KAWRUH LAN KERATA BASA

Kerata basa

Kérata basa ugi sinebat jarwa dhosok. Kérata ateges asal usul tegesing tembung. Kerata basa ateges bab negesi suraosing tembung awewaton asal utawi mula-bukanipun, limrahipun kapirid saking wewancahanipun, kapendhet sunduk prayoginipun. Jarwa mengku teges wedharan utawi katrangan, déné dhosok mengku pikajeng ndhesek, nyodohakaken majeng. Jarwa dhosok kenging dipuntegesi katrangan menggahing tembung sarana dipun kinten-kinten utawi miturut pikajengipun ingkang nerangaken.

Tuladha:

Bapak = bab apa-apa wis pepak (pepak kawruh lan pengalaman).

Batur = embat-embataning tutur.

Bocah = mangane kaya kebo, pagaweane ora kecacah.

Brekat = mak breg diangkat.

Cangkir = dianggo nyancang pikir.

Cengkir = kencenging pikir.

Copet = ngaco karo mepet-mepet.

Denawa = ngeden hawa (nguja hawa napsu).

Desember= gedhe-gedhene sumber.

Garwa = sigaraning nyawa.

Gedhang = digeget leh bar madhang.

Gethuk = yen digeget karo manthuk-manthuk.

Gerang = segere wis arang.

Guru = digugu lan ditiru.

Gusti = bagusing ati.

Kaji = tekade mung siji(ngantebi panembahe marang Gusti Allah).

Kathok = diangkat sithok-sithok.

Kodhok = teka-teka ndhodhok.

Krikil = keri ing sikil.

Kuping = kaku njepiping.

Kupluk = kaku nyempluk.

Kursi = yen diungkurake banjur isi.

Ludruk = gulune gela-gelo, sikile gedrag-gedrug.

Maling = njupuk amale wong sing ora eling.

Mantu = dieman-eman meksa metu.

Perawan = yen pepara (lelungan) kudu wayah awan.

Saru = kasar tur kleru.

Sekuter = sambi sedheku mlaku banter.

Sepuh = sabdane ampuh.

Simah = isining omah.

Sirah = isining rah.

Siti = isi bulu bekti.

Sopir = yen ngaso mampir (ing warung).

Sruwal = saru yen nganti uwal.

Tandur = nata karo mundur.

Tapa = tatane kaya wong papa.

Tarub = ditata dimen murub.

Tebu = antebing kalbu.

Tepas = titip napas.

Tuwa = ngenteni metune nyawa ; untune wis rowa.

Wanita = wani mranata.

Wedang = dianggo gawe kadang.

Weteng = ruwet tur peteng.

Sumber artikel punika saking kaca situs web: ”

 

KAMUS BAHASA JAWA PARIBASAN

A

1. Adhang-adhang tetesé embun = Njagakaké barang mung sak olèh olèhé

2. Adigang, adigung, adiguna = Ngendelaké kakuwatané, kaluhurané lan kapinterané

3. Aji godhong garing = Wis ora ana ajiné/asor banget

4. Ana catur mungkur = Ora gelem ngrungokaké rerasan kang ora becik

5. Ana daulaté ora ana begjané = Arep nemu kabegjan, ning ora sida.

6. Ana gula ana semut = Panggonan sing akèh rejekiné, mesti akèh sing nekani.

7. Anak polah bapa kepradah = Tingkah polahé anak dadi tanggungané wong tuwa.

8. Anggenthong umos = Wong kang ora bisa nyimpen wewadi.

9. Angon mangsa = Golèk waktu kang prayogo kanggo tumindak.

10. Angon ulat ngumbar tangan = Ngulataké kaanan yen limpe banjur dicolong.

11. Anjajah desa milang kori = Wong kang lelungan menyang ngendi-ngendi

12. Ambalithukkhukum = Wong kang pagaweane ngapusi

13. Ambidhung api rowang = Wong kang nduweni maksud jahat nanging ngaku dadi kancane.

14. Arep jamuré emoh watangé = Gelem kepenaké ora gelem rekasané.

15. Asu rebutan balung = Rebutan barang kang sepélé.

16. Asu belang kalung wang = Wong asor nanging sugih.

17. Asu gedhé menang kerahé = Wong kang dhuwur pangkate, mesthi baé luwih gedhé panguwasan

18. Asu marani gebuk = Njarag marani bebaya.

19. Ati béngkong oleh oncong = Wong duwé niyat ala oléh dalan

B

20. Baladéwa ilang gapité = Ilang kakuwatané/kaluhurané

21. Banyu pinerang = Ngibarate pasulayané sedulur mesthi enggal pulihe

22. Banyu pinerang ora bakal pedhot = Pasulayané sedulur ora bakal medhotake pasedulurane.

23. Bathang lelaku = Lunga ijèn ngambah panggonan kang mbebayani.

24. Blaba wuda = Saking lomane nganti awake dhewe ora keduman.

25. Bebek mungsuh mliwis = Wang pinter mungsuh padha wong pinter.

26. Becik ketitik ala ketara = Becik lan ala bakal ketara ing tembe mburine.

27. Belo melu seton = Manut grubyuk ora ngerti karepe.

28. Beras wutah arang bali menyang takere = Barang kang wis owah ora bakal bali kaya maune

29. mBidhung api rowang = Ethok-éthok nulung nanging sejatiné arep ngrusuhi.

