. liaicahoarf mengatakan:

11 Juli, 2009 pada 7:58 am

He put his eye to the hole. He just managed to spy some people sitting in deckchairs chanting, before a finger came out of nowhere and poked him in the eye. As he staggered back, the people started chanting, “Fourteen, fourteen, fourteen…”

Balas

  1. KEBOIRENG mengatakan:

28 Oktober, 2010 pada 11:56 am

sejatine manungso musti eling nang gusti pangeran, nek uripe ojo dumeh lan aling-aling, manungso yo podo bae ne neng jumadi, jamane saiki wish podo ora tepo saliro do urip sak karepe dewe ora weruh wong neg cedak e ning arepe dingerteni karo wong akeh.,

Balas

  1. SMAN7Surabaya blogspot com mengatakan:

5 Oktober, 2011 pada 10:25 pm

blog Jayabaya iki cukup apik isi karengane, mulo enggal dirumat maneh (update, new upload) lan podho niti-teliti basa + sastra jawa kanthi bapuh. Pelajar sak Indonesia ugi soko mancanagara hiyo mbutuhake banget. [ by suhandayana@gmail.com ]

Balas

  1. Kang Hand mengatakan:

6 Oktober, 2011 pada 12:47 am

Sumpah Palapa katindakake dening Mahapatih Gadjahmada, avatar kang masyhur saking tlatah Majapahit punjere Nuswantoro Atlantis (?)

Balas

  1. Gelandangan tua mengatakan:

31 Oktober, 2011 pada 9:34 am

Nitik saka basa sing dianggo lan sing sampek saiki isih ono iku basa jawa nirip osing. ““Lamun huwus kalah Nusantara isun amukti palapa; lamun kalah ring Gurun, ring Seran, ring Tanjungpura, ring Haru, ring Pahang, Dompo, ring Bali, Sunda, Palembang, Tumasik, samana isun amukti palapa.””

Yen pra kanca garep niti pirsa bab asal usul Gajahmada perlu maring Chandraparwata ing puncak gunung Watukaru. Ing kana ana seratan tua ngenani ki Gajahmada lan KI Keboiwa tunggal guru karo Gajahmada yaiku muride Ki Hanuraga (Eyang Wungkuk).
Parampara iku patut den percaya.

Thankingyou
Gelandangantua@gmail.com

Balas

 

 

Jaya Baya

Basa Jawa | Budaya | Tradhisi | Seni | Prastawa

 

Iwit Bajing lan Tikus Cilik

Iwit si bajing sing manggon ing wit klapa pinggir dalan gedhe sedhih atine. Geneya? Sebab dheweke durung duwe pasedhiyan pangan senajan mung sethithik. Kamangka sedhela engkas wis mangsa rendheng. Nanging apa sing dialami Iwit iki ya merga saka kesede dhewe. Kamangka, wit klapa sing dipanggoni turu wis ora nguwoh maneh jalaran saking tuwane umure.

Sasuwene mangsa ketiga Iwit turu wae. Emoh nyambutgawe. Mulane, saiki Iwit munyeng mikirake tekane mangsa rendheng mengko, piye bisane ing mangsa iku dheweke panggah mangan kaya biasane. Ora kaliren.

Ing dhuwur wit, Iwit duwe tangga jenenge Kiki Tikus.

“Rewangana aku ya, supaya bisa golek pangan ing mangsa rendheng mengko….” kandhane Iwit marang Kiki Tikus.

“Iya, aja kuwatir,” wangsulane Kiki.

“Carane, wiwit saiki kudu nyambutgawe sing mempeng, golek wit-wit sing nguwoh akeh. Ben bisa nglumpukake pangan.”

Krungu kandhane Kiki ngono mau, Iwit mencep. “Apa? Aku kudu nyambutgawe? Huhh… wegah…wegah..!” Iwit gebes-gebes, banjur molet lan angop. Let sedhilut wis turu nglepus. Sauntara iku kanca-kancane, kaya prenjak lan dara, padha ibut nyambutgawe.

Sawijining dina, nalika lagi enak-enak turu, dumadakan Iwit krungu swara tangis. Dheweke banjur nggoleki asale swara mau. Tibake ana tikus cilik lagi nangis ing ngisor wit cemara cedhak wit klapa panggonane Iwit turu.

“Geneya kowe kok nangis?” pitakone Iwit.

Tikus cilik iku nyawang Iwit, banjur ngelapi eluhe nganggo sikil ngarep.

“Aku sumpeg, sedhilut engkas mangsa rendheng. Nanging aku ora duwe papan kanggo ngeyub. Aku bisa mati katisen yen ora nemu papan kanggo ngeyub sasuwene mangsa rendheng,” wusana kewetu sambate.

“Aku ya sumpeg…. wis meh rendheng  durung duwe pasedhiyan pangan blas. Bisa-bisa aku mati kaliren mengko,” Iwit genti sambat.

Kekarone banjur meneng. Lungguh sangga uwang, mikir nasibe dhewe-dhewe. Suwe-suwe Iwit angop amba lan turu nglepus. Dene tikus cilik, rumangsa oleh kanca senasib, marani panggonane Iwit. Banjur mlungker ing buntute Iwit sing empuk lan kandel. Tikus kuwi turu nglipus ing kono nganti Iwit nglilir.

“Buntutmu anget, kandel, lan empuk. Angler banget olehku turu ana buntutmu mau,” kandhane Kiki Tikus bareng Iwit nglilir.

“Iya ta? Nek ngono, kowe wis nemokake papan kanggo turu selawase mangsa rendheng iki.”

“Ing endi?” pitakone tikus cilik ora ngerti.

“Ing buntutku….”

“Tenan? Kowe ora kabotan?”

“He’em.”

“Matur suwun Wit, matur suwun,” kandhane si tikus cilik seneng banget. Ing batin dheweke janji arep mbales kabecikane Iwit Bajing. Lan dheweke ngerti, yen Iwit Bajing rada males nglumpukake pasedhiyan pangan.

Tikus cilik iku banjur sengkud nyambutgawe nglumpukake pasedhiyan pangan mangsa rendheng kanggo dheweke dhewe lan Iwit Bajing kancane. Kaya apa bungahe Iwit weruh gudhange wis kebak panganan. Ana cuwilan klapa, cuwilan roti, pohung, lan liya-liyane. Ateges dheweke bisa mangan wareg ing mangsa rendheg mengko.

“Kowe ora kabotan ta Kus, nggolekake pangan aku?”

“Ora. Pancen aku pengin males kabecikanmu kok.”

“Matur nuwun, matur nuwun banget. Aku….”

“Ora angel kok nglumpukake pangan kuwi, Wit. Sing penting mung gelem nyambutgawe mempeng….”

Iwit mesem isin. ”He’em, pancen kudune aku nyambutgawe mempeng kaya kowe lan kanca-kanca liyane.” Iwit banjur ngrangkul tikus cilik kancane kuwi. “Sesuk aku arep golek pangan bareng kowe, ora bakal turu wae. Matur nuwun Kus, kowe wis nyadharake aku….”

 

Ature: Ekapti LA

Jaya Baya 4/LXI, Minggu IV September 2006

About these ads

Like this:

Suka

Be the first to like this.

Tulisan ini dikirim pada pada Kamis, September 14th, 2006 2:20 pm dan di isikan dibawah Dongeng. Anda dapat meneruskan melihat respon dari tulisan ini melalui RSS 2.0 feed. r Anda dapat merespon, or trackback dari website anda.

 

Jaya Baya

Basa Jawa | Budaya | Tradhisi | Seni | Prastawa

 

Kancil Lan Merak

Merak pancen seneng macak. Mula tansah nengsemake. Wulune katon edi, gawe resep kang padha nyawang. Mula ora sithik tangga-teparo padha mara nyang omahe Merak saperlu sinau ngadi busana lan ngadi salira.“Aku pengin supaya bisa nduweni sandhangan wulu kaya kowe, Rak,” ujare Kancil marang Merak.“Sandhangan wulu kang tememplek ing awakku iki paringane Gusti Kang Akarya Jagad. Aku mung tinanggenah ngrumat lan njaga supaya tetep katon endah,” wangsulane Merak kanthi sareh. “Anggonku seneng dandan lan ngupakara kaendahan iki mung wujud rasa syukurku marang Gusti!” bacute tanpa linandhesan rasa umuk.“Supaya wuluku bisa dadi kaya wulumu, piye carane?” pitakone Kancil.

“Tangeh lamun, Cil! Aku-kowe ki mung saderma nglakoni. Apa kang dadi peparinganing Pangeran kudu tinampa kanthi ati segara,” wangsulane Merak. “Karo maneh kabeh sing tememplek ana saranduning badan iki, mesthi piguna marang awake dhewe. Kang ana ing aku ora durung mesthi ana ing kowe, semono uga kosok baline, Cil. Wulu soklatmu kuwi mesthi piguna tumrapmu!”

Nanging Kancil sajak kemeren nyawang kaendahan wulune Merak. “Piguna apa?” Sawise megeng napas sawetara banjur nggrundel, “Senajan piguna, nyatane wuluku letheg! Aku luwih bungah yen wuluku bisa kaya wulumu! Saben kewan ora sebah nyawang!”“Kuwi rak mung saka panggraitamu dhewe. Nanging ora kok, Cil!” sahute Merak. “Sebab saben kewan ginaris dhewe-dhewe! Uga bab wulu! Wulu-wuluku kaya ngene, wulu-wulumu kaya ngono, wulune Macan, wulune Gajah, lan sato kewan liyane ora ana sing padha!”

Senajan akeh-akeh Merak anggone ngandhani, nanging ora bisa mbendung pepenginane Kancil nduweni wulu kaya wulu Merak. “Sakarepmu anggonmu kandha, Rak! Mung aku njaluk tulung supaya aku bisa nduweni wulu kaya kowe!” kandhane Kancil setengah meksa.