30. Blilu tau pinter durung nglakoni = Wong bodho nanging sering nglakoni, luwih pinter karo wong pinter nanging durung tau nglakoni.

31. Bubuk oleh leng = Wong duwe niyat ala olèh dalan.

32. Bung pring petung = Bocah kang longgor (gelis gedhe).

33. Buntel kadut, ora kinang ora udut = Wong nyambut gawe borongan ora oleh mangan lan udut/rokok.

34. mBuru uceng kelangan dheleg = Mburu barang sepele malah kelangan barang kang luwih gedhe.

35. Busuk ketekuk, pinter keblinger = Sing bodho lan sing pinter padha nemu cilaka

C

36. Carang canthel = Ora diajak guneman nanging mèlu—mèlu ngrembug

37. Car-cor kaya kurang janganan = Ngomong ceplas-ceplos ora dipikir dhisik.

38. Cathok gawèl = Seneng cawe cawe mesthi ora diajak guneman.

39. Cebol nggayuh lintang = Kekarepan kang mokal bakal kelakon.

40. Cecak nguntal cagak = Gegayuhan kang ora imbang kekuwatan.

41. Cedhak celeng bolote = Cedhak karo wong ala bakal katut ala.

42. Cedhak kebo gupak = Cedhak karo wong ala bakal katut ala.

43. Ciri wanci lelai ginawa mati = Pakulinan ala ora bisa diowahi yen durung nganti mati.

44. Cincing-cincing meksa klebus = Karep ngirid nanging malah entek akèh.

45. Criwis cawis = Seneng maido nanging yo seneng mènèhi/muruki.

46. Cuplak andheng – andheng yen ora pernah panggonan bakal disingkirake = Wong kang njalari ala becik disingkirake

D

47. Dadiya banyu emoh nyawuk, dadiya godhong emoh nyuwek, dadiya suket emoh nyenggut = Wis ora gelem nyanak / sapa aruh

48. Dahwen ati open = Nacad nanging mbenerake wong liya.

49. Dhandhang diunekake kuntul, kuntul diunekake dhandhang = Ala diunèkaké becik, becik diunekake ala.

50. Desa mawa cara, negara mawa tata = Saben panggonan duwe cara utawa adat dhéwe dhewe.

51. Dhemit ora nduilt, sétan ora doyan = Tansah diparingi slamet ora ana kang ngrusuhi.

52. Digarokake dilukokake = Dikongkon nyambut gawe abot.

53. Didhadhunga medhot, dipalangana mlumpat = Wong kang kenceng karepe, ora kena dipenggah manèh.

54. Diwenehi ati ngrogoh rempela = Wis diwènehi sethithik, malah njaluk kang akeh.

55. Dom sumurup ing banyu = Laku sesidheman kanggo meruhi wewadi.

56. Dudu sanak dudu kadang, yen mati melu kélangan = Senajan wong liya nek nemoni rekasa bakal dibelani.

57. Duka yayah sanipi, jaja bang mawinga winga = Wong kang nesu banget.

58. Dudutan lan anculan = Padha kethikan, sing siji ethok-ethok ora ngerti.

59. Durjana mati raga = Wong kang nduweni tekad mati.

60. Durung ilang pupak lempuyange = Wong kang dianggep bocah cilik durung ngerti apa-apa.

61. Durung pecus keselak besus = Durung sembada nanging kepingin sing ora-ora

E

62. Eman eman ora keduman = Karep eman malah awake dhewe ora keduman

63. Emban cinde emban siladan = Pilih kasih ora adil

64. Emban cinde emban siladan = Pilih kasih ora adil

65. Embat embat celarat = Wong nyambut gawe kanthi ngati-ati banget.

66. Emprit abuntut bedhug = Perkara sing maune sepele dadi gedhe.

67. Endhas gundhul dikepeti = Wis kepenak ditambahi kepenak maneh.

68. Endhas péthak ketiban empyak = Wong kang bola-bali nemu cilaka.

69. Enggon welut didoli udhet = Panggone wong pinter dipamèri kapinteran sing ora sepirowa.

70. Entek ngamek kurang golek = Olehe, nguneni/nyeneni sakatoge

71. Entek jarake = Wis entek kasugihane

72. Esuk dhele sore tempe = Wong kang ora tetep atine (mencla – menclé).

G

73. Gajah alingan suket teki. = Lair lan batine ora padha, mesti bakal ketara

74. (ng) Gajah elar = Sarwa gedhe lan dhuwur kekarepane

75. Gajah ngidak rapah = Nrajang wewaler dhewe

76. Gajah perang karo gajah, kancil mati ing tengah = Wong gedhe kang padha pasulayan, wong cilik sing dadi korban

77. Garang garing = Wong semugih nanging sejatine kekurangan

78. Gawe luwangan nggo ngurugi luwangan = Golek utangan kanggo nayur utang sing dhisik

79. Gayuk-gayuk tuna, nggayuh nggayuh luput = Samubarang kang dikarepake ora bisa keturutan

80. G1iyak-gliyak tumindak, sareh pakoleh = Senajan alon-alon anggoné tumindak, nanging bisa kaleksanan kekarepane

81. Golek banyu bening = Meguru golèk kawruh sing becik

82. Golek-golek ketemu wong luru-luru = Karepe arep golèk utangan malah diutangi (dijaluki utang)

83. Gupak puluté ora mangan nangkane = Mèlu rekasa nanging ora melu ngrasakake kepénak

I

84. Idu didilat maneh = Murungake janji sing wis diucapaké

85. Iwak lumebu wuwu = Wong kena apus kanthi gampang

J

86. (n) Jagakaké endhogé si blorok = Njagakake barang kang durung mesti ana lan orané

87. (n) Jajah désa milang kori = Lelungan menyang endi-endi

88. Jalma angkara mati murka = Nemoni cilaka jalaran angkara murkané

89. (n) Jalukan ora wèwehan = Seneng njaluk ora gelem mènèhi.

90. Jati ketlusupan ruyung = Kumpulané wong becik klebon wong ala.

91. Jaran kerubuhan empyak = Wong wis kanji (kapok) banget

92. Jarit lawas ing sampiran = Duwé kapinteran nanging ora digunakaké

93. Jer basuki mawa béa = Samubarang gegayuhan mbutuhake wragat

94. (n) Jujul muwul = Prakara kang nambah-nambahi rekasa

95. (n) Junjung ngentebaké = Ngalembana nanging duwe niyat ngasoraké.

K

96. Kacang ora ninggal lanjaran = Kabiasane anak niru wong tuwané

97. Kadang konang = Gelem ngakoni sedulur mung karo sing sugih

98. Kalah cacak menang cacak = Samubarang penggawéyan luwih becik dicoba dhisik bisa lan orané

99. Kandhang langit, bantal ombak, kemul mega = Wong sing ora duwé papan panggona

100. Katépang ngrangsang gunung = Kagedhen karep/panjangka mokal bisa kelakon.

101. Katon kaya cempaka sawakul = Tansah disenengi wong akeh

102. Kaya banyu karo lenga = Wong kang ora bisa rukun

103. Kakèhan gludhug kuraug udan = Akèh omongé ora ana nyatané

104. Kebanjiran segara madu = Nemu kabegjan kang gedhe banget

105. Kebat kliwat, gancang pincang = Tumindak kesusu mesthi ora kebeneran

106. Kebo bule mati sétra = Wong pinter ning ora ana sing merlokaké

107. Kebo ilang tombok kandhang = Wis kelangan ngetokaké wragat manèh kanggo nggoleki malah ora ketemu pisan

108. Kebo kabotan sungu = Rekasa merga kakèhan anak

109. Kebo lumumpat ing palang = Ngadili prakara ora nganggo waton

110. Kebo mulih menyang kandhangé = Wong lunga adoh bali menyang omah manèh

111. Kebo nusu gudel = Wong tuwa jaluk wuruk wong enom

112. Kegedhen empyak kurang cagak = Kegedhen kakerepan nanging kurang sembada

113. Kajugrugan gunung menyan = Oleh kabegjan kang gedhé banget

114. Kekudhung welulang macan = Ngapusi nggawe jeneng wong kang diwedeni

115. Kelacak kepathak = Ora bisa mungkir, jalaran wis kabuktèn

116. Kena iwake aja nganti butheg banyune = Sing dikarepake kelakon ning aja nganti gawe rusak/ramé

117. Kencana katon wingka = Senajan apik nanging ora diseneng

118. Kendel ngringkel, dhadhag ora godak = Ngaku kendel tur pinter jebu1 jirih tur bodho

119. Kenès ora ethes = Wong sugih umuk nanging bodho

120. Keplok ora tombok = Wong senengané maido thok, ora gelem mélu cawe-cawe

121. Kére munggah bale = Batur dipek bojo karo bendaran

122. Kere nemoni malem = Wong kang bedhighasan / serakah.

123. Kerot ora duwe untu = Duwe kekarepan ning ora duwé bandha/ wragat

124. Kerubuhan gunung = Wong nemoni kesusahan sing gedhé banget

125. Kesandhung ing rata, kebentus ing tawang = Oleh cilaka sing ora dinyana nyana

126. Ketula-tula ketali = Wong kang tansah nandhang sengsara

127. Kethek saranggon = Kumpulan wong kang tindak ala

128. Kleyang kabur kanginan, ora sanak ora kadang = Wong sing ora duwe panggonan utawa omah sing tetep

129. Klenthing wadah masin = Angel ninggalake pakulinan tumindak ala

130. Kongsi jambul wanen = Nganti tumekan tuwa banget

131. Krokot ing galeng = Wong kang mlarat banget

132. Kriwikan dadi grojogan = Prakara kang maune cilik dadi gedhe

133. Kumenthus ora pecus. = Seneng umuk nanging ora sembada

134. Kurung munggah lumbung = Wong asor /cilik didadèkake wong gedhe

135. Kuthuk nggendhong kemiri = Manganggo kang sarwa apik/aji liwat dalan kang mbebayani

136. Kutuk rnarani sunduk ula marani gepuk = Njarag marani bebaya

137. Kuncung nganti temeka gelung = Suwe banget anggone entèni.

L

138. Ladak kecangklak = Wong kang angkuh nemoni pakewuh marga tumindake dhewe

139. Lahang karoban manis = Rupane bagus/ayu tur luhur bebudène

140. Lambe satumang kari semerang = Dituturi bola-bali meksa ora digugu

141. Lanang kemangi = Wong lanang kang jirèh