Merak gedheg-gedheg gumun karo kekarepane Kancil. “Saupama bisa, terus mengko kowe dadi kewan apa?” pitakone Merak.“Kewan apa wae terserah sing arep ngarani! Mung kira-kira bisa ta, Rak?” pitakone Kancil ngoyak, ora sabar.“Bisa wae, nanging mung imitasi! Pasangan!”“Ora masalah!” Kancil bungah. “Ndang dipasang!” panjaluke kesusu.“Ya sabar, Cil! Aku kudu nglumpukake bodholane wuluku lan wulu-wulune wargaku.”“Terus kapan?”“Udakara rong mingguan.”“Tak tunggu, Rak, ujare Kancil banjur nerusake lakune. Merak mung nyawang kanthi mesem, “Cil, Kancil. Yen duwe kekarepan kok ngudung, tanpa metung tuna lan bathine. Kudu tak udaneni kekarepane, ngiras kanggo menehi piwulang marang dheweke.”Tekan dina sing dijanjekake, esuk uthuk-uthuk Kancil
wis tekan omahe Merak. “Piye, Rak? Iki
wis rong minggu!”“Beres!” jawabe Merak karo nata wulu-wulu sing
wis diklumpukake, “Gilo! Wulu-wulu
wis mlumpuk, malah
wis dakdhewek-dhewekake! Wulu awak, wulu swiwi, wulu buntut, aku uga
wis golek tlutuh wit karet barang minangka kanggo nemplekake ing badanmu!”“
Wis gek ndang dipasang nyang awakku!” ujare Kancil karo lungguh dhingklik sacedhake Merak.Merak banjur ngoser-oseri kabeh kulite Kancil nganggo tlutuh karet. Bareng kawawas
wis ora ana sing keri, baka siji Merak nemplekake wulu-wulu nut karo kebutuhane. Wulu gulu ditemplekake ing gulu, wulu awak ing awak, wulu sikil ing sikil, dene wulu buntut uga dipasang ing buntute Kancil.Sedina natas, kabeh wulu
wis kapasang ing kulite Kancil.“Rampung, Cil,” ujare Merak mesem. “Kae ana pengilon, ndang ngiloa!”Kancil banjur ngilo. Weruh kahanan awake, dheweke mongkog, “Iki sing dakkarepake!” celathune. “Aku bakal dadi salah sijining kewan kang paling endah!”“Bener kandhamu, Cil. Tur ora ana sing madhani!” Merak mbombong. “Mung aja nganti kaendahan mau malah ngreridhu lakumu,” bacute ngelingake.“Ngreridhu piye? Wong apike kaya ngene kok ngreridhu.”“Lho, wulu-wulu kuwi mung templekan. Cetha bakal ngebot-eboti awakmu!”Kancil ora nggagas, malah gage pamitan. “
Wis, Rak. Aku pamit! Lan nedha nrima awit saka kabecikanmu, aku selak pengin mamerke kahananing awakku saiki!”“Sing ati-ati, Cil,” kandhane Merak karo nguntapake Kancil metu saka omahe.Metu saka platarane Merak, Kancil mlaku lon-lonan. Bokonge digidal-gidulake, pamrihe supaya bisa mamerake wulune kang apik tur edi. Saben ketemu sato, Kancil tansah mesem karo aruh-aruh sombong. Dene sing diaruhi uga genti mesem, mung eseme esem geli. Geli amarga weruh kahanan kang ora lumrah. Nanging tumrap Kancil esem mau tinampa beda, “Kabeh kewan padha kesengsem lan kepincut karo aku,” ujare jroning ati.Nanging sengsem, edi, lan endah mau ora suwe. Bareng tlutuh karet mau garing, kulite Kancil dadi kaku nyekengkeng. Akibate sikil, gulu, lan buntute angel diobah-obahake. Kancil mung bisa njegreg ngececer, ora bisa lumaku.“Tulung! Tulung! Tuluuung!” pambengoke sabisa-bisane.“Ana apa, Cil?” pitakone Merak krungu pambengoke Kancil.“Gage tulungana aku, saranduning badanku angel diobahake!”“Kabeh wulu sing nemplek ing awakmu kudu dicopot kabeh, kowe gelem?”“Gelem, Rak!” ujare Kancil nglenggana marang apa sing
wis dilakoni. Dheweke eling menawa kabeh paringane Gusti mono kudu tansah disyukuri. Apik, edi, lan endah tumraping sesawangan kadhang bisa ngganggu utawa mbilaheni.

Alon-alon, Merak mbubuti wulu sing
wis kebacut kraket ing awake Kancil. Senajan ngrasakake perih amarga sebagian kulite ana sing katut thethel, Kancil mung mringis-mringis karo ngempet lara. Ora sambat. Ndhadha tumindake kang salah merga mung nuruti karepe dhewe, tanpa metung tuna lan bathine.

Sing ndongeng: Bagong Soebardjo

About these ads

Like this:

Suka

One blogger likes this.

 

Jaya Baya

Basa Jawa | Budaya | Tradhisi | Seni | Prastawa

 

Sranane Wong Nandur Pari

Yen disawang sagebyaran pari sing
wis kuning ing sawah iku katone mung sarupa. Nanging yen ditliti kanthi permati ana warna loro. Pari sing ubet lamene nengen diarani pari wadon utawa Sri Sedana. Dene pari sing ubet lamene ngiwa diarani pari lanang utawa Jaka Sedana. Lha yen miturut budaya Jawa, srana lan urut-urutane wong nandur pari kuwi kaya kang kasebut ing ngisor iki.Mbukak Sawah: sadurunge njegur nggarap sawah lumrahe luwih dhisik slametan. diarani slametan mbukak sawah utawa nyambung tuwuh. Nyebar Winih: panyebare winih milih dina sing becik, tegese aja dina was, dina kubur, ringkel gejig lsp. Wiwit Tandur: sawise winihe umur, miwiti tandur enggal katindakake. Tandur iki kawiwitan dening sing duwe sawah, kanthi ngencepake winih 7 utawa 9 ceblokan ing poncode sawah. Sajrone ngencepake winih mau dibarengi maca mantra. Panutupe mantra unine mangkene: Oyota kawat, wite wesi, godhong tembaga, gulu selaka, wohe kemate. Meleng-meleng tan ana godha sengkalane. Ngentas-ngentasi: sawise sawah meh katanduran kabeh, banjur dianakake slametan, sing diarani slametan ngentas-entasi. Ambengane mung prasaja, yaiku jenang sungsum lan bubur.Ider-ider Walangan: yen parine
wis njebul kabeh, banjur diideri walangan. Dina sing dipilih kanggo ider-ider iki dina Jemuah esuk. Sranane dringo lan bawang didheplok dadi siji. Dibundhelake ing poncote sawah. Diwiwiti saka lor wetan, ubenge nengen. Panutupe mantra: lor wetan panggonanmu, glagah alang-alang panggonanmu. Sorene gawe dhiyang ing pinggire sawah. Larahan sing diobong merang lembut lan godhong kluwih, sokur yen diwenehi lirang.Ngisen-iseni: seminggu sawise diideri walangan, banjur diisen-iseni. Sranane klapa diparut dicampur gula abang, disembur-semburake parine mubeng sawah.Ider-ider Tuwa lan Methik: yen parine
wis tuwa kabeh banjur diideri lan dipethik. Yen ider-ider sranane cokbakal, sega kokoh lan bundhel janur. Dene yen methik, kejaba kaya kasebut ing ndhuwur isih ana tambahe yaiku: tarub cilik sing dipasang ing tengah kedhokan, papane manten pari sing arep dipethik. Orek-orek, papan kanggo nyeleh sega kokoh/purihan. Piranti liyane kayata: jarit cacah loro, pugut sura, lenga wangi, suri, boreh lsp.Yen
wis rampung olehe methik, mantene
wis dipacaki, banjur digendhong digawa mulih. Kabehe manten ana sangang jodho. Tekan ngomah sing nampani mbokne thole. Mantene diturokake ing amben tengah. Lemeke klasa anyar, bantale tetel jadah lan tetel jenang. Cawisane cokbakal, sega kokoh, parem lly.Sawise iku banjur dianakake slametan: kanthi ngundang tangga teparo. Bengine diterusake jagongan sangantuke. Malah ana sing ditanggapake jedhor nganti sewengi muput.

Ature: Budiyono Dayak

 

 

Ketemu Suwiraning Daging (Bag 08)

Posted on December 29, 2009 by niniklenyem

Ketemu Suwiraning Daging (Bag

Dhek emben pak Sumbodo pemboronge pancen rawuh, ning eman Harjanti nembe blanja, dadi ora weruh. Ngerti-ngerti wis wiwit pasang fondasi kuwi. Pirsa putrine ngolak-alik gambar calon toko sing lagi arep digawe kuwi, rama Menggung ndangu :

?Andak kowe bisa maca gambar kuwi ndhuk ?? Wangsulane Harjanti karo ngguyu :

?Wah …. ha inggih jelas mboten, rama, tiyang sanes bidhangipun. Paling mboten, ingkang gambar rak sampun pinitados pemborongipun punika. Temtunipun sak mboten-mbotenipun temtu sampun Insinyur, rama.? Rama Menggung gumujeng njur ngendika :

?Tepat olehmu mbedhek ndhuk, pancen iki gambarane insinyur mudha putrane pak Sumbodo.?

?O … ngaten ta rama, dados rama sampun mundhut pirsa ??

?Uwis ndhuk, pak Sumbodo ngendika yen kabeh putrane telu, emane sing loro ora ana nalika isih bayi. Iki putra ragile kakung, sing gelare Ir, lagi wae disandang telung taun kepungkur. Jare biyen kuliahe neng Jakarta. Saiki entuk gaweyan ya neng kana, ning njur kerja sama kara bapake. Dadi sing nggambar kuwi putrane, sing mborong bapake.?

?Wah yen ngaten hebat inggih, rama,? ature Harjanti ngalembana.

?Iya ndhuk, pancen wong urip kuwi yen kebeneran uripe, prasasat suket godhong dadi rewang. Ning kosok baline, yen arep rekasa ya suket godhong dadi musuh.?

?Inggih rama, mila wontenipun kita punika namung mbudi daya utawi usaha.?

?Bener ndhuk, perkara mengko, mung Gusti kang Murbang dumadi sing nemtokake. Bapa lan putra kuwi njur meneng, ketungka tekane pak pos sing arep nglebokke surat ing kotak dalem Katumenggungan, sing banjur di playoni Artanti ditampani. Sawise dideleng alamate banjur nyedhaki keng ramane karo matur :

?O … serat saking paman Menggung, rama,? ature Artanti karo ngaturke layang. Bareng layang dibukak lan pirsa surasane nuli ngendikane :

?Ndhuk Tanti, iki aku karo ibumu diaturi ngetan karo rama pamanmu, jare arep ngersakke rembugan karo rama.?

?Lha inggih kasinggihan rama, dhasar rama ibu sampun sawetawis dangu mboren tuwi. Temtunipun rak sampun sami kapang.?

?Mesthine ya ngono, ndhuk. Yoh wis, suk emben aku karo ibumu tak mrana.? Rama Menggung banjur mlebet dalem, dene Tanti nylingkar mlebu ndhapur nggoleki mbok Ginah. Sidane tenan, ngepasi dina Minggu, rong ndina sawise nampa layang, rama Menggung Widyodiningrat sarimbit sida tindak Bojonegara di dherekake Harjo, sing sawise ndherekake njur tolak bali menyang Sala. Dene rama Menggung sekalihan ngersakke nyare … embuh nganti pirang ndina lawase.

Jroning ati Wara Artanti bungah, dene bakal ana kebebasan luwih akeh kanggo saya nyedhaki Harjo kekasihe. Dene mbok Ginah lan pak Darno, ….gampang. Merga wong loro kuwi rak tansah ketungkul nglethek karo gaweyane. Wiwit sore, udane nggrejih, mula sawise rampungan asah-asah lan ngangeti sayur, mbok Ginah mlebu kamare, njur turu. Pak Darno mono ora mesthi, sok-sok turu neng toko nggelar kasur busa, kadhang neng bangunan mburi sing durung sampurna dadine. Pokoke dheweke bebas sasenenge neng ngendi olehe bakal nyelehke awak.

Wara Artanti nonton TV neng dalem ageng, ning pikirane tukuju marang Harjo, priya kekasihe. Gandheng ora bisa ngampah notoling ati, mula TV dipateni, nuli alon-alon menyat tumuju lawang…., bukak lawang dalem ageng marani kamare Harjo. Liwat lubang angin-angin, kamare isih katon padhang, nandhakke yen Harjo isih melek.

Kanthi ngati-ati nyedhaki lawang banjur nothok lirih. Sing ana njero sajake krungu, ketara banjur keprungu kumleseting sikil tumuju lawang, lan let sedhela lawang menga. Wara Artanti gage mempelake driji ing lathine tandha akon meneng. Harjo tanggap. Bareng kekasihe wis mlebu kamar, lawang katutup, Harjo terus ngrangkul bendarane ya kekasihe kuwi kenceng. Dene Artanti ya njur ngekeb lan nyendhekake sirahe ing dhadhane Harjo. Tembunge Harjo sing mung keprungu kumlesik ing kupinge kuwi :

?Yah mene kok durung sare, jeng ??

?Durung kakang, dalem ageng sepi, pikiranku njur kepingin mrene wae.?

?Oh ngono ta jeng.? Wangsulane Harjo saya ngencengi ngrangkule karo ngarasi bendarane kebak ngreget. Wong loro dade senggoyoran…., wusana lelorone banjur tiba ing dhipan. Kanggone Harjo tiwas kebeneran, mundhak saya mapan anggone ngarasi lan nguleng-uleng kekasihe ngesok tresna. Wara Artanti nglenggana kebak pasrah, kaya nguja apa kekarepane Harjo sing lagi kemaruk ngarasi kuwi.