142. Legan golek momongan = Wis kepenak malah golèk rekasa

143. Lumpuh ngideri jagad = Duwe kekarepan kang mokal keturutan.

M

144. Maju tatu mundur ajur = Prakara kang sarwa pakéwuh

145. Matang tuna numbak luput = Tansah luput kabèh panggayuhané

146. Mbuang tilas = Ethok-éthok ora ngerti marang tumindaké kang ala sing lagi dilakoni

147. Meneng widara uleran = Katon anteng nanging sejatiné ala atine

148. Mentung koja kena sembaginé = Rumangsané ngapusi, nanging sejatine malah kena apus

149. Merangi tatal = Mentahi rembug kang wis mateng

150. Mikul dhuwur mendhem jero = Bisa njunjung drajat wog tuwa

151. Milih-milihh tebu oleh boleng = Kakèhan milih, wekasan olèh kang ora becik

152. Mrojol selaning garu = Wong kang luput saka bebaya

153. Mubra-mubru mblabar madu = Wong sing sarwa kecukupan.

N

154. Nabok nyilih tangan = Tumindak ala kanthi kongkonan wong liya

155. Ngagar metu kawul = Ngojok-ngojoki supaya dadi pasulayan, nanging sing diojok-ojoki ora mempan

156. Ngajari bebek nglangi = Penggaweyan sing ora ana padahe

157. Ngalasake negara = Wong sing ora manut pranatan negara

158. Ngalem legining gula = Ngalembana kapinteran wang kang pancèn pinter/sugih

159. Ngaturake kidang lumayu = Ngaturak barang kang wis ora ana

160. Nglungguhi klasa gumelar = Nindakak panggaweyan kang wis tumata.

161. Ngontragake gunung = Wong cilik asor bisa nga1ahake wong luhur/ gedhe, nganti gawe kagèt wong akèh

162. Nguthik-uthik macan dhedhe = Njaragwongkangwis lilih nepsune

163. Nguyahi segara = Weweh marangwong sugih kang ora ana pituwase

164. Nucuk ngiberake = Wis disuguhi mangan mulih isih mbrekat

165. Nulung menthung = Wong kang nulung malah nggawe rekasa dhewe.

166. Nututi layangan pedhot = Nggolèki barang sepele sing wis ilang

167. Nyangoni kawula minggat = Ndandani barang kang tansah rusak

168. Nyolong pethek = Tansah mlèsèt saka pamèthèke/pambatang.

O

169. Obah ngarep kobet mburi = Tumindaké panggedhé dadi contoné/ panutané kawula alit.

170. Opor bebek, mentas awake dhewek = Rampung saka rekadayane dhéwé

171. Ora ana banyu mili menduwur = Wataké anak biasané niru wong tuwané

172. Ora ana kukus tanpa geni = Ora ana akibat tanpa sebab

173. Ora gonja ora unus = Wong kang ala rupane uga atine

174. Ora narima ing pandum = Ora puas apa kang diduweni.

175. Ora mambu enthong irus = Dudu sanak dudu kadang

176. Ora tembung ora tawung = Nupuk barange liyan tanpa kandha dhisik

177. Ora uwur ora sembur = Ora gelem cawe-cawe babar pisan

178. Ora kinang ora udut = Ora mangan apa-apa

179. Othak athik didudut angel = Guneme sajak kepenak, bareng ditemeni jebul angel.

P

180. Palang mangan tandur = Diwenehi kepercayan nanging malah gawe kapitunan

181. Pandengan karo srengenge = Memungsuhan karo panguwasa

182. Panditane antake = Laire katon suci batine ala.

183. Pecruk tunggu bara = Dipasrahi barang kang dadi kesenengane.

184. Pitik trondhol diumbar ing padaringan = Wong ala dipasrahi barang kang aji, wekasan malah ngentek-enteki

185. Pupur sadurung benjut = Ngati-ati mumpung durung cilaka.

R

186. Rampek rampek kethek = Nyedhak- nyedhak mung arep gawe kapitunan.

187. Rawer-rawe rantas, malang-malang putung = Samubarang kang ngalang alangi bakal disingkirake.

188. Rebut balung tanpa isi = Pasulayan merga barang kang sepele.

189. Rindik asu digitik = Dikongkon Nindakaké(penggaweyan kang cocok karo kekarepane.

190. Rupa nggendong rega = Marga barang apik mula regane ya larang.

191. Rukun agawé santosa, crah agawé bubrah = Yen padha rukun mesti padha santosa, yen padha congkrah mesti bakal bubrah rusak