Kegawa jejering abdi, sing wiwit cilik wineleg ing wewarah kantaman, sawise rumangsa marem nelakake trensane, Harjo njur kandha :

?Jeng wis marem ta ?, saiki sare ya ? Percoyoa ta jeng, aku tetep tresna neng panjenengan.? Artanti mesem karo mithes irunge Harjo. Sejatine ing atine Artanti isih ana rasa durung tutug, ning kanthi tembunge Harjo, dheweke krasa yeng Harjo pancen temen-temen tresna lan njaga kasucening dhirine, mula gage wangsulane :

?Iya kakang, pratelaning tresnamu kena tak enggo sangu turu.? Harjo banjur ngrengkuh kekasihe kebak asih ditangekake. Artanti tanggap, mula sawise ngaras Harjo, banjur ngadeg, tumuju lawang karo kandha:

?Wis ya kakang, sesuk ketemu maneh.? Karo nyiwel pipine Artanti, Harjo manthuk-manthuk mangsuli

?Iya jeng.?

Wengi-wengi sabanjure, janji wis sepi Artanti mesthi teka ing kamare Harjo kangen-kangenan ngesok tresna.

Saiki Artanti yen mangan ora ana kancane ora enak. Mula sasuwene rama ibune tindakan, Artanti mesthi mangan neng ndhapur njakuk dikancani mbok Ginah. Pengganggepe wis kaya mbokne dhewe. Esuk nalikane bubar sarapan, tilpun keprungu muni banter. Harjo sing lungguhe cedhak dhewe karo meja tilpun nuli ngadeg lan ngangkat.

?Halo …, o nun inggih kula piyambak, Harjo.? Sawise meneng sawetara ngrungokke swara saka adoh kana, banjur mangsuli :

?Inggih-inggih sendika dhawuh rama.? Gagang tilpun banjur katutup. Kandane Harjo katujokake marang sing padha lenggah :

?Anu …. Rama Menggung sekalihan sesuk kondur ….., dhawuh mundhut dipethuk.? Mbok Ginah gage nanjih :

?Dadi sesuk wis ngersakke kondur ta, le??

?Iya mbok, dadi pas seminggu ana Bojonegara.?

?Becike budhala esuk wae, le, supaya kepenak lakumu.? Pakone mbok Ginah.?

?Ngono ya becik mbok.? Wara Artanti sing wiwit mau krungu ora sambung gunem, awit ngerti yen Harjo bakal ewuh anggone bakal mangsuli. Yen ora basa piye, krungu mbokne, ning nek basa, Artanti cetha emoh dibasani. Dadi saiki yen omong kudu sarwa mikir. Mula bareng ngerti Harjo mlebu garasi, Artanti nututi. Bareng wis cedhak nyangklek njur lagi takon :

?Dadi rama ibu sesuk wis kondur ta kakang ??

?Iya, jeng, mesthine wis tutug anggone pada kangen-kangenan, wong suwe ora kepanggih.? Metu saka garasi Artanti mlebu dhapur, mbok Ginah gupuh nyedhaki nyuwun pirsa.

?Kagem mapak rama ibu, prayoginipun mbenjang masak punapa inggih ndara jeng??

?Wista mbok, sak karepmu. Yen saka tindakan, ibu kuwi remene sayur sing seger. Sayur sop, apa bobor, angger mangsaanmu mbok, rama ibu mesthi kebeneran lan cocok.? Kandhane Artanti nggedhekake atine mbok Ginah, sing banjur lunga karo ngremeng seneng.

?Ah …. ndara jeng kuwi mesthi ngono hlo.?

?Awan kuwi Harjo ngontrol mesin mobil kanthi tliti, diresiki, di nis-nis dilapi nganti gilap, sing esuke bakal kanggo methuk bendarane. Kaya padatan sawise tutup toko, bocah loro kontrol pembukuan dina kuwi mungguh pepayon lan dagangane. Kabeh tansah tinemu beres. Pak Darno sawise kontrol kunci-kunci lawang lan mbenak-mbenakake dagangan, kaya adat saben ya njur metu ninggalke toko, embuh olehe ngaso nyelehake awak. Bareng mung keri wong loro, Artanti kandha :

?Kakang, rama ibu mesthi rena yen mirsani pembukuan, kanyata mundhak dina saya mundhak akeh bakul-bakul sing padha dadi langganan.?

?Jeng, sliramu pirsa, yen tutup buku pendhak bulane, entuk-entukane bebathen ora baen-baen. Bebaten telung sasi wae wis kena kanggo gawe toko lan ngisi dagangan sing bisa didhasarake.?

?Iya kakang, aku ngerti, ning nyambut gawe mono ora perlu ngangsa mundhak kemrungsung neng ati. Kakang, iki mau kabeh ora lepas saka pambudidayamu sing ulet lan tlaten.?

?Ning rakya ora kleru ta jeng, wong mbesuke ya sliramu sing kagungan.?

?Ah ya ora mung aku dhewe kakang, ning bareng kakang Harjo sing ngrewangi cikal bakal lan lara lapa.?

?Ya muga-muga wae, jeng, Gusti paring idi, aku ing sisihmu kanggo salawase.?

?Iya kakang.? Karo mangsuli ngono mau, Artanti nyedhak nglendhot aleman ing bebahune jaka ngganteg sing pideksa kuwi. Tinampan ing tangan prakosa, karangkul kapepetake ing dhadhane. Wong loro rumangsa bagya mulya sing tanpa upama. Sajroning kekeban Harjo kandha :

?Jeng, mengko njur sare wae ya, ora usah rawuh kamarku. Aku ya njur tak turu, merga aku sesuk kudu tangi mruput sida mapak rama ibu.? Artanti mung manthuk. Bocah loro njur runtung-runtung metu, nginep lawang toko, liwat koridor tumuju dhapur ing sisihe garasi. Dhapur wis sepi, Artanti nyoba nduwa kamare mbok Ginah wis kancingan. Saka dapur Harjo terus tumuju ing kamare, Artanti ngetutke.

Harjo gumun, sing kudune Artanti, ngiwa langsung mlebu dalem ageng, kok terus ngunyluk ndhisiki Harjo mebu ing kamare. Bareng wis tekan kamar, Harjo takon lirih :

?Piye jeng ??

?Ha ya ora piye-piye ta kakang. Aku rak ora teka neng kamarmu saka dalem ageng, ning aku saka toko ngetutke kakang.?

?Ah kuwi jenenge ya padha wae. Karepku, sliramu kuwi terus tak ature sare.? Kandhane Harjo.

?Yoh wis kakang aku tak turu.? Kandha ngono Artanti karo nggletak ing peturone Harjo. Harjo dadi geli lan ngguyu. Ketok banget yan Artanti pancen wegah pisah karo dheweke. Karo ngaras lathine terus ngelus bathuke, Harjo kandha :

?Dhiajeng, awake dhewe wis prasetya padha dene tresna sing mbesuke bakal nyawiji, ning aja nekat ngene iki. Aku jeng, seng ribet. Aku kuwi mung abdimu, sing ndherek rama ibumu. Aku kudu bisa gawe renane rama ibumu nganti aku kanggep ing ngarsane. Kanthi iki aku lagi golek dalan kanggo ngayuh sliramu supaya dadi batihku.?

?Wah yen carane kaya ngono kesuwen kakang,? kandhane Artanti munggel guneme Harjo sing durung rampung. Harjo judheg, njur piye dheweke kudu tumindak ? Kanggo nyapih kekasihe, wusana kandhane :

?Ya wis ta jeng, perkara iki dipikir sesuk karo mlaku, saiki jeng Tanti sare dhisik, aku ya tak njur ngaso.?

?Iki aku rakya wis mapan turu ta kakang ?

?Jeng, sing tak karepke kuwi rakya njur mapan mlebet dalem angeng kana.? Tanti meneng mbegegek. Harjo njur ngrayu :

?Jeng yen sliramu sare kene, aku wedi yen konangan simbok.? Karo aleman Artanti kandha :

?Yoh wis ta kakang, aku gelem ngalih ning janji mbok bopong tekan kamarku.? Harjo gumun semu ribet atine, kok semono alemane Artanti marang dheweke, kaya-kaya kok jan emoh pisah. Sanalika atine luluh. Tanti diaras lembut. Lawang dibukak, kahanan sepi, mula alon-alon Tanti dibopong digawa ing kamare, kebak ing pangati-ati. Tangane Artanti ngrangkul kenceng ing gulune kekasihe. Tekan kamar dalem angeng, Tanti diturokake. Sepisan maneh diaras, rekane njur arep metu bali neng kamare. Ning tangane Artanti tetep nyikep ngrangkul kenceng awake Harjo. Harjo kumlesik lirih ing kupinge :

?Wis ya jeng, aku tak ngaso turu, sesuk ndhak kerinan.? Turu kene wae, kakang, sesuk tak gugah. Neng kene rak ora ana sing diwedeni, simbok ora bakal ngerti.?

?Ning rasaku tetep wedi, jeng.?

?Ra perlu wedi kakang, aku sing akon.?

Ana candhake

?

 

 

Bapak Tani lan Panguwasa

Posted on May 13, 2011 by niniklenyem

Geguritan
Dening : Nini Klenyem

Bapak Tani lan Panguwasa

Dina-dina wektumu entek neng sawah tegalan
Nlusuri galengan rumpil papan pangumbaran
Ngetok tenaga angga kepanggang ing surya kepanasan
Ngobat-abitake pacul minangka cagaking panguripan
Keceh banyu buthek gluprut lendhut ra dadi pemikiran
Ngelingi nyawa lima ing gubug reyot sing isih dadi tanggungan

Oh… pak tani sliramu paraga lugu jujur lan suci
Kiwa tengenmu sing mbok toleh mung ana suket teki
Utawa banyu kali sing mili ora bisa maregi
Seje karo panguwasa sing kajen kelingan yen kerja numpak mersi
Ngomah wis numpuk bandha ning isih rana-rene tegel korupsi
Bojo ayu gonta-ganti mangka simpenane isih ndrewili
Ya kuwi anane jurang pemisah sing marahi lara ati
Wong gedhe saya mblegedhu… sing cilik saya diiyik-iyik

–ooOoo–

 

 

Enget Gusti Kang Peparing

Posted on May 15, 2010 by niniklenyem

<!– @page { size: 8.5in 11in; margin: 0.79in } P { margin-bottom: 0.08in } –>

Enget Gusti Kang Peparing

?

Para kadang mitra sing padha mirsani layar kaca

Kabar sing kita ngerteni ing saben ndina

Anane mung musibah, ya banjir…. ya lemah longsor …..

Ya tabrakan …. ya merga kaaningaya ….

Sing kabeh mau mesthi nggondhol nyawa

Asihing paseduluran, raketing kekadangan… Oh saiki kabeh wis musna

Mbarengi ilang kumandhange Panca-Sila

Sing dadi dhasar lan adeg-adeging nagara kita

Yen manungsa wis padha kelangan katresnan lan welas asih

Apa sing bakal dumadi ing negara iki sing nandhang lesut lan nglentrih?

Manuk-manuk kelangan panunupan wis ora padha keprungu ngoceh

Ning ganti manungsane sing dedreg rame bobrah-babreh

Kabeh ngaku pinter……, kabeh ngaku pener … lan bener. Ning piye nyatane?

Dhuh Gusti ingkang Murbeng dumadi

Paringa aksama dhateng titah Paduka manungsa sadaya

Paring dalem pepeling kawula tampi kanthi manah wening

Supados kawula tansah enget dhateng Gusti ingkang peparing

This entry was posted in Crita Kuna. Bookmark the permalink.

← Sekar Pocung

AKU EMOH DIIJOLI →

Enget Gusti Kang Peparing

Posted on May 15, 2010 by niniklenyem

<!– @page { size: 8.5in 11in; margin: 0.79in } P { margin-bottom: 0.08in } –>

Enget Gusti Kang Peparing

?

Para kadang mitra sing padha mirsani layar kaca

Kabar sing kita ngerteni ing saben ndina

Anane mung musibah, ya banjir…. ya lemah longsor …..

Ya tabrakan …. ya merga kaaningaya ….

Sing kabeh mau mesthi nggondhol nyawa

Asihing paseduluran, raketing kekadangan… Oh saiki kabeh wis musna

Mbarengi ilang kumandhange Panca-Sila

Sing dadi dhasar lan adeg-adeging nagara kita

Yen manungsa wis padha kelangan katresnan lan welas asih

Apa sing bakal dumadi ing negara iki sing nandhang lesut lan nglentrih?

Manuk-manuk kelangan panunupan wis ora padha keprungu ngoceh

Ning ganti manungsane sing dedreg rame bobrah-babreh

Kabeh ngaku pinter……, kabeh ngaku pener … lan bener. Ning piye nyatane?

Dhuh Gusti ingkang Murbeng dumadi

Paringa aksama dhateng titah Paduka manungsa sadaya

Paring dalem pepeling kawula tampi kanthi manah wening

Supados kawula tansah enget dhateng Gusti ingkang peparing

This entry was posted in Crita Kuna. Bookmark the permalink.

← Sekar Pocung

AKU EMOH DIIJOLI →

Ajar Mengerteni Wataking Pasangane

Posted on May 13, 2011 by niniklenyem

Lembar Kulawarga
Dening : Nini Klenyem

Ajar Mengerteni Wataking Pasangane

Wis dadi kodrating alam lan ya kersane sing Paring urip, yen manungsa mono wiwit ngancik rumaja wis padha nduweni rasa ketarik marang lawan jinise. Upamane priya ya wiwit ketarik marang wanita, semono uga wanita ketarik marang priya. Dene yen priya utawa wanitane kuwi padha dene klop, utawa nanggapi, ateges ya neng kono kuwi trubusing katresnan kekarone sing sepisanan.

Tresna sing kaya ngono kuwi sing diarani cinta monyet. Durung kena dipesthekake yen kuwi mesthi dadi kanggo sateruse. Awit kekarone mung angger seneng. Dolan rana-dolan rene, jajan bareng, apa maneh yen anake wong sugih sing mesthi nduwe uang saku. Acara sak njabane sekolah mesthi ana wae.? Sing cetha bisa tansah ketemu kuwi wae wis gawe bungahing ati tumrap kekarone. Iki biasane dumadi, nalika bocah kuwi wis ana SMP. Dene yen kekarone kuwi wis bisa sambung tresna kanthi mulus tanpa ana sandhungan, ya bisa nganti SMA rampung, malah mengkone ya bisa dadi tenan kanca urip bebrayan.

Ning kuwi ya arang-arang, apa maneh jaman saiki. Akeh godha saka kekarone sing banjur marahi mangro. Kanggone priya, merga kagiwang kenya sing ngluwihi sakabehe tinimbang karo sing wis dipacari. Dene wanita semono uga. Disiri priya sing luwih nggantheng… luwih mapan… lan luwih nduwe sarana kanggo nuruti kabeh kesenengane ati. Mula kudu tansah eling, yen pacaran mono sejatine kanggo saling njajagi aten-aten lan watake pasangane. Piye mengkone yen kanggo pasangan urip?

Wong mono wektu pacaran, sing katon mung sing apik-apik wae. Pokoke neng penyawange pacare, pasangane kuwi kaya tansah nyocoki ati. Mangka kabeh menungsa kuwi ora ana sing sampurna, kepara akeh kekurangane. Mula ya nalika pacaran kuwi, mbaka sethithik kekarone wani blaka neng pasangane, mungguh apa sing disenengi, lan apa sing ora dikarepake.

Kanggo njaga keharmonisan sesambungan, kekarone kudu wani nampa kekurangan-kekurangan saka pasangane, ora beda kita nampa kaluwihan-kaluwihan sing didarbeni, sing bisa gawe bungah. Kekarone uga kudu eling, luwih-luwih si priya, yen wanita pasangane kuwi kala-kala ya butuh pangalembana, laras karo sifate yen wanita mono seneng dimanja lan aleman. Ning pangalembana mau ya sing samadya wae aja berlebihan yen ora pas mundhak malah tersinggung. Pangalembana mau ora kudu diucapake, ning bisa ditindakke kanthi ngatonake greget upamane, disun kebak sayang ing bathuke, dirangkul kenceng lan sapanunggalane.

Semono uga sing wanita ya kudu ngerti yen pasangane mbutuhke kawigaten saka pasangane. Upamane ngalem bodyne sing pawakane atletis, wibawane yen lagi sesorah utawa nduwe usul jroning rapat, necise yen busana, lan isih akeh maneh. Awit pangalembana saka pasangan (wanita sig ditresnani) mau nuwuhake semangat sing gedhe banget tumraping priya.

Dheweke bakal tansah mbudidaya supaya gawe senenge pasangane. Awit pangalembanane wanita mono kerep-kerepe tulus saka ati, sing mujudake tandha perduli… tresna… lan ngajeni.

Priya lan wanita seneng yen nampa kejutan saka pasangane, luwih-luwih yen wis manjing bebrayan tur wis pinaringan momongan sisan. Upamane saka wanita dhewe, nganti lali merga akehe kesibukan rumah tangga, ning ngerti-ngerti bali saka makarya sing kakung ngasta bungkusan njur nyedhaki sing putri karo ngendika :
?Iki lho jeng, kagem sliramu. Dina iki rak ulang tahunmu genep selawe tahun ta?? Bubar iku banjur ngesun.
Oh…. senajan durung ngerti apa isine bungkusan kuwi, sing putri bakal seneng banget atine. Kaya-kaya dheweke nampa kawigaten sing gedhe banget saka kakunge, ing dina ulang taune.

Paweweh sing ngono-ngono iku sing mujudake kejutan, sing tansah bakal marahi kelingan ing atine wanita. Lan ya sing kaya ngono kuwi, sing nambahi kukuhing katresnan… kasetyan… lan bektine putri neng kakung. Kosok baline, ya patrap sing kaya ngono kuwi sing ateges ndhidhik lan marahi putrine gawe kejutan kagem kakunge. Upamane sing putri kuwi mung neng ndalem momong. Ning ngelingi yen sing kakung nggatekake banget, mula embuh apa ta apa, ing dina mirunggane kakunge, sing putri masak istimewa karemane kakunge. Karo mbukak tudhung saji nalika tata arep dhahar sing putri matur :
?Mas, iki dina mirunggan minangka pangeling-eling, yen anggon kita mbangun brayat kuwi wis ganep sepuluh tahun. Penjenengan rak malah lali ta? Mula tak elingke, aku masak kareman penjenengan.? Yen wis ngono, njajal nyedhaka ruketen garwamu, sliramu mengko mesthi bakal entuk tanggapan sing istimewa. Upama ora sanalika, ning titenana mengko bengi sajrone garwamu njaluk diladeni. Awit bebrayan mono ora bakal pisah karo urusan sajroning ranjang.

Ora sithik pasangan sing bubar merga siji iki. Kita kudu bisa nyiptakake suasana ranjang sing anget lan nyaman, nyelarasake seks sing selaras lan imbang. Awit kerep-kerepe sing duwe masalah bab seks kuwi wanita. Ya merga tradisi lan budaya kulawarga sing nlikung dheweke wiwit cilik, mahanani ana presepsi sing kleru ing babagan seks.

Conto dhawuhe wong tuwa sing kuna, yen wong wadon saru lamun agresif, wadon mono mung sadrema mlumah lan nadhah. Jaman maju persepsi kaya ngono kuwi jelas kleru. Priya racake seneng yen lawan jenise ngimbangi tandange, sing ateges ya melu aktif ing jroning saresmi. Nganti ing mengkone bisa ngrasakake kemareman sing bareng-bareng dinikmati.

Saiki, apa mungguh sing paling ora disenengi dening pasangan kita, ya wanita, ya priya, sing padha-padha mesthi ora seneng? Bab siji iki ya kuwi dipaido. Yen sing dipaido kuwi wanita, upamane anggone ngecakke dhuwit, kok boros cepet entek, paling-paling mung mrebes mili lan lara ati. Mangka nyatane ya wis ngati-ati.

Ngertine kakung kuwi rak mung sasi iki akeh wong ewuh, ateges akeh sumbangan. Ning nalikane kakunge lunga makarya, ana layatan neng seje desa, sing putri rakya cukup layat menyang dhewe, ora kudu ngenteni kakunge. Teneh mengko kepancal jisime selak wis dikubur. Njur liya dina diampiri tanggane diajak niliki wong lara, tilik tanggane puputan bayen. Sing kabeh mau kakunge rak ora njingglengi, ngerti-ngerti gajian isih kurang seminggu, putrine nyuwun dhuwit nggo blanja.

Upama wae kakunge dhawuh nyebrak tangga ngono wae putrine mesthi manut. Ning yen dipaido, gedhene diunekake pintere mung boros lan ngentek-entekake dhuwit, wow… atine wong wadon lara… perih lan nalangsa.

Seje karo yen sing kakung disuwuni pirsa, kok kadingaren olehe maringi dhuwit blanjan kok kurang ora kaya sasi-sasi sing wis. Yen kakunge atine getapan, ngono kuwi wis tersinggung njur nesu. Mangka olehe takon ya wis diarah-arah, sing putri mung kepingin ngerti playune dhuwit.
Ya bener kakung kuwi mujudake saka guru jroning kulawarga, ning aja njur rumangsa kudu menang. Yen ati lagi ora keduga, mbok disemayani ngene :
?Mengko wae, bu, nek mapan turu tak critani.? Sing jebulane dhuwit jatah blanjan kelong kanggo pajeg motor, kanggo ngganti tuku ban motor sing anyar, nyervis lep-top. Angger olehe nerangke alon-alon, wong wadon bakal nampa kabeh mau. Wong nyatane kabeh mau kanggo kebutuhane kulawarga.

Ing kanyatanaan saiki sing tenan pancen ya nyata. Kanggone wong bebrayan sing wis kliwat rong puluh taun, racake kakung rumangsa luwih ing sakabehe. Ya luwih wenang ngatur putra-putra sing tanpa sarembug karo garwane. Rumangsa luwih menang lan bener, apa kandhane kudu diturut.
Kanggone putri sing wis leladi jroning semono tahun, sejatine kabeh wis mapan lan apal. Apal karo watake garwane sing kudu ngene kudu ngono. Kabeh mesthi bakal dilakoni lan diestokke, merga rumangsa dirembug, ditanggung sakabehe. Mesthi wae, kanggo ngatonake setya bekti ing kakung, putri bakal mdherek lan ngestokake kabeh dhawuhe. Senajan kanthi ati lara lan nalangsa. Mula becike wiwit isih mudha, dikulinakake sabar lan sareh ngadhepi apa wae, supaya ati lan budi tansah wening. Dadi jroning ngrembug kahanane kulawarga kabeh kanthi padhang, sing antarane siji lan sijine bisa nampa kathi lega legawaning ati.