S

192. Sabar sareh mesti bakal pikoleh = Tumindak samubarang aja kesusu.

193. Sabaya pati, sabaya mukti = Kerukunan kang nganti tekan pati.

194. Sadumuk bathuk, sanyari bumi= Pasulayan nganti dilabuhi tekan pati.

195. Sandhing kebo gupak = Cedhak wong tumindak ala, bisa-bisa katut ala.

196. Sapa salah saleh = Sapa sing salah bakal konangan

197. Satru mungging cangklakan = Mungsuh wong kang isih sanak sadulur.

198. Sedhakep awé-awé = Wis ninggalake Tumindak ala. nanging ing batin isih kepingin nglakoni maneh.

199. Sembur-sembur adus, siram-siram bayem = Bisa kaleksanan marga oleh pandongàné wong akèh

200. Sepi ing pamrih, ramé ing gawe = Nindakake panggaweyan kanthi ora duwé kamélikan apa-apa.

201. Sigar semangka = Mbagi kanthi adil

202. Sing sapa salah bakal seleh = Sapa sing salah bakal konangan.

203. Sluman slumun slamet = Senajan kurang ngati-ati. nanging isih diparingi slamet

204. Sumur lumaku tinimba, Gong lumaku tinabuh = Wong kang kumudu-kudu dijaluki piwulang/ditakoni.

T

205. Tebu tuwuh socane = Prakara kang wis apik, bubrah marga ana kang durung mesthi salah lan benere.

206. Tega larane ora tega patine = Senadyan negakake rekasane, nanging isih menehi pitulungan.

207. Tekek mati ing ulone = Nemoni cilaka marga saka guneme dhewe.

208. Timun jinara = Prakara gampang banget

209. Timun mungsuh duren = Wong cilik mungsuh pànguwasa, mesthi kalah

210. Timun wungkuk jaga imbuh = Wong bodho kanggone mung yen kekurangan baé

211. Tinggal glanggang colong playu = Ninggalaké papan pasulayan

212. Tulung menthung = Katoné nulungi, jebulé malah ngrusuhi

213. Tumbak cucukan = Wong sing seneng adu-adu

214. Tuna sathak bathi sanak = Rugi bandha, nanging bathi pasaduluran

215. Tunggak jarak mrajak, tunggak jati mati = Prakara ala ngambra ambra, prakara becik kari sathithik

216. Tembang rawat-rawat, ujare mbok bakul sunambiwara = Khabar kang durung mesthi salah lan benere

U

217. Ucul saka kudangan = Luput karo gegayuhane

218. Ulat madhep ati manteb = Wis manteb banget kekarepané

219. Undaking pawarta, sudaning kiriman = Biasané pawarta iku béda karo kanyatakane

220. Ungak-ungak pager arang = Ngisin isini.

W

221. Weding ing wayangane dhewe = Wong sing ala, rumasa wedi yen konangan alane.

222. Wedi rai wani silit = Wedi ning ngarepe, nanging wani ing burine

223. Welas tanpa alis = Karepe welas nanging malah gawé kapitunan.

224. Wis kebak sundukané = Wis akèh banget kaluputané.

225. Wiwit kuncung nganti gelung = Wiwit cilik nganti gedhé/tuwa.

226. Wong busuk ketekuk = Wong kang bodho mesthi nemu cilaka.

Y

227. Yitna yuwana mati ina = Sing ngati-ati bakal slamet, sing sembrana bakal cilaka

228. Yiyidan mungging rampadan. = Biyene wong durjana/culika, saiki dadi wong sing alim

229. Yoga anyangga yogi = Murid nirokaké piwulangé guru.

230. Yuwana mati lena = Wong becik oleh cilaka, marga kurang ati-ati.

231. Yuyu rumpung mbarong ronge = Omahé magrong-magrong nanging sejatiné mlarat

 

 

 

  • Adigang, adigung, adiguna – Ngandelaké kakuwatané, kaluhurané, lan kapinterané.
  • Bathok bolu isi madu – Wong asor nanging sugih kapinteran.
  • Becik ketitik ala ketara – becik lan ala bakalan ketara ing mburiné
  • Dhemit ora ndulit, setan ora doyan – Tansah diparingi slamet ora ana kang ngrusuhi
  • Emban cindhé emban siladan – Pilih kasih ora adil
  • Enggon welut didoli udhet – Panggoné wong pinter dipameri kapinteran sing ora sepirowa
  • Gupak puluté ora mangan nangkané – Mélu rekasa nanging ora mélu ngarakaké kepénaké
  • Jer Basuki mawa béa – Samubarang gegayuhan mbutuhaké wragat
  • Kacang ora ninggal lanjaran – Anak niru wong tuwané
  • Kaya banyu karo lenga – Wong kang ora bisa rukun
  • Kebo nusu gudél – wong tuwa njaluk wuruk marang wong enom
  • Kegedhen empyak kurang cagak – Kegedhén kakarepan nanging kurang sembada
  • Kuthuk marani sunduk – Ula marani gepuk — Marani bebaya
  • Maju tatu mundur ajur – Prakara kang sarwa pakéwuh
  • Nabok Nyilih tangan – Tumindak ala kanthi kongkonan wong liya
  • Pupur sakdurungé benjut – Ngati ati mumpung durung cilaka
  • Sapa Sing salah bakal séléh – Sapa sing salah bakal konangan
  • Tumbak cucukan – Wong kang seneng adu-adu
  • Tulung Menthung – ditulungi malah ngrusuhi
  • Wiwit kuncung nganti gelung – Wiwit cilik nganti tuwa
  • Yuyu rumpung mbarong rongé – Omahé magrong2 nanging sejatiné mlarat

 

PARIBASA LAN SALOKA JAWA

Langsung menyang: pandhu arah, pados

Iki arupa dhaptar paribasa lan saloka basa Jawa (durung pepak) sing ditata urut abjad. Paribasan iku tetembungan utawa ukara saèmper saloka nanging tegesé wantah, dudu pepindhan. Ana ing dhaptar iki paribasan lan saloka digabung dadi siji amrih luwih prasaja.

 


A B C D E F G H I J K L M N O P Q R S T U V W X Y Z


[sunting] A

Adhang adhang tetese embun, tegesé njagakke barang mung trima sak olèh-olèhé.

Adigang, adigung, adiguna, tegesé, wong aja ngandhelaké kaluwihané dhéwé waé. Adigang iku tegesé: kakuwatané. Adigung iku tegesé: gedhéné. Adiguna iku tegesé: kapinterané.

Agama ageming aji, tegesé agama dadi panuntun marang tingkah laku lan bisa ngatonaké sapa sejatining dhiri.