–ooOoo–

 

 

Rara Jonggrang
Haryo Wibakso duwe gawe. Nggelar sukuran anggone diangkat dadi pejabat eselon ing papane nyambut gawe.
Ora baen-baen, kanggo nambahi semuwane acara kuwi, Den Haryo, ngono sebutane ana kampung, sengaja nanggap kethoprak kondhang saka tlatah Tulungagung, Jawa Timur.
Jam pitu luwih sethithik tamu-tamu undangane Den Haryo wis wiwit teka, mbrubul kaya laron.
Sanadyan kursi sing disedhiyakake wis lumayan akehe, ewosemono sajak ora ngemot tamu-tamu sing teka ing bengi kuwi.
Sawise suguhane banyu mili lan acara mbaka acara sukuran ditindakake, udakara jam 20.30 pagelaran kethoprak sing bengi kuwi mbabar lakon Rara Jonggrang diwiwiti.
Adegan mbaka adegan lumaku jumbuh pakem. Kahanan kuwi njalari atusan mripat prasasat ora kedhep.
“Jonggrang, aku banget tresna marang sliramu,” tembunge Bandung Bandawasa adreng.
“Apa buktine yen sliramu tresna?” wangsulane Jonggrang sajak lelewa.
“Kowe njaluk apa wae mesthi dakturuti.”
“Yen sliramu pancen tresna, aku njaluk digawekake candhi sewu jroning wektu sewengi. Sadurunge keprungu jago kluruk, candhi sewu kuwi kudu dadi.”
Cekake crita, kegawa gedhening tresna marang Rara Jonggrang, Bandung Bandawasa banjur mateg aji.
Nedya nyipta candhi sewu sajroning wektu sewengi.
Ewosemomo, krana rekadayane Rara Jonggrang sing pancene kepengin nyabarake upayane Bandung Bandawasa, nganti keprungu jago kluruk, candhi sewu ora bisa kasembadan. Kurang siji.
“Manut petungku wektune durung parak esuk. Nanging geneya wis ana jago kluruk? Iki mesthi ana sing ora beres,” pamawase Bandung .
Jonggrang mesem amba.
“Kuwi bener Bandung . Kabeh iki sanyatane rekadayaku, murih sliramu gagal mujudake sewu candhi kaya sing dakjaluk.”
“Nanging ora apa-apa Bandung. Sanadyan kurang siji ora dadi apa. Sawise aku ngerti krenteg lan kasetyanmu, aku ora arep cidra ing janji lan saguh nglanggati kekarepanmu.”
“Crita Rara Jonggrang kok kaya ngene dadine?!” tembunge Min Kuncung getem-getem nyipati lakon kethoprak sing lagi ditonton.
“Wah, wah, ora genah lakon iki,” tembunge Min Kuncung maneh karo bengok-bengok.
“Lakon kok kaya ngono, kon mbubarake wae!” Min Kuncung mbengok sora.
Krungu tembunge wong-wong sing nonton ana dalan sing ora karuwan kuwi njalari para tamu sing lungguh ana kursi undangan sakkal dadi kaget.
Ora ngerti underane prekara. Mbah Sholeh minangka sesepuhe kampung kono sing sekawit lungguh ana kursi undangan, menyat lan banjur tumuju menyang prenahe wong-wong sing lagi pating kresah-kresuh kuwi.
“Ana apa kok sajak ribut-ribut?” pitakone Mbah Sholeh ing ngarepe Min Kuncung, Dul Kumbang lan Tino Cebol.
“Kuwi lho Mbah, mosok crita Rara Jonggrang digawe geseh kaya ngono?” semaure Min Kuncung karo cungar-cungir.
Mbah Sholeh nggleges. ” Wis , wis , awake dhewe iki rak mung dadi penonton.
Prekara critane arep digawe piye wae rak ya kena-kena ta.
Karo maneh crita Rara Jonggrang kuwi temene rak ya mung crita tutur tinular, sing bener piye ya ora ana sing ngerti tenane.
Wis , wis , becik ditutugake anggone padha nonton,” kandhane Mbah Sholeh akeh-akeh.
Ing panggung critane terus lumaku.
Genti saiki tekan adegan Bandung Bandawasa sing sajak lagi kasmaran karo wanita liya.
Rara Jonggrang ketoke semono uga. Atine malah mangro karo sawijining Tumenggung.
Ndeleng crita kaya ngono, Min Kuncung, Dul Kumbang lan Tino Cebol bali bengok-bengok maneh.
Ora narimakake yen crita sing dirasa wis apal ing kupinge digawe morak-marik kaya ngono.
Wong telu sing terus muni-muni nyipati lakon kethoprak sing ora genah kuwi njalari wong-wong sakiwa-tengene uga melu kresah-kresuh.
Kabeh sakkal dadi uring-uringan nonton lakon kethoprak sing sajeg jumbleg lagi ditemoni kuwi.
Ing kursi undangan, Mbah Sholeh sing lungguh anteng kaya tamu-tamu liyane satemene uga ngrasakake kahanan ora beres karo lakon kethoprak sing lagi ditonton kuwi.
Nanging nglungguhi dadi jejere wong tuwa lan didadekake sesepuh, dheweke trima meneng, sanadyan atine muni seje.
Ing suwalike gancaring crita kethoprak sing temene gawe ngungune wong akeh kuwi, ing njero omahe Den Haryo uga lagi umyeg dhewe-dhewe. Wong-wong wadon sing lagi padha rewang ing omahe Den Haryo wiwit kresah-kresuh ngrasani sing lagi duwe gawe.
“Ndang, kowe ngerti ora sapa sing dadi paraga Rara Jonggrang kae,” pitakone Yu Srining marang Endang sing lagi padha tata-tata panganan.
“Rak ya anggota grup kethoprak kuwi ta,” semaure Endang.
“Kleru, Ndang. Manut kabar sruing-sruing sing daktampa, sing dadi paraga Rara Jonggrang kuwi bintang tamu sing sengaja ditekakake lan dipilih Den Haryo.”
Endang rada kaget krungu tembung kaya ngono.
“Lho, kok bisa?” tembunge sabanjure.
“Apa bener kuwi?” Lik Ndari sing lagi lap-lap piring melu nrambul gunem.
“Manut rasan-rasane wong-wong, paraga Rara Jonggrang kuwi rak pemain kethoprak saka Solo. Yen ora kleru jenenge Suyati,” wangsulane Yu Srining sajak manteb.
Endang lan Lik Ndari manthuk-manthuk, nanging sajak ora dhong.
“Lan yen arep ngerti, Suyati kuwi jare dadi selingkuhane Den Haryo sasuwene iki.
Ya krana kuwi dheweke dikon main ing kethoprak bengi iki.”
Ing satengah-tengahe wong-wong wadon sing padha rewang kuwi lagi rasan-rasan, dheweke dikagetake karo jangkahe Den Haryo sing lagi nyedhaki sisihane.
Lan sing ndadekake kagete wong-wong sing padha rewang, sisihane Den Haryo saikine karo mingseg-mingseg, nangis.
“Dadi anggone sampeyan nanggap kethoprak iki duwe tujuwan arep nandhing-nandhingake aku karo paraga Rara Jonggrang kuwi, iya Pak?” tembunge Bu Nur, sisihane Den Haryo, keprungu rada sora kanthi wirama serak.
Embuh apa jalarane, krungu tembunge sisihane sing kaya ngono, Den Haryo sakkal dadi muntap.
“Kowe aja angger omong!” sambunge.
Bu Nur anggone mingseg-mingseg saya keprungu sora. Nanging sajak ora direken dening Den Haryo. Malah sabanjure wong lanang kanthi pawakan gedhe dhuwur kuwi banjur semparet ninggalake sisihane sing lagi nangis, banjur bali ing tengah-tengahe tamu undangan.
Ing panggung kethoprak, babaring lakon sing bengi kuwi ngangkat crita Rara Jonggrang, ndungkap rampung.
Pungkasane crita Rara Jonggrang kepeksa mati krana kerise Bandung Bandawasa.
Semono uga Bandung tiwas dening Tumenggung, simpenane Rara Jonggrang.
“Kethoprak ra mutu!” tembunge Min Kuncung karo muring-muring.
“Bangsat! Merga pokale sing duwe gawe, crita kethoprak bisa digawe sakkarepe dhewe!” tembunge Tino Cebol ora kalah sengite.
Sawetara Mbah Sholeh sing dumadakan ana ing tengah-tengahe wong-wong sing lagi muring-muring nyipati lakon kethoprak ora nggenah kuwi, trima meneng.
Ora menggak lan ora nyalahake Min Kuncung sakancane.
Sebab, ing batin atine ya gumun setaun, ing atase lakon ketoprak kok bisa digawe sakkarepe kaya ngono.
Sawise layar ditutup, tamu-tamu undangane Den Haryo banjur mulih menyang omahe dhewe-dhewe.
Eloke, sawise pagelaran kethoprak sing mbabar lakon Rara Jonggrang, mendhung kandel dumadakan ngemuli kampung kono.
Nyisakake crita seje tumrape Den Haryo lan sisihane.
::Dening: Khoirul Soleh::

ANALISIS ING CERKAK RARA JONGGRANG
A. TEMA
Pokok pikiran , dasar cerita ( sing di omongno kanggo dasar ngarang ).
Tema ing Cerkak Rara Jonggrang Yoiku Haryo Wibakso / Den Haryo duwe gawe nanggap Ketoprak kondang saka Tulungagung, Jawa Timur. Ing lelakon kuwi gawe Judul rara Jonggrang, ananging ing crita kuwi ora podho kaya asline, gawe penonton ngisruh.

Data-data ;
“Ana apa kok sajak ribut-ribut?” pitakone Mbah Sholeh ing ngarepe Min Kuncung, Dul Kumbang lan Tino Cebol.
“Kuwi lho Mbah, mosok crita Rara Jonggrang digawe geseh kaya ngono?” semaure Min Kuncung karo cungar-cungir.
Mbah Sholeh nggleges. ” Wis , wis , awake dhewe iki rak mung dadi penonton.
Prekara critane arep digawe piye wae rak ya kena-kena ta.
Karo maneh crita Rara Jonggrang kuwi temene rak ya mung crita tutur tinular, sing bener piye ya ora ana sing ngerti tenane.
Wis , wis , becik ditutugake anggone padha nonton,” kandhane Mbah Sholeh akeh-akeh.
Ing panggung critane terus lumaku.
Genti saiki tekan adegan Bandung Bandawasa sing sajak lagi kasmaran karo wanita liya.
Rara Jonggrang ketoke semono uga. Atine malah mangro karo sawijining Tumenggung.
Ndeleng crita kaya ngono, Min Kuncung, Dul Kumbang lan Tino Cebol bali bengok-bengok maneh.
Ora narimakake yen crita sing dirasa wis apal ing kupinge digawe morak-marik kaya ngono.

Dianalisis ;
Mbok menawi ing lelakon crita cekak iku awake among dadi penonton, dadi perkoro critane arep dikapakne wae, di gawe piye wae rak ya kena-kena ta.

B. TOKOH
Pemegang peran ing lelakon cerita.
Data-data ;

1. Haryo Wibakso/ Den Haryo
2. Min Kuncung
3. Mbah Sholeh
4. Dul Kumbang
5. Tino Cebol
6. Yu Srining
7. Endang
8. Lik Ndari
9. Suyati
10.Bu Nur

Dianalisis ;
1. Haryo Wibakso/ Cen Haryo : sing duwe gawe
2. Min Kuncung : penonton
3. Mbah Sholeh : sesepuh Desa
4. Dul Kumbang : penonton
5. Tino Cebol : penonton
6. Yu Srining : sing rewang ing duwe gawe
7. Endang : sing rewang ing duwe gawe
8. Lik Ndari : sing rewang ing duwe gawe
9. Suyati : sing rewang ing duwe gawe
10.Bu Nur : sing rewang ing duwe gawe
Jalan crita sing dilakoni tokoh sami sinambung.

C. ALUR / PLOT
Rangkaian kedadosan sing dilakonkan kanggo gerakno jalan cerito nang akhir cerita.

Data-data ;
Haryo, ngono sebutane ana kampong, sengojo naggap kethoprak kondhang saka tlatah Tulungagung, Jawa Timur.
Jam pitu luwih setitik tamu-tamu undangane Den Haryo wis wiwit teka, mbrubul kaya laron.