Aja dumeh, tegesé sapa waé aja ngagungaké jabatan, kasudibyan, utawa kalungguhané. Upamané, aja sewenang-wenang. Dupèh wong sugih ngenyèk sing mlarat, dupèh wong pinter ngenyèk sing bodho, dupèh gagah utawa ayu ngenyèk sing èlèk. Wong urip kudu brayan karo liyan, ing ngarsaning Gusti Allah kabèh menungsa utawa barang sing urip liyanè padha waé.

Aja golek wah, mengko dadi owah, tegesé aja mburu marang pandelenganing liyan utawa tumandang kang mung golèk pangaleman. Kabèh mau bisa njalari édan dhéwé.

Aji godhong garing utawa aji godhong aking, tegesé wis ora ana ajiné babar pisan. Wong sing tumindak culika utawa cidra ing janji biasané banjur ora diajèni déning masarakat saubengé. Saking ora ana ajiné prasasat aji godhong garing.

Ajining dhiri dumunung ana ing lathi, ajining raga ana ing busana, tegesé aji pamulyaning (kakurmataning) wong ana ing tutur pangucapé. Banjur aji pamulyaning sing njaba ana ing sandhangané sing dienggo.

Alon-alon waton kelakon, tegesé wong iku ora usah kesusu. Yèn nglakokaké barang iku bisa alon-alon waé, angger kelakon. Yèn kesusu malah ora tekan ing panggonan sing dituju.

Ambeg parama arta, tegesé ndhisikaké tugas kuwajiban sing utama. Dadi nduwèni rasa tanggung jawab sing dhuwur.

Ana catur mungkur, tegesé ora gelem ngrungokaké rerasan kang ora becik. Ing ukara iki, tembung catur tegesé omongan utawa pirembugan.

Ana dhaulate ora ana begjane, tegesé wis arep nemu kabegjan, nanging ora sida.

Anak polah bapak kepradah, tegesé Kelakuané anak iku apa waé sing nanggung wong tuwané. Anak iku dadi tanggungjawab wong tuwané, kalebu kabèh tidak tanduk anak. Yèn ana tindak tanduk anak sing salah, wong tuwa mesthi mèlu-mèlu disalahké wong liya. Sewaliké nèk ana tindak tanduk anak sing apik/bener, wong tuwané biasané mèlu disanjung. Iku sebabé wong tua kudu ndhidhik putra-putriné sing bener, sing ora nyalahi aturan-aturan agama, tata krama lan liya-liyané.

Angon mangsa, tegesé golèk wektu kang prayoga kanggo tumindak.

Angon ulat ngumbar tangan, tegesé nyawang kahanan jalaran arep nyolong utawa tindak culika.

Asu belang kalung wang, tegesé wong asor nanging sugih.

Asu gedhe menang kerahe, tegesé wong gedhé lan nduwé panguwasa menang kuwasané.

Asu marani gepuk utawa asu marani gebug, tegesé njarak marani bebaya.

Asu rebutan balung, tegesé rebutan barang kang sepélé.

Ati bengkong oleh oncong, tegesé wong sing nduwé niyat ala olèh dalan.

[sunting] B

Baladewa ilang gapite utawa Gatutkaca ilang gapité, tegesé wong kang ilang kaluhurané. Baladewa iku wayang sing gagah pideksa, nanging wayang yèn ilang gapité ora bisa dienggo déning dhalang. Gapit iku kayu utawa lulang penyu sing kanggo njepit wayang supaya bisa ditancepké ing debog lan bisa jejeg.

Banyu pinerang, tegesé pasulayané sedulur mesthi énggal pulihé.

Bathang lelaku, tegesé lelungan ngliwati panggonan sing mbebayani.

Bathok bolu isi madu, tegesé Wong asor nanging sugih kapinteran.

Becik ketitik, ala ketara, tegesé tumandang apa waé, mengko bakal bisa ketitik (dimangertèni) endi sing becik endi sing ala (ora becik). Paribasan iki uga asring dienggo kanggo ngelingaké supaya ora susah was sumelang yèn tumindak bener, amarga ala-beciké bakal dimangertèni utawa katon.

Belo melu seton, tegesé bisane mung melu-melu, ora ngerti sing dikarepake.

Bubuk olèh lèng, tegesé wong sing duwé niyat ala olèh dalan.

Busuk ketekuk, pinter keblinger, tegesé sing bodho lan sing pinter padha-padha nemu cilaka.

[sunting] C

Canthing Jali iku tegesé wong kang wis ora bisa diisi menèh pikirané kanggo èlmu. Amarga uteké wis ora nyandhak. Utawa, wong bodho arep sinau ping bola-bali tetep ora bisa pinter.

Cathok gawel iku tegesé ora diajak rembugan, nanging mèlu-mèlu ngrembug.

Car-cor kaya kurang janganan iku paribasan sing tegesé ngomong ceplas-ceplos ora dipikir dhisik.

Cebol nggayuh lintang, tegesé duwé kekarepan sing mokal bisa klakon.

Cecak nguntal empyak, tegesé gegayuhan kang ora timbang karo kekuwatané.

Cedhak kebo gupak, ateges pawongan kudu bisa wicaksana anggoné kekancan. Kekancan karo wong sing kelakuané ala bakal katut ala. Paribasan liya sing maknané padha ya iku: Cedhak cèlèng boloten.

Cincing-cincing meksa klebus ngemu teges karepé ngirid nanging malah entèk akèh

Criwis cawis, tegesé tansah mbantah prentah nanging sumadya nindhakake.

[sunting] D

Dahwen ati open, tegese nacad ananging arep dimelik dhewe.

Datan sisip salugut kolang-kaling pinara sasra

Dhemit ora ndulit, setan ora doyan, tegese tansah ginanjar slamet, ora ana sing ngribedi.

Desa mawa cara negara mawa tata, tegese saben panggonan duwe cara dhewe-dhewe.

Diwehi ati ngrogoh rempela, tegese nyuwun wis diparingi sithik, nyuwun sing akeh.

Dom sumuruping banyu, tegese laku samar utawa meneng-menengan.

Dudu sanak dudu kadang, yen mati melu kelangan, tegese sanajan wong liya yen ana ora kepenake melu ngrasaake.

Dudutan lan aculan, tegese padha kethikan, sing siji api-api ora ngerti.

Durung pecus keselak besus, tegese durung sembada wis kepingin sing ora-ora.

[sunting] E

Éman éman ora keduman iku karepé ngéman nanging malah ora keduman dhéwé.

Emban cindhe emban siladan iku paribasa Jawa sing tegesé siji lan sijiné ora padha pangrengkuhé (ora adil).

Embat-embat celarat ku tegesé nyambut gawé klawan ngati-ati banget.

Emprit abuntut bedhug iku tegesé prakara sing sepélé dadi gedhé (padha karo Kriwikan dadi grojogan)

Endhas gundhul dikepeti iku paribasan sing tegesé wis kepénak ditambahi luwih kepénak manèh.

Enggon welut didoli udhet iku tegese panggoné wong pinter dipamèri kapinteran sing ora sepirowa

Entek jaraké iku tegesé wis entèk kasugihané.

Esuk dhele sore tempe iku paribasan sing tegesé méncla- ménclé.

> Eseme bupati semune mantri……. mboten mangertos lajengipun sumonggo dipun lajengaken

[sunting] F

[sunting] G

Gagak nganggo laring merak iku tegesé wong cilik tumindak kaya wong gedhé.

Gajah alingan suket teki iku tegesé lair lan batin ora padha, mesthi bakal ketara.

Gajah elar iku sarwa gedhé lan dhuwur kekarepané.

Garang garing iku tegesé wong semugih nanging sabeneré kakurangan.

Gupak pulute ora mangan nangkane iku tegesé mèlu rekasa nanging ora mèlu kepénak.

Gegedhen empyak kurang cagak iku tegesé kegedhèn kekarepan nanging ora kuwawa nandangi.

Golek uceng kelangan dheleg iku tegesé amarga kepingin antuk sing luwih aji malah kélangan apa sing wis diduwèni.

[sunting] H

Harda walépa tegesé tumindak sing ora patut, ditakoni malah ganti takon

Hasta kukila warsa tegesé pralambang saka wong urip nalika wis tuwa umuré

Hèr gung raja manah anung tegesé wong sugih, pangkaté dhuwur, lembah manah, lan ngurmati sapadha-padha

Hèru cakra tegesé sang raja sing dipercaya ngeculaké rakyaté saka kasangsaran

Holopis kuntul baris tegesé nindakake pagawéyan bebarengan

Hyang kalingga surya tegesé panuntun gedhé sing bisa ngayomi lan misuwur ing bebrayan

Hyang Sukma Adiluwih tegesé kabèh sing ana ing donya iki wis dadi kersané Gusti, kaya ngapa apiké gawéyan manungsa isih adoh banget sampurnane saka apa sing dicipta dening Allah

[sunting] I

Idu didilat maneh tegesé narik manèh ukara-ukara sing wis diujaraké

Idu geni tegesé apa sing diujaraké mesthi kedadèn

Ilang jaraké kari jailé tegesé sipat wicaksanané ilang, kari sipat alané

Ilang leginé kari ampasé tegesé wong sing wis ora bisa mènèhi paédah, dilalèkaké jasané

Ilang-ilangan endhog siji tegesé wong tuwa sing wis ora gelem ndhaku anak amarga duraka

Ilu-ilu kapiluyu tegesé wong sing senengé mung mèlu-mèlu

Ing ngarsa sung tuladha, ing madya mangun karsa, tut wuri andayani tegesé pemimpin nalika ana ing ngarep kudu bisa dadi patuladan, nalika ana ing tengah bisa nggatokaké rakyaté, lan nalika ing buri bisa mènèhi panyengkuyung

Ing sandhi praléna tegesé wong sing tumindak wewadi lan grusa-grusu saéngga gawe cilaka wong liya

Iwak lumebu wuwu tegesé wong sing gampang kapusan amarga bodho

[sunting] J

Jail mringkil tegesé wong sing tumindak ala ora patut didadèkaké kanca

Jajah desa milang kori tegesé wong sing seneng lalungan lan nyawangi akèh papan panggonan

Jalma angkara mati murka tegesé kangèlan amarga nesuné dhéwé

Jalma limpat seprapat tamat

Jamur ing mangsa katiga tegesé kadadéyan sing arang kedadèn

Jaran kerubuhan empyak tegesé kapok banget

Jarit lawas ing sampiran tegesé duwé kalantipan nanging ora digunakaké

Jer basuki mawa beya tegesé kanggo nggayuh mimpi butuh pangorbanan

Jati ketlusuban luyung tegesé wong-wong apik sing kalebon wong-wong ala sing banjur ngrusak