Dianalisis ;
Ing Cerkak iki gawe alur maju, soale ning cerkak ora ana crita ingkang lawas.

D. SETTING
Panggonan kedadosan ing crita minangka crita kuwi kelakon.

Data-data ;
Ing Cerkak ora ana keterangan.

Dianalisis ;
Menawi kedadosan ing Cerkak kuwi ing Daerah Jawa Timur Amergi ing cerkak mboten kasebut ingkang jelas.

E. SUDUT PANDANG
Titik terang sing digawe crita kanggo pencerita utawa kanggo sing ndok jobo cerita.

Data-data ;
Haryo Wibakso utawa Den Haryo nggelar syukuran diangkat dadi pejabat eselon ing papane nyambut gawe.

Dianalisi ;
Sing gawe Cerkak gawe wong liyo sing dadi tokoh utama.

F. GAYA BAHASA
Model basa sing digawe ing cerkak gawe basa jawa.

Data-data ;
Lan sing ndadekake kagete wong-wong sing padha rewang, sisihane Den Haryo saikine karo mingseg-mingseg, nangis.
“Dadi anggone sampeyan nanggap kethoprak iki duwe tujuwan arep nandhing-nandhingake aku karo paraga Rara Jonggrang kuwi, iya Pak?” tembunge Bu Nur, sisihane Den Haryo, keprungu rada sora kanthi wirama serak.
Embuh apa jalarane, krungu tembunge sisihane sing kaya ngono, Den Haryo sakkal dadi muntap.

Dianalisis ;
Ing Cerkak iki sing ngarang gawe basa jawa.

Guru
Sêjatinê aku ora pati srêg dadi guru. Nangíng piyé manèh. Wóngtuwaku guru, masku dhosèn, mbakyuku bojoné kêpala sêkolah SMP, kakangmasku síng sijiné guru SMK, banjúr aku síng ragíl ya kudu dadi guru.
“Múl, ijazahmu luwi rak såkå IKIP. Lha yèn ora gêlêm mulang trús arêp nyambút gawé åpå? Olèhku ngragati kowé ora sithík. Yèn ngèlmumu ora kók gunakaké têrús piyé?” ngêndikané Bapak.
Yèn wís ngono kuwi lan kêbênêran kabèh sêdulúr nglumpúk, kåyå olèh dalan anggóné ngrumpyúng aku. Aku ya múng mênêng, karo mèsêm. Sidané aku kêpêkså nglamar guru, pas ånå lówóngan dadi guru kóntrak utåwå guru bantu.
Sênajan abót nyang ati, nangíng barêng tak lakóni kanthi sênêng, jêbúl dadi guru kuwi nyênêngké. Sabên dina anané múng kumpúl wóng akèh, kåncå akèh, lan mêsthi waé siswå síng akèh. Pancèn aku durúng duwé sisihan, wóng jênêngé pacar waé durúng duwé. Olèhé arêp golèk pacar waé carané piyé? Saiki yèn ora numpak pit móntór sing apík, cah wadón nolèh waé êmóh. Pilíh wóng síng nduwé sêpédha mótór síng apík. Yèn biså yå mobil. Aku dadi wêdi. Yèn istilahé sing ngêtrèn jaréné mindhêr.
Sêtahún anggónku dadi guru. Mêsthi waé wis kumpúl kåncå akèh. Malah adané kåncå-kåncå pårå guru bantu nggawé paguyuban.
“Sêdulúr sêdulúr, kita iki sênasíb lan sêpêrjuangan. Mulå yèn kita rukún, kompak mênåwå ånå åpå-åpå, bisa ngurús kanthi cêthå lan tumåtå. Mula kabèh kudu mlêbu anggota, síng rumångså biså, månggå dadi kêtua lan pêngurús liyané. Iki kanggo kêpêntingan bêrsama “mêngkono pêmbukané kåncå guru síng nduwé karêp gawé paguyuban.
Kabèh pådhå sarujúk, anggotané cacahé satús sèkêt guru såkå sadhêngah tataran. Ya guru SD, guru SMP, guru SMA lan guru SMK. Kabèh guru kóntrak, suwéné têlúng tahún. Yèn wís rampúng êmbúh bakalé piyé durúng ngêrti..
Ånå crita síng nggarês nyang ati. Tansah kèlingan nangíng kudu biså dilalèkaké. Jalaran aku iki guru, sanajan guru bantu.
Kåncå guru mêsthi yå akèh, nangíng síng gêlêm cêdhak utåwå gêlêm tak ajak ómóng-ómóng bab pêngalaman dadi guru ora akèh.
“Bu, sampun dangu ngastó wóntên mriki? Lajêng dóspundi nggíh dadi guru síng apík, bênêr lan pas niku?” pitakónku.
“Ah panjênêngan ki kåyå cah anyar waé. Lho pancèn yå anyar níng wís dadi guru yå kåyå nèk praktèk biyèn nalikå kuliyah kaé lho Pak,” mêngkono wangsulané.
Sabanjuré katón rumakêt. Yèn ånå åpå-åpå aku takón lan nyuwún pitudúh. Asmané Bu Tutik. Jaréné dadi guru favorit, lan guru têladan. Isíh kênyå sanajan umuré wís kêpala têlu, nangíng isíh katón kaya umur kur-kuran.
Sawijiníng dina dhèwèké ngêndikå yèn arêp njagóng, nangíng ora ånå síng ngêtêrké. Lan kanthi prasaja dhèwèké njalúk marang aku supaya gêlêm ngêtêraké.
“Pak kêrså nulungi aku tå? Aku ki arêp njagóng, nangíng ora ånå síng ngêtêraké, tulúng Pak yå?” mêngkono kandhané Bu Tutik.
Sanajan múng njagóng, nangíng kabèh pådhå ngêrti, malah têrús móyóki aku, jaréné aku pacaran karo Bu Tutik. Sanajan batinku ora nangíng nyatané mêngkono. Lan uga Bu Tutik yå ora naté nolak ómóngané kåncå-kåncå, nangíng ugå ora ngiyani. Kabèh lumaku têrús tanpå ånå bab síng mênjilå.
“Pak Múl, jaré kåncå-kåncå guru bantu pådhå arêp dhémonstrasi nyang kantór? Bênêr?” mêngkono pitakoné Bu Tutik, lan aku malah rådå kagèt.
“Åpå yå tå Bu, kapan, såpå síng ngêndikå, têrús piyé?” aku malah gênti takón.
“Lho njênêngan ki piyé tå. Síng dadi anggota ki rak Panjênêngan dudu aku. Aku múng krungu såkå kåncå, lan tênané kêpriyé programé åpå yå kuduné Njênêngan síng nlusúr”.
“Wah ngapuntên Bu. Aku kók ya bodho bangêt. Nuwún ya Bu diparingi ngêrti. Aku tak nggolèki kåncå liyané” wangsulanku cêkak karo klincutan.
Sidané aku nggolèki kåncå síng pådhå nasibé. “Piyé jaré arêp dhémo, kapan, nyang ngêndi Kar?” pitakónku nalikó kêtêmu Karnó kåncå kuliyah biyèn.
“Wah kowé kuwi jan bénto tênan. Mulang yo ora, gawéyanmu múng pacaran, mulå ora ngêrti kahanan, ora ngêrti pêrkêmbangan. Dhasar bénto Múl,” ngono wangsulané karo mêncêrêng.
“Ah ya sory. Mbók unèkké åpå waé aku gêlêm, nangíng aku ki yå múng mulang tók. Ora pacaran kaya ómóngané wóng. Malah aku ngêsír murid waé lupút. Hahaha,” wangsulanku karo ngguyu.
“Ra guyón Mul. Yèn ånå sétan liwat, ngómóngmu dadi tênanan, bakal nêmahi cilåkå. Pókóké ra ngrêmbúg bab ngono kuwi. Sirikané guru yèn tumindaké kåyå mêngkono. Kêjåbå siswå liya sêkolah sak karêpmu. Pókóké ngéné, súk Sêlåså aku karo kåncå-kåncå arêp nggrudúg têlúng panggónan. Sêpisan nyang kantór P dan K. Loro sowan pårå wakíl rakyat, lan têrús nyang balaikota. Ngurús nasíb. Sêbab awaké dhéwé iki wís mèh êntèk kontraké åpå têrús kón nganggúr manèh. Wís kêbacút dadi guru kók ora jêlas nasibé. Sêbab jronéng rapat pêngurús kabèh wís pådhå sêtuju. Jalaran iki mau ndulu pêngalamané pårå tênaga kóntrak síng biyèn. Tau tå ånå kamra kóntrak, banjúr bubar, akèh síng strès ånå síng édan.” kandhané Karnó kåyå pêmimpín síng durúng naté dadi.
“Lha têrús mêngko yèn ditolak, dibubarké lan dikón nggawé pêrnyataan piyé?”
“Ngéné ya cah bagús bénto. Sésúk Minggu kuwi rapat umúm, kabèh kudu têkå. Banjúr nggawé cårå, nggawé syarat. Ya kuwi usulan, kêkarêpan lan tuntutan. Ngêrti ta kowé. Mósók sarjana kók ra mudhêngan ki piyé.” Karnó såyå mêncêrêng kåyå biasané.
“Iya ya aku mudhêng. Síng durúng mudhêng arêp usúl piyé têrús nuntút piyé?” pitakónku manèh.
“Wèh kåyå nêrangké cah èsdé waé kók. Cah bagús Bénto Radèn Múl, rungókna yå. Awaké dhéwé ki kóntrak, yå kudu têrús. Sabanjuré pêmêrintah supåyå gêlêm ngangkat awakké dhéwé yå kabèh guru bantu dadi pêgawé négri. Sébab nyatané kan isíh mbutúhaké tå síng jênêngé guru. Ora susah tèsting manèh, sêbab biyèn yå wis tèsting. Kuwi pókók sing kudu dipêrjuangké sampai kapanpun.” Kandané Karnó makantar kantar.
Têkan dinå sing wís disarujúké kabèh guru bantu nglumpúk ing lapangan. Nganggo sêragamé guru. Kanthi pêrcåyå diri lan kapitayan síng wís kêplêng, kabèh budhal nyang kantór P dan K.
“Sêdulúr-sêdulúr, aku wís ngêrti åpå síng kók karêpké. Nangíng kabèh kudu pådhå ngêrti lan kuduné wís ngêrti. Wéktu iki ånå sapérangan nêgårå Indonésia síng lagi nandhang sungkåwå, yaiku kêpada gêmpa lan banjír sarta tanah lóngsór. Mulå gandhèng kabèh wís pådhå ngêrti, liyå dinå waé bakal tak sêngkuyúng åpå síng dadi karêpmu,” mêngkono pidhatoné Képala Dinas P dan K.
Kabèh múng pådhå mênêng lan ndómblóng. Ora ånå síng bisa ómóng. Aku iki pancèn sarjana, nangíng yèn diunékaké aku jané yå sêrík. Dupèh sarjana, njúr karêpé dhéwé ora ngêrti kahanané bångså. Liyané pådhå sêngsårå malah nyaru wuwús njalúk wêrnå wêrnå. Ééé kók yå kêbangêtén.
Sawêtara sêpulúh mênít ora ånå síng mangsuli. Kêpala Dinas mlêbu kantóré manèh, lan kåncå kåncå bubaran tanpå swårå tanpå pamít.
“Ooh guru, iki nasibku.” Múng kuwi batinku.
::Dening: T Suwarto::

ANALISIS ING CERKAK GURU
A. TEMA
Pokok pikiran , dasar cerita ( sing di omongno kanggo dasar ngarang ).
Tema ing Cerkak Guru nyritakake wong kang sejatine ora niat dadi guru, nanging kepekso dadi Guru amergo di kongkon keluarga. Akhire sing jenege Mul terpaksa ngulang ono sekolahan, lan Mul yo tetep usaha dadi Guru sing bener.