Jiniwit katut tegesé yèn sedulur sedhih mèlu ngrasa sedhih

Jujul wuwul tegesé perkara sing tambah angèl

Jurang growah ora mili tegesé wong sing mesthi mblénjani janji

[sunting] K

Kacang mangsa ninggal lanjaran

Kadang konang

Kalah cacak menang cacak

Kandhang langit kemul mega

Katon koyo cempaka sawakul

Kaya banyu karo lenga

Kebat kliwat gancang pincang

Kebo bule mati setra

Kebo ilang, tombok kandang

Kebo kabotan sungu

Kebo nusu gudel

Kegedhen empyak kurang cagak

Kelacak kepathak

Kelangan obor182.14.98.155 8 Juli 2012 14.09 (UTC)

Kendel ngringkel, dhadhag ora godag

Kependhem pakem

Kesandung ing warata, kebentus ing atawang

Kéré munggah balé

Kutuk marani sunduk

Kutuk nggendhong kemiri

[sunting] L

Lali karo barute

Ladak kecengklak

Lahang karoban manis

Lambe setumang kari samerang

Lanang kemangi

Legan golek momongan

Lumpuh ngideri jagad

[sunting] M

Maju tatu mundur ajur:

Matang tuna numbak luput:

Meneng widara uleran:

Menthung koja kena sembagine:

Merangi tatal: Mbalèni pakaryan kang wus rampung, tuladhané, guru mulang murid kanthi wulangan kang wus diparingaké guru liyané.

Mikul dhuwur, mendhem jero:

Mrojol selaning garu:

Mulat sarira angrasa wani, rumangsa melu andarbeni, wajib melu angrukebi:

[sunting] N

Nabok nyilih tangan

Nawu lintang

Ngagar metu kawul

Ngemut legining gula

Nglungguhi klasa gumelar

Nguyahi banyu segara

Ngrusak pager ayu

Ngundhuh wohing pakarti

Nguthik uthik macan dhedhe

Nucuk ngiberake

Nututi layangan pedhot

Nyangoni kawula minggat

Nyunggi lumpang kentheng

[sunting] O

Obor blarak

Opor bebek mentas awake dhewek

Ora gonja ora unus

Ora mambu enthong irus

Ora ono banyu mili mendhuwur

Ora ono kukus tanpa geni

Ora tembung ora tawung

Ora uwur ora sembur

Othak athik gathuk

Othak athik didudut angel

[sunting] P

Pakulinan iku kodrat sing kapindho.

Palang mangan tanduran

Pandhitane antake

Pitik trondhol diumbar ing padaringan

Pupur sak durunge benjut

Pupur sawise benjut

[sunting] R

Rawe-rawe rantas malang-malang putung

Rebut balung tanpa isi: Regejegan perkara kang sepélé.

Rindik asu digithik

[sunting] S

Sabaya pati, sabaya mukti

Sadumuk bathuk, sanyari bumi

Sandhing kebo gupak

Sapa gawé nganggo

Sapa sira sapa ingsun

Sapa sing salah bakal séléh

Sedhakep awe awe

Sembur sembur adus, siram siram bayem

Sepi ing pamrih rame ing gawe: Seneng tumindak becik marang wong liya tanpa ngarep-arep piwales.

Sing bisa rumangsa, aja rumangsa bisa

Sugih tanpa bandha, digdaya tanpa aji, nglurug tanpa bala, menang tanpa ngasorake

Sumur golek timba

senengo ati nanging ojo mangan ati

[sunting] T

Tega larane ora tega patine

Tembang rawat-rawat, ujare bakul sinamberawa

Timun jinara

Timun mungsuh duren

Timun wungkuk jaga imbuh

Tinggal glanggang colong playu

Tumbak cucukan

Tumbu oleh tutup

Tuna sathak bathi sanak

Tunggak jarak mrajak, tunggak jati mati

Tulung menthung

[sunting] U

Ubaya saksi.

Ubut saksi.

Udan gemblong omahe wong, udan gaplek omahe dhewe, meksa luwih becik ing omahe dhewe.

Ulah semu.

Ujaring wong pepasaran.

Ula marani gebug.

Ulangan cumbon.

Ulat madhep ati arep.

Ula-ula dawa.

Undhaking pawarta sudaning kiriman.

Undhaking pawarta sudaning titipan.

Undha usuk.

Ungak-ungak pager arang.

Unjal angempan.

Upaya prabeda.

Upaya saksi.

Urik klelet candhu tike.

Urun rembug.

Urun wudhu.

Usung-usung lumbung.

Utange nurut wulu.

Utang lara nyaur lara, utang pati nyaur pati.

Utang nyaur, nyilih ambalekake.

Uwot gedebog.

Uyah kecemplung segara.

[sunting] W

Wis kebak sundukane

Witing tresna jalaran saka kulina

Wiwit kuncung nganti gelung

Wong legan golek momongan

[sunting] Y

Yitna yuwana lena kena

Yiyidan mungging rampadan

Yoga anyangga yogi

Yuyu rumpung mbarong rongé

Leave a comment

Filed under Uncategorized

Leave a Reply

Fill in your details below or click an icon to log in:

WordPress.com Logo

You are commenting using your WordPress.com account. Log Out / Change )

Twitter picture

You are commenting using your Twitter account. Log Out / Change )

Facebook photo

You are commenting using your Facebook account. Log Out / Change )

Google+ photo

You are commenting using your Google+ account. Log Out / Change )

Connecting to %s