Data-data ;
Sêjatinê aku ora pati srêg dadi guru. Nangíng piyé manèh. Wóngtuwaku guru, masku dhosèn, mbakyuku bojoné kêpala sêkolah SMP, kakangmasku síng sijiné guru SMK, banjúr aku síng ragíl ya kudu dadi guru.
“Bu, sampun dangu ngastó wóntên mriki? Lajêng dóspundi nggíh dadi guru síng apík, bênêr lan pas niku?” pitakónku.

Dianalisis ;
“Múl, ijazahmu luwi rak såkå IKIP. Lha yèn ora gêlêm mulang trús arêp nyambút gawé åpå? Olèhku ngragati kowé ora sithík. Yèn ngèlmumu ora kók gunakaké têrús piyé?” ngêndikané Bapak.

B. TOKOH
Pemegang peran ing lelakon cerita.

Data-data ;
1. Mul
2. Bapak
3. Bu tutik

Dianalisis ;
1. Mul : Sing dadi Guru Bantu
2. Bapak : Bapake Mul
3. Bu tutik : Guru Faforit
Jalan crita sing dilakoni tokoh sami sinambung.

C. ALUR / PLOT
Rangkaian kedadosan sing dilakonkan kanggo gerakno jalan cerito nang akhir cerita.

Data-data ;
“Múl, ijazahmu luwi rak såkå IKIP. Lha yèn ora gêlêm mulang trús arêp nyambút gawé åpå? Olèhku ngragati kowé ora sithík. Yèn ngèlmumu ora kók gunakaké têrús piyé?” ngêndikané Bapak.
Yèn wís ngono kuwi lan kêbênêran kabèh sêdulúr nglumpúk, kåyå olèh dalan anggóné ngrumpyúng aku. Aku ya múng mênêng, karo mèsêm. Sidané aku kêpêkså nglamar guru, pas ånå lówóngan dadi guru kóntrak utåwå guru bantu.

Dianalisis ;
ing Cerkak Guru gawe alur maju, ora ana crita kang wis suwi dilakoni ing siji-sijine tokoh.

D. SETTING
Panggonan kedadosan ing crita minangka crita kuwi kelakon.

Data-data ;
Ing Cerkak ora ana katerangan sing pas, nanging iso disimpulna kira-kira papan panggonan ing Cerkak Guru ana ing omahe Mul lan ana papan panggonan sing digawer Mul ngulang/ dadi guru.

Dianalisis ;
“Bu, sampun dangu ngastó wóntên mriki? Lajêng dóspundi nggíh dadi guru síng apík, bênêr lan pas niku?” pitakónku.

E. SUDUT PANDANG
Titik terang sing digawe crita kanggo pencerita utawa kanggo sing ndok jobo cerita.

Data-data ;
Ing Cerkak Guru sing ngarang crita gawe crita sing tahu dilakoni dewe.

Dianalisi ;
Sêjatinê aku ora pati srêg dadi guru. Nangíng piyé manèh. Wóngtuwaku guru, masku dhosèn, mbakyuku bojoné kêpala sêkolah SMP, kakangmasku síng sijiné guru SMK, banjúr aku síng ragíl ya kudu dadi guru.

F. GAYA BAHASA
Model basa sing digawe ing cerkak gawe basa jawa.

Data-data ;
Sênajan abót nyang ati, nangíng barêng tak lakóni kanthi sênêng, jêbúl dadi guru kuwi nyênêngké. Sabên dina anané múng kumpúl wóng akèh, kåncå akèh, lan mêsthi waé siswå síng akèh. Pancèn aku durúng duwé sisihan, wóng jênêngé pacar waé durúng duwé. Olèhé arêp golèk pacar waé carané piyé? Saiki yèn ora numpak pit móntór sing apík, cah wadón nolèh waé êmóh. Pilíh wóng síng nduwé sêpédha mótór síng apík.
Dianalisis ;
Ing Cerkak iki sing ngarang gawe basa jawa.

Jodho
Mbókmênåwå iki wís garisíng pêpêsthèn mênåwå antarané Jammila lan Martónó dudu jodhoné, kamångkå kabèh kåncå lan tanggané wís nggraitå mênåwå pawóngan jókó lan prawan iki bakal sêsandhingan saklawasé urip.
Ulêm wís sumêbar, kåncå lan tånggå sak désa wís pådhå nåmpå ulêm, katêríng ugå wís nåmpå panjêr, sêmono uga gêdhúng síng kanggo pahargyan ugå wís nåmpå panjêr, malah miturút rêncanané arêp nanggap campúrsari, pahargyan bakal digêlar sarånå gêdhèn-gêdhèn, nangíng wusånå kabèh mau gagar wigar ora sidå kalêksanan.
Ånå wóng wadón nggåwå bocah cilík mårå mênyang omahé Pak Hartówiyónó yå wóng tuwané Jammila. Dhèwèkné ngaku mênåwå bojoné Mas Martónó kanthi nudúhaké layang kawín rêsmi såkå KUA.
“Nyuwún pangapuntên Pak, kulå suwún ijab qóbúl antawisipún Jammila kaliyan garwå kulå Mas Martónó dipún batalakên, kula mbótên ngidini mênawi Mas Hartónó badhé émah-émah malíh!” Mêngkono pangucapé wóng mau kang asmå Tarni, bojoné Martónó.
“Punikå putêranipun Mas Martónó ingkang alít, déné ingkang agêng nêmbé sékolah.”
Prasasat ånå lindhu gêdhé síng nêmahi ånå kêluwargané Pak Hartówiyónó. Udan tangís ora biså dikêndhakaké. Kapêkså pahargyan åpådéné ijab qóbúl dibatalké. Pranyåtå kabèh layang såkå Martónó iku aspal, asli níng palsu. Prasasat kåyå dipópók léthóng sak kandhang rainé kêluwargané Pak Hartówiyónó. Isín lan kuciwa bangêt såkå pokalé Martónó. Jammila bisané múng nangís ungkêp-ungkêp ånå sênthóng. Dhèwèké rumångså diapusi mêlèk-mêlèkan. Ya kabèh mau salahé dhéwé gampang pêrcåyå ómóngan lan pangarihé priyå.
Wis dadi lumrahé prawan ing désané, lulús SMP biasané bocah wédók diomah-omahké wóng tuwané. Ånå síng lêlandhêsan síh trêsnå kang suci såkå bocahé síng bakal nglakóni, nangíng ugå ora sêthithik kang múng manút miturút síng dikêrsakaké wóng tuwané. Jammila ngrumangsani yèn ora manút karo wóng tuwané. Dhèwèké kêpingin nêrusaké sêkolah, têmbéné kêpingín biså nyambút gawé kanggo mbantu nyukupi kêbutuhané balé somah bésuké lan malês kabêcikané wóng tuwå.
Nangíng wusanané malah nêmahi lêlakón kang nggåwå lingsêmé kabèh kêluwargané. Prawan sak umurané Jammila mau ing déså kéné wís dianggêp prawan kasèp, kamångkå umuré durúng gênêp patlikúr tahún.
Lamat-lamat Jammila krungu pasémóné tånggå têparo lan kåncå-kancané. “Sêlak kiamat lho, kapan anggónmu arêp ningkahan?”
Ånå síng nyêmóni liyå manèh “Apa arêp golèk jaran síng nganggo sungu piyé?”
Ugå ånå síng nyêmóni, “Rasah miling-miling, mêngko éntúk wóng guwing lho!”
Kabèh pasêmón mau yèn dirasakaké ati bangét anggóné nyêríkaké, nangíng kasunyatan nganti têkan sêpréné síng jênêngé jodho mau durúng têkå. Pancèn síng jênêngé jodho, rêjêki lan pati iku ånå astané síng Ngrêkså Jagad. Jammila ora kurang-kurang anggóné sêtiyar, nanging jêjêré wanitå yå múng kanthi golèk pênggawéyan karêbèn olèh têtêpungan wóng lanang.
Bubaran mulíh såkå pabrík ånå wóng lanang kang ngêtútaké ånå sak mburiné Jammila. Ora pisan ora pindho, anggêr wanciné Jammila mulíh såkå pabrík pawóngan mau nyêgat sakpêrlu ngajak têtêpungan.
Prasasat kåyå tumbu olèh tutúp, wóng luru-luru kêtêmu wóng golèk-golèk. Jammila nåmpå kanthi sênêng têtêpungan wóng lanang mau kang ngaku asmané Martónó, malah nganggo èmbèl-èmbèl Drs. Cêkêl gawé ånå pêrusahaan swasta. Priyayiné bagús gêdhé dhuwúr, yèn mênganggo sarwå nècis. Yèn disawang saktlêraman pancèn nêngsêmaké, mêsti akèh prawan síng kêpincút. Nangíng yèn gêlêm nastitèkaké, ora bakal ånå wóng bagusé kåyå mêngkono, nduwé titêl túr yå cêkêl gawé pisan kók isíh jókó. Umumé sakumuré dhèwèké mêsti wís nggéndhóng anak loro utawa têlu.
Yå wís dadi bêgjané Jammila, sanajan digawé wirang nangíng dhèwèké isíh biså njågå barang síng palíng aji tumrapé wóng wédók. Dhèwèké ora kontal godhané sétan, kêncêng lan singsêt anggóné tapihan lan kêmbênan. Ora kuwat nandhang wirang isín ing désané, Jammila nêdyå lungå mênyang Jakarta, sakliyané golèk pênggawéyan anyar ugå golèk lêlipúr ati kang nandhang wirang mau.
Bapak ciliké Jammila kang ånå Jakarta nyarujuki mênåwå Jammila arêp mèlu dhèwèké.
Ora nganti gantaran sasi, Jammila wis olèh pênggawéyan ånå sakwènèhing pabrik. Dhasar pênggawéyané srêgêp túr sékolahé yå lumayan dhuwúr, lulusan D3, sakliyané iku yå pancèn Jammila iku ayu praupané, mula kariêr yå têrús munggah. Wêktu têlúng tahún anggóné nyambút gawé rasané kåyå dhèk wingi waé. Praståwå síng nggawé wirang kabèh kêluwarga wis dilalèkaké.
Saiki Jammila wis nduwé têtêpungan priyå síng kênå dipêrcåyå bêbudéné. Anggóné nlêsih-nlêsihaké calón bojoné iki nganti têkan asal-usulé, åjå nganti kêdadéyan kang wis kêpungkúr nêmahi manèh. Priyå mau tunggal kabupatèn níng bédå kêcamatan. Priyayiné solèh rådå antêng sithik, cêkêl gawé pisan lan umur-umurané yå sak pantaran. Wulan Dulhijah kang arêp têkå bakal dirêsmèkaké, malah yèn ditlusur-tlusur sårå silahé isíh tunggal mbah canggah såkå Bu Hartówiyónó.
Yå wís dadi bêgjané Jammila, síng dhèk êmbèn kêlårå-lårå kêwirangan, saiki wís nêmu êmas sak gênthóng, sakliyané kêtêmu jodhoné ugå biså nglumpúkaké balúng pisah.
Nangíng lêlakón yèn durúng tutúg iku yå ånå waé sêbab musababé. Sêwulan sakdurungé rêncana ijab kabúl lan pahargyan, Mas Hardi, ora liyå yå calón bojoné Jammila kondúr mênyang ndésa sak pêrlu nganakaké pêrsiapan ubå rampéné ningkahan.
Yå amúng têkan sêmono sêsambungan antarané Hardi lan Jammila, kabar síng ditåmpå déning Jammila bangêt ngagètaké. Bús síng ditumpangi Mas Hardi kêcêmplúng jurang ånå tlatah Sêmarang, Hardi salah sijiné kórban mau. Jammila lan kêluwargané múng biså nêksèni têrbêlå kang diusúng mênyang pêkuburan désa.
Dhúh…. Gústi Allah paringånå iman ingkang kiyat lan manah ingkang sabar, mêngkono pênyuwunané Jammila rinå lan wêngi. Anggóné ngadhêpi pacoban mau kanthi ditåmpå ati kang iklas lan sabar, wís dadi nasibé yèn isíh kudu uríp ijèn, mulå ora sawêtara suwé Jammila wís biså nglalèkaké kêdadéyan mau. panguripané diênggo nyambút gawé pinångkå ngibadah marang Gústi Allah, blanjané kang gêdhé kanggo mbantu ponakan-ponakan síng ånå ndéså. Malah saiki anèng omahé ngopéni salah sijiné ponakan kang diangkat minångkå anak pupón. Íng sakjêroné ati kåyå-kåyå wís ora kêpingin omah-omah, jalaran yuswané saiki wís ngancik sêtêngah abad punjúl sêthithik.
Karêpé Jammila, sakliyané biså mbantu bocah mau, é… mbókmênawa ing têmbé mburiné bésúk bocah mau bisa dikóngkón njupúkaké banyu yèn dhèwèké wís tuwå ora biså gêmragèh.
Iku mau karêpé Jammila, nanging Gústi Allah nduwèni rêncana liyå. Mbúh kêpriyé larah-larahé, Jammila wís ora kélingan, nalikå ånå sakwènèhé kanca nyambút gawéné têkå ngomahé Jammila nêpúngaké pawóngan sêtêngah tuwå síng wís dhúdhå, Jammila gêlêm diajak têtêpungan.
Mula bukané ya múng micara ngalór-ngidúl ora ånå tujuwan, pungkasané dadi kèlingan mênåwå pawóngan mau kåncå barêng nalikå tindak haji têlúng tahún kêpungkúr, nangíng bédå brêgadané. Wóng têluné pådhå ngguyu gayêng. Sêsrawungan mau dadi rakêt. Sabên ndinå pådhå SMSan lan halo-halo lumantar HP. Yaiku mau dadi margané wóng saklórón pådhå kêpingin ngadêgaké balé somah.
Yå wís dadi bêgjané Jammila, saiki wis winêngku déníng kakúng sanajan yuswané wís rådå sêpúh, nangíng bêgjané manèh ora susah opèn-opèn bocah, pêndhak tahún Jammila lan kakúngé nåmpå punjungan lan disungkêmi såkå pårå putêra-putêrané kang cacah ênêm. Kabèh wís mêntas uríp ånå liyå kampungé. Uripé Jammila lan kakungé katón bagyå mulyå, kakúng putri pådhå nyambut gawé, blanjané nglumpúk dadi siji.
Rinå lan wêngi Jammila ora kêndhat-kêndhat anggoné ngatúrké panuwún marang Gústi Allah. Alhamdulillahi rabbil ‘alamin, makapíng-kapíng, tanpå watês nganti lambéné klómóh.
::Déníng: Sumèdi::

ANALISIS ING CERKAK JODHO
A. TEMA
Pokok pikiran , dasar cerita ( sing di omongno kanggo dasar ngarang ).
Temnten wurung Jamilla lan martono, amergo Martono sejatine wis duwe bojo lan anak, nanging Jamilla lan wong tuane ora ngerti.

Data-data ;
Ulêm wís sumêbar, kåncå lan tånggå sak désa wís pådhå nåmpå ulêm, katêríng ugå wís nåmpå panjêr, sêmono uga gêdhúng síng kanggo pahargyan ugå wís nåmpå panjêr, malah miturút rêncanané arêp nanggap campúrsari, pahargyan bakal digêlar sarånå gêdhèn-gêdhèn, nangíng wusånå kabèh mau gagar wigar ora sidå kalêksanan.
Ånå wóng wadón nggåwå bocah cilík mårå mênyang omahé Pak Hartówiyónó yå wóng tuwané Jammila. Dhèwèkné ngaku mênåwå bojoné Mas Martónó kanthi nudúhaké layang kawín rêsmi såkå KUA.
“Nyuwún pangapuntên Pak, kulå suwún ijab qóbúl antawisipún Jammila kaliyan garwå kulå Mas Martónó dipún batalakên, kula mbótên ngidini mênawi Mas Hartónó badhé émah-émah malíh!” Mêngkono pangucapé wóng mau kang asmå Tarni, bojoné Martónó.

Dianalisis ;
Ing Cerkak Jodho tema sing digawe yaiku temanten antarane Jammila lan Martono ananging sejatine Martono wis duwe anak bojo.

B. TOKOH
Pemegang peran ing lelakon cerita.
Ing Cerkak Jodho lakon-lakone ana telu, yaiku Jammila, martono, Tarni lan lintune ingkang mboten kasebut ing Cerkak.

Data-data ;
1. Jammila
2. Martono
3. Tarni
4. Pak Hartowiyono
5. Hardi

Dianalisis ;
Jalan crita sing dilakoni tokoh sami sinambung.
1. Jammila : Jammila temanten wurung
2. Martono : wong kang ngapusi keluargane Pak Hartowiyono
3. Tarni : wong wadon kang ngaku bojone Martono
4. Pak Hartowiyono : Bapake Jammila
5. Bu Hartawiyono : Garwane Pak Hartawiyono/ Ibune Jammila
6. Hardi : Kenalane Jammila

C. ALUR / PLOT
Rangkaian kedadosan sing dilakonkan kanggo gerakno jalan cerito nang akhir cerita.\

Data-data ;
Mula bukané ya múng micara ngalór-ngidúl ora ånå tujuwan, pungkasané dadi kèlingan mênåwå pawóngan mau kåncå barêng nalikå tindak haji têlúng tahún kêpungkúr, nangíng bédå brêgadané. Wóng têluné pådhå ngguyu gayêng. Sêsrawungan mau dadi rakêt. Sabên ndinå pådhå SMSan lan halo-halo lumantar HP. Yaiku mau dadi margané wóng saklórón pådhå kêpingin ngadêgaké balé somah.
Yå wís dadi bêgjané Jammila, saiki wis winêngku déníng kakúng sanajan yuswané wís rådå sêpúh, nangíng bêgjané manèh ora susah opèn-opèn bocah, pêndhak tahún Jammila lan kakúngé nåmpå punjungan lan disungkêmi såkå pårå putêra-putêrané kang cacah ênêm. Kabèh wís mêntas uríp ånå liyå kampungé. Uripé Jammila lan kakungé katón bagyå mulyå, kakúng putri pådhå nyambut gawé, blanjané nglumpúk dadi siji.
Rinå lan wêngi Jammila ora kêndhat-kêndhat anggoné ngatúrké

Dianalisis ;
Ing Cerkak Jodho sing ngarang nganggo alur maju lan mundur. Amergo wis ana tuladha-tuladha ing ringkesan Cerita.

D. SETTING
Panggonan kedadosan ing crita minangka crita kuwi kelakon.
Ing Cerka Jodho kedadosan ana ing Desa, lan ning cerita kasebut ana ing Semarang.

Data-data ;
– Ulêm wís sumêbar, kåncå lan tånggå sak désa wís pådhå nåmpå ulêm, katêríng ugå wís nåmpå panjêr, sêmono uga gêdhúng síng kanggo pahargyan ugå wís nåmpå panjêr, malah miturút rêncanané arêp nanggap campúrsari, pahargyan bakal digêlar sarånå gêdhèn-gêdhèn, nangíng wusånå kabèh mau gagar wigar ora sidå kalêksanan.
– Yå amúng têkan sêmono sêsambungan antarané Hardi lan Jammila, kabar síng ditåmpå déning Jammila bangêt ngagètaké. Bús síng ditumpangi Mas Hardi kêcêmplúng jurang ånå tlatah Sêmarang, Hardi salah sijiné kórban mau. Jammila lan kêluwargané múng biså nêksèni têrbêlå kang diusúng mênyang pêkuburan désa.

Dianalisis ;
Panggonan kedadosan ing crita minangka crita kuwi kelakon.
Ing Cerka Jodho kedadosan ana ing Desa, lan ning cerita kasebut ana ing Semarang.

E. SUDUT PANDANG
Titik terang sing digawe crita kanggo pencerita utawa kanggo sing ndok jobo cerita.

Data-data ;
Mbókmênåwå iki wís garisíng pêpêsthèn mênåwå antarané Jammila lan Martónó dudu jodhoné, kamångkå kabèh kåncå lan tanggané wís nggraitå mênåwå pawóngan jókó lan prawan iki bakal sêsandhingan saklawasé urip.
Ulêm wís sumêbar, kåncå lan tånggå sak désa wís pådhå nåmpå ulêm, katêríng ugå wís nåmpå panjêr, sêmono uga gêdhúng síng kanggo pahargyan ugå wís nåmpå panjêr, malah miturút rêncanané arêp nanggap campúrsari, pahargyan bakal digêlar sarånå gêdhèn-gêdhèn, nangíng wusånå kabèh mau gagar wigar ora sidå kalêksanan.
Ånå wóng wadón nggåwå bocah cilík mårå mênyang omahé Pak Hartówiyónó yå wóng tuwané Jammila. Dhèwèkné ngaku mênåwå bojoné Mas Martónó kanthi nudúhaké layang kawín rêsmi såkå KUA.
“Nyuwún pangapuntên Pak, kulå suwún ijab qóbúl antawisipún Jammila kaliyan garwå kulå Mas Martónó dipún batalakên, kula mbótên ngidini mênawi Mas Hartónó badhé émah-émah malíh!” Mêngkono pangucapé wóng mau kang asmå Tarni, bojoné Martónó.

Dianalisi ;
Ing Cerkak iki pencerita gawe wong liyo dadi tokoh utama.

F. GAYA BAHASA
Model basa sing digawe ing cerkak gawe basa jawa.
Ing Cerkak Jodho gawe Basa Jawa asli.

Data-data ;
Jammila nåmpå kanthi sênêng têtêpungan wóng lanang mau kang ngaku asmané Martónó, malah nganggo èmbèl-èmbèl Drs. Cêkêl gawé ånå pêrusahaan swasta. Priyayiné bagús gêdhé dhuwúr, yèn mênganggo sarwå nècis. Yèn disawang saktlêraman pancèn nêngsêmaké, mêsti akèh prawan síng kêpincút. Nangíng yèn gêlêm nastitèkaké, ora bakal ånå wóng bagusé kåyå mêngkono, nduwé titêl túr yå cêkêl gawé pisan kók isíh jókó. Umumé sakumuré dhèwèké mêsti wís nggéndhóng anak loro utawa têlu.
Yå wís dadi bêgjané Jammila, sanajan digawé wirang nangíng dhèwèké isíh biså njågå barang síng palíng aji tumrapé wóng wédók. Dhèwèké ora kontal godhané sétan, kêncêng lan singsêt anggóné tapihan lan kêmbênan. Ora kuwat nandhang wirang isín ing désané, Jammila nêdyå lungå mênyang Jakarta, sakliyané golèk pênggawéyan anyar ugå golèk lêlipúr ati kang nandhang wirang mau.

Dianalisis ;
Ing Cerkak iki sing ngarang gawe basa jawa.

 

 

Leave a comment

Filed under Uncategorized

Leave a Reply

Fill in your details below or click an icon to log in:

WordPress.com Logo

You are commenting using your WordPress.com account. Log Out / Change )

Twitter picture

You are commenting using your Twitter account. Log Out / Change )

Facebook photo

You are commenting using your Facebook account. Log Out / Change )

Google+ photo

You are commenting using your Google+ account. Log Out / Change )

Connecting to %s